Serat Tapel Adam Jilid 1 1
TAPEL ADAM
Terjemahan Jawa – Indonesia
Jilid 1
PUPUH 01 ASMARADANA 1. Rarasing tyas ngasmarani, dènira mangun manêdhak, sasmitaning kang kinaot, traju trajanging ruwiya, dipun sami ngaksama, wirodaning sastranipun, ya mila kyèh musabihat PUPUH 01 ASMARADANA 1.Hati serasa jatuh cinta, ketika memulai menulis, pertanda melebihi lainnya, pertimbangan dalam pengisahan. Maafkan jika sastranya banyak yang kurang jelas. 2. Mung adrêng nêdya nunulis, marma tan wruh yèn ingewad, mring sagung kang samya maos, de pêksa ingaran wignya, nulad maring pujangga, tur yêktine dahat cubluk, marma ing panuwun kula 2.Hanya keinginan yang kuat untuk menulis. Karenanya tak tahu kalau membuat bingung kepada para pembaca. Karena terpaksa disebut pandai, meniru kepada pujangga. Lagi pula sangat bodoh. Maka permintaan saya 3. Mugi ngaksamaa sami, mring kang nurat mung kinarya, sambèn lungguh mila mangke, awon nganggur anunurat, nurun wirayat tama, Tapêl Adam Babad Luhung, mrih antuk supangatira 3.Semoga pembaca memaafkan saya sebagai penulis. Saya menulis hanya untuk sambilan, daripada menganggur, menurun cerita yang penuh keutamaan, yakni Tapel Adam babad luhung, agar memperoleh manfaatnya. 4. Nalika wiwit anulis, malêm Tumpak Manisira, tabuh nawa ing wancine, tanggal tigalikur Siyam, Ehe sangkalanira, Tanpa obah ngèsthi tuhu, Wuku Bala pêpungkasan 4.Ketika memulai menulis pada malam Sabtu Legi, saat pukul 9 malam tanggal 23 Pasa, tahun Ehe dengan sengkalan: tanpa obah ngesthi tuhu (1860), wuku Bala akhir. 5. Dewa Ludra kang duwèni, Tungle Ringkêl padangonnya, nuju Dangu ing rakame, aran Mantri Sinaroja, Bumi Kapêtak ika, Pancasuda aranipun, Ing 5.Dewa bethara Ludra, ringkel tungle, nuju dangu rakam Mantri Sinaroja, Pancasuda bumi kapetak, mangsa ke 8
Serat Tapel Adam Jilid 1 2
mangsa Kawolu lagya 6. Sada mangsa wuku ugi, lumaku windu Sancaya, lambangira Kulawune, Miwah kalihlikur tanggal Pèbruari taunnya, sèwu sangangatus langkung, tigangdasa kang winahya 6.masa wuku Sada, windu Sancaya berlangsung, wuku kulawu, 22 Februari 1930 7. Ingsun amiwiti muji, anêbut ing nama Allah, kang murah dunya salire, ingkang asih ing akerat, sakèh puji panêmbah, bêktine dasih pan katur, marang Rabil ngalamina. 7. Aku awali dengan memuji, menyebut nama Allah, yang bersifat Pemurah di dunia, dan Penyayang di akhirat, segala puji sembah dan sembah bekti hamba, kuhaturkan kepada Tuhan semesta alam. 8. Sampuning muji Hyang Widhi, amuji Nabi Mukamad, kalawan kulawargane, sarta lan sêkabatira, muhajir lawan ansor, kang raliyan lahungahum, ing ndunya rawuh ngakerat. 8. Setelah memuji Hyang Widhi, memuji Nabi Muhammad, keluarga dan sahabatnya, muhajirin dan anshor yang semoga diridloi-Nya atas mereka, di dunia sampai akhirat. 9. Sing sapa maca miyarsi miwah ta ikang anurat, luwih malih kang adarbe, utawa ingkang nimpêna pan agung sawabeka, pinêdhakkên sira ngujung, makam pra Nabi sêdaya. 9.Barang siapa yang membaca dan menulis, terlebih yang memiliki, atau yang menyimpan (kitab ini), maka besar sawabnya, didekatkan di penghujung makam para Nabi semua. 10. Bukane tutur kinawi, kalane Allah Tangala, karsa dadèkkên salire, pitung bumi pitung kasa, ngaras kursi luh kalam, suwarga naraka iku, salire makluk sêdaya. 10. Sebagai pembuka cerita, tatkala Allah Ta’ala hendak menciptakan tujuh petala bumi dan langit, arsy, singgasana dan kalam, surga dan neraka, semua itu makhluk. 11. Kang tinitahkên kariyin, ing Allah puniku cahya, pira-pira antarane, saking kodrating Pangeran, kang sotya dadya cahya, ya ta pitung lêksa tahun, ingkang sotya dadya toya. 11. Yang diciptakan kali pertama oleh Allah itu cahaya, beberapa diantara kudrat Tuhan, sinar menjadi cahaya, yakni selama tujuh puluh ribu tahun, sinar menjadi air 12. Pitung lêksa warsa malih, muruh kang 12. Tujuh puluh ribu tahun lagi, air itu
Serat Tapel Adam Jilid 1 3
toya punika, maring tawang kumukuse, kukus dadi langit sapta, dening nguruh punika, dadi bumi lapis pitu, sawiyare langit ika. berbuih ke angkasa berasap, asap menjadi tujuh langit, adapun urup (nyala). Menjadi tujuh lapis bumi seluas langit itu. 13. Ya ta, bundêr-bundêr sami, wiyaripun lalampahan, yèn manuk mibêr lampahe, lalampahan sèwu warsa, luhure pitung kasa, ngaras kursi kalam êluh, luhur malih dhindhing jalal. 13. Bulatan-bulatan itu luasnya sama dengan perjalanan burung terbang selama seribu tahun, tingginya tujuh langit, arsy, singgasana luh kalam, atasnya lagi dinding jalal. 14. Pan kawilar langit ugi, lintang wulan lawan surya, andadèkkên kawulane, pira-pira malaekat, dadi saking dahana, pan kathah warnanipun, samawi muji ing Pangeran. 14. Jika langit dihitung juga, bintang, bulan, dan matahari, menjadikan hambanya segenap para malaikat, terjadi dari api, banyak jumlahnya di langit, memuja kepada Tuhan 15. Lan andadèkakên malih, ing sajaratul muntaha, tan wali-wali karsane, Maha Sucining Pangeran, kocap ing dalêm Kur’an, angadika kun payakun, ing ngarsa pan mukaromah. 15. Dan lagi diciptakan sidratil muntaha, tak diulang-ulang kehendaknya. Kemahasucian Tuhan tertulis dalam Al-Qur’an, berkata “kun fayakun” di depan mukaromah. 16. Dadèkkên sawiji-wiji, pitung bumi pitung kasa, barang isine karone, kang kocaping dalêm kur’an, laminipun akarya, bumi pitu langit pitu, puniku ungèling ayat. 16. Dalam menciptakan sesuatu, tujuh bumi dan tujuh langit sekaligus isi keduanya, yang disebutkan dalam Al-Qur’an, lamanya menciptakan tujuh bumi dan tujuh langit, ini bunyi ayatnya 17. Habisitatinayamin, sumasta wangalal ngaras, apan têgêse lamine, dadine jagad nêm dina, pêpêk luhuring ngaras, tuturing kadis niwuwus, angandika Rasulullah. 17. “Habisitatinayaumin, tsumasta wangalal ngarasy” artinya, terjadinya alam enam hari, lengkap di atas arsy. Dalam hadist disebutkan, Rasulullah berkata: 18. Ingkang dinadèkkên dhihin, ing Allah iku rohingwang, pinêncar dadi salire, kang lahir miwah kang samar, ingkang dhingin tinitah, ingaranan iku naptu, jatine nur kang 18. “Yang kali pertama diciptakan Allah itu ruhku” terpancar menjadi segala sesuatu, yang nyata serta yang samar, yang kali pertama diciptakan itu disebut
Serat Tapel Adam Jilid 1 4
cahya. naptu cahaya sejatinya nur. 19. Jinise makluk sakalir, asale saking rohingwang, rohilapi pratandhane, Pangeran kang Maha Mulya, malih kang cinarita, kawulaning Hyang Kang Agung, malekate kang mukaram. 19. Semua jenis makhluk, asalnya dari ruhku, ruh ilapi sebagai tanda Tuhan Yang Maha Mulia. Yang diceritakan kembali, hamba Tuhan Yang Maha Agung, malaikat yang mulia. 20. Ingkang dhinginJabrail, Mikail ping kalihnya, Israpil kaping tigane, Ijrail kaping sakawan, sakèhe malaekat, punika pan ora ketung, malih wau cinarita. 20. Yang pertama Jibril, kedua Mikail, ketiga Israfil, keempat Ijrail. Jumlah malaikat itu tiada terhitung. Di ceritakan kembali, 21.Sangkane ngaras sawiji, agêng angidêrijagad, karane saka sawiyos, têbihipun lalampahan, pan sèwu tahun ika, punika ibêre manuk, lawan malih cinarita. 21. Asal arsy satu dan esa rmengelilingi dunia, karena dari keluarnya, jaraknya seribu tahun terbangnya burung, dan diceritakan lagi 22. Papaesan warni-warni, tan kawasa amarnaa, kagunganipun Hyang Manon, miwah ta kang dhinding jalal, langse tundha-tumundha, minangka kakayonipun, Pangeran kang Maha Mulya. 22. Bermacam-macam hiasan yang tak dapat diceritakan, kepunyaan Yang Maha Mengetahui, dan yang berdinding jalal, tirai yang bertingkat-tingkat, sebagai pepohonan Tuhan Yang Maha Mulia 23. Kuciwa suwarga adi, tan kawasa amarnaa, wontên malih kagungane, êloh punika kang papan, mahpulsih kang sinurat, pan kalam panulisipun, gèning masthi takdirolah. 23. Kurang memuaskan jika surga yang indah yang tak dapat diceritakan. Ada lagi kepunyaan-Nya, yakni sebuah lempeng mahfulfih yang ditulisi dengan pena tempat menentukan takdir Allah 24. Kalam nunulis pribadi, punika tandhane iya, pangandikane Hyang Manon, tan kaduga ing kawula, Allah kang luwih wikan, wontênmalih kang winuwus, kayu sajratil muntaha. 24. Kalam menulis dengan sendirinya, itulah tanda perkataan Yang Maha Melihat, yang tak terduga oleh hamba Allah, Allah yang lebih tahu. Ada lagi yang diceritakan, pohon Sajratil Muntaha 25. Gênge wite kang winarni, punika pan pitung jagad, warna-warna godhongane, ciri namane manusa, kèhe tanpa wilangan, yèn godhong punika alum, kang muni sajroning 25. Besar pohonnya yang diceritakan, sebesar tujuh dunia, bermacam-macam daunnya, bercirikan nama manusia, banyaknya tak terhitung, jika daun itu
Serat Tapel Adam Jilid 1 5
surat. layu, yang disebutkan dalam surat 26. Manungsaanandhang sakit, yèn godhong sampun ngaliyang kasêbut surat namane, manungsa sampun atuwa, pupus maksih taruna, yèn godhong punika runtuh, ngijaril sigraangalap. 26. Manusia mengalami sakit, jika daun sudah melayang,disebut surat namanya, manusia sudah tua, pupus masih muda, jika daun itu jatuh, segera diambil oleh Ijrail. 27. Ingkang runtuh nora pasthi, ana ênom ana tuwa, kang runtuh pasthi-pasthine, tandhane wus têkèng mangsa, punika takdirèng Hyang, lawan malih kang tinutur, kang bumi wau punika. 27. Yang jatuh tidak pasti, ada yang tua ada yang muda, yang jatuh sudahlah pasti tiba masanya, itu takdir Tuhan, ada lagi yang diceritakan, yakni bumi 28. Caritane kang pratiwi, sinangga dening malaekat, kadi mênjangan rupane, ngancik pucuking dahana, pakuning bumi arga, luhurèng bumi puniku, ing isenan dening Allah. 28. Kisah bumi, disangga oleh malaikat, rupanya seperti menjangan yang menginjak pada pucuk api, sebagai paku bumi gunung, di atas bumi diisi oleh Allah 29. Kang tinitahakêndhingin, isèn-isène praptala, sawiji manuk rupane, apan kadi sato wana, pakane cinawisan, wiji pirang-pirang tuwuh, ing bumi awoh sapisan. 29. Yang diciptakan kali pertama, isi bumi, seperti seekor burung seperti binatang hutan, makanannya sudah tersedia, bermacam-macambiji-bijian tumbuh, di bumi berbuah sekali 30. Kang dadi wijine sawi, agêdhe ponang wowohan, pinasthi de rang Hyang Manon, yèn wowohanipun têlas, maksih aglis palastra, gênti nitahakên makluk, saking ngapi kadadeyan. 30. Sebagai bijinya sawi, awal mula tumbuh-tumbuhan, ditakdirkan oleh Yang Maha Mengetahui, jika tumbuhannya habis, masih cepat matinya, berganti, berganti menciptakan makhluk yang didiptakan asalnya dari api. 31. Sanadyan titaing bumi, nêm lêksa tahun ning ndunyaalami kejan jênênge, dening kalakuhan nika, sami lampah duraka, wus jangkêp nêm lêksa tahun, rinusak dening Pangeran. 31. Walaupun makhluk di bumi, enam ribu tahun di dunia, namanya Kejan, adapun kelakuannya mereka burbuat durhaka, sudah genap enam ribu tahun, dirusak oleh Tuhan 32. Sirna janma tan akari, musna sinambar 32. Manusia sirna tiada tersisa, musnah
Serat Tapel Adam Jilid 1 6
ing gêlap, sirna têkèngkêdhatone, risampunipun mangkana, yata Allah Tangala, tinitahakên ing makluk, kang ingaranan ibnu jan. disambar petir, sirna ingga kerajaannya. Sesudah itu, Allah Ta’ala menciptakan makhluk yang dinamakan Ibnu Jan. 33. Punika ingkang gêntèni, jumênêng ing ngalam ndunya, pan wolung lêksa tahune, dening kalakuhaneka, sami durakèng Allah, jangkêp panjênênganipun, rinusak dening Pangeran. 33. Itu yang menggantikan bertahta di alam dunia, hingga delapan ribu tahun. Adapun perbuatannya menentang Allah, dia disirnakan oleh Tuhan. 34. Kinêlêm sajroning bumi, sampun sirna kang ibnu jan, musna sarta kêdhatone, risampunira mangkana, asalin wawangunan, kang kinarya ratu Agung, punika nênggih Malaekat. 34. Di tenggelamkan ke dalam bumi, telah sirnalah Ibnu Jan, sekaligus musnah kerajaannya. Setelah itu bergantilah bentuknya, sebagai rajanya yang Agung, yakni Malaikat. 35. Sampune ngalami-lami, wau ing antaraneka, mangkana kang winiraos, kala dèrèng sinung lanat, dening Allah Tangala, wontêne langit kapitu, gène bakti marang Allah. 35. Setelah beberapa lama, di antara yang diceritakan, ketika belum ada laknat Allah, adanya langit ke tujuh yang berbakti kepada Allah. 36.anênggih Ijajil niki, luwèh kaluhuraneka, kalangkung pangabêktine, dhatênge ngalah Tangala, siyang dalu tan pêgat, aning langit kaping pitu, ya ta andikanèng sukma. 36. Adalah Ijajil yang lebih tinggi keluhurannya, sangat berbakti kepada Allah Ta’ala, siang malam tak henti-hentinya, di langit ke tujuh, demikian kata Tuhan. 37. Malaekat pitung kêthi, kang sami kinèn ngiringa, ing Ijajil salampahe, risampunipun mangkana, sang Ijajil kocapa, panapti wau tumurun, saking langit kaping sapta. 37. Tujuh ratus ribu Malaekat yang disuruh mengikuti perjalanan Ijajil. Sesudah itu, demikian diceritakan, Sang Ijajil ingin turun dari langit ke tujuh. 38. Malaekat pitung kêthi, kang sami kinèn ngiringa, ingIjajil sakarsane, langit kaping nêm sinêdya, ya ta Sarawuhira, angabêktisèwu tahun, nèng langit kaping nêmika. 38. Tujuh ratus ribu Malaekat yang disuruh mengikutinya sekehendak Sangi Ijajil, langit ke enam yang diinginkan. Setelah kedatangannya, berbakti seribu tahun di langit yang ke enam itu.
Serat Tapel Adam Jilid 1 7
39. Jangkêp sèwu tahun malih, Ijajil nulya tumêdhak, ing langit kaping limane, ingiring para malaekat, ya ta Sarawuh nika, angabêktisèwu tahun, aning langit kaping lima. 39. Genap seribu tahun lagi, Ijajil lalu turun ke langit yang ke lima, diiringi para Malaikat. Kedatangannya berbakti seribu tahun di langit ke lima. 40. Malaekat pitung kêthi, samya angiring sadaya, sangêt ajrih mring HyangManon, risampunipun mangkana, Ijajil kawarnaha, sampun jangkêpsèwu tahun,aning langit kaping lima. 40. Tujuh ratus ribu Malaikat semua mengiringinya, sangat takut kepada Tuhan. Sesudah itu, diceritakan Ijajil sudah genap seribu tahun di langit ke lima. 41. Ya ta tumurun Ijajil, dhatênging langit kaping pat, sakarsane, dene kang para malaekat, ya ta Sarawuh neka, angabêktisèwu tahun, wontêne langit kaping pat. 41. Turunlah sang Ijajil di langit yang ke empat, diiring sekehrndaknya oleh para Malaikat. Kedatangannya mengabdi selama seribu tahun di langit ke empat. 42. Kang para Malaekat sami, rarasan sarowangira, kadi punapa karsane, sang Ijajil lampah neka, dene wus kaluhuran aning langit kaping pitu, wusana kêdah mangandap. 42. Para Malaikat semua berbisik dengan temannya, seperti apa yang dikehendaki Sang Ijajil dalam perjalanannya. Di langit ke tujuh saja sudah tinggi kedudukannya, kemudian harus turun. 43. Iya sing kaya Ijajil, wus dilalah karsaning Hyang, wus luhur andhap wêkase, ngalamat tuli duraka, winataring duduga, ya ta prasamya angungungun, sagunge para malaekat. 43. Ya yang seperti Ijajil itu sudah menjadi kehendak Tuhan, sudah tinggi akhirnya rendah, pertanda durhaka, tanpa pertimbangan. Para Malaikat heran. 44. Sèwu tahun angabêkti, wontêne langit kaping pat, anulya arsa lumèngsèr, prapta langit kaping tiga, ya ta Sarawuhneka, angabêktisèwu tahun,aning langit kaping tiga. 44. Seribu tahun menghamba, di langit yang ke empat, kemudian hendak lengser sampai langit yang ke tiga. Setibanya di sana, ia mengangabdi seribu tahun, di langit yang ke tiga. 45. Para malekat angiring, ingIjajil lampah neka, wus sèwu tahun lamine, angabêkti ing Pangeran, wus jangkêpsèwu warsa, Ijajil 45. Para malaikat mengiringi perjalanan Ijajil. Sudah seribu tahun lamanya, mengabdi kepada Tuhan, telah genap
Serat Tapel Adam Jilid 1 8
wau tumurun, ingkang sinêdya ing manah. seribu tahun, Ijajil turun, adapun yang dikehendaki, 46. Dhatêng langit kaping kalih, ingiring para malaekat, prapta langit kapindhone, angabêkti ing Pangeran, sarta para malaekat sampun jangkêpsèwu tahun, wanguwung ngabêktinika. 46. Ke langit yang ke dua, diiringi para Malaikat, sampai langit yang kedua, menyembah kepada Tuhan, dan para Malaikat sudah genap seribu bulan, di alam wangwung penghambaannya. 47. Anuli tumurun malih, ingiring para Malaekat, lèngsèr saking langit pindho, sang Ijajil karsa neka, dhatêng langit kapisan, ing dalêm ndunya wus rawuh, ya ta sami anggraita. 47. Kemudian turun lagi, diiringi para Malaikat, lengser dari langit kedua, yang dikehendaki Sang Ijajil ke langit pertama, sedah sampai di alam dunia, mereka semua merasakan, 48. Malekat kang pitung kêthi, Ijajil kang rinaosan, ngalamat têmbe kabêndon, Ijajil dening Pangeran, dening tanpa rar hyanta, sah langit kang kaping pitu, kongsi têdak ing praptala. 48. Tujuh ratus ribu Malaikat, yang dibicarakan Ijajil, tanda kejadian yang akan datang dilaknatlah Ijajil oleh Tuhan, karena tanpa…..pergi dari langit yang ke tujuh sampai turun di bumi. 49. Sang Ijajil kang ngabêkti, sarawuhing ing praptala, kacaryanira lampahe,aningali ing praptala, dening luwih kawuryan, ningali sagara gunung, lungse pariking bêngawan. 49. Sang Ijajil yang mengabdi, sesampainya di bumi, diceritakan dalam perjalanan, melihat bumi lebih jelas terlihat melihat gunung dan laut, sungai yang berlarik, 50. Kalangkung-langkung Ijajil, karasan aning praptala,aningali ing kêkayon, pala gumantung kasimpar, kasongane ngakasa, awarna-warna dinulu, marmane sira kacaryan. 50. Sangat betah Ijajil tinggal di bumi, melihat pepohonan, pala gumantung, kesimpar, di atas langit, tampak beraneka warna, karenanya dia keheranan. 51. Saya apês sangIjajil, pangabêkti ing Pangeran, kawismayaning lampahe,akathah kang katingalan, sampunira mangkana, jangkêp pitung èwu tahun, Ijajil aning pratala. 51. Semakin sial dis sang Ijajil, sebagai baktinya kepada Tuhan, heran dalam perjalanannya, banyak yang dilihatnya. Setelah genap tujuh ribu tahun, Ijajil di bumi, 52.Malaekat pitung kêthi, samya angiring 52. Tujuh ratus ribu Malaikat mengiring
Serat Tapel Adam Jilid 1 9
sadaya, ingIjajil salampahe risampunira mangkana, sangIjajil, wangsul ing langit kapitu, dening para kang malaekat. perjalanan Ijajil. Setelah itu Sang Ijajil kembali ke langit ke tujuh adapun para Malaikat 53. SangIjajil tanapti, ingajak dhatêng langit sapta, sang Ijajil lingira lan, dhatêng kang para malaekat, panisun nora arsa, wangsul ing langit kapitu sun karasaning praptala. 53. Sang Ijajil tidak mau diajak ke langit ke tujuh. Kata Sang ijajil kepada para Malaikat: “Aku tak ingin kembali ke langit ke tujuh, aku betah di bumi. 54. Benjing ingsun wangsul malih, dhatêng ing langit ping sapta, lamun wus pada lamine, lawan gèningsun tumêdhak, dhatêng langit ping sapta, yèn wus pitungèwu tahun, gèningsun aning praptala. 54. Besok aku kembali ke langit ke tujuh jika sudah sama lamanya dengan saat aku turun dari langit ke tujuh, jika sudah tujuh ribu tahun aku di bumi.” 55. Ya ta malaekat sami, tinurut sakarsaneka, tinut ing sapakartine, rinojong sakarsanira, sasampunipun mangkana, jangkêp pitungèwu tahun, lamine aning praptala. 55. Semua Malaikat menuruti keinginannya, dituruti sekehendaknya, setelah genap tujuh ribu tahun lamanya di bumi 56. Malaekat pitung kêthi, ngatag angajak wangsul, dhatêngIjajil wiyose, ngaturan wau munggaha, ing prênahipun lama, dhatêng ing langit kapitu, mapan jangkêpe sêmaya. 56. Tujuh ratus ribu Malaikat mengajak kembali kepada Ijajil, dan mengatakan bahwa perjanjiannya ke langit ke tujuh sudah genap. 57. Ijajil wau tanapti, kalangkung kangên tyas neka, ya ta tinut sakarsane, dhatênging para malaekat, sangêt ajrih Hyang Suksma, ajrih dinukan Hyang Agung, ri sampunira mangkana. 57. Ijajil tidak mau, hatinya sangat rindu, diturut para Malaikat yang sangat takut kepada Tuhan, takut mendapat kemurkaan Tuhan. Setelah itu, 58.andikanira Hyang Widdhi,iku ta sira lungsura, si Ijajilkêdhatone, dhêmên kêrasan ning ndunya, yata Ijajil nulya, pinundut kagunganipun, dhatêng Rabil ngalamina, 58. Tuhan mengatakan: “Pakailah itu kerajaan Ijajil, dia betah tinggal di dunia.” Maka dari itu, diambilah kerajaan Ijajil oleh Tuhan semesta alam 59. Sampunealami-lami, Allah Tangalaakarsa, nitahakên kakasihe, maksih gaib tan kawêntar, mring sagunge malaekat, 59. Setelah beberapa lama, Allah Ta’ala hendak menciptakan kekasihnya yang masih ghaib, yang tak dikabarkan kepada
Serat Tapel Adam Jilid 1 10
Allah Tangala nabda kun, dhatêng kang para malaekat. Malaikat. Allah Ta’ala berkata: “Kun, kepada para Malaikat. 60. Sun karya kalipah adi, padha sira ngestokna, idhêpa ing parentahe, ing kakasih ingsun uga, padha sira anuta, sakèing kawulaningsun, sami nêbuta kang nama. 60. Aku akan menciptakan khalifah, maka kamu menurutlah semua perintahnya, kepada kekasihku juga, kamu semua menurutlah semua hambaku, sebutlah namanya, 61. Padha ngestokna sami, sagunge para malaekat, kakasih ingsun namane,ikuiya wruhanira, ingkang anom Adam,iya iku kakasih ingsun, kang sun cêcadhang suwarga. 61. Menurutlah semua malaikat. Kekasihku itu ketahuilah, kuberi nama Adam, yakni kekasihku yang kuberikan Surga. 62. Sun jênêngakên gêgênti, ilapatingsun ta sira, marentaha ing sakèhe, kawulaningsun sadaya, Adam punikaiya, sun rojong sakarêpipun, ratu Agung tanpa sama. 62. Ku jadikah wakilku, memerintahkan semua hambaku. Adam akan kuturuti sekehendaknya, sebagai raja yang agung tak tertandingi. 63. Kakasih ingsun linuwih,iya kang anama Adam, tanana ing sasamane, sun karya ratu dimulya, kèdhêpan ing sajagad, anggawahawahyuningsun, angucapa ing wasesa. 63. Kekasihku yang elok yang bernama Adam, tak ada yang menyamai, ku jadikan raja yang mulia, yang diharapkan orang sejagad, membawa wahyuku, mengucap kekuasaan.” 64. Ya taangestokên sami, sagunging para malaekat, pangandikane Hyang Manon, Allah Tangala ngandika, heh malaekat sadaya, jênênge kakasiingsun, luwih saka jênêngira. 64. Semua Malaikat melaksanakannya. Allah Ta’ala yang Maha Mengetahui berkata: “Hai para Malaikat, nama kekasihku lebih dari namamu. 65. Imanira angluwihi,iya saking imanira, miwah ing kêdadehane luwih saking dadinira, barang sakalirira, sumawana ngèlmunipun, angluwihi ngèlmunira. 65. Imannya melebihi imanmu, kejadiannya melebihi kejadianmu, semuanya, ilmunya melebihi ilmumu. 66. Lan saktine angluwihi,iya saking saktinira, apa dene ing cahyane, angluwihi cahyanira, barang pakartinira, kung kulan 66. Kesaktiannya melebuhi keaktianmu. Adapun cahayanya melebihi cahayanya, semua tingkahlakumu, lebih tinggi
Serat Tapel Adam Jilid 1 11
kakasih ingsun, risampunipun mangkana. kekasihku.” Setelah itu 67. Kawarnaha sang Ijajil, manahipun sampun angrasa, yèn linungsur kadatone, marèng Hyang murba wisesa, lawan malih miharsa, kalamun Allah kang Agung, anitahakên kawula. 67. Diceritakan bahwa Sang Ijajil, hatinya sudah merasa jika sudah kerajaannya sudah diambil oleh Yang Maha Kuasa, lagi pula mendengar bahwa Allah yang Agung menciptakan hamba 68. Adam kang sinambat ing sih, kinarya ratu ing ndunya, dadi ing pangidêpane, sakèing kawulaning Hyang, sami kinèn anuta, ing Bagindha Adam iku, ingakên kalipatulah. 68. Bernama Adam, sebagai raja di dunia, yang menjadi raja semua hamba Tuhan. Semua disuruh mengikuti Baginda Adam,diakui sebagai khalifah Allah. 69. Ananging maksih ginaib, mapan tur dèrèng tumiba, lagya karsane Hyang Manon, paningsun arsa akarya, ing tapêlira Adam, Jabrail kang ingutus, amunduta sira lêmah. 69. Akan tetapi masih ghaib dan belum di ciptakan, baru dalam kehendak Yang Mahatahu. Demikian pula aku akan menciptakan tapel Adam. Jibril yang diutus mengambil tanah 70. Tumuruna maring bumi, sigra Jabrail lumampah, prapta agawok tingale, ing bumi kang manca warna, wênèh irêng lan abang, wênèh kuning lawan biru, wênèh dadu lawan seta. 70. Turun di dunia. Segeralah Jibril melaksanakan, datang dan heran, jika di bumi beraneka warna, adayang hitam dan merah, kuning dan biru, ada yang merah jambu dan putih. 71. Ana têlês ana aking, lan malih bumi punika, bineda beda warnane, kang sawênèh bumi kasap, wênèhe alus lêmbat, wênèh atos lawan êmpuk, kang dinuta lon angucap. 71. Ada yang basah dan ada yang kering, dan pula bumi itu ada yang dibeda-bedakan warnanya, ada yang kasar, lembut dan halus, ada yang keras dan ada yang empuk. Yang diutus berkata lembut: 72.Jabrail ayun ngambil, siti kalamun kagawa, nulya sinupa tan alon, he Jabrail taiya, ragane sira arsa, angambila marang ingsun, lah muga sira kênaha. 72. Jibril hendak mengambil tanah, jika dibawa lalu diumpat dengan pelan: “Hai Jibril , jika dirimu mengambilku, semoga engkau terkena 73. Bêbêndunipun Hyang Widhi, sêmune bumi wus wikan, kalamun arsa ginawe, tapêle Bagindha Adam, bumi pan sampun 73. Hukuman Tuhan. Tampaknya bumi sudah mengetahui jika ia akan dibuat tapel Baginda Adam. Adam kelak kena
Serat Tapel Adam Jilid 1 12
wikan, Adam punika ing besuk, kênèng durakèng Pangeran. murka Tuhan. 74. Milane bumi tanapti, Adamêling tapêl Adam, Jabrail nulya lèngsèr, matur ing Allah Tangala, yèn sang bumi lênggana, asangêt supatanipun, kinarya tapêl srinata. 74. Maka dari itu,bumi tak mau dibuat tapel Adam. Jibril kemudian beranjak dan lapor kepada Allah Ta’ala, jika sang Bumi menyadari sangat mengutuk untuk dibuat tapel Baginda Adam PUPUH 02 S I N O M PUPUH 02 S I N O M 1. Allah Tangala ngandika, dhatêngMalaekat Mikail, lah ta sira tumuruna,angalapa sira bumi, dyan Malaekat Mikail, anulya wau tumurun, prapta nuli sinapa, mikail dèn supatani, lah mikail lamun sira angalapa. 1. Allah Ta’ala berkata kepada Malaikat Mikail: “Engkau turunlah untuk mengambil bumi.” Segeralah Malaikat Mikail turun dan mendapat kutukan: “Hai Mikail, jika kamu mengambilku 2. Lah muga-muga kênaha, sira dudukaning widi, anulya wangsul saksana, sira malaekat mikail, matur maring Hyang Widhi, ya Pangeran ingkang Agung, tuwan kang luwih wikan, pan amba dèn supatani,angandika Pangeran kang Maha mulya. 2. Semoga engkau terkena murka Tuhan.” Kemudian Malaikat Mikail segera melapor kepada Tuhan: “Wahai Tuhanku Yang Maha Agung, Engkau yang lebih mengetahui, hamba dikutuk.” Berkatatalah Tuhan Yang Maha Mulia 3. Lah ta sira tumuruna, israpil maring ngabumi, kang kinon aglis tumêdhak, malaekat nama israpil, sapraptaning ing bumi, anulya wau kêtêmu, heh ta israpil tasira, arsa angalaping kami, muga sira kênaha dukanèng Suksma. 3. “Segeralah engkau turun ke bumi hai Isrrafil.” Yang mendapat perintah Israfil segera turun. Sesampainya di bumi kemudian bertemu. “Hai kamu Israfil hendak mengambilku, semuga engkau mendapat murka Tuhan.” 4. Anulya mundur saksana, awêdi dèn supatani, israpil matur Hyang Suksma, hya Pangeran ingkang luwih, amba dèn supatani, ing bumi kalangkung-langkung, mangka Allah Tangala, angandika mring ijrail, lah ta sira Ngijrail glis tumuruna. 4. Segeralah ia mundur, takut dikutuk. Israfil lapor kepada Tuhan: “Wahai Tuhan yang serba Maha, hamba sangat dikutuk oleh Bumi.” Maka, Allah Ta’ala berkata kepada Izrail: “Wahai engkau Izrail, segeralah turun. 5. Amunduta sira lêmah, dèn kêbat sira 5. Ambilah tanah, segeralah engkau ke
Serat Tapel Adam Jilid 1 13
mring bumi, yata nulya lumampaha, ingkang anama ijrail, risaksana wus prapti, sinapa sarênge rawuh, lah apa karya nira, Ngijrail sira mring kami, pan sinapa alon wijiling wacana. bumi.” Maka segeralah Izrail melaksanakan. Setibanya di bumi, sangat dikutuk: “Apa yang kau lakukan kepadaku Izrail? Lalu disapa dengan lembut: 6. Praptaningsun maring sira, dèn utus dening Hyang Widhi, mapan kinèn mundut sira, sumauring juru bumi, sira sun supatani, yèn ngambila awak ingsun, muga sira kênaha, dudukanipun Hyang Widhi, lah mundura paningsun sangêt lênggana. 6. “Kedatanganku padamu, diutus oleh Tuhan untuk mengambilmu.” Jawaban bumi: “Jika engkau mengambilku kan kukutuk semoga mendapat murka Tuhan. Kembalilah, aku sudah tahu. 7. Akathah supatanira, Ijrail mangkya nauri, ing saujar ujaranira, supatanira mring kami, ingkang akèh akêdhik, paniya nora sun rungu, rèhning amba dinuta, dening Hyang kang Maha Suci, mapan ingsun ora awêdi ing sira. 7. Banyak kutukannya. Kemudian Ijrail menjawab: “Semua perkataanmu yang mengutukku, banyak ataupun sedikit tidak kudengar. Karena hamba diutus oleh Yang Mahasuci, maka aku tak takut padamu. 8. Ajrih ing Allah Tangala, dene ta sira bupati, ingsun ta mangsa kagêga, amba ingutus ing Gusti, iya si sang bumi, pan maksa sira sun pundhut, gêlêm nora gêlêma, yèn budi sun sêmbadani, ya ta bumi ewuhan tan bisa ngucap. 8. Takut kepada Allah Ta’ala, aku apa dipercaya***hamba diutus oleh Tuhan. Bumi harus kubawa, mau ataupun tidak, jika ngotot kupaksa.” Bumi tak bisa menjawab. 8. Saksana wau ingalap, bumi dening sang Ngijrail, sampune kêna ingalap, anulya binêkta aglis, ingaturkên tumuli, ing ngarsanira Hyang Agung, Allah mangkya ngandika, dhatêng malaekat Ngijrail, kaya ngapa Ngijrail panggawanira. 8. Maka dari itu, diambillah bumi oleh Sang Izrail. Setelah dapat diambil, segeralah dibawanya, dan diserahkan kepada Yang Maha Agung. Kemudian Allah berkata kepada Malaikat Izrail: “Bagaimana Izrail caramu membawa. 9. Apa tan ora lênggana, ing sira sang juru bumi, nora sinupatan sira, matur malaekat Ngijrail, kathah ujaring bumi, nanging tan kawula rungu, dhatêng amba wisesa, mila 9. Apa tak mempercayaimu si Bumi? Apa tidak dikutuk?”. Menjawablah malaikat Izrail: “Banyak perkataan Bumi, namun tak hamba dengar. Karena saya diutus,
Serat Tapel Adam Jilid 1 14
kabêkta sang bumi, angandika Pangeran kang Maha mulya. maka hamba bawa sang Bumi.” Berkatalah Tuhan yang Maha Mulia: 10. Lahiya Ngijrail sira, ing mangke kang sun sêdhahi, ngalapa sakèh ing nyawa, aja ana liyane malih, ngalap nyawa sakalir, sira kang dadya pangayun, wus misuwur miyarsa, angandikane Hyang Widhi, yèn Ngijrail kasêdhahan ngalap nyawa. 10. “Ya kamu Izrail, sekarang Aku tugasi mencabut segenap nyawa, Jangan ada lainnya lagi, cabutlah semua nyawa. Engkau yang menjadi kehendak telah unggul mendengarkan perkataan Tuhan, jika Izrail disuruh mencabut nyawa. 11. Sinung jujuluk dening Hyang, sira malaekat Ngijrail, malaekat maut punika, yata andikaning Widhi, lah olèhira bumi, Ngijrail sawarnanipun, lah ta sira wèjèkna, tunggalna dadya sawiji, tan antara wau nulya kalêksanan. 11. Malaikat Izrail diberi gelar oleh Tuhan dengan sebutan Malaikat Maut. Demikian kata Tuhan: “Nah, Izrail, yang kau dapatkan dari bumi satukanlah, maka tak seberapa lama terlaksana 12. Kang siti amanca warna, abang aputih akuning, miwah kang lêmbut akasap, wus winarna dadi sawiji, dyan winulêt tumuli, ingkang bumi dadi êndhut, linawêt dadya juga, dene malaekat Ngijrail, pan Hyang Sukma tumulya wau ngandika. 12. Tanah berbagai rupa, merah, putih, kuning, halus dan kasar sudah dicampur menjadi satu dan diduk segera, bumi menjadi tanah liyat dicampur dijadikan satu oleh Malaikat Izrail. Kemudian Tuhan berkata: 13. Ngijrail sitikuiya, sira wuuahana malih, olèhe kalawan sahwat, pan Babu Kawa pinanggih, yata wèhana malih, olèhe kalawan napsu, saksana linêkasan, dening malaekat Ngijrail, nglêstarèkên pangandikane Pangeran. 13. “Izrail, tanah itu tambahlah lagi dengan sahwat, jika babu Hawa sudah ketemu, berikan lagi nafsu, segeralah dilaksanakan, Izrail menurut perintah Tuhan. 14. Kinarya tapêl Adam, tumulya dipun wuwuhi, karanipun aran sahwat, sakèhe manungsa sami, lan sapindhahe malih, milanipun ana napsu, inggih tapêl Adam, iku purwane kariyin, cinarita risampunipun mangkana. 14. Dibuat tapel Adam, lalu ditambah dengan sahwat. Karena itulah, mengapa semua manusia memiliki nafsu, awal mulanya dari tapel Adam. Setelah itu diceritakan kembali. 15. Milane sakèh manungsa, budine sawiji-15. Bahwa perwatakan tiap-tiap manusia,
Serat Tapel Adam Jilid 1 15
wiji, ana bêcik ana ala, ana irêng ana kuning, ana walèh lan dêmit, ana kasap ana lêmbut, duk tapêle samana, mila yèn nandang bilahi, ya ing tapêl asale baka rêncana. ada yang baik ada yang buruk, ada hitam ada putih, ada yang jelas ada yang rumit ada kasarada halus saat tapel Adam, maka jika tertimpa mala petaka, dari tapellah asalnya. 16. Pan saking ajal punika, linuting kawuri-wuri, tan kêna yèn muwuhana, anut tapêle kariyin, asale budi bêkti, miwah pintêr bodhonipun, pan saking takdiring Hyang, lara pati nora gingsir, wus pinasthi tulis lohi mahpul lolah. 16. Dari ajal itulah yang selalu diturut sejak dahulu, tak boleh ditambahi, menurut tapelnya dahulu. Asalnya budi bakti, serta pandai dan bodohnya, memang dari takdir Tuhan. Sakit dan mati tiada berubah, sudah menjadi ketentuan suratan takdir. 17. Mapan Allah kang misesa, anitahakên ing mukmin, sinung budi lan têkiyar, luwih pae harunatik, lan nitahakên malih, para malaekat sawêgung, sinung budi kewala, Allah nitahakên malih sato kewan pan sinung sahwat kewala. 17. Memang Allah yang menguasai orang beriman, diberi akal dan ikhtiyar, lebih dari segalanya, dan menciptakan pula para malaikat yang hanya diberi akal saja, dan Allah juga menciptakan binatang yang hanya diberi sahwat saja. 18. Milane kang sato kewan, tan ana budine malih, amung turu lawan sahwat, aminum kalawan bukti, datan anyipta malih, kang sato kewan puniku, beda lawan manungsa, sinung eling sinung lali, sinung puji tobat lawan solawat. 18. Maka dari itu, binatang tak berakal, hanya tidur dan sahwat, makan dan minum, tanpa berfikir. Binatang itu berbeda dengan manusia, diberi ingat dan lupa, memuji, taubat dan bersolawat. 19. Luwih saking sato kewan, manungsa iku ya dening, agênge dêrajatira, sinungan sih anglangkungi, saking malaekat sami, lamun pênêt budinipun, tan ana sahwat neka, iku manungsa sinêlir, Nabi wali kakasihira Hyang Sukma. 19. Melebihi binatang. Manusia itu karena besar derajadnya, diberikan rasa sayang yang lebih dibanding para malaikat. Jika baik budinya, tak bersahwat ia, itulah manusia pilihan, yakni para Nabi dan Wali kelasih Tuhan 20. Mêrga saking suka wirya, pan saking lara prihatin, margane luhur wong ika, saking ngandhap asor ugi, margane lara pati, 20. Sebab dari rasa senang, memang dari sakit dan susah. Orang luhur itu berawal dari rendah hati. Musabab sakit dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 16
saking lali marganipun, sampunira mangkana, tapêl dinadèkên nuli, Hyang Wisesa anulya mangke ngandika. kematian, disebabkan lupa. Setelah itu, tapel Adam segera dibuat. Yang Maha Kuasa lalu mengatakan 21. Kinèn dadèkên êndut ika, saking antaraning bumi, desa kae lawan mêkah, punika gènira kinardi, tapêl Adam kinardi, nênggih patang puluh taun, lamine ndut punika, bangêr gandane abacin, milane manungsa arum gandanya. 21. menyuruh menjadikan endut itu dari antara desa Kaip dan desa Mekah Penciptaan tapel Adam empatpuluh hari lamanya, busuk baunya. Adapun manusia berbau harum. 22. Risampunipun mangkana, winuwuhan êndhut malih, tapêl Adam kinarya, saking karsaning Hyang Widhi, punang tapêl wus dadi, luwih saking bagusipun, sakèing kang rurupan, tan ana ingkang tumanding, ing dêdêge tapêle BagindhaAdam. 22. Kemudian ditambah endhut lagi, atas kehendak Tuhan, tapel adam sudah jadi, tampan rupawan melebihi wujud yang lain, tiada yang menandingi akan bentuk Baginda Adam. 23. Punika sawidak asta, tuhu sih lamuna pêkik, anênggih dina jumungah, duk tapêl Adam dumadi, angandika Hyang Widhi, dhatêng Ngijrail puniku, tapêl kinèn anarang, yata tinarang tumuli, yata lami tapêl nggènipun anarang. 23. Tingginya enampuluh hasta, sungguh tampan rupawan. Adam selesai diciptakan pada hari Jumat. Tuhan mengatakan kepada Izrail untuk menarang tapel, dan segera ditaranglah ingga lama. 24. Risampunipun mangkana, Kawarnaha sang Ijajil, arsa wruh ing tapêl Adam, malaekat sadaya ngiring, ing lampahe Ijajil, yata ing Sarawuhipun, prênahe tapêl Adam, ana antaraning bumi, desa kahip kalawan ning desa mêkah. 24. Sesudah itu, diceritakan Sang Ijajil ingin melihat tapel Adam. Semua Malaikat mengikuri Ijajil. Setibanya di tempat tapel Adam di antara tanah desa Kaip dan Mekah. 25. Risampunipun mangkana, sang Ijajil aningali, ing tapêl BagindhaAdam, langkung kacaryan ningali, mangkana dèn idêri, mapan têmu gêlang sampun, sang Ijajil angucap, ing malaekat pitung kêthi, he malaekat salaminipun nèng ndunya. 25. Sesudah itu, sang Ijajil melihat kepada tapel Adam, sangat senang dirinya. Tapel Adam dikelilingi sampai tuntas. Sang Ijajil berkata kepada ketujuh ratus ribu Malaikat: “Hai Malaikat, selama di dunia,
Serat Tapel Adam Jilid 1 17
26. Pan ingsun nora tumingal, ing rurupan luwih pêkik, ananging tapêlipun Adam,iya kang luwih pêkik, angucap sang Ijajildhatênging sakathahipun, ingkang para malaekat, lah ta sira saupami, ya kinèna anut ing Hyang tapêl Adam. 26. aku tak kelihatan, rupaku tampan, tetapi lebih tampan Tapel Adam .” Sang Ijajil berkata lagi kepada para Malaikat; “Nah, jika engkau disuruh Tuhan untuk tunduk kepada Tapel Adam, 27. Apa gêlêm apa ora, malaekat kang pitung kêthi, sami angucap sadaya, dhumatêng sira Ijajil, tan lênggana ing kapti, saparentaingHyang Agung, amba datan lênggana, sapakènipun Hyang Widhi, ila-ila punapa yèn lênggahana. 27. Mau apa tidak? Tujuh ratus ribu Malaikat semua menjawabkepada Ijajil: “Tak tahu lah, amba menurut apa yang duperintahkan Tuhan. Sumpah apa jika tak ditepati. 28. Anuli sira angucap, wau kang nama Ijajil, jroning ati tan kuwêdhar, mangkana usiking ati, yèn tangidhêpa kami, iki apa asilipun, angidhêpa ing lêmah, pasthi ingsun tanapti, yèn idhêpa masa ta angluwihana. 28. Kemudian Ijajil berkata dalam hati yang tak terucap, demikian gumamnya dalam hati: “Jikalau aku disuruh menyembah,apa ini hasilnya menyembah tanah, pasti aku tak mau, jika menyembah apa dapat melebihi? 29. Mapan jênêngingsun iya, mangkana usiking ati, malah ta ingsun rusaka, tapêl punika pan siti, yata mangkana nuli, Ijajil ikaandulu, tapêle Adam mênga, anuli dipun panjingi, salêbête tapêl Adam luwih jêmbar. 29. Perasaanku demikian. Bahkan akan kurusak tapel tanah itu. Setelah Ijajil melihat tapel Adam terbuka, segera ditempati tapel Adam, di dalam sangat luas. 30. Mangkanaa ingidêran, wau dening sang Ijajil, risampune ingidêran, yata mêdal sang Ijajil, mangandhap mênga nuli, mêdal sira saking dubur, tapêl BagindhaAdam, yata ngucap sang Ijajil, heh malaekat ingsun tutur maring sira. 30. Dikelilingilah oleh Sang Ijajil, setelah dikelilingi, keluarlah Sang Ijajil ke bawah, segera terbuka dan melalui dubur tapel Adam. Berkatalah sang Ijajil: “Hai Malaikat, aku memberitahu kepadamu. 31. Sajroning tapêl Adam, akathah ingsun tingali, sanepane ngalam jêmbar, apaniya amêpêki, ingsun wau ningali, langit ngaras kursinipun, suwarga lawan naraka, atanapi 31. Di dalam tapel Adam banyak yang aku lihat, gambaran luasnya alam, semua memenuhinya. Kulihat langit Aras kursi, surge dan neraka, bumi kulihat ada
Serat Tapel Adam Jilid 1 18
ingkang bumi, sun tingali anging kaya ana omah. rumah. 32. Tanpa lawang kang lir omah, wau ta ingsun parani, arsa ingsun panjingana, anging ta luwih awêrit, tan kawasa sun manjing, lêsu lupa awak ingsun, iku kang linarangan, gène ngiman ingkang suci, pan punika rinêksa dening Pangeran. 32. Bagai rumah tak berpintu, aku menghampiri, akan aku tempati, namun sangat rumit, tak kuasa ku menempat. Letih lesu badanku. Itu yang dilarang tempat iman yang suci. Itu tempat yang plihara oleh Tuhan. 33. Yèn tan rinêksaha ing Hyang, jajantung puniku nênggih, sayêkti sakèh manusa, dadi isine yamani, pinanjingan Ijajil, ing salêbêting jêjantung, nanging rinêksa uga, dening Hyang kang Maha Suci, liya niku sadaya pan pinanjingan. 33. Jika tak dipelihara Tuhan jantung semua manusia sungguh menjadi isi neraka, ditempati Ijajil. Namun dalam jantung dijaga oleh Tuhan Yang Maha Suci. Selain itu semua ditempati Ijajil. 34. Allah Tangala ngandika, dhatêng malaekat jabrail, mikail israpil, Ngijrail tan kêna kèri, pada niyupa sami, dyan tiniyup tan asantun, ing cangkêm Bagindha Dam, Malaekat sami ngiring, winadhahan kang nyawa dudulang cahya. 34. Allah Ta’ala berkata kepada para Malaikat Jibril, Mikail, Israfil dan Izrail: “Kalian semua meniyuplah ke mulut Baginda Adam. Semua Malaikat mengikuti, ditempatkannyalah nyawa dan cahaya. 35. Risampunipun mangkana, tapêl Adam tumuli, arsa pinanjingan nyawa, dening Hyang kang Maha Suci, sinampurnakên ugi, Bagindha Dam raganipun, kang nyawa Bagindha Dam, pinarêkên tumuli, dyan tiniyup jro tapêl BagindhaAdam. 35. Setelah itu, lalu tapel Adam diberi nyawa Oleh Yang Maha Suci. Disempurkan juga raga Baginda Adam. Nyawa Baginda Adam kemudian didekatkan, ditiupkannyalah ke dalam tapel Baginda Adam. 36. Sampuning tiniyup sira, sasangka dening Jabrail, nyawa manah kasusahan, tan kuwasa amanjingi, dening katingal rupit, nyawa matur ing Hyang Agung, inggih Pangeran amba, tan kawasa ngong manjingi, dene pêtêng sajroning nyawa punika. 36. Setelah ditiupkan sasangka oleh Jibril, nyawa merasa sedih tak kuasa menempati, kelihatan sulit. Nyawa berkata kepada Tuhan Yang Agung: “Ya Tuhanku, hamba tak kuasa menempati, karena gelap dalam nyawa itu.
Serat Tapel Adam Jilid 1 19
37. Sinêrèng dening Pangeran, mangkana nyawaning Nabi, kinèn manjinga sak sana, nyawa kasusahan dening, sinung tan kêna manjing, saking kapardi Hyang Agung, rupa datanpa prênah, pra malaekat suka sami, sajatine prihatin ajrih Hyang Suksma. 37. Dipaksa oleh Tuhan, demikian nyawa Nabi, disuruh menempati segera, nyawa merasa sedih tak bisa menempati. Karena dibimbing Hyang Agung, rupa yang tanpa letak. Para Malaikat gembira, namun sesungguhnya takut kepada Tuhan. 38. Allah Tangala ngandika, karane nyawa sun pardi, panjinge tapêl Adam,iya wruhanira ugi, yèn sun pêcat ing benjang, luwih saking awratipun, pêcate saking badan, sampune mangkana nuli, pinanjingkên nyawa jroning tapêl Adam. 38. Allah Ta’ala berkata: “Karena nyawa Kubimbing menempati tapel Adam, dan ketahuilah pula, jika Kucabut kelak, lebih berat, pisahnya dari badan.” Setelah itu, ditempatkannyalah nyawa dalam tapel Adam. 39. Amarga ya ing gêrana, Bagindha Adam awaing, yata pêcating kang sirah,andikanira Hyang Widhi, lah sira trapna malih, nuli tinrapkên sampun, kang sirah tapêl Adam, mulya kadi wingi nguni, angandika Allah ing Bagindha Adam. 39. Karena di hidung Baginda Adam bersin, yakni pisahnya kepala. Kata Tuhan: “Nah, pasangkan lag. ”Lalu dipasang kepala Tapel Adam seperti sedia kala. Berkatalah Tuhan kepada Baginda Adam: 40. Lah ta sira anêbuta, puji alkamdulilahi, mangka wahèng Bagindha Dam, nêbut alkamdulilah, Rabil ngalamin nuli, kang sirah punika kukuh, sarêng amaca ayat, sinauran ing Hyang Widhi, saure Hyang yarakim makumululah. 40. “Nah, ucapkanlah puji Alhamdulillah jika bersin Baginda Adam.” Kemudian menyebut Alhamdulillahi Rabbil’alamin. Kepala itu kukuh setelah membaca ayat. Dijawab oleh Tuhan:” Ya arhama kumullah.” 41. Risampunipun mangkana, nyawa punika wus manjing, ing guwa garbaning Adam, nyawa nuli nyarambahi, nugrahaning Hyang Widhi, manjing utêk dhatêng kulkum, dhatêng pusêr sumrambah, gêtih miwah ingkang daging, risaksana tumanduk wagêt lumampah. 41. Setelah demikian itu, nyawa sudah ada dalam perut Adam, nyawa lalu meliputi keseluruhan. Anugerah Tuhan bertempat di otak dan kulkum, pusar, merata dalam darah dan daging, seingga dapat berjalan 42. Mangkana wus pinasêkan, ingaran alam 42. Demikian sudah ditimbuni tanah,
Serat Tapel Adam Jilid 1 20
sahir, kadi ngalam tabi ika, lintang surya lawan sasi, miwah kang bumi langit, lawan ngaras kursinipun, pêpêke Nabi Adam, mapan sampun amêpêki, wus jumênêng ing wujuding Nabi Adam. yang disebur alam Sahir, seperti alam tabi, bintang, matahari dan bulan, serta bumi dan langit dan aras kursinya. Lengkaplah Nabi Adam, setelah lengkap ditetapkan sebagai wujud Nabi Adam. 43. Ingayap para malaekat, ing ngarsa ing kanan kèri, gawok sakèh malaekat, kakasihira Hyang Widhi, yata anêbut sami, malaekat barokalahu, risampunipun mangkana, wontên wirayating Nabi, rasululah Mukamadin kang mustapa. 43. Disujudi Malaikat didepan dikan kiri. Heran semua Malaikat. Kekasih Tuhan semua menyebut: “Baakallahu.” Setelah itu, ada cerita tentang Nabi Rasulullah Muhammad Mustafa. 44. Ngucapke linging Suksma, kang sun dadèkakên kariyin,iya tapêlira Adam, yayaingjisim jasmani, witing sakèingjisim, kakasihira Hyang Agung, ingkang kinudang-kudang, cinadang ing suwargaadi, kang kinarya kalipah ing dalêm ndunya. 44. Berkatalah Tuhan: “Yang Kujadijan pertama kali, tapel Adam, bagai jisim jasmani sebagai awal jisim, kekasih Tuhan yang diidham-idhamkan masuk surge, sebagai khalifah di dunia. 45. Risampunipun mangkana, ngandika Hyang Maha Suci, Jabrail munduta, busana kangadi-hadi, malaekat Jabrail, ambêkta busana sampun, mapan saking ing swarga, busana sagung piranti, saka praboning nata, adimulya. 45. Stelah itu, berkatalah tuhan: “Jibril, ambilah busana yang indah-indah.” Lalu Malaikat Jibril sudah membawa pakaian yang ada di surge. Busana sudah disediakan, sebagai busana raja yang mulia 46. Kampuh kalawan rasukan, paningsêt kancingan adi, sarta kalawan makutha, pinatiking rêtna adi, tuhu lamun linuwih, kakasihira Hyang Agung, kang Nabi Adam, sinung wiwara Hyang Widhi, luwih uga wiwaraning Adam. 46. Kain dan pakaian, paningset Hyang bagus dan makutha, dihias serba emas yang indah. Sungguh kekasih Tuhan Yang Agung. Nabi adam diberi wiwara, yang melebihi wiwara Adam 47. Artinira kang wiwara, palawanganing dumadi, kang dhingin iku pangucap, pamiyarsa aningali saking ngandap kakalih, ing parji kalawan dubur, marga ngurat dèn 47. Makna wiwara itu adalah pintu jagad. Yang pertama ucapan, pendengaran, penglihatan. Di bawah farji dan dubur, karena aurat dan tempat keluarnya
Serat Tapel Adam Jilid 1 21
turas, anapun wêdaling budhi, saking wiyoseartatinira. kotoran yang dibersihkan. Adapun keluarnya budi dari keluarnya artati PUPUH 03 D A N D H A N G G U L A
PUPUH 03 DANDANGGULA 1. Saking utêk wêdaling kang budhi,iya iku wêdaling kang duka, wêdaling suka wiyose, paniya saking laku, ana ugi ingkang prihatin, mêdal saking wadana, ing sakathahipun, wiwara pitung prakara, panggaota dinadèkên Hyang Widhi, kang dunung panca ndriya. 1. Budi keluar lewat otak, yakni keluarnya sedih, munculnya suka dari laku. Ada juga prihatin yang muncul dari rauk muka sebagai jalan ketujuh perkara. Perbuatan dijadikan Tuhan, yang ada di panca indera. 2. Panggaotane karna kakalih, mapan ikuiya amiyarsa, ingurip pakumpulane, ana dene kang rawuh, sotya kalih iku ningali, miwah ta ingkang grana, panggaotanipun, pan mambu saliring ganda, ana dene kang rawuh ing lesan nênggih, sinêdhahan pangucap. 2. Perbuatan kedua telinga, yakni mendengar dalam hidup, adapun yang datang, kedua mata yang melihat. Adapun hidung perbuatannya mencium semua bau. Adapun yang datang di lisan, disuruh mengucapkan. 3. Iku wiwara kawan prakawis, kang kakalih wiwara ing ngandap, kang turas mêdalkên warih, têtoya sartanipun, kang satunggal wiwar ing inggil, ingkang mênga tan mênga, kaprênah ing ngêmbun, wus jangkêp patang prakara, ingaranan wiwara punika nênggih, babahan nawa sanga. 3. Itulah pintu empat perkara. Dua pintu bawah, jika kencing mengeluarkan air dan berak, yang satu pintu atas yang terbuka tak terbuka yang ada di ubun-ubun. Sudah genap empat perkara, pintu itu dinamakan babahan nawa sanga. 4. Pusêr jangkêp kawan prakawis, kang sasanga-sasangane tunggal, kang minangka têtaline, napas kang manjing mêtu, kang minangka talining urip, puji tanpa pêgatan, napas jatinipun, lah kaki pagurokna, ujar iku maring kang utamèng wangsit, kang wruh suruping pêjah. 4. Pusar genap empat perkara, kesembilannya itu menjadi satu sebagai tali nafas yang keluar, sebagai tali hidup, puji yang tak terpisahkan, sejatinya nafas. Nah, itu tanyakan pada guru yang faham akan wangsit utama, yang tahu pengetahuan tentang kematian. 5. Wus ingakên kalipah HyangWidhi, kang anama ika Bagindha Dam gumilang gilang cahyane, linungguhakên sampun, 5. Sudah diakui Khalifah oleh Tuhan, yang bernama Baginda Adam. Cahayanya terang benderang. Sudah
Serat Tapel Adam Jilid 1 22
papalangkan kêncana adhi, piturun saking suwarga, palinggihanipun, wiyar patang puluh asta, amêsagi pinatiking rêtna adi, intên maniking tyas toya. didudukkan di kursi emas yang indah dari surge. Lebar singgasananya empat puluh hasta, persegi dihias emas yang indah, intan manikam nan indah 6. Sinêlanan jimantên nêlahi, nila pakaja kumala mirah, bra murup singangsanane, sênênipun umancur, anêlahi ing pitung swargi, sampunipun mangkana, ngandika Hyang Agung, dhatêng para malaekat, lah sujuda sira ing kakasih mami, Adam kalipah ingHyang. 6. Diselangkan zamrud yang bersinar, nila pakaja kumala dan mirah, bersinar singgasananya, semarak memancar, memenuhi tujuh surga. Sesudah itu, Tuhan berkata kepada para Malaikat: “Sujudlah kamu semua kepada kekasihku Adam wakil Tuhan.Semua Malaikat sujud kepada kekasihku khalifah Tuhan. 7. Sakèh malaekat sujuda sami, mring kakasih ingsun Nabi Adam, yata pra malaekat kabèh, nulya sadaya sujud, mring bagindhaAdam linuwih, sakèhe pra malaekat, pra samya asujud, nanging ta ana malaekat, tan asujud ingkang anama Ijajil, tan milwa asujuda. 7. Sududlah semua Malaikat kepada kekasihku Nabi Adam.” Semua Malaikat bersujud kepada Baginda Adam. Namun ada Malaikat yang tak mau sujud, yakni yang bernama Ijajil. Dia tak mau sujud. 8. Tan lênggana ing Hyang Widhi, nora arsa mèlu sujuda, Ijajil sêrik manahe, langkung dènya takkabur, ujubriasa-jroning ngati, sampunipun mangkana, Ijajil winuwus, sinung lanate Pangeran, sang Ijajil nulya dinadèkên kapir, ingêlih aranira. 8. Patuh pada Tuhan, namun tak mau sujud. Ijajil sakit hati, sangat takabur, ujub dan riyak dalam hati. Sesudah itu, Ijajil dikutuk sebagai laknat Tuhan. Ijajil dijadikan kafir, digantilah namanya. 9. Sang Ijajiljujuluke nênggih, iblis lanat ingarane dening Hyang, dene sangêt lêngganane, lênggana ing Hyang Agung, iblis lanat pinasthi kapir, lan malih kawuwusa, kang sami asujud, ing mangke BagindhaAdam, sakathahe malaekat pitung langit, sami sujud sadaya. 9. Adapun julukannya oleh Tuhan disebut Iblis Laknat, karena bersikeras tidak mau, tidak patuh kepada Tuhan Yang Agung. Iblis laknat sudah pasti kafir. Kemudian diceritan, semua Malaikat yang bersujud kepada Adam sebanyak tujuh langit. 10. Satus taun laminipun nênggih, pra 10. Seratus tahun para malaikat sujud
Serat Tapel Adam Jilid 1 23
malaekat sujud mring Adam, punika ta sahênggone, malaekat sujudipun, dudu sujudèng pangabêkti, winastan sujudurmad, saumpaminipun, ing sujudèng para kadang, Nabi Yusup kurmate kang dèn wastani, risampunipun mangkana. kepada Adam. Sujud para Malaikat itu bukan sujud menyembah, dinamakan sujud hormat, seperti sujutnya para saudara Nabi Yusuf. Setelah itu, 11. Sampun jangkêp satus taun ugi, pra malaekat sujudèng Adam, tan nganggokna sapakone, wus jangkêp satus taun, sujudipun mangkana tangi, saking pasujudeka, mangkana andulu, sagunge para malaekat, satangine ningali Ijajil, nora milwu sujuda. 11. Sudah genap seratus tahun Para Malaikat sujud kepada Adam, tiada menggunakan perintah. Sudah genap seratus taun. Demikian mereka bangun dari persujudan, demikian melihat Ijajil tak ikut sujud, 12. Ya ta ingkang pra malaekat sami, nêbut iyagudubilaumina, para malaekat sujude, sukur dhatêngHyang Agung, sujudipun kang kaping kalih, kang dhihin maring Allah, kaping kalihipun, sukuring BagindhaAdam, malaekat aningali maring iblis, saya ajrih ing Allah. 12. Para Malaikat menyebut nangudzubillahi minna. Sujud para Malaikat kepada Tuhan Agung sujudnya yang kedua syukur kepada Baginda Adam. Malaikat melihat kepada Iblis, semakin takut kepada Allah. 13. Sasampunipun mangkana iblis, sinung lanating Tangala, ingowahakên rupane, kalintang awonipun, rupanira sira sang iblis, yata graita ika, ing sajdroning kalbu, baya wus pinasthi ing Hyang, angandika Pangeran Kang Maha Suci, dhatêng sang iblis lanat. 13. Setelah itu, Iblis dilaknat oleh Allah Ta’ala, diubah wujudnya, jelek sekali rupanya, dalam hatinya mengatakan, sudah menjadi takdir Tuhan. Berkatalah Tuhan kepada Sang Iblis laknat: 14. Lah ngapaha sira ta sang iblis, nora sujud marang Nabi Adam, sapa kang nyêgah dhèwèke, yata sang iblis matur, ya Pangran Kang Maha Suci, tanwontêne ingkang nyêgah, karane tan sujud, dhumatêngBagindhaAdam, dene Adam asale cêmêrduk nguni, dadine saking lêmah. 14. “Hai mengapa kamu Iblis tak mau sujud kepada Nabi Adam? Siapa yang melarang?” Iblis menjawab: “ Wahai Tuhan Yang Maha Suci, tak ada yang melarang. Aku tak mau sujud kepada Baginda Adam, karena Adam asalnya dahulu kotor, dijadikan dari tanah.
Serat Tapel Adam Jilid 1 24
15. Amba tuwan pandadèkên nguni, saking gêni amawa cahya, pan Adam cêmêr asale, yêktine luhur ulun, karan amba sujud tanapti, dhatêng ing Nabi Adam, ngandika Hyang Agung, lênggana ing karsaningwang, sira iblis ingsun dadèkakên kapir, dadi isining naraka. 15. Hamba dahulu Tuan jadikan dari api yang bercahaya, adapun Adam kotor asalnya, sejatinya tingga aku, karenanya hamba tak mau sujud kepada Adam. Berkatalah Tuhan Yang Agung: “ Karena engkau tak mematuhi perintah-Ku, engkau iblis Kujadikan kafir menjadi isi neraka. 16. Iblis matur ing Hyang Maha Suci, nanging amba anêdha ing tuwan, nora mati salawase, mbenjing ta amba lampus, sarêng rusak sakèh dumadi, sarêng umurèng ndunya, kaping kalihipun, kang ulun têdaking tuwan, wèni ngêna kawula punika benjing, ngajak maring naraka. 16. Iblis berkata kepada Tuhan Yang Maha Suci: “Namun hamba meminta kepada Tuhan, tidak mati selamanya, kematianku kelaj bersama rusaknya jagad, bersama umur dunia. Yang kedua, yang hamba pinta kepada Tuhan, biarkan aku mengajak ke neraka, 17. Anak putune Adam ing benjing, amba ajak kêlêming naraka, sami-sami ya ing têmbe, ingkang ngabêkti besuk, sun rêncana sun bêka benjing, ya Allah ngandika, lah iya kang purun, yèn ana kawula ningwang, sira godha rêncana nora gumingsir, sun cawisi suwarga. 17. Anak cucu Adam kelak, hamba ajak masuk neraka bersama-sama, yang taat kelak aku goda.” Allah berkata: “Ya silakan yang mau, jika ada hambaku yang tak mempan kau goda, Kusediakan surga.” 18. Langkung suka manahe sang iblis, dene olèh wênanging Pangeran, angrêncana ing lampahe, pakartine jinurung, nora kêna sira ing pati, risampunipun mangkana, Bagindh Dam sinung, busana saking suwarga,adi-hadi pinurun saking suwargi, tan kuwasa marnaha. 18. Sangat senang hati sang iblis mendapat wewenang Tuhan, menggoda kepada manusia. Tingkah lakunya dibiarkan, tiada terkena mati. Setelah itu, Baginda Adam diberi busana dari Surga yang serba indah. Sulit untuk diceritakan. 19. Suwarganipun langkung apêkik, wau ingkang nama Nabi Adam, gumilang gilang cahyane, anêlahi sumunu, kadi wulan purnama sidhi, ingayap malaekat, ingayun 19. Taman surganya sangat indah, yang bernama Nabi Adam amat gemerlap cahayanya bagaikan bulan purnama, dikerumuni para Malaikat, dituruti
Serat Tapel Adam Jilid 1 25
supênuh, anging ta BagindhaAdam, manah giris sêmana pan nora kari, ingayap malaekat. sekehendaknya. Namun Bagindha Adam, hatinya takut dikerumuni Malaikat. 20. Manahipun kalangkung kuwatir, angrasa mangya bagindhaAdam, dene ta dudu jinise, yata ing marmèng ulun, sinung tingal wau dumêling, aningali wanita, luwih saking ayu, sangkane inkang wanudya, miyos saking lambunge Adam kang kering ing iga wêkas neka. 20. Hatinya sangat khawatir. Dia merasa bukan bangsanya. Aku diberi penglihatan, dapat melihat wanita yang sangat cantik, Asal wanita itu keluar dari lambung kiri tulang rusuk Adam. 21. Kalane Nabi Adam alinggih, rêm-rêm turu ing sakêdhap netra, pawèstri iku wêdale, saking ing lambungipun, sakamantyan kang manah aring, anom sasamanira, kacaryan andulu, wau ta Bagindha Adam, aningali pawèstri ayu linuwih, winastan Babu Kawa. 21. Ketika Nabi Adam duduk, dan tidur sebentar, wanita itu keluar dari perutnya, seketika itu hatinya gundah, dasar sama-sama muda, sama-sama tertarik melihat. Baginda Adam melihat sosok wanita yang sangat cantik, yang bernama Babu Hawa. 22. Kagiwang manah rêmêning èstri, saya wuwuh birahi neka, arsa sinambut karsane, asta Adam tumêlung, arsa ngrangkul dhatêng pawèstri, yata para malaekat, angalangi têmbung, heh ta tuwan dèrèng nikah, la ta sampun tuwan anyêkêl tumuli, ngêntosi karsaning Hyang. 22. Hatinya tergoda senang kepada wanita, semakin bertambahlah birahinya, ingin melanjutka keinginannya. Tangan Adam mengarah kepada wanita tadi hendak merangkulnya. Para Malaikat menghalangi Adam. Para Malaikat menghalangi dengan perkataan: “Hai Tuwan Anda belum menikah, janganlah Tuan lalu memegangnya. Tunggu kehendak tuhan 23. Yata sampun karsaning Hyang Widhi, Babu Kawa tinrimakke Adam, para malaekat kinèn, aningkahakên wau, Jabrail lawan Mingkail, Israpil ningkahêna, AdamKawa iku, Ngijrail mangkana uga, walinipun Pangeran Kang Maha Suci, 23. Memamng sudah menjadi kehendak Tuhan, Babu Hawa diterimakan Adam. Malaikat Jibril, Mingkail, Israpil dan Ngijrail diperintahkan untuk menikahkanAdam dengan Kawa, walinya Tuhan yang Maha Suci. Setemah
Serat Tapel Adam Jilid 1 26
risampunipun ningkah. menikah 24. Langkung sihe Hyangdhatêng ing Nabi, Adam sartanipun Babu Kawa, lulus minangka somahe, nugrahaning Hyang Agung, Adam Kawa sinungan ing sih, pinanjingakên suwarga, lawan somahipun, sampuning minggah suwarga, Bagindha Dam kalawan wau kang rabi, ingkang anama Kawa. 24. Tuhan sanga menyayangi Nabi Adam dan Babu Kawa, lestari sebagai jodohnya. Akera anugerah Tuhan Yang Agung, Adam dan Kawa mendapatkan kasih sayang dan ditempatkan di surga. 25. Pangandikane kang Maha Suci, dhatênge kakasih neka Adam, tinurutan sakarsane, munggah suwarga luhur, lah tulusa amukti sari, sarta lan rabinira, tulus asih lulut, sira ning dalêm suwarga, tutugêna sakarsanira ning swargi, saking nugraha ningwang. 25. Kata yang Maha Suci kepada kekasihnya Adam: “dituruti sekehendaknya, naik surga yang tinggi, sejarteralah ia dengan istrinya, langgeng berkasih saying di surga, terpenuhi segala kebutuhannya atas rahmatKu. 26. Nanging pêpacuh ingsun sawiji, ingkang dhawuh marang sira Adam, sarta kalawan somahe, sira ning suwarga gung, aja mangan uwoing kuldi, poma aja nanêrak, ing laranganingsun, atanapi somahira, lamun sira mangana salah sawiji, yêkti kêna duraka. 26. Namun laranganKu hanya satu kepada Adam dan istrinya. Kamu di durga jangan memakan buah kuldi, jangan sekali-kali melanggar laranganKu. Demikian juga istrimu, jika salah satu dari engkau memakannya. Sungguhterkena murka. 27. Lamun sira mangan woing kuldi, yêkti sira nganihaya uga, maring awakira dhewe, wowohan kuldi iku, pan larangan iku binukti, poma-poma pacuhan, ngandika Hyang Agung, kang tan ana ing suwarga, kawruhana dènira kawan prakawis, tan kêna wong wuwuda. 27. Jika kamu memakan buah kuldi, sungguh engkau menganiaya dirimu sendiri. Buah kuldi itu larangan Jika dimakan. Peringatan larangan yang dikatakan Tuhan Yang Agung, yang tak diperbolehkan di surge ada empat perkara. Tak boleh telanjang 28. Kaping kalih tan ana wong nangis, ping tiga wong luwe tan kêna, miwah ta kang kaping pate, wong katelaking banyu, nora nana kang dipun iling, pun iblis satrunira, 28. Kedua, tak ada orang menangis, tak ada orang lapar, dan yang keempat, tiada orang yang haus, tiada yang diingat oleh iblis musuhmu, perhatihan pesanKu.”
Serat Tapel Adam Jilid 1 27
poma wêkas ingsun, risampunipun mangkana Bagendha Dam, aning suwarga sarimbit, nugrahaning Pangeran. Setelah itu Baginda Adam di surga berdua atas anugerah Tuhan. 29. Kalangkung karasanipun kêkalih, Bagindha Dam ning dalêm suwarga, angrakêt lawan somahe, malaekat mangkya rawuh, atêtanya mring Adam aris, heh Adam sun atanya, mring sira satuhu, asih marang garwa tuwan, ana urip Nabi dam wacana manis, kalangkung asih amba. 29. Di dalam surge, keduanyaBaginda Adam dengan istrinya semakin dekat. Datanglah Malaikat dan bertanya kepada Adam dengan lembut: “Hai Adam, aku bertanya kepadamu dengan sesungguhnya, apa dalam hidup tuan sangat mencintainya? Nabi Adam menjawab: “Aku semakin cinta 30. Kalangkung sih ingsun mring rabi, malaekat ika atêtanya, Babu Kawa kang tinakèn, apa asih ing kakung, Babu Kawa saure manis, pan nora asih ingwang, dhumatênging kakung, batine asih ing priya, lahiripun pangucape nora asih, batin asih ing priya. 30. Makin cinta kepada istriku. Malaikat bertanya kepada Babu Kawa, apakah cinta kepada suaminya. “Saya tidak cinta pada suami, dalam hati cinta, tetapi mengatakan tidak, batinnya mencintai sang suami. 31. Nabi Adam langkung mukti sari, sarta lawan rabinipun Kawa, amung ketang pawêlinge, Pangeran ingkang Agung, Nabi Adam ngucap ing ati, pun iblis satruningwang, saupamanipun, kaya apa iblis lanat, mareneya lawang suwarga kinunci, tinunggu ing saksana. 31. Nabi adam semakin muyla dengan istrinya, Kawa. Hanya saja ada pesan Tuhan Yang Agung, Nabi Adam berkata dalam hati: “Iblis musuhku, seumpama seperti apa iblis laknat itu, ke marilah, pintu surge terkunci, selalu dijaga. 32. Kacarita asih laki rabi, Bagindha Dam lawan Babu Kawa, datan ana sasamine, kakasihe Hyang Agung, kang sinungan nugraha luwih, mangkana cinarita, ing wirayatipun, wong ana jroning suwarga, sakalire yêkti abeda anênggih, lawan kamuktèn ndunya. 32. Diceritakan percintaan suami istri, baginda Adam dan Babu Kawa, tiada yang menyamai, sebagai kekasih Yang Agung yang dikarunia kelebihan. Demikian kisahnya di dalam surga, semua tiada beda dengan kenikmatan dunia. 33. Sakathahe kanikmatan ugi, yata didum 33. Semua kenikmatan, jika dibagi seribu
Serat Tapel Adam Jilid 1 28
dadi sèwu duman, kang sangatus sangane, aning suwarga luhur, kang sak duman nikmatèng ugi, tinurunkên ning ndunya miwah warninipun, kang sangangatus sanga, wong suwarga kang sadu maniku malih, dadi warnaning dunya. bagian, yang Sembilan ratus Sembilan nya di surga, yang satu bagian nikmat diberikan di dunia dengan segalanya, yang Sembilan ratus Sembilan orang di surga yang mendapatkannya lagi sebagai segala yang di dunia. 34. Nora nana wong nguyuh angising, ning suwarga minangka titinja, sarira mêdal kringête, gandanipun mrik arum, upamane kêraton aji, ing Bagindha Sulaeman, angrèh jagad iku, nisthaning wong ning suwarga, sakarsane sinêmbadan ing Hyang Widhi, ingayap surèng nggana. 34. Di surga tiada orang yang kencing dan berak. Badan yang keluar keringatnya baunya harum. Bagaikan kerajaan baginda Sulaiman yang tersuhor di dunia, itu serendah-rendahnya orang di surga. Segala keinginannya diperkenankan Tuhan, dan dikelilingi bidadari. 35. Kawarnaa wau ta sang iblis, aning ndunya sira amiyarsa, Adam ning suwarga wartane, ngunggahakên suwarga gung, awibawa Adam sarimbit, aning ing dalêm suwarga, sang iblis karsa yun, arsa munggah ing suwarga, karsanira sang iblis anggodha ugi, dhatêng Bagindha Adam. 35. Diceritakanlah sang iblis, di dunia dia mendengar berita mengenai Adam di surga, dinaikkan surge yang besar. Adam berdua dengan istrinya mulya. Iblis hendak naik ke surge. Sang iblis ingin menggoda Baginda Adam. 36. Sinung panguwasa de Hyang Widhi, iblis lanat apan kinuwasan, ing kinabêkti tapane, sakarsane jinurung, minda-minda amalih warna, anggoda angrêncana, ing pakartinipun, iblis sinung panguwasa, kêdèp netra munggah dhatêng pitung langit, risampunipun mangkana. 36. Diberikan kekuasaan oleh Tuhan si Iblis laknat, semua keinginannya dituruti, dapat berganti-ganti rupa, pekerjaannya selalu menggoda. Ia diberikan kekuasaan dengan hanya sekejap mata dapat naik ke langit ke tujuh. Setelah itu 37. Yata sang iblis minulya dhatêngi, sajawining lawang suwarga ngidêri têpung gêlange, kèwêtan manahipun, dene kori suwarga kinunci, tan kuwasa manjinga, apikiring kalbu, êndi dalaningsun baya, 37. Sang iblis mendatangi pintu surge dengan mengitari sampai penuh. Dalam hatinya kesulitan, karena pintu surga dikunci, seingga tak dapat masuk. Gumamnya, mana jalan untuk masuk.
Serat Tapel Adam Jilid 1 29
gèningsun manjing kalangkung buthêk kang ati, akarya kira kira, Sangat kalut hatinya, ia hanya mengira-ira. 38. Kawarnaa kang têngga kori, paksi mêrak têngga lawang sapta, ngancik luhuring kori, sami marêp ing njaba, sang naga andulu, sang iblis mara ing mêrak, kang ing lawang aning suwarga ingkang jawi, ngancik gapura astha, 38. Dikisahkan, yang menunggu pintu surge burung merak, menunggu tujuh pintu, inggap di atas pintu. Semua menghadap ke luar. Sang naga melihat bahwa sang iblis menghadap ke merak, yang di pintu surgea bagian luar, ada di gapura ke delapan. 39. Yata sang iblis amalih warni, pan jinurung sakarsanira, wus manjinging ngajur ajèr, arupa ulêr taun, risaksana anggarêmêti, aning ngarsaning mêrak, mangkana kadulu, mêrak wruh ing mangsanira, pan kagiwang kêna rêncanane iblis, pan sampun karsaning Hyang. 39. Demikian sang iblis telah bersalin rupa, semua keinginannya dituruti, sudah berubah menjadi ulat tahun. Segeralah ia menuju hadapan merak. Begitu merak melihat mangsanya, tergodalah oleh iblis. Sudah menjadi takdir Tuhan, 40. Saking panguwasaning sang iblis, yata mêrak kapencuting manah, ningali ing mamangsane, ulêr taun cinucuk, ingkang mêrak inguntal aglis, mananjinging guwa garba, tan antara dangu, pan iblis pan arsa mêdal, pangrasane sang mêrak arsa angising risaksana tatinja, 40. Dari kepandaian iblis itu, si Merak tergiur hatinya, setelah melihat mangsanya. Ulaty taun dipatuk dan ditelan segera, ular ada di dalam perut merak. Tak seberapa lama, iblis ingin keluar. Merak merasa akan mengeluarkan kotoran, 41. Yata iblis mêdal saking silit, dyan tumiba sajroning suwarga prapting kori kapindone, naga kang atunggu, yata ngancik luhure kori, sang iblis tan katingal, sang naga dinamu, sinilir pinrih angoba, yata naga dinamu netrane aris, angop sang naga mênga. 41. Keluarlah iblis melalui dubur merak. Ulat tahun sampai di dalam surga di pintu yang kedua. Naga yang menunggu merayap di atas pintu, iblis tak kelihatan. Sang ular ditiup matanya dengan pelan menguaplah sang ular. 42. Apan aglis pinanjingan nuli, pan sang naga pangrasanira, dadya yun ngising dubure, yata sang iblis mêtu, nulya tiba 42. Segeralah di tempatinya, Sang naga merasa bahwa duburnya ingin mengeluarkan kotoran. Keluarlah iblis
Serat Tapel Adam Jilid 1 30
sajroning suwargi, wus warna malaekat, sang iblis jinurung, dening Hyang Kang Maha Mulya, sampun prapta ing suwargi iblis nangis, sambate amlas arsa. ingga jatuh di surge, berubah rupa menjadi malaikat. Sang iblis dituruti kemaunnya oleh Tuhan Yang Maha Mulia. Setelah sampai di surge, iblis menangis minta belas kasihan. 43. Kaget sakathahe widadari, katêmbeyan myarsa wong karuna, tinonton iblis tangise, Babu Kawa tumurun, amarani marang kang nangis, kang rupa malaekat, mangkana amuwus, ni Babu Kawa têtanya, lah pagene malaekat sira nangis, sauripun kang mular, 43. Terkejutlah semua bidadari, Buru saja mendengar orang meratap. Dilihatlah iblis yang sedang menangis. Babu Kawa turun menghampiri yang sedang menangis yang berujud malaikat itu. Babu Kawa bertanya: “Mengapa engkau menangis malaikat?” Jawab yang ditanya: 44. Karan amba punika anangis, saking wêlas ningali mring tuwan, ni Babu Kawa têtakèn, lah apa ta karanipun, sira wêlas maring mami, matur kang tinakenan, wruha tuwan besuk, tan langgêng aning suwarga, tinurunkên tuwan nêng ndunya benjing, kalawan somah tuwan. 44. “Sebab saya menangis, kasihat melihat pada tuan. Babu Kawa bertanya.” Apa sebabnya engkau kasihan padaku?” Yang ditanya menjawab: “Ketahuilah Tuan, kelak Tuan akan diturunkan ke dunia bersama istri Tuan. 45. Lamun tuwan arsa langgêng ugi, aning suwarga dahara tuwan, wowohan kuldi sarate, pan agêng sawabipun, ping kalihipun tan kêna pati, malih tan kêna tuwa, iku sawabipun, ni Babu Kawa angucap, di rupane wowohan kang nama kuldi, matur kang tinakonan. 45. Jika Tuan ingin langgeng di surga, saratnya makanlah buah kuldi, maka besar sawabnya. Yang kedua Tuan tak akan mati serta tak akan tua. Babu Kawa menyahut: “Mana wujud buah kuldi itu?” Iblis menjawab: 46. Ingkang nama wowohaning kuldi, lamun tuwan punika tan wikan, mangke amba tuduhake, ing prênah woing kayu, papêthetan kang nama kuldi, kalangkung sri kawuryan, Babu Kawa muwus, paniya ikuawisan, sakalangkung pêpacuhipun 46. “Jika Tuan tak tahu buah kuldi, nanti saya tunjukkan. Tempatnya di pohon taman buah kuldi itu, terlihat indah. Babu Kawa berkata: “Itu kan larangan Tuhan yang berat, yang diperintahkan kepadaku
Serat Tapel Adam Jilid 1 31
Hyang Widhi, kang dhuwawuh ing amba. 47. Luwih sangêt pêpacuh Hyang Widhi, kang dumawuh mring BagindhaAdam, pan puniku awisan gêde, andikane Hyang Agung, aja mangan wowohan kuldi, amangan yèn kênaha, tan sinungan wêruh, amariki tan sinungan, woing kuldi siningkir ira Hyang Widhi, sangêt pêpacuingHyang. 47. Terlebih lagi larangan Tuhan untuk Baginda Adam, itu larangan besar. Kata Tuhan, jangan memakan buah kuldi. Apalagi makan, ditunjukkan wujudnya pun tidak. Karena tak tahu, maka dijauhkan oleh Tuhan buah kuldi itu. Sangat menjadi larangan Tuhan. 48. Ya ta luwês pangucape iblis, aturipun dhatêng Babu Kawa, amba punika wiyose, ingutus lakuningsun, dening Allah Kang Maha Suci, kinèn amartakna, ing tuwan puniku, tuwan kinèn adhahara, woing kuldi pêpêthetan ing suwargi, sarta Bagindha Adam. 48. Sungguh lewes perkataan iblis kepada babu Kawa. “Hamba ini diutus oleh Allah Yang Suci, disuruh mengabarkan kepada Tuan. Tuan disuruh makan buah kuldi di taman surge beserta Baginda Adam. 49. Lamun tuwan tan adhahara kuldi, glis ltinurunakên saking suwarga, manggih dudukan têmahe, ing Pangeran Kang Agung, Babu Kawa aglis nauri, èstu tuwan punika, yata iblis matur, inggih amba asupata, yèn linanyaka pangucap amba puniki, mugi amba kênaha. 49. Jika tuan tak makan kuldi. Segera diturunkan dari surge, mendapat murka Tuhan Yang Agung akhirnya. Babu Khawa segera menjawab: “Benar kata Tuan?” Iblis berkata: “Ya hamba bersumpah. Jika perkataan hamba kurang ajar, semoga hamba kena 50. Bêbênduning Hyang Kang Maha Suci, mugi amba sampun jamak-jamak, lawan malaekat kabèh, yata ingandêl wau, supatane sira sang èblis, dènira Babu Kawa, dyaning ngantêr sampun, prênahe kang ingawisan, ing Pangeran wau kang anama kuldi, pêpêthetaning suwarga. 50. Kutukan Tuhan Yang Maha Suci. Semoga hamba jangan terlalu dengan malaikat semua. Demikian sumpah sang iblis, dan dipercaya. Babu Kawa sudah diantar ke tempat yang dilarang Tuhan yang bernama kuldi sebagai tanaman surga. 51. Cinarita pêpêthetane adi, warnanipun dalima punika, gêngipun mangke uwohe, awiyar godhongipun, risampuning mangkana nuli, rawuh ni Babu Kawa, ing 51. Diceritakan pertamanan nan indah, wujud buah delima itu sebesar, lebar daunnya. Setelah itu kemudian datanglah Babu Kawa di tempat kayu berada.
Serat Tapel Adam Jilid 1 32
prênaing kayu, sadêdêg inggiling wrêksa, pan kasundul sirahe Kawa woh kuldi, warnanipun kawuryan. Setinggi badan tingginya, ingga menyudul kepala Hawa buah kuldi itu, wujudnya sangat menyènangkan. 52. Langkung rahap kang manah ningali, Babu Kawa kapencut samana, amulat kuldi uwohe, risaksana anggayuh, woing kuldi angsal kakalih, kang satunggal dinahar, kang satunggal kantun, mangkana ta cinarita, pandhahare Kawa maring woing kuldi, lêstari manjing garba. 52. Semakin betah dalam hatinya melihatnya, babu Kawa akhirnya terpedaya ketika itu, setelah melihat buah kuldi. Segeralah dipethik buah kuldi itu dua buah. Yang satu dimakan, yang satunya lagi ditinggal. Demikianlah diceritakan ketika hawa memakan buah kuldi ingga buah itu sampai ke dalam perut. 53. Kanikmaten niba tan eling, Babu Kawa kalane sêmana, supe marang Pangerane, supe ing somahipun, kanikmatèn wawohane kuldi, supe ing jiwa raga, liwungetan tutur, yata karane mangkana, wong asalat adan ngamati tabir, siram adus jinabat. 53. Merasa sangat nikmat ingga jatuh tak sadarkan diri, lupa kepada Tuhan, lupa pada suaminya. Terlalu nikmat buah kuldi itu, ingga lupa jiwa raganya. Maboknya tak dapat diceritakan. Oleh karena itulah orang salat, adzan , qamat dan takbir, harus mandi janabat. 54. Karantêne tan adarbe galih, Babu Kawa kala dhaharika, tan garantês panglêlêde, anglês dènira ngulu, kala dhahar ing woing kuldi, tan rumangsa larangan, ing lêstari ingulu, kêdadehane wanudya, sabên tanggal amiyosakên gêtih, iku asale kuna. 54. Oleh karena tak berfikir, ketika Babu Kawa makan buah kuldi, ia tak merasa susah, bahkan tak merasa kalau itu larangan, maka ditelan saja. Karenanya setiap tanggal tertentu mengeluarkan darah. Itulah musababnya dahulu. 55. Miwah duduh susune pawèstri, saking Kawa kuldi kang dhinahar, lawan malih caritane, wong ngambil toya wulu, mila pêrlu sirah sinuci, kalane Babu Kawa, kang sirah anyundul, ing wohèng kuldi punika, lan malihe asta kalih winisuhi, dene asta kang ngalap. 55. Dan air susu perempuan juga dari buah kuldi yang dimakan. Diceritakan pula bahwa orang mengambil air wudhu, kepalanya harus disucikan, karena Babu Kawa menyundul buah kuldi, adapun kedua tanganharus dibasuh, karena tanganlah yang mengambil, 56. Kalane gayuh ing woh kuldi, mila suku 56. Ketika itu memetik buah kuldi.
Serat Tapel Adam Jilid 1 33
kang winisuhan, lumaku marani nggone, mila wêdananipun, winisuhan sumuk rarahi, nikmate kuldi ika, saya gya raraup,iya saking Babu Kawa, panggaota kalane andahar kuldi, sarira nandang dosa. Ketika wudhu kaki dibasuh, karena kakilah yang menuju tempat buah kuldi. Kemudian muka dibasuh semua, karena kenikmatan kuldi itu, seingga Babu Kawa merasa telah berbuat dosa. 57. Kawarna pan sampun kalilir, Babu Kawa ingkang kantaka, pupungun lênglêng ndriyane, yata nulya sinêbut, woing kuldi ingkang sawiji, karine kang dèn dahar, wau karsanipun, marêka BagindhaAdam, ponang iblis lanat musna kaèksi, warnanên Babu Kawa. 57. Diceritakan ketika Babu Kawa sudah siuman, hatinya linglung. Itulah yang disebut buah kuldi yang satu, sisanya yang dimakan akan diberikan kepada Baginda adam, si iblis laknat sudah hilang dari penglihatan. Diceritakan Babu Kawa 58. Sarwi ambêkta woing kuldi, arsa marêk BagindhaAdam, Sarawuh Kawa tatakèn, he heh Kawa apa iku, ingkang sira sungakên mami, dene adi kawuryan, ing suwarnanipun, umatur ni Babu Kawa, inggih punika kang nama wowohan kuldi, Nabi Adam ngandika. 58. Dengan membawa buah kuldi hendak mendekat kepada Baginda Adam. Setibanya di sana, Adam bertanya: “Apa itu yang kau berikan padaku? Kelihatan sangat indah.” Menjawablah Babu Kawa: “Ya, iki buah kuldi.” Nabi Adam berkata: 59. Babu sira dèn wani wani, mapan iku larangane Suksma, dene sangêt pamacuhe, mapan sira wus ngrungu, yèn ta woh-wohan nama kuldi, pêthêtan ingawisan, Babu Kawa matur, nggih mangkya kawula pajar, dhatêng tuwan amba tamuan gusti, utusaning Pangeran. 59. “Dinda, mengapa kau sampai berani, ita kan larangan Tuhan? Itu larangan keras, dan kamu sudah mendengar jika buah kuldi itu tanaman larangan.” Babu Kawa menjawab: “Ya, nanti kujelaskan. Saya kedatangan tamu utusan Tuhan. 60. Malaekat kakasiing Widhi, kang dinuta nuruni maringwang, sarta tuwan wau kinèn, dening Hyang Maha luhur, tuwan kinèn dhahra kuldi, sartane lawan amba, yèn tuwan tan purun, dhahara kuldi punika, pan dinukan tuwan dènipun Hyang Widhi, tinundung saking suwarga. 60. Malaikat kekasih Tuhan yang diutus mendatangiku, dan utusan tadi disuruh oleh Yang Maha Luhur, Tuan disuruh makan buah kuldi bersamaku. Jika Tuan tidak mau makan buah kuldi ini, akan mendapat murka dari Tuhan, disuruh meninggalkan surga.
Serat Tapel Adam Jilid 1 34
61. Nabi Adam angandika malih, apa têmên kaya ujarira, ni Babu Kawa ature, kathah supatanipun, kang malaekat dhatênging kami, supomine linanyak, ingukum Hyang Agung, mugi-mugi lah kênaha, dukaning Hyang lan mugi antuka malih, babênduning Pangeran. 61. Nabi Adam berkata lagi: “Benar katamu?” Babu Kawa menjawab: “Banyak sumpah serapah malaikat kepadaku. Seumpama tidak menuruti, akan dihukum Yang Agung, semoga mendapat murka dan kutukan Tuhan. 62. Yata Bagindha Adam wus kintir, dening ature wau kang garwa, mokal linayoka ature, ni Kawa nulya matur, dhatêng tuwan dhaharên iki, kalangkung dening nikmat, kuldi raosipun, tan wontên sasaminira, kang wowohan saleretan kadi kuldi, dawêk satunggal sowang. 62. Baginda Adam sudah terpikat oleh perkataan istrinya, mustahil jika bohong . Kawa kemudian berkata: “Tuan, makanlah ini, rasanya sangat nikmat tiada tara, seperti buah kuldi ini, hanya ada satu. 63. Kang satunggal sampun amba bukti, sakalangkung wau nikmat neka, lan malih agêng sawabe, utusane Hyang Agung, kang apajar amituturi, dhihin tan kêna tuwa, kaping kalihipun, punika tan kêna pêjah, kang ping tiga langgêng tan owah ing suwargi, sing sapa amangana. 63. Yang satu sudah kumakan, rasanya sangat nikmat, lagi pula besar berkahnya. Utusan Yang Agung menjelaskan, barang siapa yang memakan buah kuldi, pertama tak akan tua, kedua tak akan mati, ketiga langgeng di surga.” 64. Ya ta sampun takdiring Hyang Widhi, sanalika gêtêr manah neka, amiyarsa ing wartane, Adam mangan pisan, ing woh wohan kang nama kuldi, saksana dipun dahar, kuldi praptèng kulkhum, mangkêl aning gêgorokan, pramilane priya darbe kala mênjing, iku purwa ning kina. 64. Memang sudah menjadi takdir Tuhan, seketika itu tergetarlah hatinya mendengar kabar itu. Adam juga makan buah kuldi itu. Kuldi sampai di kulkhum, terhenti di tenggorokan. Karena itu orang pria punya jakun, itulah awal-mulanya. 65. Tatkalanipun adhahar kuldi, mandhêg mangu rumangsa larangan, kentir dhumatêng rabine, risaksana ingulu, langkung nikmat raosipun kuldi, sira BagindhaAdam, supe ing Hyang Agung, 65. Ketika makan buah kuldi, merasa ragu karena larangan, terpedaya oleh istrinya, lalu segera ditelan. Kuldi itu terasa sangat nikmat. Nabi Adam lupa kepada Yang Agung. Ingga merasa
Serat Tapel Adam Jilid 1 35
kenikmatèn gènira amangan kuldi, rêmpu tanpa jasuka, terlalu nikmat dia makan kuldi. Dia terasa tak berdaya. 66. Risaksana Nabi Adam nglilir, ngrasa kênaing beka rêncana, merang dhatêng Pangerane, Bagindha Adam ngungun, risampuning wau ambukti, ing woing kuldi ika, anênggih winuwus, binêndon dera Hyang Suksma, Nabi Adam panganggone dèn racuti, makutha busanelang. 66. Nabi Adam segera bangun, merasa terkena godaan, malu kepada Tuhannya. Baginda Adam heran, setelah makan buah kuldi tadi. Lalu diceritakan, Nabi adam mendapat murka Tuhan. Dilepaslah dan hilanglah busananya. 67. Kampuhipun sartane kulambi, musna ilang miwah Babu Kawa, pinjung lan kêsêmêkane, sartalunga amuwus, Adam Kawa kêna bilahi, lênggana ing Pangeran, duraka Hyang Agung, Adam Kawa kudan dangan, duk samana apati susup susupi, kalih sami sawuda, 67. Kain dan bajunya hilang musna. Babu Kawa juga kehilangan pinujung dan kasemekan, sambil perg. Adam dan Kawa celaka karena tidak taat pada Tuhan, menentang Tuhan. Adam dan Kawa gugup dan sangat takut. Keduanya telanjang. 68. Adam Kawa karsani angambil, gêgodhongan karsanira kinarya, tinutupakên ngurate, yata sakèing kayu, mapan sangêt lênggana sami, kayu ika angucap, godhongan amuwus, karane ingsung lêngana, tuwan ambil amba ajrih ing Hyang Widhi, dukane wiwingkingan. 68. Adam dan Kawa hendak mengambil dedaunan untuk menutup aurat. Semua kayu tak menyanggupi. Kayu dan dedaunan berkata: “Aku tak mau diambil tuan, aku takut pada Tuhan di kelak kemudian hari.” PUPUH 04 P A N G K U R PUPUH 04 P A N G K U R 1. Panêdhane kang anurat, ing Hyang Suksma têtêgna imanèki, ing ndunya ngakerat rawuh, mugi dipun dohêna, dèn Hyang Suksma sriking maring Hyang Agung, dohêna wujud lalinya, bidangah munapèk mukir. 1. Permintaan yang menulis serat ini, imanmu kepada Tuhan kuatkanlah. Di dunia sampai akhirat. Kesyirikan kepada Tuhan jauhilah. Jauhi pula, bid’ah, munafik dan ingkar. 2. Ing sakêing ingkang maca, kang myarsa dèn agung ngapura nèki, dhumatêng ingkang 2. Segenap yang membaca dan mendengar, berikan maaf yang besar
Serat Tapel Adam Jilid 1 36
anurun, karana ingkang nyêrat, datan wikan tanduk ukara myang têmbung, lênggana langkungan nika, kiranga samya muwuhi. kepada yang menurun serat ini. Karena kurang pengetahuan penulis dalam hal kalimat, tidak sesuai aturan lebih atau kurangnya, seyogyanya para pembaca menambahi. 3. Sami nangis asêsambat, Nabi Adam ni Babu Kawa nangis, lênggana sakèing kayu godhonge ingalapa, karsanira tinutupkên nguratipun, sakèing kayu angucap, hèh Adam kêna bilahi. 3. Nabi Adam dan Kawa menangis meminta belas kasihan. Semua pohon dan dedaunan tak mau diambil untuk menutup aurat Adam dan Kawa. “Hai Adam dan Kawa celakalah kau!” 4. Milane amba lênggana, dera ngalap godhong amba puniki, amba ajrih ing Hyang Agung, dene tuwan kadukan, de Hyang Suksma satêmahipun ing besuk, yèn tuwa amba alapa, kabêndon dening Hyang Widhi. 4. Sebab aku tak mau kau ambil, aku takut Tuhan Yang Agung, yang akhirnya tuan mendapat marah dari Tuhan kelak, mendapat laknat Tuhan. 5. Wontên kayu satunggal, wimastan punika kayu ajir, punika ingkang anguwuh, dhatêng Bagindha Adam, kayu ajir kalangkung awêlasipun, mangkana kayu angucap, lah ambilên godhong mami. 5. Ada sebuah kayu disebut pohon ajir, ia yang menyapa Baginda Adam. Pohon ajir sangat merasa kasihan kepada Baginda Adam. Demikian ucapnya.: “Ambillah daunku, 6. Tutupna ingurat tuwan, dyan pinêthik godhonge kayu ajir, tumuli kinarya tutup, nguratipun sadaya, saluhuring pusêr sak ngandaping jêngkul, ni Babu Kawa sêmana, Adam Kawa kawêlas asih. 6. Tutupkan pada aurat Tuan. Maka dipetiklah daun pohon ajir digunakan sebagai tutup semua aurat dari atas pusar ingga bawah lutut. demikian pula Babu Kawa. Adam dan kawa sungguh memelas 7. Tambuh tingkah polah nika, Nabi Adam ni Babu Kawa nangis, sakêggènipun tinundhung, datan purun kanggenan, nanging ana ingkang nama kayu garu, inguwuh ing Adam Kawa tuwan ngauba ing mami, 7. Tingkah polahnya tiada dipedulikan, Nabi Adam dan Kawa menangis, beserta tempatnya diusir, tiada mau ditempati. Akan tetapi yang bernama pohon garu menyapa kepada Adam dan Kawa: “Tuan berteduhlah padaku.” 8. Sang kayu garu kadukan, dening Allah Tangala de samangkin, kayu garu nora 8. Pohon garu mendapat murka Allah Ta’ala, ingga kemudian pohon garu tak
Serat Tapel Adam Jilid 1 37
awuh, iku purwaning kina, kudandangan Adam tambuh polahipun, kalawan ni Babu Kawa, alara dènira nangis. berbuah, itulah asal-muasalnya. Takut dan tergopoh-gopoh tak dihiraukan segala gerak-gerik Adam dan Kawa, tangisnya semakin menyayat hati. 9. Risampunipun mangkana, mapan sarêng dinukan ing Hyang Widhi, lawan ingkang têngga pintu, mêrak kalawan ula, sarta iblis sarêng kadukan Hyang Agung, Allah Tangala ngandika, ing malaikat Jabrail. 9. Setelah itu, memang sudah mendapat murka Tuhan, demikian pula yang menjaga pintu, merak dan ular, serta iblis semua mendapat marah dari Yang Agung. Allah Ta’ala berkata kepada malaikat Jibril: 10. Tundhunga saking suwarga, Adam Kawa mêrak kalawan iblis, sarêng dinukan Hyang Agung, tinundhung saking suwarga, tinurunkên kala tanggal kaping têlu, sira Adam lawan Kawa, kêbêndon maring Hyang Widhi. 10. “Usirlah dari surga Adam, Kawa, merak dan iblis.” Semua dkmurkai Yang Agung, diusir dari surga, diturunkan saat tanggal ketiga. Dia Adam dan Kawa dihukum oleh Tuhan. 11. Tinurunakên wawuda, Adam Kawa kalangkung kawêlas asih, tinutur caritanipun, tiba ing gunung Selan, Nabi Adam pisah lawan garwanipun, Adam tibaning gunung selan, sambate awor lan tangis, 11. Diturunkan denga telanjang, adam dan Kawa sangat memelas. Diceritakan, sesampainya di gunung Selan, Nai Adam berpisah dengan istrinya. Adam tiba di gunung Selan. Keluh kesahnya bercampur dengan tangisan. 12. Ngucap rabana lalamna, tangisipun marang Hyang Maha Suci, patobatipun kalangkung, wontên ing gunung selan, ya Pangeran luwih pêtêng langkung langkung, dhatêng ingsun dawah, sun kaniaya pribadi. 12. Berucap “Rabbana dhalamna.” Tangisannya kepada Yang Maha Suci, bertobat denga sungguh=sungguh di gunung Selan. “ Ya Tuhan, sangatlah gelap, hamba menganiaya diri hamba sendiri 13. Pahilamta rapirlana, laku nana minal kasiherin, têgêse lapal puniku, yèn tuwan tan ngapura, ing kawula yèn tan angsung rahmat mringsun, yêktine awak kawula, saking tuna akal mami, 13. Fai lam taghfirlana lana kunanna minal khasirin.” Makna lafal itu: “ Jika Engkau tak mengampuniku serta tak member rahmat pada hamba, sungguh hamba sangat merugi.”
Serat Tapel Adam Jilid 1 38
14. Datan wikan dalu siang, Nabi Adam aning gunung Selani, rakaosing polahipun, Pangeran ngapuraa, Nabi Adam satya mêdal waspanipun, waspa tibaning gunung Selan, dadi sosotya karikil. 14. Tak diketahui siang malam Nabi Adam di gunung Selani. Keadaannya menderita, tuhan member ampunan. Nabi adam keluar air matanya ingga jatuh di gunung Selan menjadi kerikil 15. Mangkana ni Babu Kawa, tinibakên ning gunung Siyêm nangis, iblis lanat tibanipun, ing kêling luhuring arga, ana dene pêksi mêrak tibanipun, wau tiba bumi bustam, ulaning bumi sranèki. 15. Adapun Babu Kawa, dengan menangis sampai di gunung Siyem. Iblis laknat di puncak gunung Keling. Adapun merak sampai di tanah Bustam, ular di tanah Srani. 16. Nabi Adam kawuwusa, gêlan siang ratri anangis, nutuing saliranipun, duraka ing Pangeran, ping kalihe Nabi Adam tangisipun, pisah lawan garwaneka, sakalangkung angrêdatin. 16. Dikisahkan, Nabi Adam bersedih hati siang dan malam, menyalahkan diri sendiri, merasa mendurhakai Tuhan. Yang kedua, Nabi Adam berpisah dengan istrinya, semakin bersedihlah ia. 17. Tumênga-tênga ing tawang, duk tumênga ningali ing langit, nggène tumênga sêtaun, milanipun tumênga, kalangkung anutuh saliranipun, kadudon wus kalampahan, ngaraling kawula lali. 17. Nabi Adam selalu menengadah sambil melihat langit, lamanya ingga setahun. Sebab ia menengadah, karena mengakui dirinya yang telah melakukan kesalahan, sebagai cobaan hamba yang lupa. 18. Wontên tapsir kang riwayat, saking Nabi Mukamat kang linuwih, ngandika Bagindha Rasul, sakabat wruhanira, Nabi Adam, ing têmbe kêtêmu iku, kalawan Bagindha Musa, ngalam arwah nggènya panggih, 18. Ada suatu riwayat dalam tafsir, dari Nabi Muhammad yang terpilih. Baginda Rasul berkata: “Ketahuilah sahabat, Nabi Adam kelak bertemu dengan Baginda Musa di alam arwah. 19. Abantah Bagindha Adam, lan Bagindha Musa kalammolahi, mangkana ing wuwusipun, Musa ing Nabi Adam, Bapa Adam kalangkung siingHyang Agung, datan wontên kadi tuwan, kinasihan ing Hyang Widhi. 19. Baginda Adam berbantah denga Baginda Musa Kalamullah. Demikian kata Nabi Musa kepada Nabi Adam. Ayahanda Adam, sangat dicintai Tuhan engkau tiada bandingan seperti engkau tuan, dicintai Tuhan. 20. Pan ginunggung-gunggung tuwan, 20. Sangat disanjung-sanjung Tuan,
Serat Tapel Adam Jilid 1 39
jinulukên pitratolah linuwih, lan malih tuwan jinunjung, dening Allah Tangala, pinanjingkên ing suwarga kang luwih luhur, sarta lawan somah tuwan, kinèn muktya sarimbit. diberi sebutan Fitratullah. Lagi pula Tuan diangkat oleh Allah Ta’aladitempatkan di surga yang lebih tinggi beserta istri Tuan berdua, mulya dan sejahtera. 21. Lan malih sakarsa tuwan, pan jinurung dening Hyang Maha Suci, pasihane Hyang kalangkung, dhatêng sarira tuwan, nanging wontên pêpacuhipun Hyang Agung, punapa karantên tuwan, winêling-wêling Hyang Widhi. 21. Lagi pula sekendak tua selalu dikabulkan oleh Tuhan Yang Maha Suci, kasih saying Tuhan sangatlah tercurah pada diri Tuan. Tetapi ada larangan Yang Agung. Karena apa Tuan dipesan oleh Tuhan. 22. Pêpêthetaning suwarga, kang siningkir tuwan winêling-wêling, karantên tuwan puniku, angambah ing larangan, Nabi Adam kèndêl tan kêna sumaur, hèh Musa yèn kasinggihan, Nabi Adam anauri. 22. Tanaman di surga yang harus dihindari, Tuan telah dipesan, karena Tuan melanggar larangan.” Nabi Adam terdiam tak menjawab: “Hai Musa, jika memang benar 23. Lah pundi tuwan waosa, kitab tuwan Torèd ingkang dumêling, Bagindha Musa muwus, inggih alêrês tuwan, jroning kitab Torèd apan sampun tutur, ingkang kocap jroning sastra, duk tuwan dèrèng dumadi. 23. bacakan kitab Toret yang berisi pesan itu.” Bagindha Musa menjawab: “Ya benar, Tuan. Di dalam kitab Toret sudah diterangkan dalam tulisan itu ketika Tuan belum diciptakan. 24. Wus kocap jroning Torèt ika, dèrèng grama-grama tuwan dumadi, langkung limang lêksa tahun, sampun mungêle sêrat, inggih sampun kasurating lohimahpul, tuwan wontênjroning suwarga, adhahar woh wohan kuldi. 24. Sudah diterangkan dalam Toret, Tuan belum apa-apa, lebih dari limaratus taun bunyi ayat itu sudah ditulis di lauhil mahfudz. Tuan di dalam surga memakan buah-buahan kuldi 25. Sumaur Bagindha Adam, lah ta inggih tuwan kapindho kardi, dene tuwan anênutuh, dhumatêng ing kawula, sak dèrènge lalampahan kang tumuwuh, pan darma-darma lumampah, ing lara kalawan pati. 25. Menjawablah Baginda Adam: “Itulah namanya dua kali pekerjaan, Tuan menuduhku, sebelum semuanya terjadi, dan laku-laku darma, hidup dan mati. 26. Mung Allah kang luwih wikan, 26. Hanya Allah yang lebih tahu,
Serat Tapel Adam Jilid 1 40
sadèrènge mapan wus pinasthi, ing ngilmune pun Hyang Agung, tan kêna inguwahan, yata klawan Nabi Musa bantahipun, mênêng mangkya Nabi Adam, tan wontên undhake malih. sebelum sesuatu terjadi. Ilmu Yang Agung tak dapat diubah. Berhenti perbantahan Nabi Adam dan Nabi Musa. Nabi Adam terdiam. 27. Risampunipun mangkana, kawarnaa wau ingkang prihatin, sampun jangkêp satus taun, laminipun samana, Nabi Adam kang aning pucuking gunung, angabêkti ing Pangeran, anêdha ngapura ing Widhi. 17. Etelah itu, diceritakan yang sedang mengalami kesedihan, sudah genap seratus taun lamanya. Nabi Adam yang adi puncak gunung beribadah kepada Tuhan, mohon ampunan kepada Tuhan. 28. Sangêt merang mring Pangeran, Nabi Adam nanêdha mugi-mugi, ngapuraha dusanipun, mring Pangeran kang mulya, tinarima Nabi Adam tobatipun, dening Allah Tangala, dene nalangsa tan sipi. 28. Sangat malu kepada Tuhan. Nabi Adam memohon semoga mengampuni dosanya. Oleh Tuhan Yang Mulia pertobatan Nabi Adam diterima. 29. Saking sangête atobat, siyang latri tan pêgat nggènya nangis, sarta pangabêktinipun, ning luhur gunung Selan, waspanira dadi mirah mancur-mancur, risampunipun mangkana, wontên parmaning Hyang Widhi, 29. Oleh karena kesungguhan tobatnya siang malam tiada henti menangis dan beribadah di atas gunung Selan, airmatanya menjadi permata yang berkilau-kilau. Setelah itu tercurah ampunan Tuhan 30. Dhatêng ing Nabi Adam, pitulunge dhatêng kawêlas asih, yata katurunan wahyu, mangkya Bagindha Adam, kinèn wikan wawayahaning waktu, salat subuh waktu pajar, Bagindha Adam alinggih. 30. kepada Nabi Adam, Datanglah pertolongan penuh kasih sayang. Diturunkannyalah wahyu kepada Bagindha Adam, disuruh mengetahui waktu subuh, salat subuh pada waktu fajar. Baginda Adam duduk. 31. Saturuning Bagindha Adam, nandhang dosa mangkya dera Hyang Widhi, nikmate kuldi karuhun, sawulan lamineka, mula wajib puasa ramêlan niku, anglampahi salatika, angambil wulu kariyin. 31. Anak-cucu Bagindha Adam melakukan dosa kepada Tuhan, karena dahulu merasakan kenikmatan buah kuldi sebulan lamanya. Karenanya wajib berpuasa sebulan. Jika melaksanakan salat mengambil air dudhu dahulu.
Serat Tapel Adam Jilid 1 41
32. Lamun masuh sukuneka, pan kinarya nindaki woing kuldi, iku asale karuhun, duk Nabi Adam neka, yata ngadêg Nabi Adam salat subuh, adêge salat punika, dene asal saking ngapi. 32. Jika membasuh kaki, karena kaki digunakan untuk berjalan menuju buah kuldi, itu asalnya dahulu. Ketika Nabi Adam melaksanakan salat subuh, pelaksanaan salat itu berasar dari api. 33. Kakekate sipat jalal, ing rukunke salat pan asal angin, sajatine angin iku, kakekate sifat jamal, wujuding salat puniku asalipun, kakekat sifat kamal, lungguhe sipat puniki. 33. Hakikatnya sifat jalal. Rukun salat berasal dari angin. Sesungguhnya angin itu hakikatnya sifat jamal. Wujud salat itu asalnya hakikat sifat kamal, kedudukan sifat ini. 34. Apan asal saking lêmah, dudu iku lêmah kang asal bumi, sipat kahar jatinipun, yèn sipat kalih dasa, winastan napsiyah jalal puniku, salbiyah jamal punika, sipat kamal pan ngumani, 34. Asalnya dari tanah, bukan tanah yang berasal dari bumi, sesungguhnya sifat kahar. Adapun sifat duapuluh dinamakan sifat nafsiyah jalal, salbiah jamal, kamal …… 35. Sipat kahar maknawiyah, sampun jangkêpjro sipat kalih dèsi, pan ingakên ta puniku, wau kang warnaa, mapan sampun Nabi Adam salatipun, bakdane salat punika, dene pêtêng tingal nèki. 35. Sifat kahar maknawiyah, telah genap sifat duapuluh, yang diakui tadi jenisnya. Nabi adam telah selesai salat, selesai salat terlihat gelap. 36. Ningali padhange pajar, risaksana Nabi Adam duk eling, èngête suwarga luhur, yata Nabi Adam, nulya maca tasbèh wasubêkana lahu, saking parmaning Hyang Suksma, mênga kang lelang sêdiding. 36. Melihat terangnya fajar, segeralah Nabi Adam ketika ingat, teringat surga yang tinggi. Kemudian Nabi Adam membaca tasbih: “Wa subhanallahu. Karena karunia Yang Agung………… 37. Yata ing nalika ika, Nabi Adam aningali dumêling, kang tulise lahi mahpul, wau ningali surat, tulis muni lailah hailalahu, Mukamadurasululah, Bagindha Adam tumuli. 37. Diceritakan waktu itu, Nabi Adam melihat dengan sangat jelas yang tertulis pada lauhil mahfudz yang berbunyi “Lailaha ilallah, Muhammadar –Rasulullah. Baginda Adam kemudian 38. Matur mring Allah Tangala, ya Pangeran amba kang Maha Suci, nanging tuwan luwih wêruh, angapura ing dosa, ingkang asih 38. Berkata kepada Allah Ta’ala, Tuhanku Yang Mah Suci yang lebih tahu, yang mengampuni dosa, yang memiliki
Serat Tapel Adam Jilid 1 42
dunya ngakeratipun, kang narima ing patobat, kang ngangsung rahmating dasih. kasih saying di dunia sampai akhirat, yang menerima taubat. Yang member rahmat kepada hamba-Nya. 39. Katarima tobat neka, Nabi Adam sinung rahmate Widhi, Jabrail kang tumurun,dhatêng Bagindha Adam, dhawuhakên pangandikane Hyang Agung, dhatênging Bagindha Adam, ya ta ngucap Jabrail. 39. Nabi Adam diberi rahmat oleh Allah dan diterima taubatnya. Jibril yang turun kepada Baginda Adam memberitahukan perintah Tuhan. Jibril berkata: 40. Salaming Hyangdhatêng tuwan, tinarima tobat tuwan mring Widhi, dosa tuwan ing Hyang Agung, gih sampun ingapura, kinarsakên tuwan asalat subuh, kalih rakangat asalam, tuwan lampahana nuli, 40. “Salam Tuhan kepada Tuan, taubat tuan diterima Tuhan. Dosa Tuan kepada Tuhan juga telah diampuni. Tuan diperintahkan melaksanakan salat subuh dua rekaat salam. 41. Asujud Bagendha Adam, sakalangkung sukuripun mring Hyang Widhi, Jabrail sigra muwus, lan tuwan puasaha, ing purnama tigang ndina bil puniku, Nabi Adam tan lênggana, ing parentaingHyang Widhi, 41. Bersujudlah Baginda Adam. Sangat bersyukur kepada Tuhan. Jibril seraya berkata: “Dan engkau berpuasalah tiga hari bith pada bulan purnama. Nabi Adam menyanggupi perintah Tuhan. 42. Jabrail nulya mojar, somah tuwan mangke tuwan ulati, ing pusêr bumi gènipun, Nabi Adam graita, pan wus wikan sêmune Pangeran Agung, yènkinèndhatêng ing Mêkah, sampune mangkana nuli. 42. Jibril kemudian berkata: “Carilah istri Tuan di Puser Bumi.” Nabi Adam sudah merasa, Tuhan Yang Agung memang sudah tahu bahwa Nabi Adam akan disuruh ke Mekah. Setelah itu, 43. Tumurun Bagindha Adam, saking prênah gunung Selan inguni, cinarita pan sêtahun, lamine Nabi Adam, angulari dhumatêng rabinipun, kang nami ni Babu Kawa, alami nora kêpanggih. 43. Baginda Adam dari tempat asal terdahulu yakni gunung Selan. Diceritakan pencarian Nabi Adam terhadap istrinya, Babu Kawa lamanya setahun, lama tak ditemukan. 44. Kocapa ni Babu Kawa, midêr midêr angulari ing laki, nangis waspa lir wong adus, tangise lara-lara, sakalangkung sasambate amlas ayun, kocapa tumiba ing 44Diceritakan Babu Kawa mondar-mandir mencari suaminya. Ia menangis ingga air matanya bagai orang mandi. Tangisannya serasa sakit yang menyayat
Serat Tapel Adam Jilid 1 43
lêmah, siyêm dadi mirah adi, hati. Diceritakan jatuh di tanah Siyem menjadilah permata nan elok. 45. Karikil Siyêm duk neka, kados mirah waspa Kawa rumiyin, panêbute wongsal-wangsul, merang dhatêng Pangeran, yata saking parmaning Hyang Maha Luhur, ni Babu Kawa ning Mêkah, sampuning mangkana nuli, 45. Kerikil Siyem ketika itu seperti mirah air mata Kawa. Ia menyebut berkali-kali bahwa dirinya malu kepada Tuhan. Atas kemurahan Yang Maha Luhur Babu Kawa ada di Mekah. Setelah itu kemudian 46. Kawarnaha Nabi Adam, andêr pati dènya ngruruing rabi, malaekat atut pungkur, yata sami atawab, midêr-midêr lumampah ing siang dalu, angaraha ratarwiyah, ing gunung Ngarpat alinggih. 46. Nabi Adam ingga mati-matiamn mencari istrinya. Maalaikat mengikuti sambil bertawab, berkeliling siang malam menuju tanah lapang Tarwiyah yang ada di padang Arofah . 47. Saking parmaning Pangeran, Nabi Adam risaksana ningali, dhatêng pramèswarinipun, rawuh saking Madinah, sarêng mulat rabi dhatêng kakungipun, ya ta sami rarangkulan, malaekat pan melya nangis. 47. Atas kemurahan Tuhan. Nabi Adam segera menjumpai istrinya yang datang dari Madinah. Istrinya setelah melihat kedatangan sang suami, mereka saring berpelukan. Malaikatpun ikut menangis. 48. Saking parmaning Pangeran, Adam Kawa ningali ing langit, binuka lêlangênipun, yata ningali aras, ana surat lailah lailalahu Mukamad darusululah, Adam pungkur ing Hyang Widhi, 48. Atas kemurahan Tuhan, adam dan Kawa melihat ke langit, dan dibukalah keindahannya, terlihatlah arasy, di sana terdapat tulisan La Ilaha Ilallah Muhammadar Rasulullah. Adam bersyukur kepada Tuhan. 49. Nênggih aning gunung ngarpat, prênahipun Nabi Adam sarimbit, risampunipun aning ngriku, ngalih marèng Madinah, Nabi Adam sarta lawan sêmahipun, risampunipun mangkana, cinarita aning Balki, 49. Di bukit Arofah nabi Adam berdua, kemudian berpindah ke Madinah. Nabi Adam beserta istrinya diceritakan ada di Balki. 50. Alami ana ing kana, kawarnaa Babu Kawa garbini, tumêka ing mangsanipun, mangkana apêputra, cinarita miyos dhampit 50. Ia lama disana. Diceritakan bahwa Babu Kawa sudah hamil. Setelah sampai pada waktunya, ia melahirkan anak
Serat Tapel Adam Jilid 1 44
èstrijalu, sabên-sabên apêputra, miyos jalu lawan èstri. dhampit, laki-laki dan perempuan. Setiap melahirkan, dua anak, laki-laki dan perempuan. 51. Sampuning alama lama, yata kathah jalu lan èstri, sabên miyos èstrijalu, Kawan ndasa kêmbaran, warna-warna norasami warnanipun, ana bêcik ana ala, kang jalu lawan kang èstri. 51. Setelah beberapa lama, banyak yang lahir laki-laki dan perempuan ingga empat puluh kembaran. Wajahnya tiada sama, ada yang buruk dan ada yang tampan, baik laki-laki maupun perempuan. 52. Arsa pinanggihkên putra, jinodhokên jalu lawan pawèstri, Nabi Adam karsanipun, kang jalu rupa ala, pinangihkên èstri kang rupa ayu, pawèstri kang rupa ala, olèh ajalu kang pêkik. 52. Putranya hendak dijodohkan antara laki-laki dan perempuan. Nabi adam hendak menjodohkan anaknya yang laki-laki yang jelek dengan perempuan yang cantik. Anak perempuan yang cantik dijodohkan dengan anak laki-laki yang tampan. 55. Lamun ta pracaya sira, lah gaweya sira anak pribadi, ingsun iya gawe sunu, sapa kang tinarima, lah tulusa misesa ing anak ingsun, sami ngêdalakên kama, winadhahan cupu manik. 55. Jika kamu tak percaya, coba kau buat anak sendiri! Aku juga membuat anak. Siapa yang diterima, lestarilah mengatur anakku. Saling mengeluarkan mani, ditempatkan pada cupu manic. 56. Sampun jangkêp sangang wulan, tiningalan ing cupu manik, cupune Kawa dinulu, gêtih dadine ika, Nabi Adam duk binuka cupunipun, rupa bayi lanang, ingaran Bagindha Êsis. 56. Setelah genap Sembilan bulan, dilihatnyalah cupu manic. Cupu Kawa terlihat menjadi darah, sedangkan cupu Nabi Adam ketika dibuka berupa bayi laki-laki yang diberi nama Baginda Sis. 57. Risampunipun mangkana, Babu Kawa mituhu ing laki, warnaneta putranipun, Kawan ndasa kêmbaran, arêrasan putra kang ayu lan bagus, lunga nilip yayah rena, lumampah raina wêngi. 57. Setelah kejadian itu, Babu Kawa menaati suaminya. Wujud anaknya yang empat puluh pasang, saling bergumam, antara yang cantik dengan yang tampan, dan pergi tanpa pamit kepada kedua orang tuannya, berjalan siang dan malam. 53. Babu Kawa karsaneka, èstri ayu angsal 53. Babu Kawa berkeinginan, anaknya
Serat Tapel Adam Jilid 1 45
jalu kang pêkik, jalu ala warnanipun, angsal èstri ala, Adam Kawa sami dudon manahipun, lingira ni Babu Kawa, dede tuwan kang dusani. yang cantik mendapatkan jodoh anaknya yang tampan. Anak laki-laki yang buruk rupanya, mendapatkan jodoh anak perempuan yang jelek. Adam Kawa dalam hati saling bertengkar. Babu Kawa berkata: “ Bukan Tuan yang berdosa. 54. Dede tuwan kang puputra, ingkang wawrat mapan amba pribadi, sampun tuwan tumut-tumut, linge Bagindha Adam, yayi sira kang minangka wadhahipun, mapan pancêr saking ingwang, bapa kang misesa ugi. 54. Bukan Tuan yang berputra. Sayalah yang mengandung. Kanda jangan ikut campur.” Bagindha Adam berpesan: “Dinda, engkaulah sebagai wadahnya. Memang benihnya dariku, ayah juga yang mengatur. 58. Kongsi kalup netranipun, yata lêpas mring bumi Cina nênggih, duraka mring rama ibu, anêmbah mring brahala, Kawarnaa putranipun ingkang kantun, mung kalih dasa kêmbaran, kang jalu kalawan èstri, 58. Ingga sipit matanya, sampailah di dataran Cina. Durhaka kepada ibunya, menyembah berhala. Diceritakan anaknya yang tersisa hanya duapuluh pasang, laki-laki dan perempuan. 59. Putra jalu ingkang pelak, olèh èstri ala wus pinanggih, kang pawèstri rupa ayu, angsal jalu kang ala, amituhu karsane rama ibu, sakathaing putra neka, sak dêrma anglampahi. 59. Anak laki-laki yang tampan mendapat anak perempuan yang jelek, sedangkan anak perempuan yang cantik mendapatkan anak laki-laki yang buruk rupa. Mereka patuh pada kedua orang tuanya, melaksanakan perintahnya. PUPUH 05 D U R M A PUPUH 05 D U R M A 1. Duk waune wontên timbalaning sukma, Jabrail ingkang kapti, dhatêng Nabi Adam, timbalaning Pangeran, putra jalu lawan èstri, putrane Adam, kinèn sami kapanggih. 1. Ketika ada perintah Tuhan, Jibrilah yang disuruh kepada Nabi Adam. Tuhan menyuruh agar putera Nabi Adam laki-laki dan perempuan dipertemukan. 2. Nora kêna panggih sarêng sakêmbaran, minangka dulur yêkti, nanging ta kang wênang, panggih dudu kêmbaran, kinèn 2. Tidak boleh dipertemukan kembarannya, sebagai saudara sejati. Akan tetapi yang boleh berjodoh bukan
Serat Tapel Adam Jilid 1 46
panggih sêlang-sêling, Adam lawan Kawa, tan lênggana ing Hyang Widhi. kembarannya. Jadi dijodohkan selang-seling. Adam dan Hawa menaati perintah Tuhan. 3. Wontên malih kang putra Bagindha Adam, ingkang nama pun Kabil, sarêng sakêmbaran, nama Adam Ngaliman, warnane ayu linuwih, malih kocapa, ingkang nama pun Abil. 3. Ada lagi putera Baginda adam yang bernama Kabil, bersama-sama sepasang, bernama Adam Ngaliman, parasnya sangat cantik. Diceritakan pula yang bernama Abil 4. Kêmbarane pawèstri rupane ala, karsane rama kalih, karsa panggihêna, wadon nama Ngaliman, kêmbarane wau Kabil, anikah iya, nama Abil. 4. Kembarannya perempuan berparas jelek. Kehendak ayahnya, keduanya dijodohkan. Yang perempuan bernama Ngaliman kembaran Kabil, menikah dengan Abil. 5. Ana dene kêmbarane Abil ika, pinanggihkên Kabil, yata Kabil ika sangêt lênggana neka, dhatêng yayah rena kalih, pan apti sira, panggih dulur pribadi. 5. Adapun kembaran Abil dijodohkan dengan Kabil. Kabil sangat tidak setuju dengan kedua orang tuanya. Inginnya berjodoh dengan saudara kembarannya sendiri. 6. Nabi Adam kèmêngan wardaya neka, ing lêngganane Kabil, andikaning rama, lah mangkana ta sira, lah pada kurbana kalih, sapa katrima, kurbanipun mring Widhi. 6. Nabi Adam sedih hatinya gterhadap Kabil yang tidak patuh. Ayahnya berkata: “Jika demikian, kamu berdua harus berkurban. Yang diterima kurbannya oleh Tuhan, 7. Kang katrima rabi wadhon ya Ngaliman, yata kang nama Abil nora duwe menda, dene Kabil punika, agadah menda satunggil, Abil tan gadhah, anging luthi kinardi. 7. Yang diterima mengawini Ngaliman. Anak yang bernama Abil tak punya kambing, sedangkan Kabil memiliki seekor kambing. Abil tak punya, kecuali luthi yang dipakai kurban. 8. Tinarima kurbane Abil punika, dening Hyang Maha Suci, dene kurbanika, Kabil tan tinarima, deningHyang Kang Maha Suci, pan lulus ika, Abil rabi ya luwih. 8. Kurban Abil diterima oleh yang Maha Suci, sedangkan kurban Kabil tak diterima oleh Tuhan Yang Maha Suci. Langgenglah pernikahan Abil. 9. Ingkang manut parentahipun ingkang 9. yang menurut perintah ayah dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 47
rama, lan parentaing wibi, dene kang lênggana, ing parentaing rama, wau kang anama Kabil, angayam-ayam, dhatêng kang nama Abil. ibunya. Adapun yang tak menurut perintah ayahnya yakni Kabil, ia mengancam kepada Abil. 10. Yata Kabil bramantyanipun kalintang, angucap marang Abil, sun patèni sira, yèn sun jaluk tan suka, sadulur ingsun pribadi, wadon Ngaliman, tur sira sun patèni, 10. Kemarahan Kabil semakin menjadi-jadi. Katanya kepada abil: “Kubunuh kau, jika tak kau berikan saudaraku perempuan Ngaliman itu, dan kubunuh kau.” 11. Linge Abil lah Kabil sak karsanira, sira arsa matèni, maring ingsun iya, tan sun pasrahkên ning sira, ingsun asêraingHyang Widhi, pan ora dosa, kang kaya awak mami. 11. Jawab Abil: “Terserah kau Kabil, jika kau akan membunuhku. Aku tak memasrahkan diriku adamu, tetapi berserah diri kepada Tuhan. Aku ini tak berdosa. 12. Anauri Kabil saujarinira, tan wruh ing wuri-wuri, sampuning mangkana, Kabil sira kèmêngan, gènipun arsa matèni, lak kaya ngapa polahe wong matèni. 12. Kabil menjawab setiap perkataan adiknya, tak di ketahui sebelum dan sesudahnya. Kabil merasa kebingungan, bagaimana cara membunuh adiknya. 13. Cinarita duk lagi alam samana, tan ana mamatèni, paran polah ingwang, pratingkah matènana, langkung kèwêdan pun Kabil, angulandara, dènira yun matèni. 13. Diceritakan pada zaman itu belum ada yang membunuh. Kabil merasa sangat kikuk sambil kesana-kemari mencari cara membunuh. 14. Durung wikan duk lagi alam sama, polahe mamatèni, yata iblis laknat, arsa mamarahana, polahe wong amatèni, rupa manus, yata prapta sang iblis. 14. Ketika itu belum diketahui cara membunuh. Adalah iblis laknat yang mengajari. Dia menampakkan diri menyerupai manusia. 15. Nulya ana ula liwat ing dêdalan, pinaranan sang iblis, ingantêban sela, taksaka kapisanan, yata Kabil aningali, pan wus kaduga, polahe mamatèni. 15. Kemudian ada ular yang lewat di jalan dan didatangi sang iblis. Ular itu ditindih dengan batu, akhirnya ular itu mati. Kabil melihat kejadian itu, dan sudah ditebak cara membunuh. 16. Kawarnaa wau Abil nendra, ing ngisoring kayu wudi, kapati anendra. 16. Diceritakan saat Abil tidur di bawah pohon wudi dan sangat nyènyak.
Serat Tapel Adam Jilid 1 48
Tumuli pinaranan, ing prênaing Abil guling, dyan ngangkat sela, gênge kagiri-giri. Segeralah didatangai tempat abil tidur itu. Kabil mengangkat batu yang sangat besar. 17. Risaksana Abil ingantêban sela, rêmpu murdane Abil, yata kapisanan, sampunipun mangkana, cinarita kayu wudi, dadi woh neka, rasanipun amanis. 17. Ketika itu pula Abil ditindih dengan batu, ingga matilah ia. Setelah itu diceritakan bahwa pohon wudi buahnya manis rasanya. 18. Anglangkungi manise ingkang woh-wohan, asri wohipun dadi, iku karan neka, ical wohipun sirna, kayu wudhi malah mangkin, sampuning pêjah, wau kang nama Abil. 18. Melebihi manisnya buah-buahan yang lain. Buahnya sangat lebat. Namun sekarang pohon wudi itu sudah hilang buahnya setelah kematian Abil. 19. Yata Kabil duraka ing yayah rena, duraka ing Hyang Widhi, datan alênggana, matèni tanpa dosa, sira Kabil mati kapir, sinungan lanat, dera Hyang Maha Suci. 19. Kabil memang durhaka kepada kedua orang tuanya dan Tuhan. Ia tega membunuh orang tak berdosa. Kabil kelak mati kafir dilaknat Yang Maha Suci. 20. Yata kunarpanera Abil cinandhak, pinonodhong dening Kabil, kang layon ingêmban, Kabil ajrih ing rama, tan êmbuh polahipun Kabil, alam samana, dèrèng ana wong mati. 20. Adapun mayat Abil lalu dibawa dan digendong Kabil. Kabil takut pada ayahnya, kabilpun merasa bingung, karena waktu itu belum ada orang yang meninggal. 21. Durung wontên wong pinêndêm jroning luwang, kunarpane kang rayi, tansah ingêmbanan, arsa siningidna, kunarpanira pun Abil, midêr lumampah prapta ing desa miskin. 21. Belum ada orang dikubur dalam liang. Mayat adiknya selalu digendong akan disembunyikan. Mayat abil dibawa ingga sampai di desa miskin. 22. Yata wontên pêksi dhandhang atarungan mati ingkang sawiji, kang urip saksana, anyakar-nyakar lêmah, yata dhandhang ingkang mati, dyan ingurugan, pinêndhêm sirèng bumi. 22. Ada burung gagak yang sedang bertatung ingga salah satunya mati. Gagak yang hidup segera mencakar-cakar tanah. Gagak yang mati ditimbun dengan tanah. 23. Kabil mulat polahe pêksi punika, tiniru 23. Kabil melihat cara burung itu.
Serat Tapel Adam Jilid 1 49
dening Kabil, nulya karya luwang, sawuse karya luwang, nulya jisimipun Abil pinêndêm sigra, kinubur jroning bumi. Ditirulah oleh Kabil. Segeralah ia membuat lobang, lalu mayat Abil ditimbun, dikubur dalam tanah. 24. Ya ta Kabil arsa mantuk dhatêng wisma, bilahining Hyang prapti, duk lagi tumindak, watara kawan tindak, Kabil jinegal ing bumi, wau katela, suku kapipit bumi. 24. Pada waktu Kabil akan pulang ke rumah, kecelakaan menjemputnya. Ketika ia hendak melangkah, kira-kira empat langkah, Kabil dijegal bumi, kakinya terporosok ke dalam lekahan tanah dan terjepitlah ia. 25. Watês jêngku sukune Kabil tan obah, duk kapipit bumi, Kabil atur neka, dhatêng Allah Tangala, Pangeran amba kang luwih, kadi punapa, suku amba kapipit. 25. Kaki Kabil terjepit bumi ingga selutut. Kabil mengadu kepada Allah Ta’ala,Tuhanku yang Agung. Mengapa kaki hamba terjepit?” 26. Ya ta bumi winangsit dening Pangeran, bumi saya ngingkêmi, watês lambung ika, Kabil tan kêna obah, ana suwara kang kaèksi, iya cilaka, sandangan lanat kapir. 26. Bumi diberi ilham oleh Tuhan seingga bergerak makin keras jepitannya sampai di lambung. Kabil tak dapat bergerak. Terdengarlah suara: “Ya cilakaa sang laknat kafir! 27. Mapan sira lênggana parentaingHyang, durakaning rama kalih, lawan Kabil sira, matèni tanpa dosa, pan sira matèni Abil, Abil cinadhang, ing suwarga kang adi. 27. Karena engkau tidak mentaati perintah Tuhan, durhaka kepada kedua orang tua, dan juga membunuh Abil yang tanpa dosa. Abil mendapatkan jatah surga yang indah. 28. Ya ta Kabil matur mring Allah Tangala, Pangeran kang luwih, wong tuwa amba, pan lênggana ing tuwan, tuwan cêgah dhahar kuldi, wontên suwarga, wong mangkana binukti. 28. Kabil berkata kepada Allah Ta’ala, Tuhan Yang Agung, orang tua hamba juga tak taat pada-Mu, Engkau cegah makan buah kuldi di surga, nyatanya juga dimakan 29. Inggih nêrak larangan tuwan uga, dene tan tuwan pipit, rama ing praptala, tuwan kadi punapa, pan sami lênggana ugi, kadi punapa, adil tuwan tan sami. 29. Kan juga melanggar larangan-Mu, mengapa tak dijepit bumi? Ini bagaimana? Kan sama-sama melanggar. Di mana keadilan-Mu? 30. Sami-sami lênggana parentah tuwan, 30. Sama-sama melanggar perintah
Serat Tapel Adam Jilid 1 50
Kabil saya kapipit, watês gulunira, Kabil matur mring Allah, adil tuwan kadi pundi, pun iblis lanat, lênggana ing Hyang Widhi. Tihan.” Kabil semakin diapit bumi sampai di lehernya. Kabil berkata kepada Allah: “Di mana keadilanmu Tuhan. Iblis laknat yang tiada taat kepada Tuhan, 31. Kinèn sujud dhatênging Bapa Adam, gih lênggana ing Hyang Widhi, tan miluya sujuda, dene pun iblis lanat, mbotên tuwan pipit bumi, kadi punapa, adil tuwan tan sami. 31. Disuruh sujud kepada Bapak Adam juga tak mau , tak ikut sujud. Adapun iblis laknat tak diapit bumi. Mengapa keadilan-Mu tak sama? 32. Ya ta Kabil saya sêrêt datan obah, pinipit maring bumi, yata wontên prapta, Malaekat satunggal, rupa manungsa prajurit, nitih turangga. Sarwa ngagêm cêmêthi, 32. Kabil semakin tak dapat bergerak, dihimpit oleh bumi. Datanglah malaikat yang menyerupai serang prajurit yang naik seekor kuda dengan memegang cambuk. 33. Tan antara anandèrèkakên turangga, pun Kabil cinamêthi, rêmpu punang sirah, Kabil sampun palastra, sampuning mangkana balik, kapatèn neka, pun Kabil mati kapir. 33. Tak lama kemudian malaikat itu menyambarkan kudanya, dan kabil dicambuk. Hancurlah kepalanya. Setelah itu kematian Kabil dalam kedaan kafir. 34. Wus pinasthi wong nyilèh ngulihêna, wong utang anyauri, ingkang utang pêjah anyauri ing pêjah, utang lara nyaur sakit, kang utang wirang nyaur isin. 34. Sudah menjadi suratan takdir bahwa orang yang meminjam mengembalikan. Orang yang berhutang membunuh membayar dibunuh, berhutang sakitjuga disakiti, dan yang hutang malu akan dipermalukan. 35. Kawarnaa punika Bagindha Adam, Musakate tan sipi, parmaning Pangeran, pan Jabrail prapta, anggêgêm kancana nuli, sinungkêm Adam, Bagindha Adam aglis, 35. Dikisahkan baginda Adam yang mengalami kesedihan yang mendalam. Atas kemurahan Tuhan, Jibrilpun didatangkan dengan membawa emas. Adam diberi hormat. BAginda adam segera berkata: 36. Lah buwangên ning gunung dèn wrata, darapa toing benjing, aweta ingalap, ing anak putuningwang, Jabrail ngandika ris, ya 36. “Buanglah di gung dengan merata, supaya kelak dapat diambil anak cucuku.” Jibril menjawab: “Wahai Nabi
Serat Tapel Adam Jilid 1 51
Nabi Adam, wontên karsaning Widhi. Adam, Engkau diperintahkan Tuhan untuk bekerja 37. Tuwan ugi kinèn anambuta karya, mêrga ngulati bukti, mêtokkên kringêtnya, ngulari upa jiwa, angingoni anak rabi, lah dawêk uga, kawula angriwangi. 37. Sebagai sarana mencari makan, mengeluarkan keringat mencari sandang pangan, menafkahi anak dan istri, Dekian juga aku kan membantu.” 38. Yata mojar Jabarail lawan Adam, sela ingkang ginitik, mêdal wêsi waja, arsa damêl gêgaman, nulya mêndêtana sari, wêsi binakar, gêni saking yamani, 38. Jibril bertutur lagi kepada Adam: “Batu yang dipukul akan keluar besi baja akan dibuat senjata, lalu ambilah sari besi, dibakar dengan api neraka.” 39. Kêpanasan Nabi Adam nora kêlar, dyan Jabrail nuli, gêni dipun tawa, kinêlêming sagara, pitung ndina pitung mbêngi, wusing mangkana, gêni nulya kinardi. 39. Nabi Adam kepanasan, lalu api ditawarkan oleh Jibril dengan dicelupkan di laut selama tujuh hari tujuh malaa, api lalu dapat digunakan. 40. Sampun karya paron lawan paluneka, sagok lawan sasupit, Jabarail ika, ingkang tumandang karya, Bagindha Adam ngububi, sampun akarya, wadung kalawan kudhi. 40. Dibuatlah landasan dan palu, sogok dan supit. Jiblil yang mengerjakan. Baginda Adam yang mengipasi. Jadilah wadung dan kudhi. 41. Risampunipun dadi rupa gêgaman, Nabi Adam tumuli, alas binabadan, panarsa tinanêman, nanging nora darbe bibit, dahat kewuhan, angandika dhatêngÊsis, 41. Setelah jadi berupa senjata, Nabi Adam lalu menebang hutan, dan akan ditanami. Namun tak punya bibit. Maka sangat kesulitan. Kareanya ia beyuruh kepada Esis. 42. Anak ingsun lah ta sira nanêdaha, maring Hyang Maha Suci, ing sun ta nênêdha, kathah wirang manira, dhatêngHyang Kang Maha Suci, sira nêdhaa, wiji kinarya bibit. 42. “Anakku, engkau memohlah kepada Tuhan Yang Maha Suci. Banyak permintaanku, ingga aku malu kepada Tuhan yang Maha Suci. Mintalah benih untuk bibit. 43. Bagindha Sis lumampah dhumatêng wana, anêpi dhatêng wukir, Bagindha Sis ika, ananêdha ing Allah, Pangeran Kang Maha Suci, amba nanêdha, wiji kinarya bibit, 43. Baginda Sis berjalan menuju hutan, menyepi di gunung. Baginda Sis memohon kepada Tuhan Yang Maha Suci: “Hamba memohon benih untuk bibit,”
Serat Tapel Adam Jilid 1 52
44. Parmaning Hyang katrima panêdhanira, widada tinuruni, ingiring Malaekat, bêkta talam kêncana, isi woh-wohan kang adi, tur sinampiran, sap tangan sutra adi, 44. Atas perkenan Tuhan diterimalah permintaannya, diiringi malaikat dengan membawa talam emas yang berisi buah-buahan yang bagus, juga disampiri sapu tangan sutera yang indah. 45. Warna-warna woh-wohan saking sawarga, sinungakên Nabi Sis, sigra tinampanan, pan Nabi Sis kalintang, sukuripun ingHyang Widhi, wusing mangkana, Jabrail bêkta nuli. 45. Eraneka ragam buah-buahan dari surga diberikan kepada Nabi Sis, dan segeralah diterima. Senanglah hati Nabi Sis, ia bersyukur kepada Tuhan. Setelah itu Jibril juga membawakan. 46. Sampun prapta ing ngarsa Bagindha Adam, lingira Jabrail, dhatêng Nabi Adam, nugrahaning Pangeran, dhatêng putra tuwan Sis, warna woh-wohan, paringing Hyang Widhi. 46. Sudah sampailah di hadapan Baginda Adam. Jibril berkata kepada Nabi Adam: “Anugerah Tuhan kepada putera Tuan Sis berupa buah=buahan pemberian Tuhan. 47. Wijinipun punika tuwan tanêma, benjing dadya bukti, anak putu tuwan, wohe ingkang pinangan, yèn kandhêg dadi papicis, yèn têking nisab, jakate sabên warsi. 47. Tanamlah bijinya, kelak menjadi bahan pangan anak cucu Tuan. Buahnya yang dimakan. Jika didiamkan menjadi harta, setelah sampai nisab, zakatnya setiap tahun sekali. 48. Karanipun Bagindha Êsis punika, kang turun widadari, dening putra tuwan, sadaya kêkêmbaran, jalu kalawan pawèstri, mung putra tuwan, bagindho Êsis pribadi. 48. Disebutkan bahwa Baginda Sis itu keturunn bidadari. Adapun semua putera Tuan kembar laki-laki dan perempuan. Hanya putera Tuan baginda Esis sendirilah 49. Ingkang datan darbe dulur kêkêmbaran, pan sinung widadari, nama Siti Mulat, dadiya johdonira, putra tuwan Nabi Êsis, Bagindha Adam, langkung sukuring Widhi. 49. Yang tak punya saudara kembar. Dia diberi bidadari bernama Siti Mulat sebagai jodoh Putera Tuan Nabi Esis. Baginda Adam semakin syukur kepada Tuhan. 50. Nabi Adam jumênêng kalipatulah, ing ndunya laminèki, limangatus warsa, lan kalih dasa warsa, sêtêngah umuring Nabi, 50. Nabi Adam bergelar Khalifatullah di dunia selama limaratus duapuluh tahun. Separuh umur Nabi yakni Sembilan ratus
Serat Tapel Adam Jilid 1 53
pan sangang warsa, lan sangang atus warsi. sembilan tahun. 51. Sajênênge Nabi Adam katurunan, malaekat Jabrail, malih ping sawêlas, lan malih cinarita, umure bumi sakêthi, ning jênêng nora, Adam umuring bumi. 51. Ketika menjadi khalifatullah, ia ditemui Malaikat Jibril sebanyak sebelas kali. Diceritakan pula bahwa umur bumi seratus ribu taun, namun bukan saat berkuasanya nabi adam di bumi. 52. Amung kari umuring bumi salêksa, wau lamine rèki, watêse kiamat, lan malih Nabi Adam, katurunan kitab nênggih, amung sadasa, sampuning lami-lami. 52. Umur bumi tinggal sepuluh ribu tahun, lamanya batas kiamat. Dan lagi Nabi Adam diberi sepuluh kitab. Setelah beberapa lama 53. Nabi Adam mantuk dhatêng rahmatolah, Nabi Êsis anggêntèni, Nabi kang kocapa, atêngga pêjaratan, rama kalih wus lêstari, duking samana, nur buat anuruni. 53. Nabi Adam pulang ke rahmatullah. Penggantinya Nabi Sis. Nabi yang diceritan menunggu pemakaman ayahnya, berjalan langgeng yang kemudian diturunkan wahyu kenabian. 54. Jabarail rawuh bêkta parmaning Hyang, dhumatêng Nabi Êsis, tuwan katurunan, sèkêt kathaing kitab, wus pralena Nabi Êsis, kagêntèn putra, Anwas sinambat ing sih. 54. Jibril turun dengan membawa anugerah Tuhan kepada Nabi Sis. Kepadanya diturunkan limapuluh kitab. Sepeninggal Nabi Esis, diganti oleh puteranya yang bernama Anwas. 55. Sampun lami jênênge Anwas punika, langkung baktining Widhi, Anwas namanira, tinuting kaum neka, Anwas punika ngêmasi, lèh putêranya yang bêrnama kagêntèn putra, Kinat sinambat wangi. 55. Sudah lama Anwas berbakti kepada Tuhan. Anwas yang ditunjuk oleh kaumnya. Setelah Anwas meninggal diganti puteranya yang bernama Kinat. 56. Lami-lami kang nama Kinat palastra, putranipun gêntèni, langkung dene pelak, rupa tandingan, ingkang wasta Mahpa Kalil, kathah kang prapta, ningali rupa pêkik, 56. Setelah beberapa lama Kinat meninggal, digantikan oleh putreanya yang tampan yang bernama Mahpa Kalil. Banyak yang menyaksikan ketampanan Mahpa Kalil. 57. Mahpa Kalih pralena kagêntèn putra, namanira pun Majid, kang kenging rêncana, wuruke iblis lanat, iblis ngucap dhatêng 57. Mahpa Kalil meninggal digantikan oleh pueranya yang bernama Majid. Majid ini tergoda oleh iblis laknat. Iblis
Serat Tapel Adam Jilid 1 54
Majid kalamun tuwan, arsa dadi wong luwih. berkata kepada Majid: “Jika Tuan ingin menjadi orang terkenal 58. Tur pikantuk bêrkate wong tuwa tuwan, yèn tuwan nurut mami, wuwuh luhur tuwan, bêrkate wonga tuwa, yêkti benjing anumusi, dhatêng tuwan, Majid nulya nauri. 58. Dan mendapat berkah orang tua tuan, Tuan ikutlah saya, akan bertambah keluhuran Tuan, berkah orang tua kelak akan terbukti.” Majid menjawab: 59. Kadi pundi dayaning kang angsal bêrkat, ing wong ngatuwa mami, linge iblis lanat, tuwan karyaha êmas, rupane dèn kadi janmi, wong tuwa tuwan, pêthanên tanpa sami, 59. “Bagaimana daya berkat dari orang tuaku itu?” Jawab iblis laknat: “Tuan, buatlah emas, dibentuk seperti manusia mirip orang tua tuan, buatlah sebagus mungkin. 60. Yèn wus pada rupa pasang sêmunira, andika busanani, lah tuwan sêmbaha, sartane bala tuwan, mèluha sami ngabêkti, tuwan pardia, angsala bêrkat sami. 60. Jika sudah sama rupanya dengan orang tua Tuan, berilah busana, dan sembahlah ia bersama pengikut Tuan, laksanakan supaya semua mendapat berkah. 61. Wus manut pun Majid sabalanira, sampuning lami-lami, wus sawidak warsa, iblis tumurun sigra, apti sira mamarahi, ing desantara, anêmbah rupa sami. 61. Majid beserta para pengikutnya sudah mengikuti ajakan iblis ingga enampuluh tahun. Lalu iblis segera turun dan mengajari orang di desa itu untuk menyembah wujud sapi. 62. Wontên malih cinarita putra neka, wau kang nama Majid, Majid apêputra, ajalu putra nira, kêkasihipun Mudabil, wus jinulukan, Edris bronta Hyang Widhi. 62. Ada lagi diceritakan, bahwa Majid berputera laki-laki bernama Mudabil yang diberi julukan Idris. Ia sangat mencintai Tuhan PUPUH 06 A S M A R A N D A N A PUPUH 06 A S M A R A N D A N A 1. Wontên kang tinutur malih, Bagindha Idris ginita, tuhu Nabi kang kinaot, milanipun ingaranan, Edris dening Pangeran, abêtah pandêrêsipun, ngaji kitab kawan dasa. 1. Diceritakan lagi bahwa baginda Idris adalah seorang Nabi pilihan. Dinamakan Idris oleh Tuhan karena tekun membaca empat puluh kitab 2. Kalawan birahi bakti, maring ing Allah 2. Dengan penuh cinta dapam berbakti
Serat Tapel Adam Jilid 1 55
Tangala, Sabar asih têtamune, bêlaba asih ing liyan, lan pandêrêsing bêtah, siyang latri maca junun, iku kitab panujuman, kepada Allah, sabar dan asih kepada para tamunya, sangat dermawan kepada orang lain. Lagi pula ia sangat betah membaca kitab, siang malam penuh konsentrasi, yakni kitab ilmu nujum. 3. Yata malaekat Ngijrail, ingutus dening Pangeran, animbali kakasihe, Nabi Edris namanira, yata sarawuhira, ingulukan salam sampun, sarta salaming Pangeran. 3. Adalah Malaikat Jibril yang diutus Tuhan memanggil kekasihnya, yakni Nabi idris. Kedatanganya sambil mengucapkan salam begitu pula salam dari Tuhan. 4. Angling malaekat Ngijrail, pan tuwan mangkin ngandikan, sarêng amba samangke, munggah dhatêng langit pisan, Nabi Edris angucap tan lênggana ing Hyang Agung, amba kumambanging karsa. 4. Malaikat Ngijrail berkata: “Tuan sekarang disuruh bersamaku naik ke langit.” Nabi Idris menjawab: Hamba menurut perintah Tuhan Yang Agung. 5. Yata malaekat Ngijrail, samana rupa manungsa, Sri Pandhita busana neka, ingakêna pawong sanak, maring Edris taika, asih-sinihan kalangkung, rakêt gènipun sasanak, 5. Malaikat Ngijrail saat itu berujud seperti manusia, berbusana indah seperti pendeta, diakui sebagai saudara oleh Idris. Saling berkasih sayang dan semakin dekat persaudaraannya. 6. Nabi Edris lan Ngijrail, gènipun aprasanakan, tansah linggih aning sanding, Bagindha Idris angucap, inggih kadi punapa, punika saumpaminipun, gèn tuwan mbêkta mring amba, 6. Nabi Idris dan Ngijrail dalam hubungan persaudaraannya selu bersanding. Baginda Idris berkata: “Lantas bagaimana seandainya Tuan membawaku?” 7. Ngijrail lingipun aris, mangsa amba kèwêdana, dawêg tuwan amba gendong, munggah dhatêng langit pisan, sampunipun mangkana, Nabi Edris dyan sinambut, binêkta munggah angkasa. 7. Ngijrail menjawab dengan lembut: “Masak hamba kesulitan? Baru saja hamba gendong, sudah ada di naik langit pertama.” Nabi Idris lalu dibawa naik ke angkasa. 8. Nora dangu nulya prapti, ing prênah langit kapisan, Nabi Idris lingira lon, amba tuwan udunêna, dawêk sami lumampah, yata 8. Tiada lama sampailah di langit pertama. Nabi Idris berkata dengan lembut: “Hamba turunkan Tuan.” Baru
Serat Tapel Adam Jilid 1 56
lumampah andulu, ingara-ara ajêmbar. saja mereka berjalan, terlihatlah tanah lapang yang luas. 9. Nabi Idris aningali, ing menda kathah agêlar, nanging tan ana kang angon, menda kang kèksi sadaya, gêng alit samya mangan, malaekat Ngijrail muwus, dhumatênging mitranira. 9. Nabi Idris melihat kambing banyak sekali, tetapi tak ada yang menggembala. Kambing yang terlihat, besar kecil sedang makan. Malaikat Ijrail berkata kepada sahabatnya: 10. Sanak amba Nabi Edris, lah dawêg tuwan alapa, menda siji sinêmbêlèh, Bagindha Idris angucap, inggih amba tan arsa, darbèni wong nora arus, dahat punika pan karam. 10. “Wahai saudaraku Nabi Idris, segeralah Tuan ambil seekor saja dan disembelih.” Baginda Idris menjawab: “Hamba ya tidak mau, mengambil yang bukan milik sendiri, itu sangat tidak boleh.” 11. Bagindha Edris wus uning, yèn cinoba polah neka, yata lêstari lampahe, Bagindha Edris tumingal, woh-wohan sri kawuryan, tur dadi woh-wohan ning gunung, matêng-matêng ning kêbonan. 11. Baginda Idris sudah mengetahui kalau itu cobaan. Lancarlah perjalanannya. Baginda Idris melihat buah-buahan yang lebat dan indah di pegungan, sudah masak di kebun. 12. Yèn dinulu sru mingini. Ngijrail sira angucap, tuwan angalapa wohe, anggur tatamba kasatan, amba mangkya nanêdha, Bagindha Edris amuwus, yêktine amba tan arsa. 12. Jika dipandang sangatlah serasa ingin memiliki. Ngijrail segera berkata: “Tuan, petiklah buah anggur untuk menghilangkan dahaga. Hamba nantipun makan.” Baginda Idris berkata: “sungguh saya tak mau 13. Ngalapa anggur puniki, supami dèrèng kantênan, tan ana ijab kabule, mring kang darbe têtanêman, yêkti amba tan arsa, darbèking wong nora urus, mèsêm pawong sanak neka. 13. memtik buah anggur itu. Andaikata belum terlaksana, belum ada ijab kabulnya dengan pemilik tanaman. Hamba tak menginginkan milik orang lain yang belum jelas.” Sahabatnya tersenyum. 14. Kandhêg lampahnya winarni, BagindhaEdris angucap, inggih punapa raose, kêpingin kawula pêjah, sun kêdah 14. Diceritakan, mereka terhenti perjalanannya. Baginda Idris berkata: “Bagaimana rasanya orang mati, saya
Serat Tapel Adam Jilid 1 57
uningaa, ing wong mati raosipun, Ngijrail anulya ngucap. ingin mati. Saya harus tahu rasanya orang mati.” Lalu Ngijrail berkata: 15. Yêkti punika tan kenging, yèn tan karsaning Pangeran, Bagindha Edris muwuse, tuwan matura ing Allah, kang murba misesa, lah punapa asilipun, amba darbe prasanakan. 15. “Sesungguhnya hal itu tak bisa, jika bukan atas kehendak Tuhan.” Baginda Idris berkata: “Tuan mohonlah kepada Allah Yang Maha Kuasa. Apa untungnya hamba punya sahabat 16. Mapan malaekat Ngijrail, kabubuhan nari nyawa, kapengin amba raose, sakarate ing wong pêjah, nanging panêdhaning wang, dhatêng Pangeran Kang Agung, lamun amba sampun pêjah. 16. Malaikat Ngijrail. Mendapat permintaan menanya nyawa, hamba ingin merasakan orang mati. Namun permintaanku kepada Tuhan Yang Maha Agung, jika hamba sudah mati 17. Nulya uripna malih, denipun Allah Tangala, yata parmaning Hyang Manon, dhatêng Ngijrail lah iya, ing mangke têkanana, Edris ing panjalukipun, malaekat Ngijrail angucap, 17. Lalu dihidupkan lagi. Atas kemurahan Tuhan, maka diperintahkan kepada Ngijrail: “Sekarang turutilah permintaan Idris.” Malaikat Ngijrail berkata: 18. Lah ta inggih Nabi Idris, karsa tuwan tinurutan, wus kalakon panjaluke, Bagindha Edris ngandika, inggih amba punika, kêpingin kawula wêruh, ing prênahipun naraka. 18. “nabi Idris, keinginanmu dituruti.” Terlaksanalah permintaannya itu. Baginda Idris berkata: “Hamba ingin melihat neraka”. 19. Yata andikane Widhi, lah Ngijrail turutana, Edris iku panjaluke, Bagindha Idris kabêkta, Ngijrail lampahira, wus liwat gène taraju, miwah geneng jabaniyah, 19. Tuhan berkata: “Hai Ngijrail, turutilah permintaan Idris itu.” Baginda Idris dibawa oleh Ngijrail. Perjalanannya sudah sampai di traju dan jabaniyah. 20. Waskitha Bagindha Edris, taraju woting naraka, kalangkung-langkung ajrihe, dhatêng ing Allah Tangala, Nabi Edris ngandika, nênggih amba sampun wêruh, têraju wotèng naraka. 20. Baginda Idris waspada terhadap traju jembatan neraka. Ketakutannya menjadi-jadi. Idris berkata kepada Allah Ta’ala: “Hamba sudah tahu traju jembatan neraka 21. Amba punika yun uning, ing warnanipun suwarga, Ngijrail lingira lon, sun ajrih yèn 21. Hamba juga ingin mengetahui wujud surga.” Ngijrail berkata: “Aku takut
Serat Tapel Adam Jilid 1 58
mangkanaa, Edris binêkta minggah, maring langit kaping pitu, sampun prapta ing suwarga. seperti itu.” Lalu Idris dibawa naik ke langit ke tujuh, dan sampailan di surga. 22. Risaksana Nabi Edris, aningali ing suwarga, langkung kacaryan galihe, kalangkung karasanira, aning luhure suwarga, yata ingacaran wangsul, dhatêng langit kapisan, 22. Sekejap mata Nabi Idris sudah melihat surga. Hatinya merasa senang, merasa sangat betah di atas surga. Kemudian ia dipersilakan kembali ke langit pertama. 23. Ngijrail lingira aris, lah dawêk tuwan wangsula, Bagindha Idris muwuse, pan amba wus kalampahan, sakarat lawan pêjah, naraka uwot taraju, kêlakon amba uninga. 23. Ngijrail berkata: “nah, sekarang Tuan kembalilah.” Baginda Idris berkata: “Hamba sudah terlaksana, sekarat dan mati, jembatan di atas neraka juga sudah tahu. 24. Sadaya amba lampahi, mangke amba wruing suwarga, amba karasan ning kene, yêktine amba lênggana, yèn tuwan ambêktaha, wangsula Ngijrail muwus, inggih ingkang kadi tuwan. 24. Semua sudah hamba alami. Sekarang hamba tahu surga, hamba betah di sini. Sesungguhnya hamba tak mau jika kau bawa kembali.” Ngijrail berkata: “ yang seperti tuan itu 25. Wadine ngapus-apusi, sanggup tuwan tan mangkana, arsa uninga bae, suwarga lawan naraka, wuse mangke tuwan, tan purun ing ngajak wangsul, têka angèbès kewala. 25. Itu rahasia membohongi, kesanggupan Tuan tak begitu, ingin tahu saja surga dan neraka, setelah itu tak mau diajak kembali, akhirnya ingin berlanjut. 26. Lah ta inggih kadi pundi, tuwan minggah awak braja, amba matur ing Hyang Manon, kalawan tuwan mangkana, karasan aning suwarga, sanadyan andika rasul, dèrèng minggah ing suwarga. 26. Ya bagaimana kalau tuan naik berkendaraan angin? Nanti hamba yang meminta pada Tuhan. Tuan betah tinggal di surga, walaupun Tuan rasul tetapi belum naik surga.” 27Yata parmaning Hyang Widhi, dhatêng Ngijrail saksana, lahiya ta didimène, kakasih ingsun ning suwarga, BagindhaEdris iya, sangêt bêktinipun mring ingsun, lan malihe wus kathah. 27Atas kemurahan Tuhan, kepada Ngijrail tuhan berkata: “Biarlah kekasihku di surga. Baginda Idris itu sangat bakti kepadaku dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 59
28. Kabêcikan mring mami, asabar lilah ing dunya, seca lêgawa batine, asih ing sêsaminira, miwah pêkir kasiyan, bêtah maca kitab junum, karaningsun jurung sira. 28. Kebaikannya padaku juga sudah banyak, ia sabar di dunia, hatinya ikhlas, kasih sayang kepada sesama, sayang kepada fakir, tekun membaca kitab Junum. Karenanya, Kuizinkan engkau 29. Têtêpa aning suwarga di, wontên malih cinarita, kang kari anak putune, ingkang kari aning ndunya, sami nangis kèlingan, yata sang eblis tumurun, yêkti sira marahana. 29. Menetap di surga yang tinggi. Diceritalan lagi, anak cucunya yang ditinggal di dunia. Mereka ingat dan menangis. Maka, turunlah iblis dan mengajarinya 30. Arupa pandhita angling, ing putra kelangan rama, yèn ayun bêkti ramane, ndika anggaweya rupa, kadi wong tuwanira, busananana kang bagus, kêncana di akaryaa. 30. Berujud pendeta yang bertutur kepada anak yang sedang kehilangan ayahnya. “ Jika engkau ingin berbakti kepada ayahmu, buatlah patung yang menyerupai orang tuamu. Berilah pakaian yang bagus. Buatlah ia dari emas. 31. dèn sami lan Nabi Edris, tumuli tuwan sêmbaha, dèn sarta lawan balane, kabèh pada anêmbaha, ingêmas kang arupa, pasthi angsal wong puniku, ing barkate kang sinêmbah. 31. Seperti rupa Nabi Idris, lalu sembahlah beserta para pengikutmu. Semua menyembahlah, pasti mendapat berkah dari yang engkau sembah. 32. Sêntana putra nuruti, ing wuruke iblis lanat, sarta lawan sabalane, wus karya tapêl kêncana, pan sampun pinangeran, kalangkung pamulènipun, sami nêmbah ing brahala. 32. Semua anak turunnya menurut ajakan iblis. Semua pengikutnya sudah membuat perwujudan dari emas, dan telah dipertuhan. Mereka sangat memuliakan dan menyembah berhala. 33. Titilare Nabi Edris, kitab ingkang tigang ndasa, punika pan ora kanggo, sampun kawan atus warsa, gènya nêmbah brahala, yata sakathahe kaum, punika pan sami kopar. 33. Kitab peninggalan Nabi idris yang berjumlah tiga puluh, sudah tidak digunakan. Setelah empat ratus tahun meraka menyembah berhala, semua kaumnya menjadi kafir. 34. Kocap putra Nabi Edris, jalu ingkang nama Salkang, pun Salkang gênti putrane, 34. Diceritakan putra Nabi Idris seorang laki-laki bernama salkang,Salkang
Serat Tapel Adam Jilid 1 60
nênggih Sangkir namanira, Sangkir kagêntèn putra pun Masalik putranipun, Masalik sinung nugrahan. digantikan putranya yang bernama Sangkir, Sangkir digantikan putranya uang bernama Masalik. Masalik mendapat anugrah. 35. Nabi Nuh jujuluknèki, pinetang antara nira, ing lamine antarane Nabi Nuh lan Nabi Adam, nênggih antranira, punika pan sèwu tahun, lan malih kawuwusa. 35. Bergelar Nabi Nuh. Pehitungan lamanya antara Nabi Nuh dan Nabi Adam kira-kira seribu tahun. Dan di ceritakan lagi 36. Nabi Nuh ikang linuwih, minulyakên ing Pangeran, pinêdahan ing Hyang Manon, andarbèni ing sarengat, tan katurunan kitab, mung sarengat Nabi Nuh, jujuluk Nuh Nabiyulah. 36. Nabi Nuh yang sangat dimuliakan Tuhan dan dekat denganNya memiliki sariat, tidak diberi kitab, hanya sariat Nabi Nuh di beri nama Nuh Nabiyulah 37. Kapati-pati amardi, ngajak marang kabêcikan, dhatêng sakèhe kaume, samya sami ingajak bêktia, ing Allah murbaning alam, nanging sakathaing kaum, sadaya sami lênggana. 37. Ia sangat bersemangat menganjak berbuat baik kepada semua kaumnya. Mereka diajak berbakti kepada Allah pencipta alam, tetapi semua kaumnya tidak mau. 38. Pamaidone tan sipi, sakathahe kaum ika, lênggana ing prentahe, dhumatêng Nabi Nuh ika, tan ana kang ngidêpa, nanging kaum wolung puluh, ingkang sami nandang iman. 38. Semua membantah, tidak mentaati perintah Nabi Nuh, tidak ada yang menurut, namun ada delapan puluh kaum yang mau beriman. 39. Wolung puluh jalu èstri, kang samya milya agama, ing Nabi Nuh sarengate, saksana Allah Tangala, dawuhkên pangandika, dhumatênging Bagindha Nuh, lah ÊNuh sira maringa. 39. Kedelapan puluh itu laki-laki dan perempuan yang ikut sariat Nabi Nuh. Kemudian Allah Tangala memerintahkan kepada Baginda Nuh : “Hai Nuh, pergilah 40. Ing Masrik tumêka ing Mahrib, sakathahe kaum ira, pada angucapa kabèh, nirua pangucapira, he Nuh sira nêbuta, lailah hailalahu, kalawan Nuh Nabiulah. 40. Ke Masrik ingga Mahrib. Semua kaummu mengucapkanlah menikanmu. “ Hai Nuh berkatalah lailahhailalah dan Nuh Nabiulah. 41. Nabi Nuh manut ing Widi, dyaning ngundangan sêdaya, pada angucapa kabèh, 41. Nabi mentaati perintah Tuhan, semua di undang,dan mengucapkan semuanya.
Serat Tapel Adam Jilid 1 61
ing Masrik pangetanira, Mahrib pangulonira, yata ingundangan sampun, sami kinèn angucapa. Dari Masrik ke timur dan Mahrib ke barat. Setelah mereka berkumpul, mereka disuruh mengucapkan 42. Anuta dhatênging Nabi, ÊNuh nêbut asma Allah, kinèn anirua kabèh, sarupane kaumira, padha sira ngucapa, lailah haillalahu, kang kinèn sami lênggana. 42. Menurut ucapan Nabi Nuh, menyebut asma Allah. Mereka disuruh menirukan mengucapkan lailahhaillah, mereka tidak mau 43. Sadaya atutup kuping, sawênèh lumayu ing alas, tan arsa nut sarengate, ing Nabi Nuh samana, ya ta kapir sadaya, kaume BagindhaÊNuh, kuwalahan amarentah. 43. Semua menutupi telinganya, ada yang berlari ke hutan. Mereka tak mau mengikuti sariat Nabi Nuh. Kaum Nabi Nuh kafir. Nabi Nuh keberatan dalam menyuruh kaumnya 44. Nabi Nuh manahe sakit, dene ingarane edan, tan ingandêl parentahe, mring kaumira sadaya, Nabi matur ing Hyang, ya Pangeran kang mulya gung, tuwan ingkang luwih wikan. 44. Sakit hati Nabi Nuh, dia di anggap gila, tak di ikuti perintahnya oleh kaumnya. Nabi Nuh lapor kepada Tuhan : Hai Tuhan yang mulia dan agung engkau yang lebih tahu 45. Nahan kuwalahan mami, marentahakên agama, dhatêng kaum sakathahe, tan ayun anut ing amba, malah dipun wawirang, amba dhatêng sakèh kaum, ginunêm dalu lan siang. 45. Hamba sungguh keberatan mengajak beragama kepada semua kaum hamba. Mereka tidak menurut kepadaku. Bahkan hamba di permalukan oleh semua kaum hamba, digunjing siang dan malam. 46. Sakèhipun kaum kapir, punika tuwan tumpêsa, dene langkung lêngganane dhumatêng parentah tuwan, Jabrail tumêdhak bêkta parmaning Hyang Agung, Jabrail nulya ngucap. 46. Semua kaum kafir itu musnahkanlah. Karena membangkang perintah Tuhan.” Jabrail turun dengan membawa anugrah Tuhan yang agung. Jabrail mengucapkan 47. Lah Ênuh salam Hyang Widhi, ingkang dhumatêng ing tuwan, wiyose kawula kinon, dening Hyang Kang Maha Mulya, inggih ing mangke tuwan, kinèn madung kayu jedun, tuwan karya abaita. 47. salam dari Tuhan kepada Tuan. Aku diutus oleh yang Maha Mulia, sekarang Tuan disuruh menebang kayu jedundan buatlah perahu. 48. Sawusnya dipun lampahi, ing Nabi Ênuh 48. Pada waktu itu semua perintah sudah
Serat Tapel Adam Jilid 1 62
sêmana, pan kayu jedun agênge, mapan tigang atus asta, kayu saking ing suwarga, kang tinanêm luhur gunung, winadung sinigar-sigar. dilaksankann Nabi Nuh. Kayu jedun besarnya tiga ratus hasta yakni kayu dari surga yang ditanam diatas gunung, kemudian dipotong-potong 49. Sawa wilangane Nabi, sakèhe bahan punika, bahan satunggal tunggale, sami ciri naminira, para Nabi sadaya, wus pinacèk kang pêrahu, mung kurang bahan sakawan. 49. Sejumlah Nabi. Setiap bahan bercirikan nama para Nabi, sudah dipasang diperahu hanya kurang empat bahan. 50. Nabi Nuh ngandika aris, dhumatêng ing putranira, nênggih pun Kawit wastane, lah Kawit sira ngalapa, kayu kang sun karya, gagênêb bêbahan pêrahu, pun Kawit matur ing rama. 50. Nabi Nuh berkata kepada putranya yang bernama Kawit. Ambilah kayu untuk menggenapi bahan untuk perahu. Kawit berkata kepada ayahnya 51. Salamine amba bukti, dèrèng karaos warêga, Nabi Nuh ngandikane,iya sun obahi sira, pun kawi lumaksana, madung kayu sampun rawuh, olèh kayu gêng satunggal. 51. Selama saya makan belum merasa kencang. Nabi Nuh berkata ya aku beriupah kamu. Kawit segera melaksanakan dan setalah memotong kayu yang besar dia datang. 52. Nabi Nuh nulya ngupahi, ing awit apêm tatiga, pun kawit lingipun lon, tiga malih yèn warêga, dhumatêng kawula, nadyan malih wuwuh sèwu, kawula mangsa warêga. 52. Nabi Nuh lalu member upah berupa tiga buah apem. Kawit berkata:” Hanya tiga masak kencang walau saya diberi seribu belum juga kencang”. 53. Nabi Nuh lingipun manis, dhumatêng ing putranira, lah sira mangana age, nanging ta sira parêngna, nêbuta nama Allah, dyan pinangan sarwi nêbut, mung angsul apêm satunggal. 53. Nabi Nuh berkata pada putranya segeralah kamu makan tetapi kamu hanya di izinkan hanya menyebut nama Allah, anaknya dengan menyebut nama Allah hanya mendapatkan satu apem. 54. Mangkana kalipah nèki, pun kawit kinèn macaha, ngangkat mangan ing apême, bismilah hiwama jriha, wamursa apunika, pun kawit nulya amuluk, mung têlas apêm satunggal. 54. Adapun kalifah tersebut, Kawit disuruh membaca dan mengangkat makan apem itu bismilahi wama jriha wa mursaha. Kawit lalu mengambil dan hanya habis satu apem.
Serat Tapel Adam Jilid 1 63
55. Rumangsa warêg pun Kawit, ya ta kayu wus sinigar, sakawan ciri namane, sakabat Nabi Mukamad, Bagindha Adam Bubakar, Ngusman Ngumar Ngali iku, baita sampun kinarya. 55. Kawit merasa kenyang kayu tadi sudah dipotong menjadi empat dengan diberi nama empat sahabat Nabi Muhammad, yakni Baginda Adam Abubakar, Usman dan Ali, perahu sudah dibuat 56. Baita pan sampun dadi, langkung dene kukuh neka, Nabi Nuh baitane, panjangipun sèwuêgas, baita tunda tiga, ingkang inggil cawisanipun, panggenane anak Adam, 56. Perahu sudah jadi, perahu Nabi Nuh sangat kuat panjangnya seribu egas dengan tiga tingkat. Yang paling atas persedian tempat anak Adam. 57. Ngandika Hyang Maha Suci, he Nuh sira undangana, kaumira sarupane, ing Masrik pangetanira, Mahrip pangulonira, yata ingsun dangan sampun, sakèhe kaum sêdaya. 57. Tuhan Yang Maha Suci berkata hai Nuh panggilah semua kaummu dari Masrik ketimur hengga Mahrip kebarat tanyalah semua kaummu 58. Lah sapa arêp urip, lah padha sira islam, anuta ing sarengate, ing Nabi kakasiingHyang, lan sartane munggaha, sira ing luhuring pêrahu, sampune sira undangan. 58. Barang siapa ingin hidup berislamlah kamu turutlah syariat Nabi kekasih Tuhan, dan naiklah kamu semua diatas perahu, setelah kamu panggil 59. Ing sakèing kaum kapir, sadaya wus winangsitan, besuk ana banyu gêdhe, jagad kinêlêm sadaya, anglêbur kaum kapir, lêbur kêlêm dening banyu, nadyan putrane srinata. 59. Semua kaum kafir sudah diberi tahu jika kelak ada air bah, bumi tenggelam, menghancurkan kaum kafir, lebur tenggelam oleh air walaupun anak sekalipun anak raja. PUPUH 07 S I N O M PUPUH 07 S I N O M 1. Sami maido sadaya, sakathahe kaum kapir, lah ing ngêndi ana toya, bature siji nauri, ujare wong dalêming, pituture Nabi Ênuh, ujar dora sêngara, bature siji nauri, Bagindo Ênuh wau kang darbe wirayat. 1. Semua kaum kafir membantah, mana mungkin ada air temannya yang satu berkata itu perkataan orang gila perkataan Nabi Nuh itu bohong. Teman yang satu lagi menjawab Baginda Nuh yang menceritkan.”
Serat Tapel Adam Jilid 1 64
2. Mêtu guntur cinarita, ngêlêbi jagad ing benjing, pelingane saking lêmah, agênge sak lènge dami, nglingipun kaum kapir, sumbêrane aran guntur, pan gumuyu sadaya wong kapir ngina kêpati, wirayat Nabi Nuh iku lênggana. 2. Diceritakan kelak akan muncul Guntur yang menenggelamkan bumi asalnya dari tanah besarnya selubang jerami peringatan pada orang kafir sumbernya bernama Guntur. Semua orang kafir menghina riwayat Nabi Nuh itu dan menolaknya. 3. Allah Tangala ngandika, ing malaekat Jabrail, kinèn ngumpulakên sira, kewan sèwu jodho nulis Jabrail nêkani, dhumatêngBagindhaÊnuh tuwan kinèn mêpêka, kewan sèwujalu èstri, miwah bibit unggahêna ing baita. 3. Allah Tangala berkata pada malaikat Jebril disuruh untuk mengumpulkan hewan seribu jodhoh kemuan Jebril mendatangi Baginda Nuh Tuan disuruh mengumpulkan hewan seribu jantan dan betina, dan juga bibit tanaman yang bagus di naikan ke perahu. 4. Bagindha Nuh atur neka, pan ora kuwasa mami, upami andhatêngana, kewan sèwujalu èstri, kaum amba akêdhik, amung kaum wolung puluh, semah kang mawi iman, Allah Tangala anuli, Jabrail wau kinèn tumandang. 4. Baginda Nuh Menjawab: saya tidak sanggup mendatangkan seribu hewan jantan dan betina. Kaum hamba hanya sedikit dan berjumlah delapan puluh orang yang beriman. Allah Tangala menyuruh Jebril melaksanakan perinta. 5. Nulya amba babar layar, malaekat Jabrail, ngumpulakên sato kewan, sèwujodo jalu èstri, warna-warna gêng alit, sarta lawan jodonipun, suku ro lan suku pat, giniring dening Jabrail, sato kewan kaunggahakên baita. 5. Kemudian aku memasang layar dan malaikat Jebril mengumpulkan binatang seribu jodhoh jantan dan betina berwarna warni besar kecil berserta jodhohnya baik yang berkaki dua maupun berkaki empat semua di giring oleh Jebril dan di naikan di atas perahu. 6. Blêkêdaba karanggeyan, buntute dipun gendoli, dening eblis lanat, namur tènana ningali, yata sêmana runtik, angatag Bagindha Nuh, dhumatêng blêgêdaba, pangatage sarwi runtik, kèh kêbat lah munggaha eblis lanat. 6. Blekedaba ekor di tarik oleh iblis laknat yang tidak terlihat ketika itu Baginda Nuh meminta kepada Blekedaba hai segera naiklah iblis laknat
Serat Tapel Adam Jilid 1 65
7. Blêgêdaba sigra munggah, ing palwa iblis tut wuri, pangrasane angatak, dene Nabi Nuh duka ngling, mila iblis tut wuri, angendoli maring buntut, sêmana sira munggah, sato kewan munggah sami, sawarnanipun kawrating baita. 7. Blagedaba segera naik ke atas perahu iblis mengikuti dari belakang perasaannya mengajak adapun Nabi Nuh marah, maka iblis mengikuti dengan memegangi ekornya. Pada waktu itu semua binatang sudah naik ke dan termuat di adalam perahu. 8. Mapan dadi kawan pangkat, ing sapangkate kanginggil, punika gèning manungsa, jalu kalaan pawèstri, kang sapangkate malih,ênggène bêras lan pantun, kang sapangkate ngandap ênggone sakèhe wiji, ngandap pisan ênggone sato kewan. 8. Dibagi menjadi empat bagian, sebagian diatas tempat manusia laki- laki dan perumpuan, sebagian lagi tempat beras dan padi, bagian bawah tempat benih, dan paling bawah tempat hewan. 9. Sakathahe kaume neka, kang sami, anuting Nabi, sampun, munggah ing baita, jalu kalawan pawèstri, dene kang sami kapir, umate Bagindha Nuh, kèhe tanpa wilangan, mahido tuturing Nabi, sami kapir kang tan munggah ing baita. 9. Semua kaum yang mengukuti Nabi sudah naik di atas perahu baik laki-laki maupun perempuan. Adapun yang kafir jumlah tak terhitung, mereka membantah perkataan Nabi, semua kafir dan tak mau naik di perahu. 10. Wontên wau cinarita, kenahan sinambat wangi, ingandikan dening rama, tan asuwe nulya prapti, sapraptane tinari, wau dening Nabi Ênuh, lah ta paya kenahan, munggah apalwa tumuli, aja mèlu sira kaya kaum kapir. 10. Diceritakan anak yang bernama Kenahan, ia diperintah oleh ayahnya. Tak lama kemudian ia datang lalu disuruh naik di atas perah, jangan mengikuti orang kafir. 11. Umatur sira kenahan, tan arsa amba ing mangkèn, tumuta munggah ing palwa, ya wontên toya upami, nggih kawula ngungsi, dhatêng ing pucuking gunung, rama kadi lêngkara, wirayat tuwan puniki, pintên gênge sumbêran guntur puniki. 11. Kanahan menjawab: saya tak mau ikut diperah, jika ada air aku akan naik di puncak gunung, cerita ayahanda itu mustahil, seberapa besar sumber Guntur itu? 12. Upami gêlêmna jagad, ing Masrik tumêking Mahrip, kintên kawula lingkara, 12. Seandainya menenggelamkan jagat dari Masrik ingga Nahrib, kukira
Serat Tapel Adam Jilid 1 66
ewa mangkana mênawi, bilahi andhatêngi, kawula ngungsi ing gunung, milih ingkang gumiwang, Nabi Nuh ngandika aris, aja sira maidho tuturing bapa. mustahil. Jika bahaya datang aku akan menggungsi di gunung yang tinggi. Nbi Nuh berkata : kamu jangan membantah ayahmu. 13. Tan ana gunung kocapa, kalane kêlêming bumi, saking gaibing Pangeran, barang karsane pan dadi, jagad dadi jaladri, wong kapir kinêlêm banyu, ingkang putra lênggana, ing karsane rama Nabi, pun kenahan jinulukan Unuk sira. 13. Tidak ada ceritanya gunung tenggelam, dari kegaiban Tuhan semua yang dikehendaki terjadi,bumi menjadi samudra orang kafir tenggelam di air. Putranya menolak kemaun Nabi Nuh ingga dijuluki Unuk. 14. Kathah kapir ngungsi ngarga, kang sawênèh nora gingsir, sangêt pamaidonira, dhatêng wirayating Nabi, Nuh amituturi, tan kèdhêp parentahipun, milanipun akathah, umate pan sami kapir, amung wolung ndasa nandang iman. 14. Orang kafir banyak yang menggungsi di gunung sebagian tetap ditempat. Mereaka sangat membantah cerita Nabi Nuh, perintahnya taj dihiraukan. Maka dari itu banyak umatnya yang kafir, hanya delapan puluh yang beriman. 15. Sampun kawrating baita, umate kang anut Nabi, yata Nabi Nuh samana matur ing Hyang Maha Suci, inggih ta kadi pundi, anak amba mbotên anut, yêkti punika pêjah, yata andikaning Widhi, dudu anak ing tan manut maring bapa. 15. Sudah termuat diperahu semua umat yang mengikuti Nabi. Pada waktu itu Nabi Nuh berkata kepada Tuhan Yang Maha Suci : bagaimana anak hamba tidak mau ikut sungguh ia akan mati. Tuhan menjawab : bukanlah anak yang tidak menurut ayahnya. 16. Yata guntur ingkang mêdal, wurine wong adol uthi, duk mancur ing praptala, agênge salènge dami, kathah kapir ningali, angucap sarwi gumuyu, baya iki kang aran, guntur sumbêr saking bumi, mendahane sêmana ngêlêmna jagad. 16. Keluarlah Guntur di belakang orang yang menjual uthi ketika memancar dari dalam tanah besarnya seliang jerami. Banyak orang kafir yang melihat, berkata sambil tertawa: apa ini yang disebut Guntur dari bumi, masak sebesar itu akan menenggelamkan bumi? 17. Sumbêr mancure saking tawang, sumbêr wuwuh wiyar malih, saya wuwuh kathah neka, lumayu sakèhe kapir, yata sêmana 17. Memancarnya bersumber dari angkasa sumber bertambah banyak ingga orang kafir berlaria. Saat itu kemudian
Serat Tapel Adam Jilid 1 67
nuli, guntur sagara jumêgur, dhatêngipun ning toya, kadi rubuh punang langit, duk sêmana tan ana gunung kocapa. Guntur laut menggelegar, datang air bah bagaikan langit yang runtuh, waktu itu sudah tak ada gunung 18. Jagad wus dadi samodra, ing Masrik tumêkèng Mahrib, tan ana daratan kocap, lêbur sakathaing kapir, kang samya ngungsi wukir, jalu èstri samya lêbur, kang wang ting kumambang, awor kewan ingkang mati, kawarnaha ikang wontêning baita. 18. Dunia sudah menjadi samudra dari Masrik ingga Mahrib sudah tidak ada daratan, semua orang kafir lebur, yang menggungsi di gunung laki-laki maupun perempuan juga lebur. Manusia dan hewan mati terampung di air. Diceritakan yang ada di perahu 19. Kacarita panêm candra, Nabi Nuh ngambang jaladri, baita kadi wong towab, amidêr ing pusêr bumi, yata kaume Nabi, sami mêndêm ning pêrahu, palwa kathah tinjanya, manungsa kewan ngisingi, gandanipun jroning palwa bêlarongan. 19. Selama enam bulan Nabi Nuh terapung diatas laut, perahu seperti orang towab mengelilingi pusat bumi semua kaum Nabi, mabuk di dalam perahu. Di dalam perahu banyak kotoran manusia dan hewan. Bau dalam perahu menyèngat sekali. 20. Nabi Nuh mangkya angrasa, jroning palwa kathah najis, Nabi Nuh wau saksana, sirahe gajah ginarit, dening kukune Nabi, mêdal cèlèng èstri jalu, cèlèng dados sitinjo, yata iblis lanat nuli, dase cèlèng ginarit mêdal tikusnya. 20. Nabi Nuh merasakan bahwa di dalam perahu banyak najis, Nabi Nuh segera menyayat kepala gajah dengan kukunya keluarlah babi hutan jantan dan betina, babi hutan menjadi tinja. Iblis laknat kemudian menyayat kepala babi hutan ingga keluar tikus. 21. Sakèhe sangunipun, miwah panganggone mukmin, cinacah tikus sêmana, Nabi Nuh macan ginarit, mêtu sajodho kucing, dadya mamangsa ing tikus, Bagindha Nuh tumingal, eblis kapanggih andêlik, sapa akon eblis sira munggah palwa. 21. Semua perbekalan dan tempat orang mukmin dicacah tikus. Nabi Nuh menyayat harimau keluarlah kucing sejodoh, dan memakan tikus Baginda Nuh melihat iblis bersembunyi “Siapa yang menyuruh kamu naik ke perahui “ 22. Matur sira iblis lanat, inggih tuwan kang ngajani, dak kalane tuwan ngatak, dhatêng 22. Iblis laknat menjawab : “ tuanlah yang mengijinkan tatkala tuan
Serat Tapel Adam Jilid 1 68
blêgêdaba nguni, tuwan ngucap ing kami, kinèn minggah ing pêrahu, blêgêdaba duk munggah, kawula munggah tut mburi, Bagindha Nuh mèsêm karasa ing nala. menyarankan kepada Blegedaba dahulu, tuan berkata kepadaku menyuruh naik perahu. Ketika Blagedaba naik aku juga naik dibelakangnya. Baginda Nuh terseyum terasa di dalam hatinya 23. Risampunipun mangkana, baita anglayap bumi, sêgara cumalèng jagad, alun gêng kagiri-giri, Nabi Nuh angrêdatin, angandika Bagindha Nuh, marêng kaum sadaya, miwah kewan jalu èstri, sarupan aja sahwat ing baita. 23. Setelah itu perahu mengelilingi bumi, lautan menenggelamkan bumi, ombak besar bergulung-gulung. Nabi Nuh berasa sedih dan berkata kepada semua kaumnya dan juga kepada binatang jatan dan betina tidak baik dan jangan sahwat di perahu 24. Wis ingudangan sadaya, sarupane jalu èstri, tan kenging sahwat baita, sangêt pêpacuhe Nabi, mangkana ponang anjing, anelakên jroning pêrahu, anilibakên tingal, yata cinarita kucing, matur ning Nabi Nuh samana. 24. Semua sudah telanjang baik laki-kali dan perempuan tidak boleh sahwat di perahu, itu larangan keras Nabi. Anjing menyatakan dalam perahu bahwa ia tidak jujur melihat. Diceritakan kucing ketika itu melapor kepada Nabi Nuh: 25. Amba matur dhatêng tuwan, sêgawon punika nilib, wontên palwa, kawula uning pribadi, malah gèning rurupit, bramantya Bagindha Nuh, angandika sêngara, sêgawon dèn supatani, aja pocot tumuli sona pajangan. 25. Hamba melapor kepada Tuan. Anjing itu tidak jujur, diperahu berjantanan, hamba melihat sendiri, bahkan tempatnya sempit. Marahlah Baginda Nuh, dengan perkataan yang kasar. Anjing disumpah: “Jangan lepas ketika anjing berjantanan!” 26. Angrungu punang camrêra, duk binenda dening Nabi, ingkang babuka uninga, wau ature sang kucing, sun kalangkung asêrik, anggêmpung atine asu, suna ika sêngara, kucing dipun supatani, muga èstu supataningsun mandiya. 26. Mendengar perkataan itu, ketika mendapat celaan Nabi, yang baru saja mengetahui aporan si kucing: “Hatiku sangat benci, ia menyakiti hati anjing. Anjing ini mustahil demikian.” Kucing pun disumpah, semoga sumpahku istijab. 27. Aja jamak sato kathah, yèn lêlakèn sira kucing, amandi supatanira, yèn lêlakèn punang kucing, kang tan wruh dadi uning, babisikan nguwuh-uwuh, risampuning 27. “Jangan seperti binatang pada umumnya, jika kucing kawin, yang tidak tahu menjadi tahu. Berbisik-bisik berteriak-teriak, setelah itu anjing dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 69
mangkana, sasatron asu lawan kucing, ora atut prapta ing dina kiamat. kucing bermusuhan ingga hari kiamat. 28. Risampunipun mangkana, lamine sampun nêm sasi, kawit saking wulan rêjêb, tanggal tiga wêlas nêggih, kongsi prapta ing sasi, mukarom tanggal sêpuluh, yata Allah Tangala, angandika maring bumi, lah isêpên banyu kang dadi sagara. 28. Setelah itu berlangsung ingga enam bulan, dari bulan rajab tanggal tigawelas ingga Muharam tanggal sepuluh. Allah berkata kepada bumi: “Hisaplah ari yang menjadi lautan.” 29. Saking kodrating Pangeran, bumi kang kadi rumiyin, palwa kandhêg bumi ngêsam, sumende gunung Hudwalil, atas kang punang bumi, Nabi Nuh mangkya tumurun, sarta sakaum neka, sato kewan mudun sami, paksi dara mibêr wangsul maring palwa. 29. Atas kudrat Tuhan, bumi kembali seperti dahulu. Perahu terdampar di tanah Ngesam tersandar di gunung Hudwalil. Nabi Nuh beserta kaumnya lalu turun di daratan. Demikian pula semua hewan turun. Burung dara terbang kemlali ke perahu. 30. Bèbèk mabur tan pamitan, Nabi angandika malih, paksi dara sira uga, tutut cumbu maring janmi, bèbèk ta sira ugi, mibêr datan bisa luhur, risampuning mangkana, wus mudhun sakèhe bibit, Bagindha Nuh ananêm anggur saksana. 30. Bebek terbang tanpa pamit. Nabi berkata: “Burung dara, kamu jinak terhadap manusia. Bebek kamu terbangmu tak bisa tinggi.” Setelah itu, sudah turun semua biji. Segeralah Baginda Nuh menanam anggur. 31. Anggur tuwuh wus rumambat, sang iblis lanat marani, wit anggur punika binêlah, winêlêtan gêtih anjing, winur lan gêtih kinjir, cinarita iblis rawuh, lênggah ing ngarsanira, ing Nabi Nuh sarwi angling, ya Nabi Nuh kathah kabêcikan tuwan. 31. Anggur tumbuh merambat. Sang iblis laknat menghampiri, pohon anggur itu dibelah, dilumuri darah anjing, dicampur darah babi hutan. Diceritakan iblis datang, duduk dihadapan nabi Nuh sambil berkaha: “banyak kebaikan Tuan 32. Kalangkung tarimaningwang, Nabi Nuh ika nauri, paran kabêcikaning wang, eblis lanat anauri, dene tuwan ing nguni, ananêdha ing Hyang Agung, nêdha ing tumpês neka, kaum saidêring bumi, sasat tuwan awèh batur ing kawula. 32. Saya sangat menerima. Babi Nuh menjawab: “Apa kebaikanku?” Iblis menjawab: “Tuan dahulu memnta kepada Tuhan, meminta musnahku, semua kaum di dunia seperti Tuan memberikan kawan padaku.
Serat Tapel Adam Jilid 1 70
33. Sami-sami lawan amba, benjing wontên ing yomani, marga saking tuwan uga, kaum tuwan mati kapir, kêlêm dening jêladri, nalangsa BagindhaÊnuh, nanutuh ing sarira, rumangsa meranging Widhi, pan kadudon polahe marang Pangeran. 33. Bersama-sama denganku kelak di neraka, sebab dari Tuan jua kaum tuan mati kafir, tenggelam di laut.” Terasa sedih hati Nabi Nuh, menyalahkan diri sendiri, merasa malu dan dosa kepada Tuhan. 34. Saya ajrih ing Pangeran, ing siang latri anangis, pan agêng patobat neka, miyarsa tuturing iblis, patine kaum kapir, mêrga ing panêdanipun, Bagindha Nuh samana, tatakon maring sang iblis, lah apa karêp manira ndunya. 34. Ia semakin takut kepada Tuhan. Siang malam menangis dan sungguh-sungguh bertaubat. Mendengar perkataan iblis tentang kematian kaum kafir disababkan ulah dirinya, ketika itu Nabi Nuh bertanya kepada Iblis: “Apa yang kau inginkan tentang dunia?” 35. Matur sira eblis lanat, ing Bagindha Ênuh tumuli, anênggih rêmên kawula, akathah amba rêmêni, pratingkah amba ugi, katura ing Nabi Nuh, nggih kawula winênang dening Hyang Kang Maha Sukci, rêmên amba wong ngadu-adu pitênah. 35. Iblis laknat segera menjawab pertanyaan Baginda Nuh: “Yang kusukai, banyak yang kusukai. Perbuatan hamba juga dikatakan kepada Nabi Nuh. Saya diberi wewenang oleh Tuhan yang Maha Suci. Kesukaanku orang yang mengadu domba memfitnah, 36. Wong tukaran kakêrêngan, punika amba adhêpi, darapon sami dadoso, patèn-pinatenan sami, gênti amba kilèni, kawula adu atarung, lawan rêmên kawula, titiyang nora ngabêkti, sartanipun amangan barang kang karam. 36. Orang saling bertengkar, itu yang kuhadapi agar mereka berdosa, saling membunuh. Lalu ganti kubujuk agar mereka saling berkelahi. Aku juga senang dengan orang yang tidak taat serta makan barang haram. 37. Kalawan rêmên kawula, anêrak parentah Nabi, lawan wong ora jinabah lawan wong kang riya kibir, lan wong cidra ing janji, wong ngumpêt lawan mamêruh, luwih malih wong jinah, kajailan lawan drêngki, nggih punika sasat dulur kawula. 37. Kesukaanku juga kepada orang yang melanggar perintah Nabi, orang tidak mandi janabah, dan orang yang riyak dan takabur, orang yang tak menepati janji, orang yang menyembunyikan kebenaran, terlebih lagi orang berzina, berbuat jahil dan dengki, itu sama saja dengan
Serat Tapel Adam Jilid 1 71
saudaraku. 38. Dene asêngit kawula, wong anut parentah Nabi, anglampahi pakoning Hyang, Nabi Nuh ngandika malih, polahira ing nguni, manira pan ayun wêruh, matur pun iblis lanat, putra Adam nama Kabil, duk samana lênggana ing yayah rena. 38. Adapun kebencianku terhadap orang yang menganut perintah Nabi, melaksanakan perintah Tuhan.” Nabi Nuh kembali berkata: “Perbuatanmu kelak, akan kuketahui.” Iblis laknat menjawab: “Putera Adam dahulu tidak taat kepada kedua orang tuanya. 39. Datan anut ing parentah, inggih amba kang marahi, nuruti sapakon amba, putra Adam nama Kabil, parentah rama Nabi, Adam wau mbotên anut, pun Kabil pêjah kopar, Nabi Nuh ngandika aris, lah ta iblis tuturnaartatinira. 39. Tidak mengikuti perintah, juga aku yang mengajari, menurut semua perintahku. Putera Adam yang bernama Kabil diperintah Nabi Adam yang juga ayahnya tidak mau. Kabil akhirnya mati kafir.” Nabi Nuh berkata lembut: “Nah, Iblis katakana lagi yang menjadi kesukaanmu.” PUPUH 08 D A N D A N G G U L A PUPUH 08 D A N D A N G G U L A 1. Eblis lanat mangke matur malih, kala Kabil anut ing kawula, dhingin kawula kèn gawe, tapêl kêncana lurus, dipun pindha-pindha kang warni, kang rama Nabi Adam, pasang sêmunipun, sampune dadya brahala, amba ngucap mituturi dhatêng Kabil, mapan sudarmanira. 1. Iblis laknat berkata lagi, ketika Kabil mengikuti aku, terlebih dahulu aku suruh membuat patung emas yang bagus, yang bentuknya menyerupai Nabi Adam ayahandanya. Setelah menjadi berhala, saya memberi nasehat kepada Kabil karena beliau adalah orang tuamu. 2. Nabi Adam purwane duk nguni, wruhanira ramanira Adam, iya tapêl kang ginawe, lah inggih milanipun, sira Kabil kula kèn kardi, warna tapêl kencana, lah ta iya iku, gawenên Pangeranira, sujudana sêmbahên raina wêngi, poma lah èstokna. 2. Dahulu ayahmu Nabi Adam terbuat dari patung tanah liat, itulah sebabnya Kabil saya suruh membuat patung dari tanah liat, jadikanlah Tuhanmu, sembahlah siang dan malam. Sungguh kerjakanlah hal itu. 3. Wêling amba dhatêng ing Kabil, poma lamun ramanira Adam, yèn marani atatakèn, 3. Pesanku kepada Kabil, apabila ayahandamu Adam mendatangimu dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 72
aja sira angaku, lamun sira sujud ngabêkti, mangeran ing brahala, aja sira ngaku, brahala kasingitna, nuntên tinut sapakèn amba ing Kabil, anêmbah ing brahala. bertanya, janganlah engkau mengaku kalau kamu bersujud dan menyembah berhala sebagai Tuhanmu, sembunyikanlah berhala itu. Setelah perintahku dikerjakan Kabil yaitu menyembah berhala 4. Nulya matur ingkang nama Kabil, amba nora nêmbah brahala, Adam wus mirsa wuwuse, lah poma anak ingsun, aja sira ngidhêp-idhêpi, aja nêmbah brahala, têmah kapir kupur, sira nêbuta ing Allah, iya iku Pangeranira sêjati, kang murba amisesa. 4. Kemudian Kabil berkata, saya tidak menyembah berhala, Adam berkata, lah sungguh anakku, janganlah kamu mengagungkan dan menyembah berhala, akan menjadikan kafir kufur. Sebutlah nama Allah, Tuhan yang menciptakan dan menguasai. 5. Yata Kabil ature akilip, mbotên sêdya anêmbah brahala, pun Kabil lamun tinakèn, asangêt tanpa ngaku, dupi kundur kang rama Nabi, sapungkure kang rama, Kabil nulya sujud, anêmbah tapêl kêncana, apan amba kang tinutipun Kabil, tan anut maring rama. 5. Kabil berkata bohong, tidak menyembah berhala, apabila Kabil ditanya tidak mengakui, apabila ayahandanya pergi Kabil segera bersujud menyembah patung emas, karena Kabil patuh padaku dan tidak patuh pada ayahandanya. 6. Wontên malih sadèrènge Kabil, èstri jalu kang apelak-pelak, anilip saking ramane, pan saking marmanipun, ingkang ala olèha bêcik, mangke lunga angrangkah, kang ayu abagus, pan kalih dasa kêmbaran, lami-lami kang lunga awangsul malih, arsa tobat ing rama. 6. Ada lagi sebelum Kabil, perempuan dan laki-laki, berbohong pada ayahnya, itulah sebabnya, yang jelek menjadi baik, kemudian pergi menutup diri, yang baikberjumlah dua puluh pasang, lama-kelamaan pergi dan kembali lagi ingin bertobat kepada ayah. 7. Nuntên kawula adhang ing margi, pan kawula mindha-mindha Adam, angaku wongatuwane, nuntên kawula wuruk, lamun sira anut ing kami, idhêping yayah rena, wus narima ingsun, minangka gagêntèningwang, agawea rurupan kang kadi mami, lah sira 7. Kemudian saya hadang di jalan, saya menjelma menjadi Adam, mengaku sebagai orangtuanya, kemudian saya ajari kalau kamu patuh pada kami berarti menghormati ayah ibu, saya sudah berterima kasih dan sebagai gantinya,
Serat Tapel Adam Jilid 1 73
mangerana. buatlah patung seperti saya dan sembahlah. 8. Kalampahan sêdhèrèke Kabil, sami nuruti wuruk kawula, nulya wangsul ing prênahe, kenging rancananingsun, yata sampun ature eblis, lan malih cinarita, wau Bagindha Nuh, Allah Tangala ngandika, hèh Djabrail konên anggawea masjid, sarta sakaumira. 8. Sungguh terjadi, Saudara Kabil semua patuh pada ajaran saya, kemudian kembali ke rumahnya dan sudah terkena perangkapku. Itulah perkataan iblis itu. Dan ganti yang diceritakan Allah Tangala berfirman hai Jabrail Nabi Nuh dan kaumnya perintahlah membuat masjid. 9. Abahane pêrahu kinardi, Jabarail pan umêdhun sira, Jabrail iku wuwuse, ya Nabining Hyang Agung, salaming Hyang dhatêng ing Nabi, tuwan kinèn karyaa, ing masjid puniku, sarta kaum kawan dasa, bahanipun baita andika kardi, gawe panggenanira. 9. Dasar perahu sudah dibuat, Jabarail turun dan berkata ya Nabi yang dimuliakan Allah, perintah dari Allah, Baginda dan kaummu yang berjumlah empat puluh orang itu diperintah membuat masjid serta membuat dasar dari perahu sebagai tempatmu, 10. Pakumpulane wong angabêkti, Bagindha Nuh sampun lumaksana, pan sampun dadi masjide, wontên malih winuwus, Bagindha Nuh pan sampun lami, mulih kêrahmatollah, dene umuripun, sangang atus sangang warsa, sajênênge katurunan Jabarail, ping sèkêt sajênêngnya. 10. perkumpulan orang-orang yang beriman. Perintah sudah dilaksanakan, masjid sudah jadi. Dan ganti yang diceritakan, Baginda Nuh sudah lama wafat pulang ke Rahmatullah dalam usia sembilan ratus sembilan tahun, selama menjadi, diturui Malaekat Jibril selama limapuluh kali. 11. Putranipun Nabi Nuh anênggih, andum paran sami papisahan, yata kang putra arane, Hesam kêkasihipun, dhatêng tanah Ngarap anênggih, ing Ngêrum lawan Ngajam, malih namanipun, pun bawi ing tanah Bustam, nama Yatik punika anglulurahi, Turki lawan Ngabesah. 11.Semua anaknya Nabi Nuh berpisah, yang bernama Hesam pergi ke tanah Arab, Rum dan Ajam, yang bernama Bawi ke tanah Bustam, sedangkan Yatik memimpin Turki dan Ngabesah. 12. Putranipun Nabi Nuh kang mati, kêlêm toya nama pun Kênahan, inggih Unuk 12. Anak Nabi Nuh yang meninggal karena tenggelem di air bernama
Serat Tapel Adam Jilid 1 74
jujuluke, pan kantun anak putu, kang patutan Unuk kang rabi, kadadehane garwa, ing mujijatipun, Nabi Nuh kala sêmana, pun Kênahan putranipun sami mutih, aran Wangi Mraniyah. Kenahan hasil pernikahan dengan istrinya bernama Unuk yang lahir karena mujijat Nabi Nuh. Sedangkan anak dari Kenahan bernama Wangi Mraniyah. 13. Yata putra Bagindha Nuh nguni, ingkang nama Hesam apêputra, pun Pasani aputrane, nênggih Pasan puniku, apêputra Palehan nênggih, Paleh iki apêputra, ingkang nama Rungu, sira Rungu apêputra, pan saru-saru puputra paku nenggih, Paku puputra Kajar. 13. Anak Baginda Nuh yang bernama Hesam mempunyai anak bernama Pasani. Pasani mempunyai anak bernama Palehan, Paleh mempunyai anak bernama Rungu, Rungu mempunyai anak bernama Saru, Saru mempunyai anak bernama Paku, Paku mempunyai anak bernama Kajar. 14. Wontên ingkang cinarita malih, akakasih ta sang ratu Darham, agêng aluhur dêdêge, pan langkung kuwatipun, ajujuluk sri narapati, sang raja Unlul Anwat, satus gas kang luhur, nênggih mangkya akukutha, prênahipun ing pucuking gunung wêdhi, sakinging kuwatira. 14. Ada lagi yang diceritakan, yaitu Raja Darham, orangnya tinggi besar dan sangat kuat bergelar Raja Unlul Anwat, tingginya seratus gas, dan tinggal di puncak gunung pasir. Karena kuatnya 15. Gunung wêdhi binêdol tumuli, dipun uncalakên nèng sagara, atêmah rata bumine, dadi kutha abagus, sri kawuryan tanduran dadi, ing nagara punika, pitung atus taun, tan ana wong ingkang pêjah, tan uninga tan arsa ing uwong mati, sami nêmbah brahala. 15. gunung pasir diangkat dan dilemparkan ke bumi. Bumi menjadi rata tanahnya, menjadi kota yang indah, tanaman sangat subur. Di negara tersebut selama tujuh ratus tahun tidak ada orang yang meninggal dan semua menyembah berhala. 16. Yata Allah andadèkkên Nabi, nênggih Nabi Hud Alaihi Salam, Nabi Hud apti karsane, asru pangajakipun, mandjing Islam agama suci, nanging ta kaumira, tan ana kang purun, Nabi Hud lingipun ngucap, anêbuta ing Allah Kang Maha Suci, aja 16. Kemudian Allah menurunkan nabi yaitu Nabi Hud Alaihi Salam. Nabi Hud ingin mengajak kaumnya masuk agama Islam tetapi tidak ada yang mau. Nabi Hud berkata sebutlah nama Allah yang Maha Suci, jangan menyembah berhala.
Serat Tapel Adam Jilid 1 75
nêmbah brahala. 17. Satuhune brahala puniki, siya-siya agawe duraka, panggawe iblis jatine, nêbuta sira iku, nama Allah Kang Maha Suci, ingkang karya ing sira, kang gawe maringsun, kang awèh sandang lan pangan, asung urip miwah ingkang asung pati, kang aniksa angganjar. 17. Sesungguhnya berhala ini membuat durhaka karena dibuat oleh iblis, sebutlah nama Allah yang Maha Suci, yang menciptakan kamu dan aku, yang memberi sandang dan pangan, yang memberi hidup serta mati, yang menyiksa dan memberi pahala. 18. Kaumipun Nabi Hud tan apti, angidhêpa sadaya lênggana, asangêt pamaidone, sakèhe kaumipun, samya kinèn agama suci, aja nêmbah brahala, kapir jatinipun, idhêpira siya-siya, sakèh kaum sadayanipun sakêthi, samya kapir sadaya. 18. Kaum Nabi Hud tidak mau patuh, semua tidak percaya disuruh masuk agama suci dan jangan menyembah berhala karena sesungguhnya itu kafir dan sembah yang sia-sia. Kaum yang berjumlah seratu ribu itu kafir semua. 19. Nabi Hud karepotan amardi, dene kaum samya alênggana, tan anut ing Pangerane, Nabi Hud mangke muwus, dudu karsanipun pribadi, iku pakoning Allah, dhumawuh maringsun, sakèhe kapir sadaya, sakèhe kaum anauri sami runtik, hèh Nabi Hud ta sira. 19. Nabi Hud kerepotan mencari cara, karena semua tidak mau taat pada Tuhan. Nabi Hud berkata ini bukan keinginanku sendiri melainkan atas perintah Allah melalui saya. Semua kaum yang kafir itu sangat marah, he Nabi Hud kamu 20. Iya kudu marentah ing kami, ingsun ora anuting ta sira, nganggo kawruh ingsun dhewe, mapan kaluhuringsun, iya ingkang kawuri-wuri, anêmbah ing brahala, milane katèngsun, anêmbah maring brahala, lamun tuwan arsa nyêlamakên mami, lah ingsun nêdha udan. 20. memerintah pada kami, kami tidak akan patuh padamu, kami memakai ajaran kami sendiri, karena leluhur kami sudah sejak dulu menyembah berhala, makanya kami menyembah berhala. Apabila tuan ingin mengislamkan kami, kami mempunyai minta hujan. 21. Nêdha udan pan padha samangkin, gêlêm amba samya nuting tuwan, pundi tandha mukjijate, mangkanaBagindha Hud, ananêdha maring Hyang Widhi, amba anêdha udan, yata tan adangu, adêrês kang 21. Sekarang juga kami minta hujan, kami akan patuh pada tuan, sebagai tanda mujijatmu. Kemudian Baginda Hud memohon kepada Allah, hamba minta hujan. Tidak lama kemudian, hujan deras
Serat Tapel Adam Jilid 1 76
punang udan, lir pinusus kapir sadaya samya ngling, hèh Nabi Hud ta sira. datang. Orang kafir kebingungan dan berkata he Nabi Hud kamu 22. Bisa têmên sira gawe sandi, bisa têmên karya jêjanturan, udan iku sulap bae, mangkana ta Nabi Hud, langkung sakit kraos ing galih, matur dhatêng Hyang Suksma, lamun ingkang kaum, kapir maido sadaya, yata Allah Tangala asung bilai, maring ing kaum kopar. 22. sangat pandai membuat tipu muslihat, hujan itu hanyalah tipuan. Seketika itu Nabi Hud sangat sakit hati dan memohon kepada Allah karena kaum kafir semua tidak percaya. Kemudian Allah Tangala memberi bencana kepada kaum kafir 23. Larang pangan sarta gêgêring, kaum ingkang pitung dasa ika, ingkang anut parentahe, kang anut ing Nabi Hud, ingkang luput dening gêgêring, amurah kang pinangan, tulus kang tinandur, nanging kapir kapailan, larang pangan gêring pan kathah kang mati, dumadi apuyêngan. 23. susah pangan dan banyak orang sakit. Kaum yang berjumlah tujuh puluh yang taat kepada Nabi Hud, terhindar dari sakit, murah pangan dan semua yang ditanam tumbuh baik. Sedangkan kafir mengalami paceklik, susah pangan dan banyak orang sakit kemudian meninggal yang menyebabkan sengsara. 24. Dadi apês tan bêtahing ngêlih, kaum kapir sakêthi punika, sami angrêbut uripe, titiyang pitungatus, kang lumayu sami angungsi, anut agama Islam, dhatêng Bagindha Hud, liyane maksih lênggana, nanging tiyang pitungatus kang angungsi, sami anandhang iman. 24. Karena sengsara dan tidak dapat menahan lapar maka kaum kafir seratus ribu itu merebut makanan orang tujuh ratus yang lari mengungsi kepada Baginda Hud yang masuk agama Islam. Selain ke tujuh ratus orang yang mengungsi itu belum mau beriman. 25. Allah Tangala pan asung wangsit, dhatêng Nabi Hud duk ing samana, sira lungaa dèn age, lawan sakèhe kaum, ingkang anut agami suci, iku gawanên lunga, dene saliyaniku, hèh ta Hud kawruhanira, ana angin kaliwat gênge kang angin, bilaine Pangeran. 25. Allah Tangala memerintah kepada Nabi Hud, kamu segeralah pergi bersama kaummu yang menganut agama suci, ajaklah semua, ketahuilah hai Hud, akan datang angin ribut yang sangat hebat, laknat dari Allah. 26. Angandika Allah Maha Suci, lah Hud sira kapir undhangana, raja Darham 26.Allah yang Maha Suci berfirman, Hud kamu undanglah para kafir yaitu Raja
Serat Tapel Adam Jilid 1 77
sabalane, yèn èstu ora anut, yata kêna dening bilai, Nabi Hud lumaksana, dyan nulya amuwus, lah iya Sang Raja Darham, lah anuta sira ing kakasih mami, nêbuta nama Allah. Darham beserta balatentaranya, kalau sungguh tidak patuh, akan terkena laknat. Nabi Hud segera menjalankan perintah, dan berkata, Raja Darham kamu patuhlah pada Tuhanku, sebutlah nama Allah. 27. Yata Nabi Hud ngandika aris, dhatêng kaum ingkang nandhang iman, sampun winangsitan kabèh, lan malih Bagindha Hud, wali-wali mangsiti kapir, padha sira tobata, anuta maringsun, ngungsia nagara Islam, wruhanira mangke ana bilai, ageng punang maruta. 27. Nabi Hud berkata kepada kaumnya yang beriman, semua sudah diberitahu dan Baginda Hud berkali-kali sudah memberitahu orang-orang kafir, kamu semua bertobatlah patuh kepadaku, mengungsilah di negara Islam, ketahuilah akan ada bencana angin ribut yang sangat hebat. 28. Amaido sakathahe kapir, hèh Nabi Hud bisa têmên sira, anggawe sulap kasêktèn, sang raja Darham muwus, batur aja sira pêraki, têmah kinèn anuta, maring Bagindha Hud, risampunipun mangkana, Bagindha Hud sakaumipun angungsi, maring nagari liyan. 28. Orang-orang kafir tidak percaya, he Nabi Hud kamu sungguh pandai membuat tipuan kesaktian. Raja Darham berkata balatentaraku kamu jangan dekat-dekat, nanti kamu disuruh mengikuti Baginda Hud. Setelah itu Baginda Hud beserta kaumnya mengungsi ke nagara lain. 29. Sakèh kapir sami nyanyampahi, aja sira maras atinira, padha dèn wêdèni bae, dènira Bagindha Hud, ana ngucap ta wong sapalih, hèh batur wong sêmana, bêcik-bêcikipun, amêndhêma awakira, kang akukuh mênawi têmên nêkani, wadehane mêndêma. 29. Semua orang kafir mencaci maki, janganlah kalian kawatir, kalian hanya ditakut-takuti oleh Baginda Hud. Sebagian orang berkata: he teman, lebih baik kamu kubur badanmu yang kuat, apabila benar terjadi, lebih baik kita berjaga-jaga mengubur badan. 30. Risaksana sakathahe kapir, sami wonten pinggiring luwangan, sami mêndhêm ing awake, Darham malêbèng sumur, sela ingkang kinarya tindhih, yata kapir sadaya, wau sami muwus, mangsa angibêrna, ing 30. orang-orang kafir segera ke tepi lubang, ada yang mengubur badannya, Darham masuk ke dalam sumur, di atasnya ditutupi batu. Semua kafir berkata tidak mungkin angin bisa
Serat Tapel Adam Jilid 1 78
manusa saha punang angin, sami mêdhêm ngaluwat. menerbangkan manusia. Semua mengubur badannya di lubang-lubang. 31. Yata saking bilaining Widhi, yata Allah mangke angandika, ing malekat sakathahe, pitung lêksa kèhipun, ingkang têngga tutuping angin, kinèn amêngakêna, ing lèng-lènganipun, aja ciut aja amba, wêngakêna lènge sairunge sapi, kang têngga matur ing Hyang. 31. Laknat dari Allah, Allah berfirman kepada malaikat penunggu angin yang berjumlah tujuh puluh ribu, disuruh membuka lubang-lubang, jangan terlalu kecil dan jangan terlalu besar, bukalah selebar lubang hidung sapi. Penunggu angin berkata kepada Allah 32. Malaekat kang têngga angin, kêsangêtên upami mêngaa, sairung sapi wiyare, rusak ing têmahipun, jagad tuwan katêmpuh angin, ical isine dunya, katut sirna larut, Allah Tangala ngandika, wêngakana sak lènging ali-ali, matur malih sadaya. 32. Malaikat penunggu angin, terlalu lebar apabila dibuka selebar lubang hidung sapi, kerusakannya akan sangat parah, dunia yang diterjang angin akan hilang seisinya, hancur lebur. Allah Tangala berfirman, bukalah selebar cincin, berkata lagi 33. Malaekat kang têngga angin, ya Pangeran kang luwih wikan, kawiyarên sapamine, yèn mêngaa kang tutup, salèngipun kang ali-ali, satêmahipun rusak, jagad tuwan gêmpur, katut dening samirana, angandika Pangeran Kang Maha Suci, lah sira wêngakêna. 33. Malaikat penunggu angin, ya Tuhan yang Maha Mengetahui, masih terlalu lebar apabila dibuka selebar cincin, dunia akan hancur lebur diterjang angin. Tuhan Yang Maha Suci berfirman, lah bukalah 34. ing sak lènge dom aja gingsir, risaksana kang para malekat, angidêraken tutupe, salènge dom wiyaripun, yata têrus ing pitung bumi, mêmbarêng kang maruta, saya adrês nêmpuh, kawit têka lon-lonan, maring nêrang kang kapir samya angling, angin iki akêbat. 34. selebar lubang jarum, jangan menolak. Malaikat segera membuka tutupnya selebar lubang jarum sampai ke tujuh bumi, bersamaan datangnya angin, mula-mula hanya pelan semakin lama semakin kencang menerjang para kafir. Orang-orang kafir berkata angin ini sungguh kencang. 35. Lah ta batur pada ngati-ati, angin iki kaya ngabêrêna, maring ing wong batur 35. Lah para prajurit berhati-hatilah, angin ini sepertinya bisa menerbangkan
Serat Tapel Adam Jilid 1 79
kabèh, saksana nora dangu, prahara gêng ingkang nêkani, wong kapir apuyêngan, pan pêluk- pinêluk, tambah polah tingkahira, cinarita pitung dina pitung bêngi, agêng punang maruta. kita semua. Tidak lama kemudian datanglah angin ribut, orang-orang kafir kebingungan, tingkahnya salang tunjang. Diceritakan angin ribut terjadi selama tujuh hari tujuh malam. 36. Bilaine Pangeran dhatêngi, kapir ingkang sami kasangkala, ingkang mêndêm ing awake katêmpuh angin larut, duk malêsat katuting angin, katut dening prahara, pan saengga kapuk, sampun jangkêp pitung dina, pitung bêngi wong kapir tan ana kari, raja Darham wus sirna. 36. Laknat Allah sungguh terjadi, kafir yang mengubur badannya berterbangan tertiup angin kencang seperti kapas yang tertiup angin. Selama tujuh hari tujuh malam angin kencang terjadi, dan semua kafir binasa tidak ada yang tersisa, Raja Darham juga binasa. 37. Samya pinêndhêm pinggir bênawi, yata sami katuwuhan kurma, mayite wong kapir kabèh, kalane lêma lêbur, risampune alami-lami, Bagindha Hud pralena, nênggih umuripun, Bagindha Hud anèng dunya, kalih atus pitung dasa warsi, tan ketang wiwingkingan. 37. Semua dikubur dipinggir sungai, di atas kuburan mayat orang-orang kafir ditumbuhi kurma. Setelah beberapa lama Baginda Hud wafat, usianya di dunia mencapai 70 tahun. PUPUH 09 P A N G K U R PUPUH 09 P A N G K U R 1. Wontên malih cinarita, Nabi Salèh tatkalanipun nguni, marentah ing kaumipun, sami kinèn anuta, ing parentah Nabi Salèh kaumipun, junun anandhange iman, anuta agama suci. 1. Ada lagi yang diceritakan, dahulu ketika Nabi Saleh memerintah kaumnya supaya mengikuti ajarannya, disuruh beriman dan menganut agama suci. 2. Anêbuta nama Allah, nora nana kang pinangeran malih, sira manuta maring sun, mapan têpane ana, duk ing nguni umating Bagindha Nuh, kinêlêm dening Pangeran, Sabab nora anut Nabi. 2. Sebutlah nama Allah, tidak ada Tuhan selain Allah, ikutlah ajaranku, karena sudah ada contohnya, dahulu umat Baginda Nuh ditenggelamkan oleh Allah karena tidak menganut pada ajaran nabi. 3. Têpa malih iya ana, umatipun Nabi Hud duk ing nguni, tan anuting Nabinipun, 3. Contoh lainnya, umat Nabi Hud dahulu juga tidak menganut Nabinya, kemudian
Serat Tapel Adam Jilid 1 80
rinusak ing Pangeran, duk tinêmpuh dening angin sirna lêbur, ya ta kaume sadaya, sami ika anauri. dibinasakan oleh Allah dengan angin ribut, semua kaumnya binasa. Kemudian semua kaum menjawab. 4. Ambayun anuting tuwan, nanging amba punika yun udani, lah pundi mujijatipun, ingkang kawula têdha, tuwan nyipta unta mêdal saking watu, sartane unta punika, anak-anak anusoni. 4. Saya ingin menganut pada tuan, tetapi saya ingin tahu mana mujijatnya, saya minta tuan menciptakan unta dari batu serta unta-unta tersebu menyusui anak-anaknya. 5. Susune unta punika, dipun sarta kênaha dene puhi, marêk kana pitung dhusun, puhanipun kang unta, lan malihe kang watu tuwan cipta iku, kang mêdal unta punika, nulya tuwan cipta malih. 5. susu unta tersebut harus bisa untuk mencukupi tujuh desa, dan batu yang tuan ciptakan menjadi unta itu tuan jadikan lagi 6. Wau dadosa têlaga, lan dadi pangangsone wong sami, punika kang amba jaluk, Nabi Salèh sêmana, ya ta kèndêl pitênggêngên tanpa muwus, rumangsa ora kaduga, yata rawuh Jabrail. 6. menjadi telaga dan menjadi tempat orang-orang mengambil air, itulah yang saya minta. Nabi Saleh pada waktu itu hanya diam terpaku, merasa tidak mampu kemudian Jabrail datang. 7. Mbêkta parmaning Pangeran, yata ngucap malaekat Jabrail, kang dèn jaluk dening kaum, lah tuwan sanggupana, tiyang pitung desa ingkang dipun jaluk, liyane kang pitung desa, akathah manjing agami. 7. membawa anugrah Tuhan, Malaikat Jabrail berkata, yang diminta oleh kaum di tujuh desa itu tuan sanggupilah, selain orang-orang di tujuh desa itu banyak yang menganut agama 8. Tuwan sanggupana uga, saking pangandikaning Hyang kang luwih, Jabarail musna sampun, Nabi Salèh ngandika, dhatêng kaum pitung desa kang andulu, kasêktènipun samana, ing Bagindha Salèh uning. 8. tuan sanggupilah juga atas firman dari Allah yang Maha Agung. Jibril sudah pergi, kemudian Nabi Saleh berkata kepada kaum tujuh desa yang ingin melihat kesaktiannya, pada waktu itu Baginda Saleh mengetahui 9. Dhatêng kaum pitung desa, apêpak kang wontên ngarsane Nabi, Bagindha Salèh amuwus, mring kaum pitung desa, sira pada jêjaluk mring jênêng ingsun, yèn tinêka 9. kaum tujuh desa sudah penuh di depannya, kemudian Nabi Saleh berkata kepada kaum tujuh desa tersebut, kalian minta padaku, kalau dikabulkan oleh
Serat Tapel Adam Jilid 1 81
dening Allah, poma sira aja gingsir. Allah, sungguh kalian jangan ingkar, 10. Ing sawawêkas manira, marang sira kaum sadaya angling, inggih amba dhatêng anut, ing saparentah tuwan, yèn katêkan ing panêdha ulun wau, Nabi Salèh angandika, sun têdakkên ing Hyang Widhi. 10. pesanku kepada kalian. Semua kaum menjawab, iya kami akan menganut semua perintah tuan, jika dikabulkan semua permintaan kami. Nabi Saleh berkata, saya akan memohon kepada Allah. 11. Pêpak kaum pitung desa, samya ngadhêp ing ngarsa kanan kering, ngêpung ngadhêpake watu, risaksana tinêbah, ponang sela bantar risaksana mêtu, untapna amung satunggal, anak-anak anusoni. 11. Kaum tujuh desa sudah lengkap berkumpul di depan, kanan, kiri mengelilingi batu, batu segera ditebak, keluarlah satu menyusui anak-anaknya. 12. Biyang anusoni anak, sarta sela cinipta dening Nabi, mêdal sumbêr toyanya gung, sampun dadya têlaga, wus tinêkan panjaluke kaumipun, Bagindha Salèh ngandika, mring kaum samya winêling. 12. Induknya menyusui anaknya, serta batu diciptakan Nabi keluar sumber airnya yang sangat besar dan sudah menjadi telaga. Permintaan para kaum terkabul. Nabi Saleh berpesan kepada para kaum 13. Wêwakas ingsun mring sira, lah rêksanên unta ingkang gêmati, ing raina lawan dalu, yèn sira angrusaka, marang unta poma-poma wêkasingsun, utawa sira sêdyaa, maring unta amatèni. 13. Nasehatku pada kalian, peliharalah unta ini dengan baik siang dan malam, apabila kalian menganiaya atau sampai membunuh unta 14. Pasti yèn bilai sira, sinung laknat binêndoning Hyang Widhi, kapir patinira besuk, yèn sira nganiaya, maring unta amrih sira patinipun, wong pitung desa winêkas, sadaya winêling-wêling. 14. pasti kamu akan celaka, akan dilaknat oleh Allah, besuk kalau kamu meninggal akan menjadi kafir, apabila kamu menganiaya atau sampai membunuh unta. Itulah pesan untuk orang-orang di tujuh desa. 15. Risampunipun mangkana, punang unta langkung dèn gêmatèni, dêrês duduh susunipun, dèn apuh sabên dina, wade puhan maring desa liyanipun, wong pitung desa 15. Setelah itu, unta sangat dijaga, air susunya sangat banyak, diperas setiap hari dan dijual ke desa lainnya. Semua orang di tujuh desa tersebut menjadi
Serat Tapel Adam Jilid 1 82
punika, yata sami sugih-sugih. kaya. 16. Guna saking wade puhan, sugih êmas salaka wastra adi, dhatêng Kawan atus taun, lamine cinarita, risampuning mangkana wonten winuwus, kapir ing desa liyan, angsal pituturing iblis. 16. dengan menjual susu menjadi kaya akan emas, dan harta benda sampai berlangsung empat ratus taun. Setelah itu diceritakan lagi kafir di desa lain mendapat hasutan iblis 17. Akarya sandiupaya, kapir nênêm sinurupan ing iblis, yata sami rêmbugipun, kapir nênêm punika, linge iblis bêktaakancana Agung, sira ajaka rowang, kang saminira wong kapir. 17. membuat tipu muslihat. Enam kafir dirasuki iblis dan mereka berembug. Iblis berkata bawalah emas yang banyak, ajaklah temanmu yang sama-sama kafir. 18. Mangkana ngulari daya, kapir nênêm sadaya wus miranti, ambêkta kêncana Agung, kapir nênêm punika, wus lumampah wong pitung desa jinujuk, kapir nênêm angsal prênah, unta arsa dèn patèni. 18. Begitulah mereka mencari cara. Keenam kafir itu sudah siap membawa emas yang banyak, dan sudah berjalan menuju ke tujuh desa, langsung menuju tempat unta, unta akan dibunuh. 19. Karya sandi numbas puhan, kaum pitung desa dèn sêmarani, wus kêna marêng andulu, ing prênahipun unta, kapir nênêm punika darbe wuwus, dhateng kaum pitung desa, ingsun arsa amatèni. 19. Pura-pura membeli susu, kaum tujuh desa sudah terkena tipu muslihat, setelah melihat tempat unta, keenam kafir itu berkata kepada kaum tujuh desa itu, saya ingin membunuh 20. Ing rasêksanira unta, sumbalinga yèn unta maksih urip, sira pinarentah anut, ing Nabi Salèh nika, kaum kang pitung desa samya muwus, lah iya sakarsanira, nora akon nora mênging. 20. unta peliharaanmu, karena apabila unta masih hidup, kalian diperintah menganut Nabi Saleh. Kaum tujuh desa berkata iya terserah kamu, kami tidak menyuruh dan tidak melarang. 21. Wong kapir nênêm punika, asung êmas prênahe wus miranti, mangkana kang unta nginum, toya lan anakira, kapir nênêm marani unta kang minum, sigra kang unta tinumbak, kapisanan angêmasi, 21. Keenam kafir itu memberi emas yang sudah dipersiapkan. Setelah unta dan anaknya meminum air, unta tersebut ditombak dan langsung mati. 22. Sampuning kang unta pêjah, kapir nênêm wau sami angungsi, miwah ta wong 22. Setelah unta mati, keenam kafir itu pergi mengungsi, setelah itu anak dari
Serat Tapel Adam Jilid 1 83
pitung dhusun, sampunipun mangkana, unta wau pan anakipun lumayu, maring wana ngungsi arga, pan malih ping tiga muni unta tersebut lari ke hutan mengungsi ke gunung dan juga bersuara tiga kali. 23. Kagèt Nabi Salèh wikan, unta wau pinatèn dening kapir, angandika maring kaum, wau kang pitung desa, kinèn mêjahana kapir nênêm wau, ingkang amatèni unta, Nabi Salèh langkung runtik. 23. Nabi Saleh kaget mengetahui unta telah dibunuh oleh para kafir, kemudian berkata kepada kaum tujuh desa, disuruh membunuh keenam kafir yang telah membunuh unta tersebut. Nabi Saleh sangat marah. 24. Ya ta kaum pitung desa, alênggana tan purun amatèni, dene wus rêmbuge kayun, pan sampun sakaitan, Nabi Salèh ngandika dhatêng kaum, wau kang pitung desa, sira kabèh iku kapir. 24. Kaum tujuh desa tersebut tidak bersedia membunuh, karena dari awal memang sudah berembug dan merencanakannya. Nabi Saleh berkata kepada kaum tujuh desa itu, kalian semua itu kafir. 25. Lah iya sandhangên uga, bilaine Pangeran andhatêngi, pan unta muni ping têlu, anake kang lumajar, tigang dina bilaine Hyang kang rawuh, anêkani maring sira, kaum pitung desa sami. 25. Lah rasakan laknat dari Allah akan datang, sedangkan anak unta yang lari dan bersuara tiga kali, maka tiga hari lagi laknat dari Allah akan datang menghampiri kalian. Semua k aum tujuh desa 26. Matur ing Nabi sadaya, gih bilai punapa kang dhatêngi, Bagindha Salèh amuwus, lamun anake unta, yèn matia parêng lawan biyangipun, lah sira padha sadina, ginêmpur dera Hyang Widhi. 26. berkata kepada nabi, laknat apa yang akan datang. Baginda Saleh berkata, apabila anak unta mati bersama induknya, maka dalam waktu sehari kamu sekalian akan dibinasakan oleh Allah. 27. Awêtara pitung dina, bilaine Pangeran andhatêngi, wong pitung desa tinêmu, wong kapir nênêm ika, ing waune sama abaranipun, bêbêndune Hyang kang prapta, irêng raraine kapir. 27. Setelah tujuh hari, laknat Allah mendatangi kaum ke tujuh desa tersebut. Dan keenam kafir itu menjadi hitam mukanya bersamaan dengan datangnya laknat dari Allah. 28. Yata kaum pitung desa, analangsa nêdha 28. Kaum tujuh desa sangat sengsara
Serat Tapel Adam Jilid 1 84
ngapura ing Nabi, kalangkung kaduwungipun, asalin warnanira, irêng-irêng rupane rarainipun, yata kapir pitung desa, umatur dhatêng ing Nabi. memohon ampun kepada nabi, mereka sangat menyesal karena mukanya menjadi hitam. Setelah itu kafir tujuh desa itu berkata kepada nabi 29. Lah ta kang kadi kawula, sampun tobat nêdha ngapura ugi, Bagindha Salèh amuwus, ujarku dhingin apa, wêkasingsun maring sira sakalangkung, baya wus karsaning Suksma, patinira mati kapir. 29. Kami sudah bertobat memohon ampun. Baginda Saleh berkata, dulu saya sudah berpesan kepada kalian semua, mungkin sudah menjadi takdir Allah kalian mati sebagai kafir. 30. Yata kaum pitung desa, winangsitan ana bilai prapti, swarane lir gêlap runtuh, anambêr maring sira, yata kaum pitung desa samya ngrungu, prihatinira kalintang, ing siyang dalu anangis. 30. Kaum tujuh desa diberitahu ada bencana datang, suaranya seperti petir yang akan menyambar kamu. Setelah kaum tujuh desa mendengarnya, mereka sangat bersedih dan menangis siang dan malam. 31. Sigra Jabrail prapta, awèh wangsit maring Nabi Salèh nguni, tuwan mirea dèn gupuh, kalawan kaum tuwan, ingkang sami nandhang imanèstri jalu, punika tuwan bêktaa, mirea sami samangkin. 31. Jibril segera datang, memberitahu Nabi Saleh, tuan beserta kaum tuan yang beriman laki-laki maupun perempuan semua ajaklah menyingkir sekarang. 32. Bagindha Salèh suminggah, sarta kaumipun ingkang sami mukmin, lah payomire karuhun, aja parêk lan kopar, pitung desa punika arsa ginêmpur, dening Hyang kang Maha mulya, punika wus manjing kapir. 32. Baginda Saleh mengungsi beserta kaumnya yang beriman. Lah ayo mengungsilah dulu, jangan dekat-dekat dengan kafir tujuh desa itu karena akan dibinasakan oleh Allah. 33. Yata sampun mire têbah, Nabi Salèh sakaumipun sami ngiring, kawarnaa kang kantun, kaum kang pitung desa, kupingipun samya sinumpêlan kapuk, sarta lawan sirahira, binlêbêt jajarik. 33. Nabi Saleh beserta kaumnya sudah mengungsi jauh. Diceritakan kaum tujuh desa itu, telinganya disumbat kapas dan kepalanya diblebet kain. 34. Yata Jabrail prapta, sigra pêtak swara kang ngajrihi, anglir pedah gêlap sèwu, 34. dan datanglah Jibril, mendatangkan suara yang sangat menakutkan, seperti
Serat Tapel Adam Jilid 1 85
sarêng panambarneka, kacarita kaum pitung desa lêbur, punika tumpês sadaya, sawiji tan wontên kari. petir yang menyambar-nyambar. Diceritakan kaum tujuh desa semua binasa tidak tertinggal satupun. 35. Nabi Salèh angandika, dhatêng kaum Islam paya angalih, mapan wong pitung dhusun, rinusak ing Pangeran, yata ingkang Islam kaum sami matur, tan lênggana dhatêng tuwan, sapuruk tuwan tut wuri. 35. Nabi Saleh berkata kepada kaum Islam agar merenungkan, karena orang tujuh desa sudah dibinasakan oleh Allah. Semua kaum Islam berkata bersedia dan akan mengikut tuan kemanapun tuan pergi 36. Tan purun pisah lan tuwan, pêjah gêsang kawula anut wingking, yata angalih lumaku, dhatêng nagari ngajam, lami-lami ngalih dhatêng Mêkah sampun, sampuning alama-lama, Bagindha Salèh ngêmasi. 37. tidak ingin berpisah dengan tuan, hidup mati akan selalu ikut. Setelah itu ganti berjalan menuju Ngajam, lama-kelamaan berpindah ke Mekah. Setelah berberapa lama Baginda Saleh wafat 37. Mantuk dhatêng kramattolah, Nabi Salèh nèng dunya laminèki, umur pitung atus taun, lan wolung dasa warsa, satilare Bagindha Salèh puniku, sakèh anak putu samya, sami ngungun branta kingkin. 38. pulang ke ramatullah, Nabi Saleh hidup di dunia mencapai usia 780 taun. Setelah Baginda Saleh wafat anak cucunya sangat bersedih. PUPUH 10 A S M A R A N D A N A PUPUH 10 A S M A R A N D A N A 1. Wontên cinarita malih, anak putune Kenahan, sèwu putih pamulune, dèn lulu dening Pangeran, tuhu gagah prakosa, ajêjuluk raja Namrud, lênggahe Babul nagara. 1. Ada cerita lagi, yaitu anak cucu Kenahan, wajahnya sangat putih, dimanja oleh Pangeran, sangat gagah perkasa, bergelar Raja Namrud, berkedudukan di negara Babul 2. Marentah para narpati, ing Ngêrum lawan ing Kupah, ing Bustam lawan ing Kuris, atur upêti sadaya, idhêp parentahneka, dhumatêng sang raja Namrud, para ratu kumawula. 2. Memerintah para raja, yaitu raja Ngerum, Kufah, Bustam, serta Kuris, semuanya memberikan upeti, semua perintah Raja Namrud ditaati, para raja semuanya menghamba. 3. Salaminipun dumadi, dèrèng uninga ing gêrah, ngêlu mulês apadene, prihatin dèrèng 3. Selama hidup belum pernah terlihat sakit, misalnya: pusing, perut mulas, juga
Serat Tapel Adam Jilid 1 86
uninga, lamun ta inggih nora, linulu dening Hyang Agung, tinuwukan sakarsanya. belum pernah susah / prihatin, semua itu karena memang dimanja oleh Pangeran, dipenuhi segala keinginannya 4. Yèn kala miyos tinangkil, alênggah ing pêpalangkan, kancana rineka abyor, pinatiking nawa rêtna, miwah ta kursinira, kathahipun kalih atus, sadaya sami kêncana. 4. Jika sedang dihadap, selalu duduk di singgasana permata yang berkilau, dihias dengan manik-manik, kursinya sejumlah dua ratus, semuanya terbuat dari emas. 5. Pinatiking rêtna adi, karya palinggihanira, sakathahe para katong, jajar lawan panujuman, wêwasi lan jêjanggan , obat abit lawan tênung, jajar lênggah karsa nata. 5. yang dihias dengan permata indah, semuanya untuk tempat duduk para raja, duduk sejajar dengan parab ahli nujum, para petapa, pendeta, ahli obat, tukang tenung, semua duduk sejajar dengan para aja. 6. Pêpatihipun kêkalih, kang têngên pun Patih Uman, pêpatih kiwa wastane, akêkasih patih Kajar, lir pendah gunung sêkar, angandika Raja Namrud, dhatêng sakêp panujuman, 6. Mempunyai dua patih, patih kanan bernama Patih Uman, adapun patih kiri bernama Patih Kajar, terlihat seperti gunung bunga, Raja Namrud berkata kepada para ahli nujum: 7. Heh para nujum wawasi, kaya apa tingalira, aja ajrih sawêcane, sapa kang mungsuh maringwang, kang saking nungsatara, utawa silih wong Babul, kaya apa tingalira, 2. Wahai para ahli nujum dan orang pintar, bagaimana menurut pendapatmu, janganlah takut menyampaikan maknanya, siapakah yang akan memusuhiku, yang berasal dari daerah lain, ataupun dari negara Babul, bagaimana menurut pengertianmu. 8. Pan ingsun ratu linuwih, mapan ratu binathara, sapa kang amadha ingong, nujum sêpuh aturira, inggih tinggal kawula, wontên uga ta sang prabu, ingkang ngrusak dhatêng tuwan. 8. Aku adalah raja besar, raja berkuasa bagai dewa, siapakah yang menyamaiku. Ahli nujum tua berkata: Baiklah menurut penglihatanku, akan ada seseorang, yang akan menghancurkan paduka. 9. Maoni tata kang dhingin, asêngit dhatêng brahala, tingal kawula waune, ningali lintang satunggal, lintang mustri apadhang, 9. Dia akan menentang aturan yang sudah ada, benci kepada berhala, awal penglihatanku, adalah saat melihat
Serat Tapel Adam Jilid 1 87
cahyaning nutpah puniku, tumurun dhumatêng priya. sebuah bintang, bintang mustri yang sangat terang, adapun cahaya nutfah, turun pada seorang pria. 10. Salêbête tigang wêngi, nutpah tiba ing wanita, wadhah wêtêngan ênggone, lingipun sri naranata, lah patih undhangana, salêbête tigang dalu, aja ana kang cumbana. 10. Dalam waktu tiga malam, nutfah itu akan jatuh pada wanita, bertempat di rahimnya. Sang raja lalu berkata: Wahai patih umumkan, bahwa selama tiga hati, jangan sampai ada orang yang bersenggama. 11. Jalu kalawan pawèstri, lah padha pisah-pisaha, kyana patih matur alon, pukulun dhatêng sandika, aluwaran sang nata, sampun lumêbêt kêdhaton, ing dalu mangkya anendra. 11. Antara laki-laki dan perempuan supaya dipisahkan. Kyana patih berkata: Baiklah hamba laksanakan, semua lalu bubaran dan sang raja dan masuk ke dalam keraton, malamnya tidur. 12. Animbali ing kêkasih, ipun ingkang nama Kajar, kinèn têngga nggènya sare, sampun têngga ing sang nata, sarwi asikêp pêdhang, awatara têngah dalu, kocapa garwane Kajar. 12. Sang raja memanggil hamba terdekatnya, yang bernama Kajar, supaya menjaga tidurnya. Lalu kajar menjaga tidur sang raja dengan membawa pedang, kira-kira waktu tengah malam, tiba-tiba isteri Kajar 13. Saking takdiring Hyang Widhi, garwane Kajar kalintang, arsa mangkya sapatêmon, ing kakung pulang asmara, risaksana lumampah, lumêbêt dhatêng kêdhaton, dalu tan ana kang wikan. 13. Karena sudah kehendak Hyang Widi, isteri Kajar sangat ingin bertemu dengan Kajar, ingin bersenggama dengan suaminya, lalu berjalan dan masuk ke dalam keraton, waktu malam tidak ada yang mengetahui. 14. Prapta mêndhêt aningali, kang raka angadhêp damar, angadêg aning ulone, sang nata gènipun nendra, Kajar satingalira, dhumatêng ing somahipun, nulya mangke tinakenan. 14. Setelah sampai lalu berhenti, melihat suaminya menghadap lampu, berdiri dekat tempat tidur, dekat sang raja meletakkan kepala, Kajar melihat ke arah isterinya, kemudian ditanya 15. Apa karyanira prapti, aturipun garwanira, inggih kawula wiyose, mbotên 15. Ada perlu apa datang ke sini. Isterinya menjawab: Kedatanganku ke
Serat Tapel Adam Jilid 1 88
kêlar ngampah manah, dhingin kala pasihan, ora kadi mangkenipun, trêsna ingsun maring tuwan. sini karena tidak kuat menahan hati, ingin sekali aku bercinta, tidak biasanya seperti saat ini, rasa cintaku pada kanda. 16. Ajêng sacumbana mami, lingipun sang Patih Kajar, kaya apa polah ingkang, dening ingsun lagya têngga, sri naranata nendra, lawan malih damar murup, padhang yakti kauningan. 16. Ingin aku bersenggama. Sang Patih Kajar berkata: Bagaimana nanti jadinya, sedangkan aku sedang menjaga, sang raja yang sedang tidur, dan lagi lampu masih menyala terang, pasti akan terlihat oleh orang. 17. Saking takdiring Hyang Widhi, rawuh jin matèni damar, yata nulya sapatêmon, sacumbanèng ngulonira, sang nata gènya nendra, pinarêng nutpah tumurun, risampuning cubana. 17. Karena takdir Hyang Widi, datanglah jin untuk memadamkan lampu, kemudian saling bertemu, dan bersenggama, saat sang raja sedang tidur, hingga turunlah nutfah. Setelah selesai bersenggama 18. Rabine Kajar wus mulih, kawuwus saking rahina, sang Raja Namrud têtakèn, dhatêng sira Patih Kajar, lah Kajar sira uga, awênês paningal ingsun, nora kaya saban-saban. 18. Lalu isteri Patih Kajar pulang. Diceritakan setelah siang hari, Raja Namrud bertanya kepada Sang Patih Kajar: Wahai Kahar kamu terlihat pucat, tidak seperti biasanya. 19. Ature Kajar sawêngi, kawula mbotên anendra, yata nulya sang akatong, animbali panujuman, wêwasi lan jêjanggan, miwah ta si juru tênung, prapta nulya tinakenan. 19. Kajar menjawab: Semalam ham tidak tidur. Lalu sang raja memanggil ahli nujum, pendeta, dan orang pintar, serta juru santet, setelah semua menghadap lalu ditanya. 20. Lah ta nujum kadi pundi, mapan sampun tigang dina, kang para nujum ature, inggih ta sampun tumiba, nutpah ing biyangira, tumuruning wau dalu, agêtun sri naranata. 20. Wahai ahli nujum, bagaimana ini sudah tiga hari. Para ahli nujum menjawab: Saat ini nutfah sudah jatuh ke dalam rahim ibunya, sudah turun tadi malam. Sang raja sangat kecewa. 21. Lingipun sri narapati, patih apa dayanira, kyai patih matur alon, yèn sambada abathara, wong mêtêng binêdhelan, angandika Raja Namrud, pasthi rusak kang 21. Sang raja lalu berkata: Wahai patih, bagaimana usulmu. Kyai patih menjawab: Jika mungkin dikerjakan, sebaiknya orang yang hamil dibedah
Serat Tapel Adam Jilid 1 89
nagara. perutnya. Raja Namrud berkata: Pastilah negara menjadin rusak 22. Tanpa dosa dèn patèni, bêcik-bêcike ta umat, yèn mêtu lanang pinatèn, risampunipun mangkana, rabine Patih Kajar, mêtêng sampun mangsanipun, lamine wus sangang wulan. 22. Dibunuh tanpa dosa, sebaiknya nanti jika ada lahir bayi laki-laki dibunuh saja. Setelah sekian lama, Isteri Ki Patih Kajar hamil, dan sudah saatnya karena berumur sembilan bulan. 23. Sampun katur ing narpati, yèn rabine Kajar wawrat, yèn mêdal lanang pinatèn, sing adarbe anak lanang, jroning mangsa punika, pinatèn dera sang prabu, kathah lare pinêjahan. 23. Sudah dilaporkan pada sang raja, bahwa isteri Kajar hamil, pada saat itu sudah menjadi aturan, bahwa siapapun yang mempunyai bayi laki-laki akan dibunuh oleh sang raja, dan sudah banyak anak yang dibunuh. 24. Rabine Kajar winarni, ing dalu arsa wêweka, kèmêngan tambuh polahe, mudhun saking pagulingan, mêdal jawining kutha, yata ing sasoring gunung, apêputra jroning guwa. 24. Diceritakan isteri Kajar, pada waktu malam merasa ingin melahirkan, bingung tidak karuan tingkahnya, lalu turun dari ranjang, keluar dan berjalan sampai ke luar kota, sesampainya dibawah gunung, lalu melahirkan di dalam gua. 25. Saksana tinilar mulih, bêbayi kari ing guwa, jalu abagus warnane, sinuson dening malekat, lawan jarijinira, kawarnaa ibunipun, enjing nulya tinakonan, 25. Lalu ditinggal pulang, dan bayi tertinggsal sendirian di dalam gua, seorang bayi laki-laki yang tampan parasnya, disusui oleh malaikat, melalui jarinya. Lalu pada waktu pagi, isterinya ditanya. 26. Kajar prapta saking kêmit, aningali garwanira, wus kêmpir wêwêtêngane, para kêmpir wêtêngira, ature garwanira, kaluron ing wau dalu, sun bucal ing ara-ara. 26. Kajar pulang dari jaga malam, melihat perut isterinya sudah mengecil, isterinya berkata: Tadi malam aku telah keguguran, lalu bayinya aku buang ke tanah lapang. 27. Kajar matur ing narpati, yèn rabine awawêka, ngandika mangke sang katong, êndi rupane wekanta, ature patih Kajar, 27. Kajar lalu melaporkan pada sang raja, bahwa isterinya sudah melahirkan. Sang raja lalu berkata: Mana anakmu. Patih
Serat Tapel Adam Jilid 1 90
kaluron ing wau dalu, jabang bayi mêdal pêjah. Kajar menjawab: Sudah keguguran tadi malam, bayi sudah lahir dan mati. 28. Sampun binucal ing siti, bilih katêdha camêra, Sang Raja Namrud wuwuse, kalamun mangkana iya, wong akèh uningaa, yèn jabang bayi kêtêmu, obongên awu binucal, 28. Dan sudah dibuang ke tanah, mungkin sekarang sudah dimakan anjing. Sang Raja Namrud berkata: Jika memang begitu, agar semua orang mencari, setelah bayi ketemu, bakarlah dan abunya dibuang. 29. Kajar lunga tinut wuri, dening jajênêng sang nata, saking takdiring Hyang Manon, malekat mangke abêta, anake êjim pêjah, sinuwèk sinèlèh sampun, kapanggih tinuduh sira. 29. Kajar lalu diikuti jalannya, oleh para pembesar raja, sudah menjadi takdir Hyang Manon, ada malaekat membawa, anak jin yang mati, dirobek dan diletakkan, lalu ditemukan tempatnya dan ditunjukkan. 30. Punika kang jabang bayi, tinêdha dening camêra, sampun katur ing sang katong, kalangkung suka sang nata, sampuning lama-lama, Kajar sarta garwanipun, amarani putranira. 30. Inilah jabang bayi itu, sudah dimakan oleh anjing. Lalu hal itu dilaporkan kepada sang raja, hati raja sangat senang. Setelah sekian lama, Kajar dan isterinya datang ke tempat putranya. 31. Prapta ing guwa ningali, dhumatêng ing putranipun, lir wulan mancur cahyane, binêkta tan ana wikan, datan arsa nusua, putra dhatêng ibunipun, yayah rena kagawokan. 31. Datang ke gua untuk menjenguk anaknya, wajahnya cerah bagaikan bulan purnama, lalu dibawa tidak ada yang mengetahui, anak itu tidak mau menyusui pada ibunya, ayah ibunya sampai heran. 32. Kang putra aran Ibrahim, sampuning alama-lama, pinanjingakên umure, tumênga ningali lintang, pan sinêngguh Pangeran, lintang gingsir duk dinulu, Nabi wruh dudu Pangeran. 32. Putranya diberi nama Ibrahim, sesudah sekian lama, dan sudah berumur dewasa, menengadah melihat bintang, disangkanya itu adalah Tuhan, namun lama-lama bintang menghilang, akhirnya tahu bahwa itu bukanlah Tuhan. 33. Yata aningali sasi, nênggih ika ta Pangeran, wulan gingsir saking gone, wruh ta yèn dudu Pangeran, he Pangeran kawula, 33. Lalu melihat pada bulan, itulah Tuhan, lama-lama bulan pergi dari tematnya, tahulah bahwa itu bukanlah
Serat Tapel Adam Jilid 1 91
lamun ta tuwan tan tuduh, yêktine amba kêsasar. Tuhan. Wahai tuhanku, jika Tuwan tidak memberi petunjuk, niscaya hamba akan menjadi orang tersesat. 34. Saking nugrahaning Widhi, Nabi Ibrahim wus wikan, ing Pangeran sabênêre, anêbuting nama Allah, lailaha ilolah, lan Nabi Ibrahim iku, kang jinuluk kalilulloh. 34. Atas anugerah Hyang Widi, Nabi Ibrahim akhirnya tahu pada Tuhan yang sesungguhnya, lalu menyebut nama Allah, lailaha ilalahu, dan Nabi Ibrahim bergelar Kalilullah 35. tan ana na Pangeran malih, pan anging Allah Tangala, kang sinêmbah sabênêre, Nabi Ibrahim punika, sêngit dhatêng brahala, asukêr ing manahipun, ibu rama amiyarsa. 35. Tidak ada Tuhan, hanyalahAllah Tangala, yang sesungguhnya harus disembah. Adapun Nabi Ibrahim sangat benci dengan berhala, hatinya sangat menentang, ayah ibunya mendengarnya. 36. Eh salah sira Ibrahim, salingsir sira lan ingwang, dudu lumrahe wong akèh, uwis sira mareneya, yata Ki Patih Kajar, karya kêncana mas luru, kathah arsa winadeya. 36. Wahai Ibrahim kamu telah berbuat salah, setelah kamu tumbuh besar, tidak seperti umumnya manusia, sudahlah kemarilah. Lalu Ki Patih Kajar membuat patung dari emas yang banyak, hendak dijual. 37. Lah anak ingsun Ibrahim, lah iki sira wadeya, anulya tinampan age, saking jrih duraking rama, mila rêca tinampan, pinundhi ing ngayunipun, sampunipun tan katingal. 37.Wahai anakku Ibrahim, barang ini juallah. Lalu diterima karena takut pada ayahnya, maka arca diterima, dipanggul di bagian depan, namun setelah tidak terlihat 38. Rêca sinèrèt tumuli, tinalanan gulunira, kang punang rêca untune, tinithikan lawan sela, amrih aja payua, katingalan ing wong bakul, wêkasan payu kang rêca. 38. Arca lalu diseret, diikat lehernya, gigi arca tersebut dipukul dengan batu, agar nanti tidak laku, setelah dilihat pedagang, akhirnya arca itu laku. 39. Sampuning mangkana ugi, Nabi Brahim anyênyêgah, ing dalêm Kur’an dalile, la takbudus sahitana, wa minassahitana, kana lirrahmaniriku, ngasiba rêke punika. 39. Setelah itu Nabi Ibrahim melarang, yang dalilnya ada di dalam Al Quran, latakbudussahitana, waninassahitana, kana lirrahmaniriku ngasiba, itulah lafalnya.
Serat Tapel Adam Jilid 1 92
40. Têgêse lapal puniki, heh rama sampun anêmbah, ing brahala satuhune, iku panggawening setan, wontên ta muratira, satuhune setan iku, rama pênggawe duraka. 40. Adapun arti lafal tersebut adalah: Wahai ayah janganlah engaku menyembah berhala, sesungguhnya itu adalah perbuatan setan, adapun setan itu perbuatannya durhaka 41. Satuhu brahalanèki, durakane ing salira, naraka benjing têmahe, nêbuta ing nama Allah, yèn ta nora nêbuta, suk rusak rama ing besuk, kang rama gawok miyarsa. 41. Dan sesungguhnya berhala tersebut, telah mendurhakaimu, akhirnya besuk masuk neraka, sebutlah nama Allah, jika tidak mau menyebut, besuk ayah akan rusak. Ayahnya heran mendengarnya. 42. Kawarnaa sri bupati, duk karsa kasukan-sukan, ngujung dhatêng brahalane, arsa nayup andrawina, anitih kang dipangga, sarta upacaranipun, risampunipun mangkana. 42. Diceritakan sang raja, ketika hendak mengadakan pesta, untuk persembahan pada berhalanya, dengan mengadakan tarian bersenang-senang, datang dengan mengendarai gajah. Pada waktu itu 43. Miyarsa Nabi Ibrahim, yèn nata arsa kasukan, angujungi brahalane, Nabi Ibrahim sêmana, asukêr manahira, andhingini mbêkta wadung, rêca sami winadungan, 43. Nabi Ibrahim mendengar bahwa sang raja hendak mengadakan pesta, untuk persembahan berhala, waktu itu Nabi Ibrahim sangat benci hatinya, lalu mendahului dengan membawa kampak, semua arca dihancurkan dengan kampak. 44. Kinarèkakên sawiji, pangagêngipun kang rêca, wadung sinandhang pundhake, kocapa sang iblis lanat, rupa patinggi desa, matur dhatêng Raja Namrud, punang brahala rinusak. 44. Disisakan saru arca, yang merupakan pembesar berhala, kampak dikalungkan di pundaknya, kemudian sang iblis laknat, dengan berubah rupa menjadi petinggi desa, melaporkan pada Raja Namrud, bahwa berhala telah dirusak. 45. Bramantya sri narapati, ningali brahala rusak, wong Babul pêpak tinakèn, dyan umatur balanira, yèn pandugi kawula, sawarnane tiyang Babul, tan wontên ingkang puruna. 45. Sang raja murka, menyaksikan berhalanya hancur, segenap rakyat Babul ditanya, ada yang menjawab: Menurut perkiraan hamba, seluruh rakyat Babul tidak ada yang berbuat demikian 46. Amung kang nama Ibrahim, ingkang 46. Hanya yang bernama Ibrahim, yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 93
sêngit mring brahala, ngayam-ayam pangucape, karsa ngrusak ing brahala, putrane Patih Kajar, punika tingkah tan patut, bramantya sri naranata. benci pada berhala, ucapannya sering mengancam akan merusak berhala, dia adalah putra Patih Kajar, itu merupakan perilaku yang tidak pantas. Sang raja menjadi sangat marah. 47. Ibrahim dipun timbali, prapta ngarsane sang nata, saksana nulya tinakèn, ature kang tinakenan, inggih brahala tuwan, kang agêng anandang wadung, punika ingkang angrusak. 47. Ibrahim dipanggil, dan datang menghadap sang raja, lalu ditanya, yang ditanya menjawab: Berhala tuwan yang paling besar itulah, yang membawa kampak, yang telah menghancurkan. 48. Lah pênêr tuwan takèni, supami mbotên ngakêna, pan wontên cihna buktine, wadung sumampir ing pundhak, sri narendra kèmêngan, dening wus uning sang prabu, wau tan bisa angucap. 48. Sekarang coba tuwan tanyai, seandainya dia tidak mengaku, sudah ada barang buktinya, yaitu kampak yang berada di pundak. Sang raja menjadi bingung, karena sang raja tahu bahwa berhala tidak bisa bicara. 49. Saksana dipun takèni, rêca kang agêng punika, dening ki patih lingnya lon, lah Pangeran sapa ingkang, ngrusak sakèhing rêca, kang alit-alit puniku, aglis iblis manjing rêca. 49. Lalu berhala yang besar itu ditanya oleh sang patih: Wahai Pangeran siapakah yang telah menghancurkan semua berhala yang kecil itu. Iblis segera merasuk ke dalam berhala. 50. Anjawab takène patih, rêca kang agêng punika, lah iya Ibrahim mangko, kang ngrusak sakèhing rêca, winadungan sadaya, sampunira mari madung, sinampirkên pundhak ingwang. 50. Serta menjawab seluruh pertanyaan ki patih: Ibrahimlah yang telah menghancurkan seluruh arca, semua dipukul dengan kampak, setelah selesai menghancurkan, lalu kampak dikalungkan di pundakku. 51. Kèndêl wau sri bupati, angrasa kèwêdan manah, dyan kaum kapir ature, dhumatêng sri naranata, lah sampun tuwan gêga, kalangkung nalangsanipun, Ibrahim bisa angucap. 51. Sang raja hanya terdiam, merasa bingung hatinya, para kaum kafir berkata kepada sang raja: Janganlah Tuwan percaya, sangat kasihan, karena Ibrahim selalu bisa menjawab 52. Kalamun tuwan padoni, yêkti kawon 52. Jika Tuwan ajak debat, niscaya
Serat Tapel Adam Jilid 1 94
padu tuwan, Ibrahim bisa pêpadon, akathah karenahira, wau bisa micara, alit mula mbotên patut, dêdora lan palenyokan. Tuwan akan kalah omongan, Ibrahim pandai bersilat lidah, dan banyak sekali akalnya dan pandai bicara, memang sejak kecil sudah tidak pantas, suka berbohong dan bicara ngelantur. 53. Ature Nabi Ibrahim, punapa ta darunanya, brahala ginawe dhewe, sela rineka lir janma, pinêtha ing wong tuwa, lêluhur kang sampun-sampun, sampune dadi kang rupa. 53. Ibrahim berkata: Apakah sebabnya, berhala dibuat sendiri, dari batu dipahat menyerupai manusia, mirip orang tua para leluhur yang sudah meninggal, setelah wujudnya jadi… 54. Saking pakarya pribadi, ingkang padha pinangeran, apa baya pangrasane, satuhune kang brahala, Pangeran siya-siya, wruhanira dudu iku, Pangeran kang murba alam. 54. dari hasil karya sendiri, lalu dijadikan Tuhan, bagaimanakah rasanya, sesungguhnya berhala, adalah Pangeran yang sia-sia tiada guna, ketahuilah, itu bukanlah Pangeran yang menciptakan alam 55. Kang yogya sinêmbah iki, Pangeran kang karya jagad, kang akarya sakalire, akutu walang ataga, ingkang niksa ganjari, punika yogya sinêbut, kang nama Allah Tangala. 55. Adapun yang pantas disembah adalah Pangeran yang menciptakan alam semesta, yang menciptakan segalanya, termasuk semua hewan, yang menyiksa serta memberi pahala, itulah yang pantas disebut, yaitu Allah tangala. 56. Iku Pangeran sajati, lah padha sira manuta, ing Pangeran sabênêre, padha amanjing agama, lah sira anêbuta, lailaha ilalahu, Nabi Brahim kalilolah. 56. Itu adalah Pangeran yang sejati, kalian semua taatlah pada Pangeran yang sesungguhnya, masuklah agama, serta kalian ucapkan lailaha ilalahu, Nabi Ibrahim Kalilolah. 57. Bramantya sri naraparti, Ibrahim kinèn nyêkêla, tinalèn sinèrèt-sèrèt, binaboyong ing wong kathah, Nabi Brahim tan obah, sampun mangkya winayungyung, taline tinundha-tundha. 57. Sang raja sangat murka, memerintahkan supaya menangkap Ibrahim, lalu diikat dan diseret-seret, ditangkap oleh orang banyak, Nabi Ibrahim sampai tidak bisa bergerak, diikat dengan tali yang berlapis-lapis.
Serat Tapel Adam Jilid 1 95
58. Ngandika sri narapati, Si Ibrahim iku iya, pinatèn payo ingobong, cawisa kayu dèn kathah, ngucap Ki Patih Kajar, ingsun mèlu urun kayu, sarta êduk lawan lisah. 58. Sang raja berkata: Si Ibrahim itu ayo kita bunuh dengan dibakar, persiapkan kayu bakar yang banyak. Ki Patih Kajar berkata: Hamba akan menyiapkan kayu, duk serta minyak bakar. 59. Pan sampun ambêta sami, tinumpuk ing ara-ara, kayu duk sarta lêngane, sagunge kapir rumagang, pêpêk ing ara-ara, tinumpuk sinusun-susun, kayu lir sundhul akasa, 59. Semuanya membawa kayu, dikumpulkan di lapangan, kayu duk beserta minyaknya, semua orang kafir bersiap-siap, penuh sesak di tanah lapang, kayu ditumpuk bersusun-susun, seperti hendak menyentuh langit. 60. Ngandika sri bupati, dhatêng ing apatih Aman, lah sira bêktaa age, Ibrahim sira obonga, ature Patih Aman, tan kuwawi panasipun, inguncalakên tan têka. 60. Sang raja berkata kepada Sang Patih Amand: Segera bawalah, bakarlah Ibrahim. Patih Aman menjawab: Hamba tidak tahan panasnya, dilemparkan juga tidak bisa. 61. Kèwêdan sri narapati, tumurun sang iblis lanat, mindha wong tuwa rupane, apti sira marahana, dandanan wus samakta, eram kabèh kang andulu, rakite singgot punika. 61. Sang raja menjadi bingung, lalu iblis lanat datang, menyerupai orang tua, hendak memberikan cara, alat sudah jadi, semua yang melihat terpana, dengan wujud senggot. 62. Lah ta mara Si Ibrahim, ikêtên lawan dandanan, mangkana nulya sinenggot, karsa tinumpangkên pucak, pan sampun rinakitan, yata parmaning Hyang Agung, ngandika dhatêng malekat. 62. Sekarang Si Ibrahim, ikatlah dengan kuat, lalu diangkat dengan senggot, hendak dinaikkan ke puncak api, semua sudah disiapkan, namun atas kehendak Hyang Agung, bersabda kepada malaekat. 63. Ngawêngakna lawang suwargi, sarta lawang langit sapta, katona dunya lawange, yata sagunge malekat, matur dhatêng Pangeran, Nabi Brahim nêdha tulung, kadi pundi karsa tuwan. 63. Bukalah pintu surga, serta pintu langit lapis tujuh, perlihatkan pintunya dari dunia, lalu segenap malaekat, berkata kepada Pangeran: Nabi Ibrahim memohon pertolongan, bagaimanakah kehendak Tuwan.
Serat Tapel Adam Jilid 1 96
64. Yata ngandika Hyang Widhi, lamun kêdah tinulungan, iya tulungana age, risampunipun mangkana, Raja Namrud angucap, dhatêng sakèhing wong Babul, lah padha sira tarika, 64. Sang Hyang Widi bersabda: Jika memang harus ditolong, maka tolonglah segera. Setelah itu Raja Namrud berkata bepada seluruh rakyat Babil: Sekarang tariklah 65. Senggot tumpangna ing api, saksana wong kapir sigra, tinarik kang ponang senggod, nanging ta nora kabangkat, kalangkung dening awrat, marmane nora kajunjung, pan senggot ing ginondhelan. 65. Senggot ditaruh di atas api, kemudian kaum kafir segera menarik senggot, tetapi tidak mampu mengangkat, terasa sangat berat, akhirnya tidak bisa terangkat, senggot ternyata dipegangi. 66. Sakèh malekat gendholi, kalangkung ing wêlasira, mangka katur ing sang katong, yèn senggot mbotên kawawa, langkung gènipun awrat, angandika Raja Namrud, sira kèhana têtiyang. 66. Dipegangi oleh para malaekat, hingga semua merasa kesulitan, lalu dilaoporkan pada sang raja, bahwa senggot tidak bis digerakkan, lalu Raja Namrud berkata, orang yang menarik supaya ditambahi. 67. Ya ta sakathahe kapir, malah tan antuk panggenan, sêsêk kang anarik senggot, rame swarane gumêrah, wuwuh-wuwuh tan obah, awrat gèn gendholan wau, dening kang para malaekat. 67. Semua orang kafir sampai tidak mendapat tempat, karena berdesakan dalam menarik senggot, suaranya ramai sekali, ditarik-tarik namun tetap tidak bergerak, terasa sangat berat karena ditahan oleh para malaekat. 68. Ya ta iblis lanat prapti, arupa nujum pujangga, marêk kang ngarsa sang katong, apti sira marahana, matur pun iblis lanat, wontên ugi saratipun, lah inggih tuwan mundhuta. 68. Kemudian datanglah iblis lanat, dengan menyerupai seorang pujangga nujum, mendekat ke hadapan raja, hendak memberitahu caranya, si iblis berkata: Ada syaratnya Tuwan, maka penuhilah. 69. Ing sakathahe pawèstri, sarta sami wêwudaha, sartane angore-ore, punika ingkang anarik, pasthi kêlar punika, yèn tan makatên sang prabu, yêktose mbotên kaangkat. 69. Seluruh orang perempuan supaya disuruh membuka busana, serta rambutnya diurai, merekalah yang nanti menarik senggot, pastilah pekerjaan bisa selesai, jika tidak begitu, senggot tidak bisa diangkat.
Serat Tapel Adam Jilid 1 97
70. Tinurut ature iblis, risaksana linêkasan, apêpêk sakèhe wadon, kawan ndasa awawuda, angore-ore rema, wus angatag Raja Namrud, ing wanita kawan ndasa. 70. Kata iblis dituruti, lalu dilaksanakan, semua perempuan sejumlah empat puluh diperintahkan untuk membuka busana, rambutnya diurai, sudah diberi aba-aba oleh Raja Namrud, terhadap empat puluh perempuan. 71. Marani Nabi Ibrahim, èstri kang sami wawuda, sartane angore-ore, angrik anguwuhing sira, Ibrahim kang sinambat, nuli marani lumayu, pawèstri kang kawan dasa. 71. Lalu perempuan yang sudah tanpa busana tersebut mendatangi tempat Nabi Ibrahim, dengan mengurai rambutnya, mereka ramai berteriak, dengan menyebut nama Ibrahim, kemudian perempuan empat puluh lari mendekat. 72. Malekat pan samya giris, aningali wong wawuda, gila amulat wong wadon, ngore-ore awawuda, yata para malekat, saksana samya lumayu, mangkana senggote ngangkat. 72. Para malaekat ketakutan, mengetahui wanita yang tidak berbusana, jijik melihat perempuan yang mengurai rambut tanpa busana, kemjudian para malaekat semuanya melarikan diri, akhirnya senggot bisa diangkat. 73. Ya ta sakathahe kapir, ningali senggot kaangkat, dene panarike ènthèng, surak sakathahe kopar, Nabi Ibrahim sigra, tinumpangakên ing luhur, kayu ingkang têtumpukan, 73. Seluruh orang kafir melihat senggot bisa diangkat, dan terasa ringan, semuanya bersorak kesenangan, Nabi Ibrahim segera diletakkan diatas tumpukan kayu. 74. Surak sakathahe kapir, punapadene sang nata, kalangkung suka manahe, suka gumujêng alatah, anayub andrawina, surake bala gumuruh, aloke Ibrahim sirna, 74. Seluruh orang kafir bersorak tak terkecuali sang raja, sangat senang hatinya, senang dengan tertawa terbahak-bahak, lalu menari bersukaria, sorak-sorai para wadyabala sangat bergemuruh, menyerukan bahwa Ibrahim telah tewas. 75. Ya ta rawuh Jabarail, ingiring para malekat, samya prapta ing ngarsane, Nabi Ibrahim sêmana, apanggih yun-ayunan, Jabarail lon amuwus, mring Ibrahim 75. Malaekat Jibril datang, diikuti oleh para malaekat, datang ke hadapan Nabi Ibrahim, bertemu berhadapan, Jibril berkata kepada Nabi Ibrahim kalilolah.
Serat Tapel Adam Jilid 1 98
kalilolah. 76. Lah tuwan ta kadi pundi, ingobong dening wong kopar, dahana langkung agênge, mung alit punang dahana, lagi mangan ingandhap, ing ngandhap agêng kang urub, kadi pundi karsa tuwan. 76. Sekarang bagaimanakah, tuwan telah dibakar oleh orang kafir, api akan membesar, sekarang api masih kecil, namun di bawah sudah mulai membesar, bagaimanakah keinginan tuwan. 77. Upami kula nulungi, ing tuwan kadi punapa, êlar amba sun bèbère, nuli sun nyêlêm sêgara, êlar ambêkta toya, dahana sun siram banyu, yêkti pêjah kang dahana. 77. bagaimana seandainya tuwan aku tolong, sayabku akan aku bentangkan, lalu aku menyelam di laut, membawa air dengan sayab, lalu api aku siram dengan air, pastilah api akan padam. 78. Karsa tuwan kadi pundi, punapa tuwan tulunga, Nabi Ibrahim muwuse, yèn tuwan dinuta ing Hyang, gih langkung karsa tuwan, yèn datan ingutus sampun, risampunipun mangkana. 78. Bagaimanakah keinginan tuwan, apakah perlu aku tolong, Nabi Ibrahim berkata: Jika kamu diutus oleh Hyang Agung, maka laksanakan maksudmu, tetapi jika tidak karena diutus, maka biarkanlah begini. 79. Ya ta kesah Jabarail, anulya Mikail prapta, apêpanggih sapatêmon, Mikail sigra angucap, amba wêlas ing tuwan, inggih ngong arsa têtulung, ing tuwan kabêsmi kopar. 79. Malaekat Jibril lalu pergi, lalu datanglah Malaekat Mikail, bertemu dan berbincang-bincang, Mikail berkata: Aku kasihan padamu, aku hendak menolong tuwan yang sedang dibakar oleh orang kafir. 80. Amba dhatêngaken riris, api pêjah kenging warsa, lan kapir punika kabèh, sun pêtak dhatêng buminya, dimène têtumpêsan, Nabi Ibrahim amuwus, sampun yèn tan dinuta Hyang. 80. Aku akan mendatangkan hujan, maka api akan padam karena air hujan, dan seluruh orang kafir, akan aku hempaskan dari tempatnya, agar semua hancur tewas, Nabi Ibrahim menjawab: Tidak usah, jika tidak diperintah oleh Hyang Agung. 81. Kesah malekat Mikail, tumuli Israpil prapta, sampun mangke sapatêmon, yata Israpil lingira, tuwan kadi punapa, amba arsa atêtulung, sun tiyubing kang sasangka, 81. Malaekat Mikail lalu pergi, lalu datanglah Malaekat Israfil, sudah berbincang-bincang, Israfil berkata: Bagaimanakah jika aku menolong, aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 99
tiup sangkakala 82. Dimèn tumpês padha mati, Nabi Ibrahim amuwus, yèn tuwan tulung maring ngong, yèn tan ingutus dening Hyang, sampun têtulung tuwan, pan kesah Israpil sampun, Ijrail punika prapta. 82. agar mereka mati semua. Nabi Ibrahim menjawab: Jika tuwan hendak menolongku, kalau tidak diperintah oleh Hyang Agung, maka tidak usah menolong. Lalu Israfil pergi, datanglah Ijrail. 83. Dhatêng ing Nabi Ibrahim, Ijrail pangucapira, kadi pundi wêkasane, nggèn tuwan ingobong kopar, inggih kadi punapa, tuwan tan anêdha tulung, dhatêng Pangeran kang mulya. 83. datang pada Nabi Ibrahim, Ijrail berkata: Bagaimana akhirnya nanti, tuwan telah dibakar oleh orang kafir, mengapa tuwan tidak memohon pertolongan, kepada Tuhan yang maha mulya. 84. Lingipun Nabi Ibrahim, kang wiraos malaekat, mundur têka pindho gawe, kadar gêni saking sapa, nêdha tulung Pangeran, tan wontêna sampunipun, Allah sipat samak basar. 85. Nabi Ibrahim menjawab perkataan malaekat: Jika mundur apa gunanya, dari siapakah datangnya api, minta pertolongan pada Pangeran, tidak ada habisnya, Allah sifat sama' basar 85. Amiyarsa aningali, lara patine patingkah, sampun karsaning Hyang Manon, Ngijrail sigra angucap, inggih alêrês tuwan, sakêcap tan wontên luput, kawula darma lumampah. 85. Maha mendengar dan maha melihat, sakit dan mati semua atas kehendak Hyang Manon. Ijrail berkata: Benar kata tuwan, sedikitpun tidak ada yang salah, aku hanya melaksanakan tugas. PUPUH 11 D U R M A PUPUH 11 D U R M A 1. Duk binasmi Ibrahim ayating kur’an, kulna ya rukuni, ardan wasalaman, Nabi Ibrahim ngucap, lah anata sira gêni, têka adhêma, sêlamêta Ibrahim, 1. Saat Ibrahim dibakar, sudah tertulis di dalam Al Quran, yang berbunyi: kulna ya rukuni, ardan wasalaman. Nabi Ibrahim berkata: Wahai api dinginlah, selamatkan Ibrahim. 2. Cinarita kayu pinangan dahana, sami atuwuh malih, dados patamanan, asri endah kawuryan, anêdhêng toyanya wêning, 2. Diceritakan bahwa kayu yang dimakan api, tumbuh lagi, bahkan menjadi sebuah taman yang asri dilihat, serta ada air yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 100
minanya mijah, anungsung toya mili. jernih, banyak ikan yang berenang di air yang mengalir. 3. Ingkang pala gumantung mangsa nêdhêngnya, bêbêd uwohe dadi, ajajar prayoga, anjrah kang sêkar-sêkar, prasamya nêdhêng kang sari, sêkar woh-wohan, nêdhêng samya ngêmohi. 3. Buah palawija yang menggantung sedang masa berbuah, buahnya sangat lebat, berjajar dengan rapi, bunga-bunga mekar bersemi dimana-mana, dan buah-buahan juga sedang musim berbuah. 4. Kawarnaha Sang Raja Namrud tumingal, dhatêng Nabi Ibrahim, lênggah bale kambang, langkung asri kawuryan, wowohan kang adi-adi, miwah kang sêkar, mêrapit pinggir warih. 4. Sang Raja Namrud menyaksikan keadaan Nabi Ibrahim, yang sedang duduk di balekambang, terlihat sangat asri, buah-buahan yang banyak, serta bunga bersusun di tepian. 5. Satingale Raja Namrud sru bramantya, dhatêng kang para mantri, lah ta patih Aman, miwah ta patih Kajar, tingalana si Ibrahim, asri kawuryan, kauban dening api. 5. Setelah melihat keadaan itu, Raja Namrud sangat marah kepada para mantri: wahai patih Aman dan Patih Kajar, lihatlah Si Ibrahim, terlihat enak-enak padahal dibakar dalam ap. 6. Lah ta paran karsanira Patih Aman, matur rêkyana patih, yèn sêmbada tuwan, lah tuwan ngumpulêna, sagunging bala ing Babil, bêktaha sela, balangana Ibrahim. 6. Bagaimana menurut pendapatmu wahai Patih Aman. Patih Aman menjawab: Jika setuju, sebaiknya tuwan mengumpulkan semua bala tentara di Babil, agar membawa batu lalu dilemparkan ke Ibrahim. 7. Yêkti kêbak sira Ibrahim dening sela, Raja Namrud nuruti, ing aturing Aman, saksana linêksanan, ginutukan dening kapir, sela lir udan, surake wanti-wanti. 7. Hingga Ibrahim dipenuhi dengan batu, Raja Namrud menyetujui perkataan Patih Aman, lalu dilaksanakan, Nabi Ibrahim dilempari oleh kaum kafir, dengan batu seperti hujan, sambil bersorak-sorak. 8. Saking pangrêksane Hyang Kang Maha mulya, dhatêng Nabi Ibrahim, gêgutuke kopar, sela gêng kadi udan, ingkang tumiba ing gêni, muluk ing tawang, lêbur tan ana kari. 8. Karena perlindungan Hyang Maha Kuasa kepada Nabi Ibrahim, lemparan batu besar yang bagaikan hujan, sesampainya di nyala api, langsung terbang ke angkasa, hancur lebur tidak
Serat Tapel Adam Jilid 1 101
tersisa. 9. Amor kukus dadi mega ngawang-awang, dadi mêndhung tumuli, dadya drês kang udan, anyiram têtanêman, ing prênah Nabi Ibrahim, dyan kawarnaa, magkya sang nini putri. 9. Menyatu dengan asap menjadi awan di angkasa, hingga menimbulkan hujan deras, menyirami tanaman yang berada di sekitar Nabi Ibrahim. Saat itu ada seorang putri keraton 10. Nèng panggungan lawan sarta êmbanira, ningali Nabi Brahim, kang manah kagiwang, tanbuh ing polahira, ningali Nabi Ibrahim, umêdun sigra, marêk ing rama kalih. 10. yang berada di panggung bersama abdinya, melihat pada Nabi Ibrahim, hatinya terpesona, menjadi salah tingkah melihat Nabi Ibrahim, segera turun dan mendekat pada kedua orang tuanya. 11. Lah ta rama kawula wau tumingal, Ibrahim langkung sakti, kauban dahana, lênggahira palangkan, pinatiking rêtna adi, ning pakêbonan, rama ibu nauri, 11. Wahai ayah saya telah melihat, pada Ibrahim yang sangat sakti, di dalam nyala api, dia duduk di kursi yang indah dihias permata mulya, terlihat di kebun. Ayah ibunya menjawab: 12. Iku nini aja sira kagawokan, saktine si Ibrahim, poma iku sulap, sang putri matur rama, kang manah langkung rudatin, amung kaetang, kang aning jroning gêni. 12. Wahai anakku janganlah kamu heran, kesaktian Ibrahim itu hanyalah sulapan. Sang putri berkata kepada ayahnya, hatinya sangat sedih dan kasihan, hanya memikirkan pada orang yang berada di dalam api. 13. Têngah dalu sang putri arsa maraka, dhatêng Sang Nabi Brahim, putri Babil ika, rinaksa ing Pangeran, nora gêsêng dening api, prapta sinapa, dening Nabi Ibrahim. 13. Waktu tengah malam, sang putri hendak mendatangi tempat Nabi Ibrahim, dan putri Babil diselamatkan oleh Pangeran, hiangga tidak terbakar oleh api, kedatangannya disapa oleh Nabi Ibrahim. 14. Sapa sira ing ngêndi pinangkanira, matur sang raja putri, inggih ta kawula, putrane sri narendra, kuwula arsa ngabêkti, dhatêng paduka, mojar Nabi Ibrahim. 14. Siapakah kamu dan dari mana asalmu. Sang raja putri menjawab: Aku adalah putri sang raja, aku ingin mengabdi pada kamu. Nabi Ibrahim berkata:
Serat Tapel Adam Jilid 1 102
15. Lah mangkana lan sira nandanga iman, sang putri anuruti, sampun nandang iman, bêrkat agama mulya, risaksana lami-lami, sang putri sira, pamitan arsa mulih. 15. Jika begitu jadilah kamu orang iman. Sang putri mau mengikuti, dan sudah menjadi orang iman, mendapat berkah dari agama yang mulya. Setelah beberapa saat, sang putri memohon diri hendak pulang. 16. Sampun mêdal saking sajroning dahana, marik ing rama kalih, arsa marahana, praptanira sinapa, lah pagene sira nini, malêbu sira, mring nggone Si Ibrahim, 16. Sudah keluar dari dalam api, lalu mendatangi kedua orang tuanya, ingin memberi penjelasan, kedatangannya ditanya: Apa sebabnya wahai putriku, kamu masuk ke tempat Ibrahim. 17. Aturipun kang putra inggih kawula, manjing agama suci, rama pênêd uga, manjinga ing agama, rama ibu anauri, lah nini sira, katularan Ibrahim, 17. Sang putri menjawab: Hamba telah masuk agama suci, sebaiknya ayah juga demikian, masuklah ke agama suci. Ayah ibunya menjawab: Wahai putriku, kamu telah terpengaruh oleh Ibrahim. 18. Aja marêk dadi sira katularan, lah muliha ta nini, adusa karamas, sang putri mantuk nulya, saking parmaning Hyang Widhi, angin ulêkan, pan mêdal saking bumi. 19. Jangan mendekat nanti kamu kena pengaruh, pulanglah putriku, mandilah keramas. Sang putri lalu pulang. Atas kehendak Hyang Widi, ada angin kencang berputar yang muncul dari dalam bumi. 19. Putri Babil binêkta dhatêng ngawiyat, pan katut dening angin, tiba gunung Ngêkas, yata ngabêkti sira, rama ibu samya nangis, langkung sungkawa, nata lan pramèswari. 19. Putri babil dibawa angin ke angkasa, jatuh di gunung Ngekas, disana ia beribadah, ayah ibunya menangis, hati sang raja dan permaisuri sangat sedih. 20. De lingira sang nata mring Patih Aman, miwah ing para mantri, lawan panujuman, ingsun pan kagawokan, ing saktine si Ibrahim, supaminira, kang pangeran Ibrahim. 20. Sang raja berkata kepada Patih Aman, para mantri, dan ahli nujum: Aku sangat kagum akan kesaktian Ibrahim, seandainya tuhannya Ibrahim… 21. Yèn awèha kasêktèn maring manira, kang kadi si Ibrahim, pasthi sun mangeran, 21. mau memberi kesaktian padaku, seperti pada Ibrahim, pastilah akan aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 103
sun punjung-punjung ika, ingsun asrah bulu bêkti, ing raja brana, patih matur nyariwis. sembah dan aku puja-puja, akan aku serahkan harta benda, emas permata. Sang patih menjawab: 22. Lah patikbra punika atur kawula, karantên Si Ibrahim, saktine mangkana, tan gêsêng ing dahana, amangeran dhatêng gêni, mula kalintang, dhatêng kang punang api. 22. Menurut hamba, kesaktian Si Ibrahim yang seperti itu, tidak terbakar dalam api, karena dia menyembah api, maka dia sangat senang saat dimasukkan ke dalam api. 23. Nata Babil mituhu ing aturira, yata kathah kapingin, ing sagunge kopar, kathah ingkang anêmbah, amangeran marang gêni, lah kawuwusa, balanê Patih Aman sami. 23. Raja Babil percaya akan perkataan patihnya, dan akhirnya banyak kaum kafir yang tertarik, dan menyembah api, sehingga semua bala tentara Patih Aman... 24. Amangeran gêni lagya akarya, umat ika ngadhêpi, yata gêni mubal, kang dahana malêsat, duk tumiba ambênêri, Ki Patih Aman, gêsêng pun Amad mati, 24. Menyembah pada api, saat itu sedang menyalakan api yang besar menyala-nyala, api melesat ke angkasa, dan jatuh mengenai Patih Aman, hingga terbakar dan tewas. 25. Sri narendra kalangkung prihatinira, dêning kalih prakawis, dhingin putranira, binêkta ing maruta, tanbuh mati tanbuh urip, ping kalih Aman, mati pinangan gêni. 25. Sang raja sangat prihatin, karena tertimpa dua musibah, yang pertama putrinya yang dibawa angin, tidak tau masih hidup atau mati, yang kedua Patih Aman, telah tewas terbakar api. 26. Yata sampun jangkêp patang puluh dina, lamine Nabi Brahim, ingobong sêmana, lolos saking dahana, yata kesah saking Babil, nusup ing wana, wontên kocapa malih. 26. Sudah genap empat puluh hari, Nabi Ibrahim dibakar dalam api, lalu bisa lolos dari api, dan pergi meninggalkan Babil, masuk ke dalam hutan. Lalu diceritakan… 27. Cinarita Sang Raja Ngêsam samana, putra ingkang pawèstri, nama Dèwi Sara, kathah mantri satriya, anglamar sang raja putri, ratu ing manca, prasamya andhatêngi. 27. Sang Raja Ngesam mempunyai putri yang bernama Dewi Sara, banyak mantri, satriya yang melamar sang putri, juga raja manca negara banyak yang datang. 28. Nata Ngêsam kèmêngan wardayanira, 28. Raja Ngesam bingung hatinya, karena
Serat Tapel Adam Jilid 1 104
dening sang nini putri, tan arsa akrama, rêmên olah sarira, angadi rupa sang putri, linge kang rama, dhuh anak ingsun nini, putrinya belum mau menikah, masih senang berias diri, memelihara kecantikannya, sang ayahanda berkata: Wahai putriku… 29. Aja sira amêgêlakên ing nala, yèn sira nora krami, pan kalakon uga, ing Ngêsam linurugan, dening kang para narpati, ratu manca pat, yêkti ingsun ngêmasi. 29. Janganlah kamu mengecewakan hati, jika kamu tidak juga mau menikah, pastilah negara Ngesam akan diserbu oleh para raja manca negara, niscaya aku akan tewas. 30. Atêmahan ibunira dadi tawan, matur sang nini putri, dhumatêng kang rama, inggih atur kawula, arsa uninga pribadi, dhatêng satriya, kang arsa dhatêng kami. 30. dan akhirnya ibumu menjadi tawanan. Sang putri menjawab kepada ayahnya: Baiklah hamba ingin mengetahui sendiri, pada satriya yang datang padaku 31. Nanging janji kawula dhatêng ing rama, pundi kang amba pilih, ratu sinatriya, miwah putraning nata, utawi silih wong cilik, kitha ing desa, ingkang amba sênêngi. 31. Tetapi janjiku pada ayahanda, mana yang hamba pilih, raja, satriya, serta putra raja, atau rakyat jelata, yang berasal dari kota maupun desa, yang hamba sukai… 32. Sampun tuwan mambêngi ing karsa tuwan, singa ingkang sun pilih, sampun tuwan malang, yèn makatêna amba, yêkti datan arsa krami, linge kang rama, lah iya sun turuti. 32. janganlah tuwan halangi, siapapun yang aku pilih, jangan ayah larang, jika tetap dilarang maka niscaya aku tidak akan menikah. Sang ayahanda berkata: Baiklah aku turuti kehendakmu. 33. Sampun eca manahipun sri nata, risaksana ngundhangi, dhatêng ngara-ara, sakèh mantri satriya, sing sapa pinilih putri, punika iya, dadi kang jatu krami. 33. Hati sang raja sudah lega, lalu membuat pengumuman, bahwa nanti diadakan di tanah lapang, semua mantri satriya, siapapun yang dipilih oleh sang putri, maka dia akan dijodohkan dengan sang putri. 34. Wong ing kutha miwah mangke wong ing desa, ratu putra narpati, bupati satriya, yèn piniliha uga, pasthi dadi jatukrami, wusing angundhang, yata wus pêpak sami, 34. Orang dari kota sampai pedesaan, raja ataupun putra raja, bupati dan satriya, jika nanti dipilih, pasti akan dinikahkan, setelah pengumuman disebarkan, banyak yang mengikuti sayembara.
Serat Tapel Adam Jilid 1 105
35. Wus misuwur sayêmbarane sang nata, kathah wong kang ningali, dhatêng ara-ara, Sang Rêtna Dèwi Sara, nitih ing jêmpana adi, wus sinamiran, samar kang aning jawi. 35. Sudah terdengar sampai kemana-mana sayembara raja, banyak orang yang menyaksikan, di tanah lapang, Sang Retna Dewi Sara naik jempana indah, ditutup dengan samir, hingga tidak terlihat darin luar. 36. Abra murub jêmpananipun kêncana, pinatik rêtna adi, ginarêbêg ika, ing sakèhing pawongan, êmban inya lawan cèthi, kang upacara, lumampah munggèng ngarsi. 36. Jempana kencana bersinar berkilauan, dihias dengan permata indah, diiring oleh banyak hamba, emban, serta semua abdi, perlengkapan upacara sayembara berjalan di barisan depan. 37. Kawarna wau sagung sasuruhan, gênti-gênti marapit, sandhinging jêmpana, kang jawi tan uninga, kang putri awas ningali, dyan kawarnaha, wau Nabi Ibrahim. 37. Diceritakan para peserta sayembara, mendekat secara bergantian, ke samping jempana, dari luar tidak terlihat, tetapi sang putri bisa melihat dengan jelas, diceritakan saat itu Nabi Ibrahim… 38. Nabi Brahim ningali wong langkung kathah, risaksana murugi, ing prênahe ika, ing ara-ara jêmbar, sang putri mangkya ningali, jêmpananira, pinarêkakên nuli. 38. melihat ada orang yang banyak berlalu-lalang, lalu ikut mendekat, ke tempat tanah lapang, sang putri saat itu melihat, lalu jempana didekatkan. 39. Binalang saptangan dening Dèwi Sara, katuju ambênêri, sumampir ing pundak, Nabi Ibrahim kagyat, ginubêl kang para cèthi, Sang Dèwi Sara, sampun malêbèng puri. 39. Ibrahim dilempar dengan sapu tangan oleh Dewi Sara, tepat mengenai pundak, Nabi Ibrahim terkejut, lalu dipegangi oleh para emban, dan Sang Dewi Sara sudah masuk ke dalam keraton. 40. Sampun bubar sakathahe susuruhan, miwah wong aningali, wus mulih sadaya, kathah sami angucap, kang pinilih nini putri, wong tan karuan, pinangkane pinilih. 40. Semua yang ikut sayembara sudah membubarkan diri, serta para penonton sudah pulang, banyak yang berkata, bahwa yang dipilih sang putri, orangnya tidak jelas asalnya. 41. Sampun katur dhumatêng sang raja Ngêsam, yata Nabi Ibrahim, tinakenan nulya, dening Sang Nata Ngêsam, sintên 41. Sudah dihadapkan pada Raja Ngesam, lalu Nabi Ibrahim ditanya oleh Sang Raja Ngesam: Siapakah namamu,
Serat Tapel Adam Jilid 1 106
kang sinambat wangi, pundi pinangka, matur Nabi Ibrahim. dari mana asalnya. Nabi Ibrahim menjawab: 42. Gih kawula punika kawulaning Hyang, têtiyang saking Babil, inggih namaningwang, Ibrahim Kalilolah, lah punapa karyanèki, paduka undang, lingipun sri bupati. 42. Aku adalah hamba Tuhan, orang dari Babil, namaku Ibrahim Kalilolah, lalu ada maksud apa paduka mengundang saya. Sang raja berkata: 43. Karanira Ibrahim sira sun undang, dene sira pinilih, maring putraningwang, ingkang katuju manah, sira kang ginawe laki, kapundhut sira, matur Nabi Ibrahim. 43. Adanya kamu Ibrahim aku undang, karena kamu telah dipilih oleh putriku, yang telah cocok di hatinya, kamulah yang akan dijadikan suami. Nabi Ibrahim berkata: 44. Gih kawula purun yèn tunggal agama, yèn nora tunggal yêkti, pan amba lênggana, kèmêngan sri narendra, dangu dènira anggalih, angrasa awrat, salina ing agami. 44. Baiklah hamba bersedia tetapi jika se-agama, jika tidak se-agama, maka hamba tidak akan mau. Sang raja menjadi bingung, lama dia memikirkan, merasa berat untuk berganti agama. 45. Angandika sri naranata ing Ngêsam, sira uga Ibrahim, èstu kumalancang, njaluk rusak kang tata, agama kang dhingin-dhingin, lêluhur ingwang, ingkang sun wuri-wuri. 45. Raja Ngesam lalu berkata: Kamu itu Ibrahim sangat lancang, ingin merusak aturan agama yang telah dianut oleh leluhurku, dan agama yang aku lestarikan. 46. Risaksana sang putri wau miyarsa, jalukane Ibrahim, dhatêng sri narendra, njaluk tunggal agama, nanging sang nata tan apti, sang Dèwi Sara, marêk ing rama nangis, 46. Saat itu sang putri mendengar, permintaan Ibrahim pada sang raja, bahwa meminta harus se-agama, tetapi sang raja menolak. Sang Dewi Sara lalu mendekati ayahnya sambil menangis. 47. Sang rêtna yu sarta angunus curiga, karsanipun sang putri, wau kang curiga, arsa tinancêbêna, ing sarirane pribadi, kang rama mulat, sigra dèn pêlayoni. 47. Sang putri datang sambil menghunus keris, maksud sang putri, keris tersebut akan ditusukkan ke dirinya, sang ayahanda melihat segera berlari mendekat. 48. Sarwi ngucap adhuh anak ingsun nyawa, 48. Sambil berkata: Wahai anakku,
Serat Tapel Adam Jilid 1 107
buwangên krismu nini, rinangkul ing yayah, rena sarwi angucap, apa sira jaluk nini, lah jêjaluka, sira ingsun têkani. buanglah kerismu. Sang putri dipeluk oleh ayah ibunya sambil berkata: Apapun yang kamu kehendaki, akan aku turuti. 49. Ingsun turut nini sapanjalukira, mênêng wau sang putri, yata Nata Ngêsam, wangsul ing palinggihan, ingayap pawongan cèthi, yata ngandikan, Ibrahim lan narpati, 49. Aku akan menuruti semua keinginanmu. Sang putri lalu diam, Sang Raja Ngesam kembali ke singgasananya, dikerumuni oleh para emban. Lalu sang raja berkata kepada Ibrahim. 50. Kaya apa Ibrahim agamanira, matur Nabi Ibrahim, angucap sahadat, anêbut nama Allah, kang akarya bumi langit, lah angucapa, iki kalimah kalih. 50. Seperti apakah agamamu wahai Ibrahim. Nabi Ibrahim menjawab: Yaitu mengucapkan sahadat, menyebut nama Allah, yang telah menciptakan langit bumi, nah ucapkanlah dua kalimat. 51. Pan ashadu ala ilaha ilalah, kalimah kaping kalih, wa ashadu ana Ibrahim Kalilolah, têgêse ingsun naksèni, satuhunira, tanna Pangeran malih. 51. Ashadu ala ilaha ilalah, kalimat ke dua adalah: wa ashadu ana Ibrahim kalilolah. Artinya aku menyaksikan, bahwa sesungguhnya tidak ada tuhan lain… 52. Amung Allah Pangeran ingkang sinêmbah, lawan têgêse malih, ing satuhunira, Ibrahim mitraning Hyang, yata Islam sri bupati, lan sartanira, wau kang pramèswari. 52. Kecuali hanya Pangeran Allah yang pantas disembah. Dan arti selanjutnya adalah: Dan sesungguhnya, Ibrahim adalah utusan Tuhan. Akhirnya sang raja mau masuk Islam, beserta para punggawa semua, juga sang permaisuri. 53. Ingundhangan sagunge tiyang ing Ngêsam, gêng alit jalu èstri, sami nandang iman, brahala wus rinusak, ginêmpur tan ana kèri, salin agama, anut Nabi Ibrahim. 53. Diumumkan kepada seluruh rakyat Ngesam, besar kecil laki perempuan, semua menjadi orang iman, berhala sudah dihancurkan, digempur tidak tersisa, karena telah mengikuti agama Ibrahim. 54. Wong ing kitha wong ing desa nandang iman, anut agami suci, wong ingkang lênggana, wong kitha wong ing desa, jinarah 54. Semua penduduk desa maupun kota sudah beriman, mengikuti agama suci, adapun orang yang menentang tidak mau
Serat Tapel Adam Jilid 1 108
dera narpati, parentahira, sarengat kang kinanthi. beriman, baik orang kota maupun desa, semuanya dirampas oleh sang raja, arus mengikuti perintah sang raja.
PUPUH 12 K I N A N T H I PUPUH 12 K I N A N T H I 1. Kawuwusa ta sang prabu, kalangkung dènira bêkti, ngêdohi ingkang cinêgah, pakoning Hyang dèn lakoni, jêmbarakên kang sarengat, agama Nabi Ibrahim. 1. Diceritakan sang prabu, sanget khusuk ibadahnya, menjauhi semua larangan, melaksanakan perintah Hyang Widi, menyebarluaskan syariat agama Nabi Ibrahim 2. Ya ta mangke wus misuwur, arsa manggihakên putri, para mantri ingundhangan, pan sampun samakta sami, panggihipun Dèwi Sara, kalawan Nabi Ibrahim. 2. Sudah tersiar kabar, bahwa sang raja akan merayakan pernikahan sang putri, para mantri di undangi semua, dan semuanya sudah siap, pernikahan Dewi Sara dengan Nabi Ibrahim. 3. Kalangkung pinunjung-punjung, lir wong mantu angsal gusti, gawok sakèhing tumingal, panggihipun nini putri, kang anama Dèwi Sara, apanggih Nabi Ibrahim. 3. Dirayakan dengan sangat mewah, seperti mendapatkan menantu raja, semua yang melihat takjub, atas pelaksanaan pernikahan Dewi Sara dengan Nabi Ibrahim. 4. Kapanggih ayu lan bagus, sarimbit cahya nêlahi, tan ana ingkang kuciwa, sami brangti ing Hyang Widhi, rama ibu sami suka, ningali putra sarimbit, 4. Pengantinnya cantik dan tampan, keduanya penuh bercahaya, tidak ada celanya, semua cinta pada Hyang Widi, ayah bundanya sangat senang, menyaksikan kedua mempelai. 5. Ya ta mangke sang aprabu, mandhita bêkti Hyang Widhi, arsa sèrèn dhatêng putra, ing mantu Nabi Ibrahim, lingipun sri naranata, dhumatêng Nabi Ibrahim. 5. Saat itu sang raja hendak menjadi pendeta untuk mendekatkan diri pada Hyang Widi, ingin memberikan kekuasaannya kepada putra menantu, yaitu Nabi Ibrahim, sangrfaja berkata kepada Nabi Ibrahim: 6. Tuwan jumênênga ratu, lênggah ing Ngêsam nagari, kawula arsa mêgawan, 6. Tuwan jadilah raja, menguasai negara Ngesam, aku akan turun tahta,
Serat Tapel Adam Jilid 1 109
andika muktiya sami, nyakrawati baudhêndha, kawula muji Hyang Widhi. berbahagialah kalian, mengatur dan menjadi penguasa, aku hendak memuji pada Hyang Widi. 7. Nabi Ibrahim amuwus, tanpa yun dadi narpati, dèrèng wontên karsaning Hyang, kalawan amba puniki, ingutus dening Pangeran, anyêlamakên ing kapir. 7. Nabi Ibrahim menjawab: Aku tidak ingin menjadi raja, belum ada kehendak Tuhan, dan aku ini telah diutus oleh Tuhan, untuk meng-Islamkan kaum kafir. 8. Amba pamit ing pukulun, mantuk ing nagari Babil, dhingin maksih sami kopar, tan idhêp sarengat sami, sami nêmbah ing brahala, mangke arsa sun lurugi, 8. Hamba memohon diri, akan pulang ke negara Babil, dahulu masih kafir semua, tidak mau melaksanakan syariatku, mereka semua menyembah berhala, aku akan datang kesana. 9. Ajêjuluk Raja Namrud, marentah para narpati, ing Babil nagarinira, ratu mahambara sakti, yata kèndêl nata Ngêsam, kèmêngan sri narapati. 9. Bergelar Raja Namrud, memerintah para raja, negaranya di Babil, seorang raja besar yang sangat sakti. Raja Ngesam hanya diam, bingung harus bagaimana. 10. Ngandika mangke sang prabu, dhatêng punggawa mantri, lah sira padha ngiringa, ing panutanira nabi, punggawa mantri samakta, kang samya kapanci ngiring. 10. Lalu sang raja berkata kepada para punggawa mantri: Kalian semua supaya mengiring nabi panutanmu, para punggawa mantri yang mendapat tugas mengiring sudah siap. 11. Cinarita sang rêtnayu, adi murti nangis-nangis, tan purun mangke kantuna, kêdah tumut laki gusti, Nabi Ibrahim sêmana, langkung kèwêdan ing galih. 11. Sementara sang putri menangis sedih, tidak mau ditinggalkan, harus mengikuti suaminya. Waktu itu Nabi Ibrahim sangat bingung hatinya. 12. Ingandhêg ing rama ibu, kang putra tan apti kari, milu ing laki panutan, anggubêl tansah bundhêti, ing kuncanipun kang raka, wau ing Nabi Ibrahim. 12. Ditahan oleh ayah bundanya, namun sang putri tetap tidak mau ditinggal, ingin mengikuti suaminya, selalu menggelendot memegangi kain Nabi Ibrahim tidak mau melepaskan. 13. Sotya balut mimbuh ayu, gêlung lukar tambah manis, sêsambat amêlasarsa, 13. mata menangis menambah kecantikannya, rambut terurai menambah
Serat Tapel Adam Jilid 1 110
piniyarsa garit ati, kang yayah rena ngandika, lah mèlua aja nangis. manis, menangis merintih dan memohon, didengar sangat menyayat hati, sang ayah bunda akhirnya berkata: Baik ikutlah dan jangan lagi menangis. 14. Kalangkung pracayanipun, dhumatêng Nabi Ibrahim, ingsun pasrah ing Pangeran, kang akarya bumi langit, kang putra suka miyarsa, ing wuwuse rama kalih. 14. aku sangat percaya dengan Ibrahim, aku pasrah pada Pangeran yang telah menciptakan langit dan bumi. Sang putri senang sekali mendengarkan ucapan kedua orang tuanya. 15. Cinarita wus lumaku, wong Ngêsam kang sami ngiring, Sang Rêtnayu Dèwi Sara, sinèlèh sajroning pêthi, rakite kadi wong dagang, lampahe Nabi Ibrahim. 15. Sudah memulai pejalanan, orang Ngesam banyak yang mengiring, Sang Dewi Sara ditaruh di dalam peti, terlihat seperti orang berdagang. Perjalanan Nabi Ibrahim 16. Prapti ing nagari Humus, amandhêg mangkya ing margi, dening kang têngga paseban, têtakon isining pêthi, lah apa ta isinira, dagangan sajroning pêthi. 16.sampailah di negara Humus, oleh prajurit penjaga dihentikan di jalan, dan bertanya tentang isinya peti: Barang dagangan apakah yang ada di dalam peti. 17. Lah bukanên ingsun dulu, ngandika Nabi Ibrahim, tan suka yèn binukaa, kang têngga paseban angling, lah mênawa isi wastra, lingipun Nabi Ibrahim, 17. Bukalah aku ingin mengetahui isinya. Nabi Ibrahim berkata: Aku tidak mengizinkan jika dibuka. Para penjaga berkata: barangkali berisi kain. Nabi Ibrahim berkata: 18. Wastra pira beyanipun, manira yêkti ngasungi, linge kang têngga paseban, mênawi sutra kêkêling, Nabi Ibrahim lon mojar, pira beyaning sun sungi. 18. Berapakah biaya kain, niscaya akan aku bayar. Penjaga berkata: Barangkali kain sutra kekeling. Nabi Ibrahim berkata: Berapa biayanya akan aku beri. 19. Kang têngga beya amuwus, sun watara kancanadi, lawan malih sun watara, mutyara intên widuri, Nabi Ibrahim lingira, sakarsanira mastani. 19. Penjaga berkata: Kira-kira sebanyak emas, dan mungkin senilai mutiara intan widuri. Nabi Ibrahim berkata: terserah kamu mau minta berapa. 20. Panjalukira sun turut, nanging aja bukak pêthi, risampunipun mangkana, bandar 20. Permintaanmu akan aku penuhi, tetapi jangan membuka peti. Setelah itu
Serat Tapel Adam Jilid 1 111
matur ing narpati, tinutur sapolahira, kagawokan sri bupati. parapenjaga melaporkan pada rajanya, diceritakan semua tingkahnya, sang raja heran. 21. Ngandika Sang Raja Humus, lah undangên dipun aglis, kang ingundang sampun prapta, ing ngarsanira narpati, wus samya ayun-ayunan, tinanya Nabi Ibrahim. 21. Sang Raja Humus berkata: Segera bawa kemari dia, yang dipanggil sudah menghadap di depan sang raja, dan sudah saling berhadapan, Nabi Ibrahim ditanya. 22. Sintên sinambating arum, pinangkane saking pundi, lawan pundi kang sinêdya, kang tinanya lingira ris, kawula tiyang ing Ngêsam, arsa ing nagara Babil. 22. Siapakah namamu, dan dari manakah asalmu, lalu kamu hendak pergi kemana. Yang ditanya menjawab perlahan: Hamba adalah orang Ngesam, hendak pergi ke Babil. 23. Sira tanya namaningsun, kêkasih Nabi Ibrahim, sang nata alon ngandika, bukakên isinên pêthi, lah apa daganganira, ingsun pan arsa udani 23. Paduka bertanya namaku, aku adalah Ibrahim. Sang raja berkata: Bukalah isi peti, apa daganganmu, aku ingin melihat. 24. Sinêrêng binuka sampun, kang pêthi isi pawèstri, duk tumingal sami mulat, cêngêng sang nata ningali, lingipun sri naranata, paran pawèstri nèng pêthi. 24. Lalu dibuka dengan paksa, ternyata isipeti adalah seorang perempuan, ketika saling memandang, sang raja terpesona melihatnya. Sang raja lalu berkata: Kenapa ada perempuan di dalam peti. 25. Nabi Ibrahim amuwus, pan puniku rabi mami, andikanira sang nata, sun urupane pawèstri, rabiningsun pilihana, sadaya pan ingsun apti, 25. Nabi Ibrahim berkata, itu adalah istri hamba. Sang raja berkata: Perempuan ini aku tukar, pilihlah isteriku, kau ambil semuapun aku berikan. 26. Nabi Ibrahim amuwus, tan nêdya urupan rabi, ngandikanipun sang nata, iku angsalira ngutil, sira liwat ing dêdalan, dèn singidakên ing pêthi. 26. Nabi Ibrahim berkata: Aku tidak berniat menukarkan isteri. Sang raja berkata: Perempuan itu pastilah kau dapat dengan mencuri, saat kamu lewat dijalan lalu kamu sembunyikan di dalam peti. 27. Pastine iku sun pundhut, karampas dening sun mangke, Sang Rêtnayu Dèwi Sara, binêkta malêbu puri, tumurun sang 27. Pasti aku minta dan aku rampas, lalu Sang Dewi Sara dibawa ke dalam keraton, turunlah sang iblis lanat,
Serat Tapel Adam Jilid 1 112
iblis lanat, matur dhatêng sri bupati. berkatakepada sang raja. 28. Sang nata èstri puniku, pantês dadi pramèswari, ngulatana mangsantuka, sang nata suka tan sipi, yata Jabarail prapta, ngarsaning Nabi Ibrahim. 28. Wanita tadi sangat pantas engkau jadikan permaisuri, jika mencari mustahil bisa mendapatkan yang seperti itu, sang raja sangat senang sekali.lalu Malaekat Jibril datang di hadapan Nabi Ibrahim. 29. Jabarail lon amuwus, heh tuwan Nabi Ibrahim, asangêt pangrêksa tuwan, ing garwa tuwan sang putri, saking salah marma tuwan, tuwan sèlèh jroning pêthi. 29. Malaekat Jibril berkata: Wahai Tuwan Nabi Ibrahim, kamu sangat menjaga pada isteri tuwan sang putri, itu merupakan kesalahan tuwan, kenapa ditaruh di dalam peti. 30. Pangrêksa tuwan tan kukuh, pami tuwan duk inguni, pasraha dhatêng Pangeran, rinêksa dera Hyang Widhi, mapan tuwan rêksa dhawak, tuwan sèlèh jroning pêthi. 30. Perlindungan tuwan tidaklah kuat, seandainya dahulu Tuwan menyerahkan pada Pangeran, niscaya akan dijaga oleh Hyang Widi, namun ini Tuwan sendirilah yang menjaga, dengan cara isteri tuwan ditaruh di dalam peti. 31. Nabi Ibrahim tumungkul, nalangsanipun tan sipi, anêbut astah pirolah, sang Dèwi Sara winarni, binêkta sajroning tilam, dhumatêng sri narapati. 31. Nabi Ibrahim menunduk, merasa sangat menyesal hatinya, mengucap astagfirulah. Lalu diceritakan Sang Dewi Sara, oleh sang raja dibawa ke dalam peraduan. 32. Saksana kang Raja Humus, asta ngayuh ing sang putri, nulya cikêr astanira, sang nata wau anglirik, nulya ingkang netra wuta, Dèwi Sara muwus aris. 32. Saat Raja Humus tangannya hendak menyentuh sang putri, mendadak tangan menjadi ciker, sang raja matanya melirik, seketika mata menjadi buta. Dewi Sara lalu berkata. 33. Tutugêna ta sang prabu, karsanira maring mami, mênawi sira tan wikan, iya putri Ngêsam mami, kang anama Dèwi Sara, kang kagarwa Nabi Brahim, 33. Teruskanlah wahai sang raja, lanjutkan semua kehendakmu terhadap diriku, jika kamu belum tahu, aku adalah putri deri Ngesam, yang bernama Dewi Sara, isteri Nabi Ibrahim. 34. Sang nata mêndhêg umatur, saking 34. Sang raja berhenti lalu berkata, semua
Serat Tapel Adam Jilid 1 113
ambêk kula gusti, nanging warasa kawula, mulya kadi wingi nguni, amba anuting parentah, sakarsa Nabi Ibrahim. karena kesalahanku gusti, tetapi mohon aku disembuhkan, bisa kembali seperti semula, hamba akan mengikuti perintah sekehendak Nabi Ibrahim. 35. Sang Rêtnayu Sara matur, mring Allah Kang Maha Suci, Pangeran kang luwih wikan, mulyakêna ta sang aji, katrima panêdhanira, Raja Humus mulya malih. 35. Sang Dewi Sara lalu memohon kepada Allah yang maha suci, Pangeran yang maha tahu, semoga engkau sembuhkan sang raja. permohonannya dikabulkan, akhirnya Raja Humus pulih seperti sedia kala. 36. Raja Humus lon umatur, dhumatêng sang raja putri, gusti ngaturkên kawula, pawèstri dadosa cèthi, dhumatêng raka paduka, ing kanjêng Nabi Ibrahim. 36. Raja Humus berkata kepada sang putri: Gusti aku memberi hadiah, seorang putri bisa dijadikan emban oleh suami paduka, Kangjeng Nabi Ibrahim. 37. Asale pawèstri iku, kawula manggih ing ardi, tan kantênan wismanira, tan kuwawi anggadhuhi, datan kêna pinêdhakan, dening wong èstri tan kenging. 37. Perempuan itu asalnya aku dapat dari gunung, tidak karuan dimana rumahnya, aku tidak mampu ketempatan dia, tidak bisa didekati, walaupun dia seorang perempuan 38. Lamun amba arsa ngrangkul, pan cikêr asta ngong sisih, supami kawula ngaras, grana tumbung yèn sun lirik, amolèr netra kawula, pawèstri sangar kêpati. 38. jika hamba ingin memeluk, tanganku seketika ciker sebelah, jika hendak aku cium, hidungkun menjadi bengkok, jika aku lirik, mataku seakan hendak keluar, perempuan itu sangat keramat. 39. Dèwi Anjar wastanipun, kawula tan purun gusti, kanggenan pun Dèwi Anjar, mila kawula ngaturi, dhumamatêng raka andika, kang nama Nabi Ibrahim. 39. Dia bermana Dewi Anjar, aku sudah tidak mau lagi ketempatan Dewi Anjar, maka akan aku berikan kepada suamimu, yang bernama Nabi Ibrahim. 40. Raja Humus munjung-munjung, dhumatêng sang nini putri, wuse ngaturakên enggal, dhumatêng Nabi Ibrahim, risampunipun mangkana, lumampah Nabi Ibrahim. 40. Raja Humus sangat berhati-hati kepada nini perempuan, segera diserahkan kepada Nabi Ibrahim, setelah itu Nabi Ibrahim meneruskan perjalanan.
Serat Tapel Adam Jilid 1 114
41. Wusana kandhêg ing ngênu, Jabarail nulya prapti, bêkta parmaning Pangeran, angandika Jabarail, tuwan kinèn alerena, dening Hyang Kang Maha Suci. 41. Lalu berhenti di perjalanan, malaekat Jibril datang, membawa pesan dari Pangeran. Jibril lalu berkata: Tuwan diperintahkan untuk berhenti oleh Hyang Maha Suci. 42. Tuwan kinèn adhêdhukuh, punika bumi aradin, winastan Betal Mukadas, toyanya sumbêr tur wêning, anjrah sagung têtanêman, pasitèn kalangkung rêsik. 42. Tuwan diperintahkan untuk mendirikan desa pemukiman, dinamakan Baitul Makdis, ada sumber airnya yang sangat jernih, tanaman tumbuh subur dimana-mana, tanahnya sangat bersih. 43. Benjang tuwan darbe turun, kawan lêksa dadi Nabi, dening Betal ing Mukadas, gèning pêpak ing pra Nabi, risampunipun mangkana, agriya Nabi Ibrahim. 43. Besuk Tuwan akan mempunyai anak turun empat puluh ribu yang menjadi nabi, semua nabi tadi berasal dari Baitul Makdis. Setelah itu lalu Nabi Ibrahim mendirikan rumah. 44. Akathah tiyang nênungsung, saking dhusun kanan kering, pan sami lumêbu Islam, anut ing agama suci, cinarita satus desa, kang anut Nabi Ibrahim. 44. Banyak sekali orang yang datang, dari desa sekitar, semuanya masuk agama Islam, ikut agama suci, diceritakan hingga mencapai seratus desa yang mengikuti perintah Nabi Ibrahim. 45. Anut ing sarengatipun, agama Nabi Ibrahim, miwah ing Betal Mukadas, padhukuhan langkung rêsmi, sinucèkkên ing Pangeran, wowohan tanêman asri. 45. Mengikuti syariat agama Nabi Ibrahim, adapun Baitul Makdis menjadi desa yang sangat indah, tempat yang disucikan oleh Pangeran, buah-buahan dan tanaman tumbuh sangat asri. 46. Sumawana masjidipun, panggenanipun ngabêkti, kang sêkar asri kawuryan, surambi ngidêran warih, sampuning alama-lama, wau ta Nabi Ibrahim. 46. Serta ada masjidnya, yaitu tempat untuk beribadah, bunga-bunga terlihat sangat indah, sekitar masjid dikelilingi air, sesudah sekian lama, kemudian Nabi Ibrahim… 47. Anglurug dhumatêng Babul, kaumipun sami ngiring, andina prang sabilolah, ingiring Nabi Ibrahim, kaumipun kang 47. Datang untuk menyerbu Babul, diiringi oleh kaumnya, berperang dalam sabililah, sebagian kaum mengiringi Nabi
Serat Tapel Adam Jilid 1 115
saduman, atêngga wisma ing wuri Ibrahim, dan sebagian kaumnya di rumah menunggu di belakang.
PUPUH 13 P A N G K U R
PUPUH 13 PANGKUR
1. Ya ta ingkang sabilolah, wau ta kang nama Nabi Ibrahim, prapta ing nagari Babul, sampun ajêng-ajêngan, yata ngucap sakathahipun wong Babul, Ibrahim lawase lunga, mêngko iki prapta malih.
1. Diceritakan dalam jalan Allah, yaitu yang bernama Nabi Ibrahim, datang ke negara Babul, sudah berhadapan, banyak orang Babul yang berkata, setelah lama Ibrahim pergi, sekarang datang kembali.
2. Kaum ing Betal Mukadas, nora pisah lawan sakèhe mukmin, têbah lawan kaum Babul, Nabi Ibrahim sigra, amarani dhumatêng sang raja Namrud, Nabi Ibrahim angucap, dhumatêng sri narapati.
2. Kaum di Baitul Makdis, selalu berdekatan dengan kaum mukmin, jauh dengan kaum Babul, Nabi Ibrahim segera mendekati Raja Namrud, Nabi Ibrahim berkatas, kepada sang raja:
3. Sang nata mangke tobata, lah salina agamanira dhingin, heh ta sira raja Namrud, raja nêmbah brahala, sajatine brahala puniku wau, Pangeran kang siya-siya, iku uga durakani.
3. Wahai sang raja sekarang bertaubatlah, gantilah agamamu yang dulu, wahai Raja Namrud, kamu adalah raja yang menyembah berhala, sesungguhnya berhala itu, adalah Pangeran yang sia-sia, itu akan mencelakai.
4. Anêbuta nama Allah, angucapa sira kalimah kalih, lailaha ilalahu, Ibrahim kalillolah, estokna pangucap puniku wau, tan ana Pangeran liyan, ingkang sinêmbah pinuji.
4. Sebutlah nama Allah, ucapkanlah dua kalimat, yaitu lailaha ilalahu, Ibrahim Kalilolah, kerjakanlah ucapan tersebut, tidak ada Pangeran yang lain, yang disembah dan dipuji.
5. Ing Allah kang pinangeran, kang sinêmbah kang dadèkkên sakalir, lah nêbuta marang ingsun, nabi mitraning Allah, dyan bramantya sira wau raja Namrud, wêdanane winga-
5. Pada Allah sebagai Pangeran, yang disembah dan menciptakan segalanya, sebutlah namaku, nabi sebagai wakil Allah. Raja Namrud seketika marah
Serat Tapel Adam Jilid 1 116
winga, talingan kadi sinêbit.
sekali, mukanya memerah, telinga panas seperti disobek.
6. Tanpa yun ingsun manuta, maring sira pan ingsun ora wêdi, amungsuh kaya rupamu, lah pira balanira, pasthi rusak dening balaningsun uga, Ibrahim sira mundura, mêngko sira sun patèni.
6. Tidak sudi aku mengikuti, aku tidak takut padamu, jika bermusuhan dengan kamu, berapakah balamu, pasti akan hancur oleh bala tentaraku, mundurlah Ibrahim, daripada kamu aku binasakan.
7. Nabi Ibrahim lingira, nora mati yèn rinêksa Hyang Widhi, ngandika sang raja Namrud, Pangeranira pisan, ngêndi gone mapan ingsun wani mungsuh, lawan pira balanira, Pangeranira Ibrahim.
7. Nabi Ibrahim berkata: Tidak akan mati jika dilindungi oleh Hyang Widi. Sang Raja Namrud berkata: Pangeranmu sekalian, dimana tempatnya aku juga berani bermusuhan, berapa balanya tentara Pangeranmu, wahai Ibrahim.
8. Nabi Ibrahim angucap, mangsa sira kuwasa amêjahi, ing Allah kang maha luhur, sang raja Namrud mojar, saênggène Pangeranira sun jujul, nadyan ana langit sapta, pan ingsun wani nglurugi.
8. Nabi Ibrahim berkata: Mustahil kamu mampu membunuh Allah yang maha luhur. Sang Raja Namrud berkata: Dimanapun tempat Pangeranmu akan aku datangi, walaupun berada di langit ke tujuh, aku juga berani menyerbunya.
9. Raja Namrud sigra dandan, yata minggah dhatêng luhuring langit, animbali para nujum, wasi tabib jêjanggan, kinèn karya pêpalangkan dènya lungguh, ing tatibèng têtibèngan, têtali sampun rinakit.
9. Raja Namrud segera mempersiapkan diri, hendak naik ke atas langit, memanggil para ahli nujum, pendeta, tabib, maupun janggan, semua disuruh untuk membuat tempat untuk duduk, susun bersusun tali temali sudah dibangun.
10. Pan sampun cinancang ika, pêpalangkan lawan pêksi rêjansi, agêngipun punang manuk, sami kalawan unta, yèn binabar êlare lir tarup agung, unine asêrak-sêrak, warnane
10. Sudah dipasang, tempat duduk beserta burung rejansi, adapun burung itu tubuhnya sebesar unta, jika sayap dibentangkan seperti tenda yang luas,
Serat Tapel Adam Jilid 1 117
kadi suwari.
bunyinya serak-serak, warnanya seperti kurung kaswari.
11. Nujum wêwasi wus nunggang, raja Namrud sampun sikêp jêmparing, yata mibêr tan adangu, malêsat ing gêgana, silêm ing luhuring bumi mega mêndhung, sang raja Namrud sêsumbar, lah payo tandhingên jurit.
11. Ahli nujum dan para pendeta sudah naik, Raja Namrud sudah siap memegang panah, tidak lama kemudian terbang melesat ke angkasa, menyelam di atas bumi di balik mega, Sang Raja Namrud menantang, ayolah kita bertanding.
12. Lah ta êndi rupanira, mêtonana Pangerane Ibrahim, pinênthang gandhewanipun, linêpasakên sigra, marang luhur langit pan datan kadulu, yata Jabarail prapta, anyandhak punang jêmparing.
12. Tunjukkan wujudmu, keluarlah wahai Pangerannya Ibrahim. Lalu busur panah ditarik, dilepaskanlah panah ke atas langit hingga jauh tidak terlihat, lalu datanglah Malaekat Jibril, menangkap anak panah.
13. Allah Tangala ngandika, mring Jabrail mara ta dipun aglis, sakathahe ulam êluh, padha sêmbêlèhana, lah alapên sakèhe gêtihe iku, anulya ingalap sigra, gêtihe kinarya riris.
13. Allah tangala bersabda kepada malaekat Jibril: Segeralah kau ambil semua ikan di air, sembelihlah, ambilah semua darahnya. Lalu segera diambil, dan darahnya digunakan sebagai hujan.
14. Ya ta kang panah sinungan, lêlandhêping gêtih kalawan daging, tinibakkên ngarsanipun, Raja Namrud samana, suka-suka asurak sang raja Namrud, sarta kang para ubatan, tênung jêjanggan wêwasi.
14. Lalu ujung panah tersebut diberi darah dan daging, dan dijatuhkan dihadapan Raja Namrud, bersorak kegirangan Sang Raja Namrud, juga para ubatan, tenung, janggan, maupun para pendeta.
15. Kang paksi sampun lumarap, dupi mandhap wau paksi rêjasi, sang raja Namrud umêdhun, kang wadya tinuturan, yata surak kang wadya bala gumuruh, sri narendra
15. sang Burung segera turun, setelah sampai di darat lalu Sang Raja Namrud turun, bala tentaranya diberi dikabar, para wadyabala bersorak bergemuruh, Raja Namrud lalu memanggil Nabi
Serat Tapel Adam Jilid 1 118
Namrud sigra, nimbali Nabi Ibrahim.
Ibrahim.
16. Ya ta sampun pêpanggihan, raja Namrud lawan Nabi Ibrahim, angandika raja Namrud, Ibrahim wruhanira, pan ing mangke Pangeranira wus lampus, dangu gon ingsun sêsumbar, Pangeranmu tan mêtoni.
16. Sudah saling bertemu, antara Raja Namrud dan Nabi Ibrahim, Raja Namrud berkata: Ketahuilah Ibrahim, sekarang Pangeranmu sudah mampus, lama aku tantang, tetapi Pangeranmu tidak mau keluar.
17. Lah ta lamun mêtonana, ingsun arsa atandhing kang kuwanin, baya ta ajrih maring sun, singidan ing akasa, ingsun panah Pangeranira katuju, kabênêran dening panah, baline katutan daging.
17. Jika berani keluar, aku ingin bertanding adu kekuwatan, apakah memang takut denganku, hanya bersembunyi di angkasa, lalu Pangeranmu aku panah, ternyata mengenai sasaran, jatuhnya panah ada daging yang tersangkut.
18. Mapan ta Pangeranira, wus palastra balane aning ngêndi, lawan pira kathahipun, nadyan ngadua bala, sayêktine pan akathah bala ningsun, ing Kustambul lan Ngabêsah, Ngêrum Ngajam bala mami.
18. Karena Pangeranmu sudah tewas, dimanakah bala tentaranya, dan berapa jumlahnya, walaupun meminta bantuan pada tentaranya, pastilah masih lebih banyak tentaraku, di Kustambul, Ngabesah, Ngerum, dan Ngajam semuanya adalah bala tentaraku.
19. Sun kêrik pêpak sadaya, tan petungan pan pirang-pirang kêthi, pan tigang atus pandulu, pêsagi ara-ara, yata Nabi Ibrahim asta jinunjung, ananêdha ing Pangeran, Pangeran amba kang luwih,
19. Akan aku kerahkan semua, tidak bisa dihitung berpuluh-puluh ribu, berbaris hingga memenuhi tanah lapang tiga ratus pandangan persegi luasnya. Lalu Nabi Ibrahim mengangkat tangannya, memohon pada Pangeran. Wahai Pangeran hamba yang agung…
20. Sakathahe kaum kopar, lah tumpêsên yèn tan anut ing kami, yata Jabrail tumurun, bêkta parmaning Suksma, sapraptane Jabrail
20. Tumpaslah semua kaum kafir jika tidak taat padaku. Lalu Malaekat Jibril turun, dengan membawa pesan dari
Serat Tapel Adam Jilid 1 119
mangke amuwus, katrima panêdhanira, dening Hyang kang Maha Suci.
Hyang Suksma, setelah datang lalu Jibril berkata: Permohonanmu dikabulkan oleh Hyang Maha suci.
21. Wontên ta wau kang prapta, lêmut kathah anyokoti wong kapir, sanadyan cinokot lêmut, yèn nêdya anut tuwan, liniwatan nora nyokot punang nyamuk, Nabi Ibrahim ngandika, lah ta iya lanat kapir,
21. kemudian saat itu datanglah, nyamuk yang banyak dan menggigit orang kafir, walaupun nyamuk menggigit, tetapi jika mau tunduk pada tuwan, niscaya akan dilewati oleh nyamuk dan tidak digigit. Nabi Ibrahim berkata: Baiklah kafir laknat
22. Ana babênduning Allah, maring sira antinên lanat kapir, pasthi mêngko ana lêmut, babênduning Pangeran, maring sira kalamun sira tan anut, yêkti lêmut amamangsa, marang sira lanat kapir,
22. ada siksa Allah untuk kalian, tunggulah wahai laknat kafir, pasti nanti datang nyamuk, yang merupakan siksa Pangeran untukmu, jika kalian tidak taat, niscaya nyamuk akan menggigit kalian si laknat kafir.
23. Saking parmaning Pangeran, lêmut prapta sanagara ing Babil, lir ampak-ampak tumurun, yata gègèr swaranya, wong sak praja prasami horêg gumuruh, kathah kaum samya pêjah, tan ana kang mangga pulih.
23. Atas izin Pangeran, nyamuk datang hingga memenuhi negara Babil, seperti kabut yang turun, dengan suara yang bergemuruh, semua orang di negara kacau balau, banyak kaum yang tewas, tidak ada yang aada yang mampu melawan.
24. Asêsambat bapa biyang, wadhuh wadhuh tangis pating jalêrit, sang raja Namrud lumayu, kalawan pramèswara, apuyêngan gègère kêtêkan lêmut, sang nata lan prameswara, angungsi ing gêdhong wêsi.
24. Meratap pada ayah ibunya, aduh aduh menangis menjerit-jerit, Sang Raja Namrud melarikan diri bersama permaisuri, geger kebingungan kedatangan nyamuk, lalu sang raja dan permaisuriu mengungsi di dalam gedung besi.
25. Kinunci rapêt sêmana, yata ana lêmut alit
25. Waktu itu sudah dikunci rapat-rapat,
Serat Tapel Adam Jilid 1 120
kêkalih, cinêblèk malêsat ngirung, mangan utêke nata, niba tangi sirahe kabêntus-bêntus, tanbuh tingkah nungsang-nungsang, raja Namrud mati kapir.
ada dua ekor nyamuk, dipukul melesat ke hidung, masuk dan memakan otak sang raja, sampai jatuh bangun kepalanya terbentur-bentur, tingkahnya kebingungan tidak karuan, akhirnya Raja Namrud mati kafir.
26. Cinarita tigang dina, raja Namrud sakarate ing nguni, sapatine raja Namrud, sakarine kang pêjah, sami tobat ing Nabi Ibrahim atêluk, akathah kang nandang iman, anut ing agama suci.
26. Diceritakan Raja Namrud menderita sekarat selama tiga hari, setelah kematian Raja Namrud, kaum yang tersisa masih hidup akhirnya bertaubat dan tunduk pada Nabi Ibrahim, banyak yang menjadi orang iman dan memeluk agama suci.
27. Pan Nabi Ibrahim sigra, amarani ing yayah rena kalih, apanggih lan rama ibu, Nabi Brahim ngandika, rama ibu anuta agamaningsun, kang yayah rena angucap, lah anak ingsun Ibrahim.
27. Nabi Ibrahim segera mendatangi ayah ibunya, setelah bertemu Nabi Ibrahim berkata: Wahai ayah ibu ikutlah agamaku. Ayah ibunya menjawab: Wahai anakku Ibrahim,
28. Kaliwat ingsun awirang, yèn manuta marang sira Ibrahim, dening sira anak ingsun, mapan ingsun wus tuwa, nora patut salina agamaningsun, mapan iya luhurira, ingkang ingsun wuri-wuri.
28. Akub sangat malu, jika sampai tunduk padamu, karena kamu adalah anakku, serta aku sudah tua, tidaklah pantas jika aku berganti agama, karena itu adalah agama leluhurmu, yang tetap aku lestarikan.
29. Nabi Ibrahim ngandika, ing akerat kêduwung ndika mbenjing, kang rama ibu sumaur, saujar-ujarira, têkèng pati ora anut maring sunu, rama ibu dyan pinêdhang, yayah rena mati kapir.
29. Nabi Ibrahim berkata: Kalian besuk di akherat akan menyesal. Ayah ibunya menjawab: Terserah apa katamu, sampai mati aku tidak akan tunduk pada anak. Lalu ayah ibunya ditebas dengan pedang, akhirnya ayah ibunya mati kafir.
Serat Tapel Adam Jilid 1 121
30. Risampunipun mangkana, sakathahe kaum manut agami, miwah desa liyanipun, sadaya wus miyarsa, yèn ing Babul rusak gêmpur dening lêmut, gêngipun lêmut punika, sami lan paksi gudhali.
30. Setelah itu, semua kaum mau mengikuti agama, serta desa-desa lain, semua sudah mendengar kabar, bahwa negara Babul telah rusak karena diserang oleh nyamuk, nyamuk tersebut ukurannya sebesar burung gudali.
31. Kang kari ngidhêp sadaya, kang sarengat agama Nabi Ibrahim, yata kesah saking Babul, praptèng desa jajahan, wong Rêjatan sadaya pan sampun anut, umanjing agama Islam, anut ing Nabi Ibrahim.
31. Yang masih tersisa semuanya mau taat, pada syariat agama Nabi Ibrahim, lalu Ibrahim pergi meninggalkan Babul, sampai di desa jajahan, orang Rejatan semua sudah taat, mau memeluk agama Islam, mengikuti Nabi Ibrahim.
32. Risampuning anut ika, ing Rêjatan dhatêng Nabi Ibrahim, saksana tinilar sampun, dhatêng nagari Relal, desa Relal punika pan sampun anut, sami manut ing agama, sarengat Nabi Ibrahim.
32. Setelah kaum Rejatan mau taat pada Nabi Ibrahim, lalu desa ditinggalkan, sampailah di negara Relal, desa Relal juga sudah tunduk, semua mau mengikuti agama, syariat Nabi Ibrahim.
33. Ing Relal sampun tinilar, yata Nabi Ibrahim anglurugi, wadyabala ngiring sampun, prapta nagari Kelal, desa Kelal punika pan sampun têluk, sampun anut ing agama, sarengat Nabi Ibrahim.
33. Lalu desa Relal ditinggalkan, Nabi Ibrahim mendatangi, beserta wadyabala yang mengiring, sampai di negara Kelal, desa Kelal juga sudah tunduk, serta sudah memeluk agama, syariat Nabi Ibrahim.
34. Ing Kelal sampun tinilar, desa Jelan puniku wus kalindhih, desa Mistan sampun tundhuk, manjing agama Islam, wus tinilar ing Baamang dhusunipun, aran Amilan nagara, kêkasihing Raja Nandi
34. Desa Kelal juga sudh ditinggalkan, desa Jelan sudah kalah, desa Mistan juga sudah tunduk, memeluk agama Islam, lalu ditinggalkan serta menuju ke dhusun Baamang juga ditinggalkan, sampai di negara Anilan, rajanya bergelar Raja Nandi.
35. Lumayu ngungsi ing wana, Raja Nandi
35. Melarikan diri masuk ke dalam
Serat Tapel Adam Jilid 1 122
ngiring sabalanèki, nagari tinilar suwung, risampuning mangkana, lampahipun Nabi Ibrahim wus rawuh, ing desa Betal Mukadas, pinapag ing pramèswari.
hutan, Raja Nandi diiringi oleh bala tentaranya, negara ditinggalkan hingga kosong, setelah itu, perjalanan Nabi Ibrahim telah sampai, di desa Baitul Makdis, lalu disambut oleh permaisuri.
36. Wus pinarak lênggah jajar, ingkang raka kalawan ingkang rayi, langkung suka manahipun, Dèwi Sara tumingal, ingkang raka ingiring boyongan agung, bala kang ngiring pangarsa, ênting sukaning kang rayi.
36. Sudah duduk berdampingan berdua, suami dan isterinya, hatinya sangat senang, Dewi Sara melihat suaminya diiringi oleh hasil rampasan yang banyak, dipimpin oleh para prajurit, hati isterinya sangat senang sekali.
37. Kang rayi matur ring raka, pan kawula angaturi punagi, pawèstri yu warnanipun, wasta pun Dèwi Sara, pan puniku kalêbu ing ujar ingsun, yèn tuwan mênanga aprang, inggiha punagi mami
37. Isterinya berkata kepada sang suami: Hamba mempunyai janji, ada wanita yang cantik wajahnya, bernama Dewi Sara (ctt. mestinya Dewi Anjar), itu adalah sudah merupakan janjiku, jika tuwan menang dalam peperangan, akan menetapi janjiku.
38. Anjar kawula kèn ningkah, maring tuwan kang raka anauri, mênawa nora saèstu, baya ing ujarira, yèn kalakon benjang têmah-têmahipun, anduwèni sêrik manah, Ni Anjar kalawan mami
38. Dewi Anjar aku suruh untuk menikah dengan kanda, sang suami menjawab: Barangkali tidak sungguh-sungguh janjimu itu, karena jika sampai terlaksana, besuk akan menimbulkan rasa sakit hati, antara Ni Anjar denganku.
39. Pramèswari aturira, inggih botên yèn sangking amba singgih, yèn supamine puniku, sing karsa tuwan dhawak, sayêktose kawula adarbe sanggub, Nabi Ibrahim ngandika, sun tarima sira yayi
39. Sang permaisuri berkata: Aku tidak akan seperti itu, jika semuanya itu kanda mau melaksanakan, karena sesungguhnya itu semua sudah menjadi tekad hamba. Nabi Ibrahim berkata: Baiklah istriku, aku terima.
Serat Tapel Adam Jilid 1 123
40. Risampunipun mangkana, nini Anjar wau dipun timbali, dhumatêng ing ngarsanipun, sarawuhnya ngayunan, Dèwi Sara graita ing manahipun, kang waja pan thinithikan, pamrihe aja ngungkuli.
40. Setelah itu, Nini Anjar dipanggil agar datang, setelah sampai di hadapannya, Dewi Sara dalam hati sudah menyangka, giginya lalu dirusak, tujuannya jangan sampai melampaui…
41. Dhumatêng sariranira, kang wadana alise dèn irisi, pinulas wêdananipun, karsane Dèwi Sara, aja sira anglangkungi kaya ingsun, pan wus karsaning Pangeran, wêdana sayèmbuh manis,
41. pada keadaan dirinya, alis mukanya dipotong, wajahnya dipulas, maksud dari Dewi Sara adalah, jangan sampai kecantikanmu melebihi aku, namun sudah menjadi kehendak Pangeran, wajah malah semakin bertambah manis
42. Sasampunipun mangkana, cinarita Anjar sampun kinawin, sasampuning asih lulut, dhatênging Dèwi Anjar, parmaning Hyang Dèwi Anjar wuwuh ayu, katurunan ing nurbuat, cahyanipun anêlahi.
42. Kemudian selanjutnya, Dewi Anjar dinikah, setelah sudah saling berkasih-kasihan bersama Dewi Anjar, atas izin Hyang Widi, Dewi Anjar semakin bertambah cantik, serta mendapatkan wahyu nurbuat, hingga makin indah bercahaya.
43. Sang rêtna yu Dewi Sara, manah sêrik wau duk aningali, satingkah sapolahipun, wau ing Dèwi Anjar, yata wawrat lami-lami saya sêpuh, Anjar sampun sangang wulan, sang dèwi sukêr ningali.
43. Sang Retna Ayu Dewi Sara hatinya sangat benci jika melihat semua tingkah lakunya, Dewi Anjar lalu hamil sampai hamil tua hingga berumur sembilan bulan, Sang Dewi Sara jijik melihatnya.
44. Ya ta matur Dèwi Sara, dhatêng ingkang raka Nabi Ibrahim, lah tuwan bêktaa gupuh, nini Anjar punika, sukêr dêlêng aja kumpul wismaningsun, Nabi Ibrahim saksana, bakda subuh pan lumaris.
44. Dewi Sara lalu berkata kepada suaminya yaitu Nabi Ibrahim: Wahai kanda, segeralah Dewi Anjar engkau bawa pergi, aku jijik melihatnya, jangan sampai berkumpul di rumahku. Kemudian Nabi Ibrahim segera pergi, berangkat setelah waktu subuh.
45. Sarta anitih kang unta, Dèwi Anjar lawan
45. Dewi Anjar dan Nabi Ibrahim pergi
Serat Tapel Adam Jilid 1 124
Nabi Ibrahim, tan wontên kaum kang wêruh, sampunipun mangkana, Dèwi Anjar ababar jalu abagus, aning saluhuring unta, kaprênah ing pusêr bumi.
dengan naik unta, tidak ada kaum yang mengetahui, setelah itu, Dewi Anjar melahirkan bayi laki-laki yang tampan di atas punggung unta, tepat di pusatnya bumi.
46. Punika ing bumi Mêkah, ingkang putra aran Nabi Ismangil, Jabarail nulya rawuh, bêta parmaning Suksma sapraptane Jabarail lon amuwus, lah ta salaming Pangeran, dhatêng Tuwan Nabi Brahim.
46. Itu adalah bumi Mekah, putranya dinamakan Nabi Ismail, Malaekat Jibril lalu datang, dengan membawa perintah Hyang Suksma, setelah sampai Malaekat Jibril berkata: Salam dari Pangeran, untuk Tuwan Ibrahim.
47. Putra tuwan udhunêna, maring siti biyange aja kari, saksana wau tumurun, saking luhuring unta, ara-ara tan ana kayu kadulu, padhang kalangkung awiyar, nabi angulati warih.
47. Turunkanlah putramu ke tanah, jangan lupa ibunya juga supaya turun. Setelah itu lalu turun dari atas unta, di padang luas yang tidak terlihat ada pepohonan, tanah lapang sangat luas, Nabi Ibrahim lalu mencari air.
48. Anjujug ing gunung Marwan, gunung sanga kapitu wali-wali, nanging nora nêmu banyu, Anjar anangis ika, tanbuh tingkah nora kêlar panasipun, sarwi mêngkul putranira, Ismail sinèlèh siti.
48. Menuju ke bukit Marwan, sembilan gunung dicari hingga tujuh kali, namun tidak juga menemukan air, Dewi Anjar menangis, bingung harus bagaimana karena tidak tahan terhadap terik panas matahari, sambil menggendong anaknya, lalu Ismail ditaruh di tanah.
49. Sêmana ta cinarita, asru nangis Ismail aning siti, mancal-mancal sukunipun, andêdêl-dêdêl lêmah, yata mêdal sumbêr wêning toyanipun, tur tawa asri kawuryan, sigra anginum tumuli.
49. Waktu itu diceritakan, Ismail menangis dengan sangat kerasnya, sambil kakinya menjejak tanah, tiba-tiba mengeluarkan sumber air yang jernih dan tawar sangat menyenangkan pandangan, segera diminumnya.
50. Pan sarwi kinarya siram, lan Ismail dinulu
50. Sambil digunakan untuk mandi,
Serat Tapel Adam Jilid 1 125
wuwuh pêkik, sumbêr tinutupan watu, kang sela tuna dungkap, anêngahi kang watu kabyuring banyu, yata iline kang toya, amêcah dados kêkalih.
Ismail dilihat semakin tampan, lalu sumber air ditutup dengan batu, batu tersebut bergerak terbalik, hingga batu berada di tengah sumber air, akhirnya air terpecah menjadi dua aliran.
51. Winastanan toya Zamzam, Dèwi Anjar sukur maring Hyang Widhi, ningali karamatipun, wau dhatêng kang putra, cinarita ing kanan kiringing dhusun, miyarsa ing bumi Mêkah, ana bêbayi linuwih.
51. Dinamakan air zamzam, Dewi Anjar bersyukur pada Hyang Widi, menyaksikan keagungan yang diberikan kepada putranya. Diceritakan di kanan kiri pedesaan, telah mendengar bahwa di bumi Mekah ada bayi yang linuwih.
52. Wong padesan kathah prapta, jalu èstri sami ngatur-aturi, sapraptanira amuwus, lah sintên asma tuwan, lan malihe ing pundi pinangkanipun, sumaur kang tinakenan, inggih kawula puniki.
52. Orang-orang desa banyak yang datang, laki perempuan ingin memberikan sesuatu, sesampainya berkata: Siapakah namamu, dan dari manakah asalmu. Yang ditanya menjawab: Aku ini adalah…
53. Têtiyang Betal Mukadas, pun kawulanipun Nabi Ibrahim, Ni Anjar kakasih ingsun, dene lare punika, ingkang nama Ismail miyoskên banyu, sajatine putranira, kang nama Nabi Ibrahim.
53. orang dari Baitul Makdis, isterinya Nabi Ibrahim, adapun namaku adalah Ni Anjar, dan anak yang telah mengeluarkan sumber air ini bernama Ismail, sebenarnya dia adalah putra Nabi Ibrahim.
54. Ya ta kang sagung miyarsa, sami bêkti dhatêng Nabi Ismail, yata sami atur-atur, wastra myang dhadhaharan, kang satêngah boyong anak rabinipun, milu wisma bumi Mêkah, dadi padhusunan asri.
54. Semua orang yang mendengar, sujud menghormat kepada Nabi Ismail, kemudian mereka memberikan sesuatu, berupa pakaian dan makanan, sebagian ada yang memboyong anak isterinya, ikut mendirikan rumah di bumi Mekah, hingga menjadi pedesaan yang asri.
55. Nabi Ibrahim sêmana, angulati toya pan
55. Waktu itu Nabi Ibrahim mencari-
Serat Tapel Adam Jilid 1 126
ora olèh, cinarita wau rawuh, aningali padhesan, risaksana pun Anjar wau andulu, Nabi Ibrahim sêmana, langkung sukuring Hyang Widhi.
cari air, namun tetap tidak mendapatkan, lalu kembali, dan melihat ada pedesaan, Dewi Anjar melihat kedatangan Nabi Ibrahim, sangat syukur pada Hyang Widi.
56. Kang putra kinuswa-nuswa, langkung trêsnanipun maring Ismail, yata lami-lami sampun, Nabi Ibrahim ika, kesah mring Betal Mukadas tan adangu, onêng dhatêng pramèswara, kalangkung sihipun kalih.
56. Sang putera diciumnya, sangat menyayangi Ismail, setelah sekian lama, Nabi Ibrahim ingin pergi ke Baitul Makdis sudah rindu dengan permaisuri, karena sangat menyayangi pada kedua isterinya.
57. Yèn Wontên Betal Mukadas, onêng dhatêng putra Nabi Ismail, wusa prapta tan asantun, wus kapanggih kang putra, yata onêng dhumatêng ing garwanipun, kang anama Dèwi Sara, mring Betal Mukadas malih.
57. Saat di Baitul Makdis, rindu pada Nabi Ismail, lalu kembali untuk bertemu dengan sang putra, lalu kembali rindu dengan permaisurinya yang bernama Dewi Sara, akhirnya kembali pergi ke Baitul Makdis.
58. Nabi Ibrahim sêmana, manah keron putra lan pramèswari, kang nala tansah gumantung, marang putra kewala, Sang Ismail kang dadi paraning kalbu, putrane amung satunggal, trêsnaning tan dèn unduri.
58. Waktu itu hati nabi Ibrahim sangat bingung, karena cintanya pada putera dan permaisurinya, hatinya sangat tertambat pada puteranya, Ismail menjadi tujuan hati, anaknya hanya seorang, kasih sayangnya tidak akan luntur.
PUPUH 14 D U R M A
PUPUH 14 D U R M A
1. Kawarnaa katurunan malaekat, mangkya Nabi Ibrahim, apanggih saksana, Jabrail lon angucap, dhumatêng Nabi Ibrahim, tuwan tampiya, andikane Hyang Widhi.
1. Diceritakan malaikat turun, menemui Nabi Ibrahim, Jabrail berkata pelan, kepada Nabi Ibrahim, tuwan terimalah, perintah dari Allah.
Serat Tapel Adam Jilid 1 127
2. Putra tuwan lah tuwan karyaa kurban, kang anama Ismail, sampun lah wong liyan, ingkang anêmbêlèha, tuwan sêmbêlèh pribadi, putra andika, ingkang tuwan kasihi.
2. Anak tuwan yang bernama Ismail, jadikanlah Kurban, jangan sampai orang lain yang menyembelih, kecuali tuwan sebelih sendiri, yaitu anak tuwan yang sangat kau kasihi.
3. Dèn paragat gulune têngên lan kiwa, tuwan lah kadipundi, mangkya karsa tuwan, punika karsaning Hyang, yèn wontên atur upami, lah eca amba, matur dhatêng Hyang Widhi.
3. Sembelihlah leher kanan dan kiri, mau bagaimana lagi tuwan, sudah menjadi kehendak Allah, kalau ada yang mau disampaikan, dengan senang hati, saya sampaikan kepada Allah.
4. Suka lila utawi mboten lilaa, lah inggih kadipundi, ya ta aturira, Ibrahim ing Pangeran, sumangga karsa Hyang Widhi, datan lênggana, anut karsa Hyang Widhi.
4. Ikhlas atau tidak ikhlas, lah mau bagaimana lagi, dan Ibrahim berkata, pasrah dengan kehendak Allah, tidak menolak kehendak dari Allah.
5. Dumèhane anak amba mung satunggal, kinarsakkên Hyang Widhi, pêjah gêsangira, tan kuwasa lênggana, ing lair miwah ing batin, amba lir sarah, kumambang anèng wuri.
5. Meskipun anak saya hanya satu, hidup dan matinya diminta oleh Allah, lahir dan batin saya ikhlas, saya seperti dedaunan, terapung di belakang,
6. Langkung-langkung karsaning kang murbèng alam, ya ta Nabi Ibrahim, apajar ing garwa, kang nama Dèwi Sara, lingipun Nabi Ibrahim, lah wruhanira, anak ingsun Ngismail.
6. lebih-lebih kehendak dari Allah, kemudian Nabi Ibrahim memberitahu kepada istrinya, yang bernama Dewi Sara, Nabi Ibrahim berkata, ketahuilah, anakku Ismail.
7. Kinarsakkên marang Hyang Kang Maha Mulya, ingsun kinèn nyambêlih, kinarya akurban, Dèwi Sara angucap, eman ta Nabi Ismangil, angur si Anjar, sinêmbêlèha bêcik.
7. Diminta oleh Allah, saya diperintah untuk menyembelih, dijadikan kurban. Dewi Sara berkata, sayang kalau Nabi Ismail, lebih baik Si Anjar yang disembelih.
8. Ya ta Nabi Ibrahim karsa lumampah, mring goning Nabi Ismangil, dhumatêng ing Mêkah,
8. Nabi Ibrahim menuju tempat Nabi Ismail, yaitu di Mekah, mengunjungi
Serat Tapel Adam Jilid 1 128
amurugi kang putra, ingkang anama Ismangil, panggil ni Anjar, angling Nabi Ibrahim.
sang anak, yang bernama Ismail, Nabi Ibrahim memanggil Ni Anjar dan berkata.
9. Hèh ta Anjar siramana putranira, Anjar sigra ngêdusi, sampuning dinusan, kang putra binusonan, sumunu cahya nêlahi, kinanthi sigra, dening Nabi Ibrahim.
9. He Anjar, mandikanlah anakmu, Anjar segera memandikan, sesudah dimandikan, sang anak didandani, kelihatan tampan sekali, segera digandeng oleh Nabi Ibrahim.
10. Dewi Anjar matur sarwi awotsêkar, tuwan bêkta mring pundi, gusti putra tuwan, Nabi Ibrahim mojar, ingsun gawa amrêtapi, mring Bojamina, ngandika Nabi Ibrahim.
10. Dewi Anjar berkata seraya menghormat, mau dibawa kemana anak tuan, Nabi Ibrahim menjawab, mau saya ajak untuk beribadah, ke daerah Mina.
11. Anak ingsun payo sira ingsun bêkta, lah lunga amrêtapi, Bojamina sira, risaksana lumampah, ing putra anèng wuri, kang rama ngarsa, andudulur lumaris.
11. Putraku ayo kamu aku bawa, beribadah ke daerah Mina, segera berjalan, sang anak berjalan di belakang sang ayah, berjalan berurutan.
12. Dèwi Anjar ngatêr sawijining lawang, kang putra dèn tingali, angiring kang rama, tumurun iblis lanat, kang ngrêncana kang pakarti, kang pinanggihan, ibunira Ismangil.
12. Dewi Anjar mengantar sampai ke pintu, melihat sang anak mengikuti ayahandanya, turunlah iblis laknat yang mengganggu dan menemui ibu Ismail.
13. Ya ta ngucap wau ta kang iblis lanat, wruha tuwan puniki, inggih putra tuwan, binêktèng ramanira, sanggupe kesah mêrtapi, jatine ika, putra tuwan Ngismail.
13. Iblis laknat berkata, ketahuilah, putra tuan, dibawa oleh ayahandanya dengan alasan akan beribadah, sesungguhnya, anak tuan Ismail
14. Sinêmbêlèh ing rama kinarya kurban, Sang Dèwi anauri, iya ngêndi ana, wong anêmbêlèh anak, sang iblis lanat nauri, kang linampahan, andikaning Hyang Widhi.
14. akan disembelih oleh ayahnya dan dijadikan kurban, sang ibu berkata, apa ada orang yang mau menyembelih anaknya sendiri, sang iblis laknat berkata itu menjalankan perintah Allah.
15. Dèwi Anjar alon dènira wacana, yèn
15. Dewi Anjar berkata pelan, apabila
Serat Tapel Adam Jilid 1 129
karsaning Hyang Widhi, sukur sèwu iya, asrah ingsun ing Allah, iblis lanat nuli bali, nututi sigra, dhatêng Nabi Ismangil.
sudah kehendak Allah, saya bersyukur, pasrah kepada Allah, Iblis Laknat kemudian pergi membuntuti Nabi Ismail.
16. Aglis prapta lampahe sang iblis lanat, ing wurine Ismangil, jawil sarwi ngucap, abibisik lon-lonan, Ismangil dipun bisiki, lah wruha tuwan, arsa dipun sunati.
16. Iblis laknat sudah sampai di belakang Ismail, mencolek sambil berkata bisik-bisik, Ismail dibisiki, ketahuilah tuan akan disunat.
17. Mapan tuwan arsa kinaryaa kurban, angling Nabi Ismangil, iya êndi ana, uwong akurban anak, sang iblis lanat nauri, Allah Tangala, ingkang ngrêsakkên ugi.
17. selanjutnya tuan akan dijadikan kurban, Nabi Ismail berkata, mana ada orang berkurban anaknya sendiri, sang iblis menjawab, Allah Tangala yang memerintahkan.
18. Ya ta Nabi Ismangil muji Pangeran, ya alkamdulilahi, Rabil ngalamina, pan sukur ingsun asrah, maring Hyang kang Maha Suci, nora rumangsa, yèn ingsun darbe urip.
18. Kemudian Nabi Ismail memuji asma Allah, Alhamdulillahi rabil ngalamin, saya pasrah kepada Allah Yang Maha Suci, karena saya merasa bukan yang mempunyai hidup ini.
19. Ya ta Nabi Ismangil nututi rama, matur Nabi Ismangil, lah mandhêga tuwan, hèh rama pêpoyana, ngandika Nabi Ibrahim, lah mengko nyawa, sira ingsun poyani.
19. Kemudian Nabi Ismail mengejar ayahnya, Nabi Ismail berkata, lah berhentilah tuan, he Ayah beritahulah, Nabi Ibrahim berkata, nanti kamu saya beritahu.
20. iya ingsun kadhawuhan dikaning Hyang, pan saking jabrail, andhawuhi karsa, maring ingsun nguni nyawa, nyawa kagyat sira kaki, pan sira uga, kinarsakkên Hyang Widhi.
20. Saya diperintah oleh Allah, melalui Jabrail, memerintahkan kepadaku, janganlah engkau kaget nak, kalau kamu diminta oleh Allah.
21. Ingsun kinèn anêmbêlèh maring sira, kinarya kurban kaki, ature kang putra, awotsêkar ing rama, lah inggih rama sumawi,
21. Saya diperintah menyembelih kamu, dijadikan kurban nak, sang anak berkata sambil menyembah, iya ayah saya
Serat Tapel Adam Jilid 1 130
amba punika sukalila ing Widhi.
setuju, saya pasrah dan ikhlas kepada Allah.
22. Alah ta dawêg rama sampun kalayadan, parentahing Hyang Widhi, dawêg dipun enggal, lah tuwan lampahana, mangkya prênahipun pundi, nêmbêlèh amba, rama dipun lêstari.
Ayahanda jangan lama-lama, perintah dari Allah, harus disegerakan, segera tuan laksanakan, dimana tempatnya sekarang, saya disembelih ayah tetaplah teguh.
23. Nanging amba lah tuwan sungana sela, sun karya balang iblis, kang goda rêncana, mila cawisa sela, sun karya mbalangi iblis, ya ta ngandika, wau Nabi Ibrahim.
23. Tetapi saya berilah batu, akan saya gunakan untuk melempar iblis, yang menggoda, maka siapkanlah batu, untuk melempar iblis. Nabi Ibrahim berkata,
24. Lah ta payo kaki maring Bojamina, kono pangkoning Widhi, saksana lumampah, prapta ing bojamina, dyan matur Nabi Ngismail, suwawi rama, amba tuwan lêkasi.
24. Lah ayo nak ke daerah Mina, di sana tempat Allah, segera berjalan, sampai di daerah Mina, Nabi Ismail berkata, segera sembelih saya ayah.
25. Ya ta Nabi Ibrahim gupuh sêmana, sigra anarik cundrik, putra atur sêmbah, yèn suwawi ta rama, kawula tuwan talèni, tinurut sigra, wus kukuh talinèki,
25. Pada saat itu Nabi Ibrahim segera, menarik golok, sang anak menghaturkan sembah, apabila ayah setuju, ikatlah saya, permintaannya dituruti, segera diikat sangat kuat.
26. Wuse ngiringakên wau putranira, sinêmbêlèh tumuli, nanging nora pasah, Nabi Ismangil mojar, marmane tan pasah iki, tuwan tumingal, dhatêng rarai kami.
26. Setelah anaknya diposisikan miring, segera disembelih, tetapi tidak mempan, Nabi Ismail berkata, makanya tidak mempan, karena tuan melihat muka saya.
27. Rai amba sampun tuwan tingalana, lah ta tuwan sasambi, milane tan pasah, sangêt ing trêsna tuwan, dhatêng amba puniki, wus sinasaban, musêlat tan kaèksi.
27. jangan melihat muka saya, makanya tidak mempan, karena ayah sangat sayang padaku. Setelah ditutupi sehingga tidak kelihatan.
28. Dyan ingayat sinêmbêlèh nora pasah,
28. Segera disembelih lagi dan tidak
Serat Tapel Adam Jilid 1 131
matur Nabi Ismangil, lah tuwan ngungkurna, inggih dhatêng kawula, sampun tuwan tingali, mênawi tuwan, mbotên tahan ningali.
mempan, Nabi Ismail berkata, lah tuan belakangilah saya, jangan tuan lihat, apabilah tuan tidak tahan melihat.
29. Tuwan sêmbêlèh sarwi mungkur kewala, ya ta Nabi Ibrahim, nulya mungkur sigra, anêmbêlèh kang putra, sigra prapta Jabarail, ambêkta menda, saking ing suwarga adi.
29. Tuan sembelih dengan membelakangi saya, Nabi Ibrahim segera membelakangi, menyembelih sang anak, Jabrail segera datang membawa kambing dari surga yang indah.
30. Tuhu agêng lêmu kang domba punika, ulêsipun aputih, irêng ponang êndhas, wuse sinalinan menda, wau ta Nabi Ngismail, sangêt dèn asta, kang rama yun nêlasi.
30. Kambingnya sangat besar dan gemuk, kulitnya berwarna putih, dan kepalanya hitam. Setelah diganti kambing, Nabi Ismail segera ditarik ayahanda dan akan disembelih.
31. Sarwi mungkur Ibrahim pambêlèhira, ngarasa pasah kang cundrik, gulu têngên kiwa, sampun karaos tatas, anolèh Nabi Ibrahim, ningali sira, menda kang dèn kisasi.
31. penyembelihannya dengan membelakangi, goloknya sangat tajam, leher kanan kiri, sudah merasa tuntas, Nabi Ibrahim segera menengok dan melihat, ternyata kambing yang disembelih.
32. Ingkang cundrik pinaringakên ing sela, lêbur tanpa lari, Nabi angandika, dhumatêng cundrikira, lah ngapaa sira cundrik, têdhas ing sela, kalawan menda iki.
32. Golok diletakkan di atas batu, musna tanpa bekas, Nabi berkata kepada goloknya, kenapa golok kamu mempan terhadap batu dan kambing.
33. Lah ngapaa tan têdhas Ismangil sira, saking takdiring Widhi, dhatêng cundrik ika, kuwasa jawab sabda, pakoning Hyang têdhas kambing, kalawan sela, tan kinon têdhas Ismangil.
33. Kenapa tidak mempan terhadap Ismail, karena sudah takdir Allah, golok itu bisa menjawab, atas perintah dari Allah mempan pada kambing dan batu dan tidak mempan pada Ismail
34. Jabarail sung salam sarwi angucap,
34. Jabrail memberi salam dan berkata
Serat Tapel Adam Jilid 1 132
dhatêng Nabi Ibrahim, salam mring Pangeran, dhumatêng tuwan, pangandikane Hyang Widhi, dhumatêng tuwan, tuhu Nabi sinêlir.
kepada Nabi Ibrahim, salam dari Allah kepada tuan, firman dari Allah kepada tuan, sungguh Nabi terkasih.
35. Tinarima pasrah tuwan ing Pangeran, tan garantês ing galih, sampuning mangkana, ya ta wontên taksaka, buntutipun mukul siti, mêdal sumbêran, toyanipun awêning.
35. terimalah dengan ikhlas atas nama Allah, jangan terlalu sedih, setelah itu ada seekor ular, ekornya memukul tanah menjadi sumber air dan airnya sangat bening.
36. Ya ta Nabi Ibrahim mangkya asalat, prênah pinggiring warih, pan kawan rêkangat, wêktu luhur sêmana, angandika Jabarail, ing mangke tuwan, kinèn dening Hyang Widhi.
36. Kemudian Nabi Ibrahim bersembahyang di tepi sumber air, empat rekaat karena pada waktu itu waktu sholat dhuhur, Jabrail berkata, sekarang tuan diperintah oleh Allah.
37. Kinarsakkên tuwan akaryaa kakbah, ing Mekah karya manjing, dadosa minangka, adhêpe wong asalat, saksana Nabi Ibrahim, matur ing Allah, punapa amba kardi.
37. Tuan disuruh membuat Kakbah di Mekah sebagai kiblat pada waktu sholat, segera Nabi Ibrahim, berkata kepada Allah, apa yang hamba buat,
38. Parmaning Hyang Jabarail nulya ngucap, inggih sela kinardi, angambila sela, ing selane Tursina, gunung Judah gunung Judi, tuwan usunga, karya pinggiring masjit.
atas kehendak Allah, Sang Jabrail berkata, yaitu terbuat dari batu, ambillah batu dari gunung Tursina, gunung, Judah, Gunung Judi, tuan bawalah untuk pinggiran masjid.
39. Ri saksana wau nulya linakonan, pan sampun karya masjid, ing prênah kang rata, ing pinggir tinumpukan, binêkta sela gêng alit, wus têmu gêlang, pininggiran wus dadi.
39. Segera dilaksanakan, dan sudah membuat masjid di tempat yang rata, di pinggir diberi tumpukan, dibawa batu besar maupun kecil untuk tumpukan melingkar.
40. Gèning salat ing masjid punika andhap, wusing undhangan sami, sakathahe Islam, kinon ngangge ngibadah, asalata anèng
40. Tempat sholat di masjid itu letaknya di bawah, setelah semua umat Islam diundangi, disuruh untuk ibadah di
Serat Tapel Adam Jilid 1 133
masjid, lan cinarita, wau Nabi Ibrahim.
masjid, dan diceritakan Nabi Ibrahim
41. Lami-lami mantuk mring Betal Mukadas, apanggih pramèswari, nama Dèwi Sara, kapingin apêputra, ya ta Bagindha Ibrahim, pan pitung dina, siyam datan bukti.
41. Lama-kelamaan pulang ke Betal Mukadas, bertemu dengan permaisurinya yang bernama Dewi Sara yang ingin sekali mempunyai anak. Kemudian Nabi Ibrahim selama 7 hari berpuasa.
42. Parmaning Hyang Dèwi Sara nulya wawrat, puputra jalu pêkik, nama Nabi Iskak, kinamulèn ing jalma, tuhu sih Nabi linuwih, kamantu ika, dening Nabi Lud singgih.
42. Atas kehendak Allah, Dewi Sara segera hamil, lahirlah anak laki-laki sangat tampan, bernama Nabi Iskak, sangat dihormati, Nabi terkasih sangat sayang, diambil menantu oleh Nabi Lud.
43. Cinarita sampuning alama-lama, wau Nabi Ibrahim, apan katamuan, titiyang kalih wêlas, sadaya anom tur pêkik, binojakrama, sêkul ulame asri.
43. Diceritakan setelah beberapa lama, Nabi Ibrahim kedatangan tamu orang duabelas, semuanya muda dan ganteng, disambut dan dijamu nasi dan ikan yang enak.
44. Ya ta adhahar tunggal akakêpungan, dhahar Nabi Ibrahim, dene tamunira, titiyang kalih wêlas, sadaya tan mèlu bukti, datan uninga, wau Nabi Ibrahim.
44. kemudian makan bersama, Nabi Ibrahim makan, sedangkan keduabelas tamunya semua tidak ikut makan, Nabi Ibrahim tidak mengetahuinya.
45. Karanipun Nabi Ibrahim tan wikan, tumungkul dènnya bukti, milane mangkana, dimène aja wirang, aeca punang têtami, gènipun dhahar, dyan Dèwi Sara angling.
45. Karena Nabi Ibrahim makan begitu menunduk, supaya para tamu tidak malu dan enak makan. Dewi Sara berkata
46. Hèh ta Nabi Ibrahim têtamu tuwan, tan wontên mèlu bukti, nulya tininggalan, tuhu tan milu dhahar, lingipun Nabi Ibrahim, lah karaneka, tuwan tan milu bukti.
46. Nabi Ibrahim tamu tuan, tidak ada yang ikut makan, segera dilihat, benar tidak ada yang ikut makan, Nabi Ibrahim berkata, kenapa tuan-tuan tidak
Serat Tapel Adam Jilid 1 134
ikut makan.
47. Dêlingipun tatamu kang kalih wêlas, kawula dede janmi, jatine malekat, dene lampah kawula, ingutus dera Hyang Widhi, kinèn ngrusaka, dhatêng ing kaum kapir.
47. Keduabelas tamunya menjawab, kami ini bukan manusia, sesungguhnya kami ini malaikat, yang diutus Allah untuk merusak kepada kaum kafir.
48. Kang rinusak kaum kapir lanatulah, Nabi Lud tinulungi, milane kawula, apanggih kalih tuwan, kinarsakkên amba kampir, dening Pangeran, Nabi Ibrahim angling.
48. Yang dirusak kaum kafir laknatullah, Nabi Lud mendapat pertolongan, makanya kami bertemu dengan tuan, kami diperintah oleh Allah. Nabi Ibrahim berkata
49. Yèn suwawi kawula mèlu ngiringa, para malaekat angling, langkung karsa tuwan, nanging tan pakêming Hyang, malekat arsa lumaris, rupa manungsa, bagus nom-noman sami.
49. Kalau diijinkan saya ikut mengantar, para malaikat berkata, terserah pada tuan, tetapi bukan aturan Allah. Malaikat segera berjalan, semua berubah menjadi manusia yang rupawan dan muda.
PUPUH 15 S I N O M
PUPUH 15 S I N O M
1. Nabi Lud kang cinarita, manahipun angrudatin, tan ketung parentahira, pinampaning kaum kapir, kaum kang sami nyindik, kathahipun kawan dhusun, kang nama desa Ngêjam, desa Sudum kaping kalih, kaping tiga winastan dhusun Rêjasa.
1. Diceritakan Nabi Lud, hatinya semakin sedih, kaum kafir tidak menghiraukan perintahnya yaitu kaum yang sudah melakukan hubungan sesama jenis, sebanyak empat desa, yaitu desa Ngejam, kedua desa Sudum, ketiga desa Rejasa.
2. Kaum ingkang kawan ndasa, anantang parentah Nabi, langkung dènya mulang Sarak, tan ana ajrih ing Nabi, lamun dèn parentahi, dhumatêng Bagindha Hêlud, pan ambangkang kewala, tan patut kalayan janmi, saya ndadra
2. Kaum yang berjumlah empat puluh, menentang perintah Nabi, mereka sungguh tidak tahu aturan, tidak ada yang takut kepada Nabi. apabila diperintah oleh Baginda Lud, semua
Serat Tapel Adam Jilid 1 135
lacute wong patang desa.
membangkang, tidak pantas disebut manusia. Keempat puluh orang itu semakin menjadi-jadi perbuatannya.
3. Mapan kalakuhanira, tan patut kalayan janmi, luwih saking sato kewan, kapir jindik jajêmbêri, ajimak ganti-ganti, anjamah sami ning kakung, lali marang wanita, wus samya karêm kapati, dènya jamah jinamah samining priya.
3. Tingkah lakunya tidak patut disebut manusia, lebih buruk dari hewan, kafir homo menjijikkan, berhubungan dengan sesama laki-laki saling bergantian, lupa terhadap wanita. Hubungan dengan sesama laki-laki sudah menjadi kebiasaan.
4. Nabi Lud pan kewalahan, tan kèdhêp dènya sung peling, cinarita sampun lama, tan kêna dipun wangsiti, langkung pêgêl kang galih, samana Bagindha Hêlud, tan kèdhêp parentahnya, mring kaum kapir kang jindik, kaum kapir kathahipun kawan desa.
4. Nabi Lud sangat kewalahan, semua ajarannya tidak diindahkannya. Diceritakan setelah beberapa lama tidak dapat dinasehati, Baginda Lud sangat marah terhadap kaum kafir yang melakukan hubungan sesama laki-laki yang mencapai empat desa,
5. Sakêthi malah langkunga, sagunge malaekat prapti, kathahipun kalih wêlas, sadaya arupa janmi, samya apêkik-pêkik, sêmbada pênganggonipun, titiyang kalih wêlas, dudulur manjing lumaris, yata Nabi Ibrahim ngiring kadohan.
5. bahkan mencapai seratus ribu orang lebih. Sejumlah 12 malaikat datang, wujudnya menyerupai manusia, semuanya tampan, begitu rapi busananya. Kedua belas orang tersebut berjalan beriringan. Diceritakan Nabi Ibrahim mengikuti dari kejauhan.
6. Anganti jawining kitha, adangu dènira nganti, ing lampahe malaekat, kang arsa angrusak kapir, kawan desa puniki, rinusak dera Hyang Agung, malekat kalih wêlas, lampahipun sampun prapti, ing wismane Nabi Lud sampun alênggah.
6. Menunggu di luar desa, begitu lama menunggu para malaikat yang akan menghancurkan kafir empat desa atas perintah Allah. Perjalanan kedua belas malaikat sudah sampai di rumah Nabi Lud.
7. Wus tata gènipun lênggah, aning pêndhapa
7. Semua sudah duduk, di pendapa luar,
Serat Tapel Adam Jilid 1 136
ing jawi, malaekat kalih wêlas, sami mindo-mindo janmi, warnane ênom apêkik, anuju Baginda Hêlud, sêpi anèng pagagan, kantun putrane pawèstri, têngga wisma mau niku suma rara.
kedua belas malaikat, yang berubah wujud menjadi manusia, raut wajahnya muda serta tampan. Saat itu Baginda Lud sedang berada di ladang, hanya anaknya perempuan yang sedang menunggu rumah.
8. Kang têngga wisma tumingal, ing têtamu nom apêkik, kathahipun kalih wêlas, kusuma rara manggihi, têtamu samya angling, nini nêdha sukanipun, anêdha parerenan, kang têngga wisma nauri, inggih sêpi pun rama anèng pagagan.
8. Penunggu rumah kemudian melihat, para tamunya yang masih muda dan tampan, sebanyak dua belas, putri Nabi Lud segera menemui, tamu-tamunya meminta ijin untuk singgah, sang putri penunggu rumah menjawab, sekarang rumah sedang kosong karena ayah sedang di ladang.
9. Yèn wontêna ramaningwang, asanggup rama nêmoni, kawula suka uninga, titiyang ing dhusun ngriki, pan sami kapir njindik, awon kalakuanipun, nora layak ingucap, tiyang kawan desa kapir, tan adangu rawuh kang saking pagagan.
9. Apabila ada ayahku, ayah akan bersedia menemui. Saya beritahu, orang-orang di desa ini, semua kafir, homo, tercela tingkah lakunya, dan tidak layak disebut manusia. Tidak lama kemudian datanglah Nabi Nuh dari ladang.
10. Aprapta samya sung salam, saksana sami alinggih, Bagindha Lud duk tumingal, suwarnane kang têtami, ya ta micara ing ati, sakèhing tatamunipun, sami pêkik sadaya, dadi upa yèn udani, maring sakèh kapir ingkang kawan desa.
10. Setelah sampai memberi salam, kemudian duduk kembali. Pada saat Baginda Lud melihat tamunya, berkata dalam hati, semua tamunya sungguh tampan. Akan jadi apa kalau orang kafir empat desa ini mengetahui,
11. Pasthine yèn jinamahan, mangkana ingkang pawèstri, rabine Nabi Lud mêdal, mring têtangga ngambil gêni, tutur-tuturing kapir, lamun mangke Bagindha Lud, ning
11. yang seharusnya berhubungan dengan perempuan. Isteri Nabi Lud keluar meminta api kepada tetangganya api, dan bercerita kepada para kafir, jika
Serat Tapel Adam Jilid 1 137
wisma kêtamuan, sami nampa pêkik-pêkik, ya ta kapir kang manah marwata suta.
sekarang di rumahnya Baginda Lud sedang kedatangan tamu yang muda dan tampan-tampan, hati kafir teramat senang.
12. Tutur kanca pinaranan, kapir nguwuh-uwuh anjrit, dhateng Bagindha Lud ika, asugal dènira angling, wêdalna dèn aglis, Bagindha Lud dhêdhayohmu, lah mara dèn akêbat, pan ingsun arsa udani, Nabi Lud anauri asêmu duka.
12. mendatangi temannya dan bercerita, kafir berteriak-teriak kepada Baginda Lud, sungguh kasar kata-katanya, cepat keluarkan tamu-tamumu Baginda Lud, cepatlah bawa kemari, aku ingin tahu. Nabi Lud menjawab dengan agak marah.
13. Bagindha Lud wus lumampah, amarani lanat kapir, lah padha sira ilinga, atobata sira kapir, maring Hyang Maha Suci, anuta agamaningsun, manjing agama Islam, aja sira kapir jindik, anêbuta sira ing Allah Tangala.
13. Baginda Lud kemudian berjalan mendekati kafir laknat, lah ingatlah kamu, bertaubatlah engkau kafir kepada Allah yang Maha suci, peluklah agamaku, masuk agama Islam. janganlah kamu kafir homo, sebutlah nama Allah Tangala.
14. Lah aja jamah-jinamah, samine jalu tan bêcik, baya angur sato kewan, lêlakèn jalu lan èstri, padha tobata sami, maring Pangeran Kang Agung, yèn sira manjing Islam, anak ingsun yu pawèstri, maksih anom punika sira alapa.
14. Janganlah saling berzina terhadap sesama laki-laki, masih bagus hewan, kawin antara jantan dan betina, bertaubatlah kamu semua kepada Allah Tuhan Yang Maha Besar. Jika kamu masuk Islam, anakku perempuan yang masih muda dan cantik itu jadikalah istrimu.
15. Sumaur sakèhing kopar, mapan ingsun nora sudi, anakira pan wanudya, dudu kang ingsun karêpi, sira darbe tatami, warnane anom abagus, kathahe kalih wêlas, sira wêtokna anuli, dhayohira iku pan arsa sun
15. Semua kafir menjawab, aku tidak sudi, pada anak perempuanmu, dia bukan yang aku inginkan. Kamu mempunyai tamu, wajahnya tampan dan masih muda yang berjumlah dua belas
Serat Tapel Adam Jilid 1 138
jamah.
itu keluarkanlah segera, karena akan segera aku gauli,
16. Lah yèn jalu maring sira, Bagindha Lud anauri, mapan ingsun nora suka, yèn jaluk tatamu mami, hèh sira lanat kapir, binêndon dera Hyang Agung, sakèh kapir bramantya, Nabi Lud sigra ginitik, Nabi Lud kinêmbulan kapir akathah.
16. jika laki-laki. Baginda Lud menjawab, ketahuilah aku tidak senang, jika meminta tamuku, hai kamu kafir laknat, akan dimurkai oleh Allah. Semua kafir marah, Nabi Lud segera diserang, Nabi Lud dikeroyok oleh orang-orang kafir.
17. Nabi Lud kang sirah bentar, muncar slira gubrah gêtih, saksana tamu angucap, ya Nabi Lud srahna mami, lah sampun walang galih, wruhanta sajatosipun, amba iki malaekat mindo-mindo rupa janmi, dyan tumurun malekat kang kalih wêlas.
17. Kepala Nabi Lud terluka, darahnya membasahi badannya, seketika tamunya berkata, Nabi Lud serahkan kami, janganlah kawatir, ketahuilah bahwa sesungguhnya hamba ini adalah malaikat yang menjelma manusia, kemudian kedua belas malaikat tersebut turun.
18. Tumingal sakèhing kopar, suka manahe tan sipi, polahe lir pindho buta, amamangsa minum gêtih, kapir sami amarani, ing tatamu anom bagus, wau arsa nyikêpa, sadaya arsa nyêkêli, pra malekat sadaya sigra tumandang.
18. Semua orang kafir melihat, teramat senang hatinya, tingkah lakunya bagaikan raksasa, yang akan memangsa dan minum darahnya. Semua kafir mendekati, kepada para tamu yang begitu muda dan tampan dan akan memeluk dan memegangnya. Para malaikat segera bertindak.
19. Tinumpês sakèhing kopar, mukanya bêlah apalih, uwang rampal sirah bentar, kang netra tlorèr macicil, gègèr sakèhing kapir, kang swara umyang gumuruh, lir pinusus wurahan, kapir prapta amiranti, samya ngêpung tan wikan lamun malekat.
19. semua orang kafir segera ditumpas, wajahnya terbelah dua, dagunya retak kepala pecah, bola matanya keluar, kebingungan semua orang kafir, gemuruh suaranya, bagaikan prahara angin yang sangat kencang, kafir
Serat Tapel Adam Jilid 1 139
berdatangan siap-siap mengepung, tidak tahu bahwa itu adalah malaikat.
20. Kapir saya wuwuh kathah, prapta sikêp ngêpung jurit, tandange lir saradula, kapir sadaya ngrêbut wani, kang mara-mara mati, ingkang mundur-mundur tatu, wangke susun atumpang, lir sêsulung lêbu gêni, nora suda saya maro lir karangrang.
20. Kafir semakin bertambah banyak, berdatangan lengkap dengan senjata, sepak terjangnya bagaikan harimau. Semua kafir menyerang dengan berani, mereka yang menyerang mati, yang melarikan diri terluka, bangkai sangat banyak berserakan, bagaikan laron sulung masuk ke api, tidak berkurang malah semakin banyak bagaikan semut rangrang.
21. Kêrigên sakèhing kopar, kang lagi prapta ngêmbuli, tan ana mangga muliha, angandika Jabarail, tobata sira kapir, wong sêpuluh nêmbah matur, inggih amba wus tobat, sadaya manjing agami, ingkang samya rampal prasamya waluya.
21. Semua kafir semua dikerahkan, yang baru datang langsung menyerang, tidak ada yang menang, Jibril berkata, taubatlah kamu kafir, sepuluh orang berkata sambil menyembah, iya hamba sudah bertaubat, semua memeluk agama, mereka yang patah sudah pulih kembali.
22. Kapir kathah-kathah ngucap, wong batur kanca pribadi, ingkang mèlu ing agama, payo padha dèn patèni, payo kinêpung sami, malekat wau kinêpung, wong kapir pirang-pirang, Jabrail ngandika aris, hèh Nabi Lud tuwan uga gumingsira.
22. kafir berkata, kita adalah teman sendiri, yang telah memeluk agama, ayo segera kita bunuh, ayo kita kepung, malaikat tadi dikepung, oleh orang kafir yang begitu banyak, Jibril berkata pelan, hai tuan Nabi Lud menyingkirlah
23. Sarta lawan kaum tuwan, putra tuwan sampun kari, anging ta rubiyah tuwan, tilarên dimène kari, karantên kapir prapti, somah tuwan kang asung wruh, Nabi Lud wus lumampah, sakaum anak tan kari, Jabarail
23. bersama kaum tuan. Anak tuan jangan sampai ketinggalan, hanya istrimu yang boleh tinggal, karena kafir berdatangan disebabkan oleh cerita dari istrimu. Nabi Nuh isteri tuan yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 140
babar lar miyak ing kopar.
memberitahukannya, Nabi Lud sudah berjalan, beserta kaumnya dan anaknya tidak ketinggalan, Jibril membentangkan sayap menyerang para kafir.
24. Nabi Lud sampun amêdal, jawining kitha lumaris, Nabi Ibrahim sêmana, kapêthuk melu sumingkir, munggah luhuring wukir, ya ta kapir kawan dhusun, kang ngêpung malaekat, watara kapir sakêthi, waktu pajar gumuruh sakèhing kopar.
24. Nabi Lud sudah keluar dari desa dan pada waktu itu bertemu Nabi Ibrahim, dan ikut mengungsi ke atas gunung. Diceritakan kafir empat desa yang mengepung malaikat, kira-kira seratus ribu kafir, sewaktu fajar bergemuruh suaranya.
25. Rinusak dening Pangeran, bumi punika winalik, kalawan alase pisan, bumi kawan desa malik, kocap kang ana wukir, sadaya sami andulu, sumingêp panonira, ningali bumi winalik, malaekat Jabarail ingkang ngatag.
25. Dimusnahkan oleh Allah, bumi dibalik, beserta hutannya, bumi empat desa tersebut dibalik, diceritakan yang berada di gunung, semua dapat menyaksikan, ditutupi matanya, melihat bumi yang dibalik, atas perintah dari malaikat Jibril.
26. Ya ta kapir kawan desa, têlas katangkêpan bumi, lir pendah dina kiyamat, kapir nangis ting jalêrit, pêsiyasate kapir, ingkang mampang Baginda Lud, katangkêpan pratala, sawiji tan ana kari, Baginda Lud Ibrahim tiba kasungsang.
26. Diceritakan orang-orang kafir yang berada di empat desa, musnah terhimpit bumi, bagaikan datangnya hari kiamat, semua orang kafir menangis menjerit-jerit, hukuman bagi orang kafir, yang menentang Baginda Lud, terhimpit oleh bumi, tidak ada satu pun yang tersisa, Baginda Lud dan Ibrahim jatuh terbalik.
27. Sukune prawata rungkat, duk gunung ika katêmbir, kang anèng luhuring arga, sami runtuh saking wukir, lamun dedea Nabi, punika yêkti agêmpur, karane nora rusak,
27. kaki gunung terbalik, setelah gunung menyisih, yang berada di atas gunung, semua jatuh dari gunung, apabila bukan seorang nabi, pasti akan
Serat Tapel Adam Jilid 1 141
sinangga dening Jabrail, kawarnaa sagunge kapir kang sirna.
runtuh. Makanya tidak rusak, karena disangga oleh Jabrail. Diceritakan semua kafir sirna.
28. Saking kojate Pangeran, kapir katangkêpan bumi, kawan desa cinarita, sami gêsêng kang rarai, toyane panas pahit, bêlah-bêlah sitinipun, samya lumampah nungsang, gulune binêbêt sami, dening sela agêng saking ing naraka.
28. Atas kuasa Allah, kafir tertelan bumi, empat desa diceritakan gosong semua, air panas dan pahit, tanahnya retak-retak, semua berlari salang tunjang, lehernya terluka karena terkena batu besar dari neraka.
29. Tur binalênggu sakèhnya, kapir nora kêna mungsik, tangise angaruara, wong sakêthi ting jalêrit, siksane kapir jindik, kalangkung siasatipun, dènnya jamah-jinamah, samining jalu duk nguni, pan ing mangke kapanggih siksaning Suksma.
29. Semua kafir terbelenggu tidak bisa menghindar, tangisnya menyayat hati, orang seratus ribu menjerit-jerit, siksa bagi orang kafir yang melakukan hubungan terhadap sesama laki-laki (homo) yang begitu biadab, sekarang mendapat siksa dari Allah.
30. Kapir ingkang kawan desa, nora mati nora urip, sinèlèh ing bumi nungsang, linalara ing Hyang Widhi, cinaritaa Nabi, Ibrahim lawan Nabi Lud, wus sami papisahan, Nabi Ibrahim wus mulih, apêpanggih kang garwa sang Dèwi Sara.
30. Orang kafir empat desa tidak mati dan juga tidak hidup, ditempatkan di bumi terbalik, disiksa oleh Allah. Diceritakan Nabih Ibrahim dan Nabi Lud, sudah berpisah. Nabi Ibrahim sudah pulang bertemu dengan istrinya Dewi Sara.
31. Tinutur sasolahira, gawok sang Dèwi miyarsi, rumangsa yèn kagawokan, kodrating Hyang Maha Suci, ya ta Nabi Ibrahim, ngumpulakên anak putu, anèng Betal Mukadas, pêpak jalu lawan èstri, ariwayat tuture lir gula drawa.
31. Diceritakan semua pengalamannya, sang dewi sangat heran mendengarnya, sudah menjadi kodrat dari Allah Yang Maha Suci, Nabi Ibrahim mengumpulkan anak cucunya di Betal Mukadas, lengkap laki-laki dan perempuan untuk diceritakan pengalamannya yang manis.
Serat Tapel Adam Jilid 1 142
PUPUH 16 D A N D H A N G G U L A
PUPUH 16
DANDANGGULA
1. Cinarita Bagindha Ibrahim, mêpak wau ing sakèhing putra, miwah wayahipun kabèh, Ismangil sampun rawuh, Nabi Iskak sampun alinggih, sakèhe para putra, kang garwa ning ngayun, pêpakan Betal Mukadas, angandika wau ta Nabi Ibrahim, dhatêng ing putranira.
1. Diceritakan Baginda Ibrahim, sedang mengumpulkan semua putranya, Ismail sudah datang dan Nabi Iskak juga sudah duduk, semua putra dan isteri berkumpul di Baitul Makdis, lalu Nabi Ibrahim berkata kepada putranya:
2. Wruhanira anak putu mami, dene aku sinung kanugrahan, Pangeran kalangkung sihe, Allah paring jêjuluk, kalilullah sinungan malih, sun katurunan kitab, kathahe sapuluh, kasedahaning sarengat, ingkang tinut ing agama Islam mami, putra nuhun sadaya.
2. Wahai ketahuilah anak cucuku, aku telah diberi anugerah, karena Pangeran sangat menyayangiku, aku diberi gelar oleh Allah dengan Kalilullah, aku juga diberi kitab yang berjumlah sepuluh, yang merupakan syariat yang diikuti oleh agama Islam. Para putra menjawab: betul.
3. Ya ta matur Bagindha Ismangil, dhatêng rama pramila punapa, sinung nugrahan waune, kang rama lingira rum, iya saking tigang prakawis, dhingin pracaya Allah, tan anyipta ingsun, kang pinangan besuk ingwang, kapindhone pan ingsun nora abukti, yèn ora tatamuan.
3. Baginda Ismail bertanya kepada ayahandanya, sebab apa bisa diberi anugerah. Sang ayah menjawab: Karena tiga hal, yang pertama percaya pada Allah, sampai aku tidak berfikir apa yang besuk aku makan, kedua aku tidak akan makan jika tidak ada tamu.
4. Ping tigane ing praniti mami, lamun ana karsaning Pangeran, nulya sun lakoni age, nadyan ewaha ingsun, lamun karyaningsun pribadi, sayêkti sun atilar, gati mring Hyang Agung, karane ingakên netra, dening Allah iku kalakuan mami, padha sira tirua.
4. yang ketiga dalam aturanku, jika ada perintah Pangeran, akan segera aku kerjakan, walaupun aku sedang sibuk, tapi jika itu pekerjaan pribadi, niscaya aku tinggalkan, untuk memenuhi perintah Hyang Agung, itulah kebiasaanku, maka contohlah.
Serat Tapel Adam Jilid 1 143
5. Cinarita Bagindha Ibrahim, sampun lena matuk kramatolah, Betal Mukadas sinare, lawan malih winuwus, ingkang yuswa jêng Nabi Brahim, lamining aning ndunya, satus sangang puluh, limang warsa kawarnaha, antarane Nabi Nuh lan Nabi Brahim, ingetang lamineka.
5. Diceritakan Baginda Ibrahim sudah wafat pulang ke ramhatullah, dimakamkan di Baitul Makdis, dan diceritakan bahwa usia Nabi Ibrahim selama hidup di sunia adalah seratus sembilan puluh lima tahun, dan kalau dihitung jarak antara Nabi Nuh dan Nabi Ibrahim adalah selama
6. Sèwu satus kawan dasa warsi, katurunan Jabarail ika, Ibrahim ing sajênênge, malèh ing patang puluh, lan kêkalih Nabi Ibrahim, anênggih putraneka, kakalih cinatur, kang nama Bagindha Iskak, nurunaken dhatêng ing wong Bani Srail, kehe tanpa wilangan.
6. seribu seratus empat tahun, selama menjadi nabi, Ibrahim keturunan malaekat Jibril empat puluh kali. Diceritakan dua orang putera Nabi Ibrarhim, yang bernama Baginda Iskak telah menurunkan orang Bani Israil yang jumlahnya tidak bisa dihitung.
7. Pira-pira kang dadi narpati, pira-pira kang dadi maksiyat, kang dadi nabi pan akèh, lawan malih winuwus, ingkang nama Nabi Ismangil, anurunakên ika, bangsa Kurès besuk, lan nurunakên nurbuat, kangjêng rasul kang dadi panutup Nabi, Mukamad kang mustapa.
7. Banyak yang menjadi raja, juga banyak yang hidupnya penuh dengan maksiat, yang menjadi nabi jugab banyak, dan diceritakan lagi, Nabi Ismail besuk akan menurunkan bangsa Kures, serta menurunkan wahyu nurbuat, yaitu turunnya rasul yang menjadi nabi penutup, bernama Nabi Muhamad yang terpilih.
8. Sampunipun ta alami-lami, akocapa kang nêdha warisan, ing têtilare ramane, nêdha pusakanipun, ingkang nama Nabi Ismangil, marêk ing rayinira, Nabi Iskak iku, wus prapta Betal Mukadas, satingale kêng raka lawan kang rayi, gupuh Bagindha Iskak.
8. Sesudah sekian lama, diceritakan yang sedang meminta harta warisan harta peninggalan ayahnya, ingin meminta pusaka, Nabi Ismail datang pada adiknya yaitu Nabi Iskak yang sudah berada di Baitul Makdis, kedua kakak beradik bertemu, Baginda Iskak
Serat Tapel Adam Jilid 1 144
menyambutnya dengan hangat.
9. Uluk salam Bagindha Ismangil, sinauran ing Bagindha Iskak, sawuse tata linggihe, Nabi Ismangil muwus, inggih amba prapta ing ngriki, anêdha ing pusaka, waris wiyosipun, titilare rama tuwan, Nabi Iskak saure ing sêmu aruntik, botên kadiya tuwan.
9. Baginda Ismail mengucapkan salam, dan dijawab oleh Baginda Iskak, setelah dipersilahkan duduk, Nabi Ismail berkata: Aku datang ke sini karena ingin meminta pusaka, yang merupakan warisan peninggalan ayah. Nabi Iskak menjawab dengan marah, tidak boleh Tuwan.
10. Punapaa kakang nêdha kêris, ing pusaka tatilare rama, tan suka amba wiyose, mila tan suka ingsun, tuwan nêdha pusaka waris, dene ta Bibi Anjar, kawulaning ibu, utange pan dèrèng bayar, punapaa kakang Nabi Ismangil, kedah nêdha kêrisan.
10. Untuk apa kakak meminta keris, pusaka peninggalan ayah, aku tidak akan memberikan, adapun sebab aku tidak suka memberikan pusaka, karena Bibi Anjar yang merupakan hamba ibuku, hutangnya belum dibayar, lalu atas dasar apa Kanda Ismail harus meminta warisan.
11. Ya ta kèndêl Bagindha Ismangil, analangsa mangkya mring Pangeran, alara-lara tangise, Jabarail tumurun, yata bêkta parmaning Widhi, Ismangi lah mênênga, sampun tuwan muhun, nurbuata Nabi Adham, ingkang dhatêng ing Nabi Mukamad benjing, pan têrus maring tuwan.
11. Nabi Ismail hanya diam saja, mengadukan sakit hatinya pada Pangeran, hingga menangis sedih. Malaekat Jiibril turun, dengan membawa pesan dari Pangeran, wahai Ismail diamlah, hanya diberikan padamu, nurbuat Nabi Adam yang kelak diberikan pada Nabi Muhamad, akan diberikan padamu.
12. Angandika malekat Ngijrail, dhatêng mangkya wau Nabi Iskak, lah ta tuwan duk waune, agae laranipun, kang nama Bagindha Ismangil, tuwan angkuh kawula, sapangênanipun, yêktine sakit kang manah,
12. Malaikan Ijrail berkata kepada Nabi Iskak: Wahai Tuwan karena telah menyakiti Baginda Ismail, Tuwan seorang hamba yang sungguh angkuh, karena telah menyakiti hati, ketahuilah
Serat Tapel Adam Jilid 1 145
wruhan tuwan anak putu tuwan benjing, akèh dadi kawula.
bahwa, anak cucumu besuk, akan banyak yang menjadi hamba (budak).
13. Benjing turune Nabi Ismangil, asih ing Hyang kang nama Mukamad, luwih saking nabi kabèh, turun-tumurun besuk, anglawana pêrang ajurit, kalah jinarah dadya, kawula ing besuk, Bagindha Iskak samana, analangsa nêdha ngapura Hyang Widhi, sangêt ing tobatira.
13. Besuk keturunan Nabi Ismail, yaitu yang bernama Muhamad, akan sangat mencintai Pangeran, melebih semua nabi, turun-temurun besuk akan berperang, kalah dan dirampas hartanya lalu dijadikan hamba. Baginda Iskak lalu sedih dan mohon ampun pada Hyang Widi, bertaubat dengan sungguh-sungguh.
14. Risaksana Jabarail prapti, sarwi bêkta parmaning Pangeran, dyan Jabarail wuwuse, kèndêla aja muwun, tinarima tobat ing Widhi, tuwan Bagindha Iskak, pan sinungan besuk, nurunaken nabi mursal, cinarita Bagindha Iskak ngêmasi, mantuk ing rahmatolah.
14. lalu malaekat Jibril datang, sambil membawa pesan dari Pangeran, Jabarail berkata: Diamlah jangan menangis, taubatmu telah diterima oleh Hyang Widi, ketahuilah, bahwa Tuwan Baginda Iskak besuk akan menurunkan nabi mursal. Lalu dikisahkan Baginda Iskak wafat, pulang ke rahmatullah.
15. Ingkang yuswa tigang atus nênggih, pan sinare ing Betal Mukadas, kakalih iku putrane, wasta Hekil kang sêpuh, Nabi Yakup ingkang wuragil, patutan saking putranipun Bagindha Lud, dene pun Hekil punika, ingkang dadya anata desa Parasi, Nabi Yakup winarna.
15. Sampai pada umur tiga ratus tahun, dan dimakamkan di Baitul Makdis. Dua putranya yang lebih tua bernama Hekil, adapun yang bungsu bernama Yakup, yang merupakan keturunan Baginda Lud, adapun Si Hekil yang telah menata desa Parasi. Diceritakan nabi Yakup.
16. Ingkang garwa pêpitu winarni, ingkang putra apan kalih wêlas, prasamya jalu putrane, Yahuda lan Sêmangun, lawan Yasjaro Yalun Robil, Jedun lan Lawe ika, Janah lawan Yusup, pun Badan lawan Naleka, para putra
16. Mempunyai tujuh orang isteri, anaknya dua belas laki-laki semua, yaitu: Yahuda, Semangun, Yasjaro, Yalun, Robil, Jedun, Lawe, Janah, Yusup, Badan, dan Naleka. Para putra
Serat Tapel Adam Jilid 1 146
sadaya apan samêkta, pilih kang tumandinga.
semua sudah siap, akan mengadakan peperangan.
17. Nabi Yakup yata mangun jurit, mungsuha lawan raja Melaka, Yakup mung bala putrane, raja kapir kawuwus, tuhu raja Melaka kibir, pan angaku Pangeran, agung balanipun, pan sakêthi kalih lêksa, nora arsa tumuta agama suci, Nabi Yakup ngandika.
17. Nabi Yakup maju ke medan perang, melawan Raja Melaka, Yakub hanya dibantu oleh anaknya, diceritakan bahwa Raja Melaka adalah raja kafir yang sombong, dia mengaku sebagai Pangeran, tentaranya sangat banyak, sejumlah dua ratus sepuluh ribu, tidak ingin masuk agama suci. Nabi Yakub berkata:
18. Atobata sira lanat kapir, lah anuta ing agama Islam, anuta ing sarengate, Nabi Ibrahim iku, anêbuta nama Hyang Widhi, angling raja Melaka, ingsun nora anut, angur sira mangerana, maring ingsun anuta ing laku mami, anêmbah ing brahala.
18. Bertaubatlah wahai raja kafir, ikutlah agama Islam, kerjakanlah syariat Nabi Ibrahim, sebutlah nama Hyang Widi. Raja Melaka menjawab: Aku tidak sudi mengikuti, lebih baik kalian menganganggab aku sebagai Tuhan, ikutilah pada semua yang aku kerjakan, yaitu menyembah berhala.
19. Nabi Yakup bramantya tan sipi, wus rinusak sakathahe kopar, nandang iman sakarine, anut parentahipun, Nabi Yakup anut agami, Ibrahim kalilolah, pan winarni sampun, ing satataning sarengat, sakathahe kaum kang manjing agami, sadaya pan kasmaran.
19. Nabi Yakub sangat marah, semua orang kafir sudah dihancurkan, sisanya mau menjadi orang iman, ikut perintah Nabi Yakub dan mengikuti agama Nabi Ibrahim Kalilolah, diceritakan semua kaum sudah menjalankan syariat dengan baik, dan merasa senang hatinya.
PUPUH 17 A S M A R A N D A N A
PUPUH 17
ASMARADANA
1. Kang putra Yakup kawarni, Nabi Yusup namanira, yata têtiga kadange, pan èstri
1. Nabi Yakup mempunyai putra yang bernama Nabi Yusup, tiga bersaudara,
Serat Tapel Adam Jilid 1 147
kalawan priya, Buyamin namanira, Jenah lan Bagindha Yusup, ingkang tunggal ibu sabapa.
lelaki dan perempuan, bernama Bunyamin, Jenah, dan Baginda Yusup, ketiganya adalah saudara kandung.
2. Sanak tunggal ramanèki, sadasa gagah prakosa, sanak kang sêpuh namane, Yahuda Rabil kang nama, Sêmangun Lawe ika, Royabun Rabil namiku, pun Badan lawan Naleka.
2. Adapun saudara yang sebapak, sejumlah sepuluh orang, semuanya gagah perkasa, yang tertua bernama Yahuda, lalu Rabil, Semangun, lawe, Royabun, Rabil, Badan, Naleka
3. Lan Jadun sinambat wangi, lawa Narsa namanira, nanging tan ana samine, Bagindha Yusup kang rupa, tuhu yèn pêkik dhawak, tinilar seda kang ibu, atilar putra têtiga.
3. Jadun, dan Narsa, tetapi semuanya parasnya tidak ada yang menyamai Baginda Yusup, karena Yusup wajahnya paling ganteng, yang ditinggal mati ibunya, meninggalkan tiga putra.
4. Cinarita langkung pêkik, Nabi Yusup namanira, tanpa tandhingan baguse, saidêring kang buwana, tan ontên kang kuciwa, pasaliranipun alus, miwah ing pakartinira.
4. Diceritakan yang sangat tampan, namanya Nabi Yusup, di seluruh dunia tidak ada yang menyamai tampannya, tidak ada celanya, badan dan budi pekertinya halus.
5. Pamulu lir mas sinangling, miwah pancêrèng wêdana, kadi sasi purnamane, ing kapat kartika padhang, waja yayah mutyara, èsême apait juruh, kadya madu pinasthika.
5. Wajahnya seperti emas yang indah, dan tatapan wajahnya bagai bulan purnama mangsa empat dengan terangnya bintang, gigih seperti mutiara, senyumnya sangat manis, bagai manisnya madu.
6. Liriking netra amanis, pasaja lêlewanira, amantêsi sak solahe, aluwês têrusing manah, sinihan ing Pangeran, ginunggung dera Hyang Agung, sakti tur branteng Pangeran.
6. Lirikan matanya manis, tingkahnya bersahaja, gerak-geriknya pantas enak dipandang, bagus sampai pada hatinya, disayangi oleh Pangeran, dimanja oleh Hyang Agung, sakti dan taat pada
Serat Tapel Adam Jilid 1 148
Pangeran.
7. Sampuning alami-lami, Nabi Yusup sampun wayah, rolas tahun ta umure, ing dalu iku anendra, salêbêting anendra, angimpi Bagindha Yusup, aningali mangke sira.
7. Sesudah sekian lama, Nabi Yusup sudah berumur dua belas tahun, suatu malam dia bermimpi, di dalam mimpinya Baginda Yusup melihat
8. Angimpi sira ningali, srêngenge kalawan wulan, lintang sawêlas rowange, katingal sujud sadaya, nuju malêm Jumungah, kala mimpi Nabi Yusup, wau murub katingalan.
8. matahari dan bulan beserta sebelas bintang, terlihat sujud semua, mimpi itu terjadi pada malam Jumat, ketika bermimpi Nabi Yusup terlihat bersinar.
9. Tangi matur ramanèki, heh rama mimpi kawula, ningali wulan srêngenge, kalawan lintang sawêlas, Nabi Yakup ngandika, lah mênênga anak ingsun, aja umum impènira.
9. Saat terjaga lalu berkata kepada ayahnya: Wahai ayah, aku bermimpi telah melihat bulan dan matahari beserta sebelas bintang. Nabi Yakub menjawab: Wahai diamlah anakku, mimpimu jangan kamu sebarkan.
10. Kang rama amituturi, wahanane impènira, wruhanira anak ingong, dadi ratu têmbe sira, sakèhe kadangira, kawisesa ing sirèku, kabèh para sanakira.
10. ayah akan memberi petuah, makna impianmu, ketahuilah anakku, bahwa kamu besuk akan menjadi raja, semua saudaramu, akan berada dalam kekuasaanmu.
11. Lintang kang sawêlas benjing, wahananing sanakira, dene wulan wahanane, besuk têmbe yayahira, wulan pan ibunira, aja mamang anak ingsun, kabèh sujud marang sira.
11. Adapun makna sebelas bintang itu, besuk adalah saudaramu, matahari bermakna ayahmu besuk, dan bulan adalah bermakna ibumu, janganlah ragu-ragu anakku, semuanya akan sujud padamu.
12. Tatkalane Yusup nguni, pajar impèn dhatêng rama, tan ana wong wruh amangke, namung pramèswarinira, Nabi Yakup kang wikan, pan ibu kuwalonipun, Nabi Yusup
12. Ketika Yusup menanyakan makna impian kepada ayahnya, tidak ada yang mengetahui, hanya permaisuri Nabi Yakub yang mengetahui, yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 149
ingkang wikan.
merupakan ibu tiri Yusup yang tahu.
13. Putranipun dèn poyani, kang nama Sêmangun ika, Sêmangun pajar sanake, kumpul lan sanak sadaya, samya mangkya rarasan, ing griya sanak panggulu, kang nama Rabil punika.
13. Putranya lalu dikabari, yaitu yang bernama Semangun, lalu Semangun memberi tahu saudaranya, akhirnya semua saudara berkumpul, mereka berembug di rumah saudara yang kedua, yang bernama Rabil.
14. Yusup kang ginunêm sami, dening para kadangira, wus pambug pagunêmane, apti mangkya matènana, ing Yusup kang pranakan, sadaya samya anggrubut, akarya krenah upaya.
14. Mereka membicarakan Yusup, semua sudah sepakat dalam pembicaraan, hendak membunuh Yusup, mereka berkumpul untuk menyusun rencana dan mencari cara dalam pembunuhan.
15. Kadang sangsaya ing drêngki, andhatangakên sakarsa, amit cidra sangkana, Yusup têbaha kang rama, samya pangkata sira, marik dhatêng rama sampun, Nabi Yusup pan tinêdha.
15. Saudaranya semakin dengki, ingin segera melaksanakan niatnya, hendak mencelakai Yusub, dengan cara menjauhkan Yusub dari ayahnya. Lalu semua berangkat, datang ke ayahnya, Nabi Yusup diminta
16. Ingajak angona kambing, samya mangke ambêbêdhak, wus sinung dening ramane, binêkta lunga saksana, wau mèh praptèng wana, anuturi Nabi Yakup, sarwi angun têpi marga.
16. akan diajak menggembala kambing, serta hendak berburu hewan, sudah diizinkan oleh ayahnya, lalu Yusup dibawa pergi, setelah hampir sampai di hutan, Nabi Yakup memberi petuah, sambil menggembala di tepi jalan.
17. Wanti-wanti amèngêti, Bagindha Yakup ing putra, padha rumêksaha kabèh, lah pama aywa pêpeka, kaliwat marmaningwang, mênawana anak ingsun, cinabaka asu alas.
17. Baginda Yakub benar-benar memberi pesan kepada putranya, kalian hati-hatilah semua, jangan sampai lengah, ingat-ingatlah pesanku, jangan sampai anakku dicelakai oleh anjing
Serat Tapel Adam Jilid 1 150
hutan.
18. Samana Yusup sinunggi, ginanti panyungginira, ginilir para kadange, tatkala katon kang rama, wus têbih tan katingal, Yusup dening ramanipun, liwat satengahing wana.
18. Disaat ayahnya masih terlihat, Yusub dipanggul secara bergantian, digilir seluruh saudaranya, namun ketika ayahnya sudah jauh, dan Yusub sudah tidak terlihat oleh ayahnya, waktu itu melewati hutan
19. Ya ta lampahe lumaris, saya têbih lampahira, wus têbih saking prênahe, Bagindha Yakup punika, sarawuhipun wana, samya rahya tan asantun, anglêkasi rêmbugira.
19. Perjalanannya semakin jauh, dan sudah jauh dari tempat Baginda Yakub, sesampainya di dalam hutan, sikapnya sudah berubah, karena hendak memulai rencana.
20. Sampuning mangkana nuli, Nabi Yusup sinangsara, ning wana dening kadange, sinèrèt ding imbal, ingunusakên pêdhang, dening Sêmangun lumayu, angungsi sanaking liyan.
20. Setelah itu, lalu Nabi Yusub oleh saudaranya dicelaki di dalam hutan, diseret-serat dan dicabutlah pedang
21. Ika pan arsa matèni, kabèh samya ngunus pêdhang, kabuhan Yusup manahe, mèsêm Nabi Yusup mulat, ing kadange sadaya, sinapa dening pun Yahud, Bagindha Yusup punika.
21. Kamu hendak dibunuh, semua mencabut pedang, hati Yusub tidak tahu, Yusub hanya tersenyum melihat semua saudaranya, disapa oleh Si Yahud, Baginda Yusub ini
22. Yahuda pitakèn aris, lah Yusup ngapaa sira, mèsêm duk arsa pinatèn, lah apa karane sira, Yusup pamèsêmira, sumaur Bagindha Yusup, ing kadangipun sadaya.
22. Yahuda bertanya perlahan: Wahai Yusup mengapa kamu tersenyum, saat hendak dibunuh, apakah sebabnya kamu tersenyum? Baginda Yusup memberikan jawaban kepasa semua saudaranya.
23. Karannya pamèsêm mami, ana sêmune Pangeran, Sêmangun alon wuwuse, apa sêmune Pangeran, ingkang prapta ing sira,
23. Adanya aku tersenyum, karena ada aku melihat ada pertanda dari Pangeran. Semangun bertanya: Apakah pertanda
Serat Tapel Adam Jilid 1 151
sumaur Bagindha Yusup, kawula ngandêling sanak.
Pangeran yang datang padamu. Baginda Yusup berkata: Aku percaya kepada saudara.
24. Kapracayan ati mami, rinêksa kadang sadaya, kalangkung pracayaningong, katungkul ngandêling sanak, dahat kaliruningwang, tan kadiya awak ingsun, tan ngandêl pangrêksaning Hyang.
24. kepercayaan hatiku, bahwa akan dijaga oleh semua saudara, dan aku sangat percaya atas saudaraku, ternyata itu semua sangat keliru bagiku, hingga aku tidak yakin atas penjagaan Hyang Agung.
25. Ing mangke kawêlèh kami, kapiyandêlên ta ingwang, tan pracaya ing Hyang Manon, yata tiniban dening Hyang, sih sanaking atuwa, dadya wêlas Nabi Yusup, iya sun kukuhi sira.
25. Sekarang aku menerima akibatnya, karena saking percayanya, hingga tidak terhadap Hyang Manon, akhirnya mendapat hukuman dari Hyang Agung. Lalu saudara yang tua menjadi kasihan kepada Nabi Yusup, baiklah aku lindungi kamu.
26. Para kadang samya angling, dhatêng sanaking atuwa, lah punapa ta karane, anguwahi pangubaya, inguni tan mangkana, Yahuda mangkya sumaur, nora sinangka duduwa.
26. Semua saudaranya berkata kepada saudara yang paling tua, apakah sebabnya merubah rencana, kemarin tidak seperti ini, Yahuda menjawab: Tidak disangka seperti ini
27. Ing wong kang ngowahi janji, ala nora yèn duduwa, lamun maksa supamine, arsa amatèni sira, sayêkti sun tan suka, yèn sira matèni Yusup, ingsun ingkang belanana.
27. pada orang yang merubah janji, tidaklah jelek, seandainya dipaksakan, kalian hendak membunuhnya, niscaya aku tidak senang, jika kalian hendak membunuh Yusup, akulah yang akan membelanya.
28. Mênêng samya salin janji, kabèh rêmbug sanakira, linêbokakên kêrsane, sajroning sumur têlaga, risaksana lumampah, tan kawarnaa ing ênu, prapta gonèng kang
28. Diam dan semuanya merubah rencana, mereka berembug lagi mengenai Yusup, maksudnya hendak dimasukkan saja ke dalam sumur telaga,
Serat Tapel Adam Jilid 1 152
sinêdya.
lalu melanjutkan perjalanan, tidak diceritakan perjalanannya, hingga sampailah pada tempat yang dimaksud.
29. Mangkana Yusup tumuli, linêbokakên ing tlaga, pinêrnahakên kêdhunge, sêmana Yusup lumampah, sêdhakêp mêngkul jaja, mênggah ta Bagindha Yusup, sarwi angudud ambekan.
29. Kemudian Yusup dimasukkan ke dalam sumur telaga, tepat di bagian kedungnya, saat itu keadan Yusub, melipat tangaan di dada, dan Baginda Yusup sambil menarik napas.
30. Nabi Yusup tan kawarni, kocapa kang para sanak, rarasan wus rêmbug kabèh, paekanira tan pajar, dhumatêng ramanira, yèn sampun Bagindha Yusup, pinangan ing asu alas.
30. Yusup tidak diceritakan, dikisahkan para saudara semua sudah berembug, bahwa kelakuannya tidak akan diceritakan kepada ayahnya, akan mengatakan bahwa Baginda Yusup sudah dimakan anjing hutan.
31. Tingkah cidra kang pakarti, sangkane tan kapindhoa, kalambine Yusup mangka, ingusapan rahing menda, minangka cihnanira, yèn sampun Bagindha Yusup, pinangan ing asu alas.
31. Tidakan untuk mengelabui, agar lebih meyakinkan, maka baju Yusup diusapkan ke darah kambing, sebagai bukti bahwa Baginda Yusup sudah dimakan oleh anjing hutan.
32. Pan nangis sarta wawarti, analètèh milanira, samya lêpasan maune, manira atatowokan, kantun pun Yusup dhawak, kabeh-kabèh dèn atunggu, tan wikan tinêbak macan.
32. dengan menangis sambil mengabarkan dengan bercerita panjang lebar, bahwa pada awalnya Yusup ditinggalkan bermain senjata, hingga Yusup sendirian, tidak tahu bahwa akhirnya diserang harimau.
33. Bagindha Yakup miyarsi, ing wartane putranira, sawêngi lara tangise, Yusup kang sinambat-sambat, miwah baya minika, sanak èstri muhun asru, malah kang rama kantaka.
33. Baginda Yakup mendengarkan kabar dari putranya, semalaman menangis sedih, yang disebut hanyalah Yusup, anak dan isteri menghiburnya, namun Yakip jatuh pingsan
Serat Tapel Adam Jilid 1 153
34. Nabi Yakup tangi linggih, tumon putra nêring ngarsa, Bagindha Yakup muwuse, apa èstu wartanira, Yusup pinangan sima, matura sawêcanipun, kaki sira marang ingwang.
34. Nabi Yakup bangun dan duduk, melihat para putranya ada di depannya, Baginda Yakup berkata: Apakah benar beritamu, bahwa Yusup telah dimakan harimau, katakanlah dengan jujur padaku, wahai anakku.
35. Ya ta tiningalan kêni, kêlambine Yusup ika, kuthah gêtih kêlambine, tan sêbit wutuh sêmana, Nabi Yakup tumingal, ing kulambi maksih wutuh, mênggah kèwêdan ing ndriya.
35. Lalu diperlihatkan baju Yusup yang penuh dengan darah, namun tidak ada yang robek, Nabi Yakup melihat pada baju yang masih utuh, merasa ada keraguan di dalam hati.
36. Para putra matur malih, dhumatêng ing ramaika, heh rama amba sikêpe, kang asu alas punika, Bagindha Yakup mojar, lah iya sikèpèn lamun, kêna aturna maring wang.
36. Para putra berkata kepada ayahnya: Wahai ayah, kami akan menangkap anjing hutan itu. Baginda Yakup menjawab: Baiklah, jika bisa kalian tangkap, bawalah ke hadapanku.
37. Kang putra mangkat tumuli, ambaburu asu alas, yata amanggih lampahe, nuju asu alas tuwa, wus gugruk untunira, sinikêp tinalèn gupuh, ingaturan ingkang rama.
37. Para putera kemudian berangkat, menangkap anjing hutan, dalam perjalanannya, bertemu dengan anjing hutan yang sudah tua serta sudah giginya ompong, segera ditangkap dan diikat, lalu diserahkan ke ayahnya.
38. Nabi Yakup anakèni, ing asu alas punika, heh macan sira pagene, amangan lare lit ika, nora awelas sira, amangan ing anak ingsun, kaliwat si alanira.
38. Nabi Yakup bertanya kepada anjing hutan tersebut: Wahai harimau, mengapa kamu memakan anak kecil, apakah kamu tidak kasihan, telah memakan anakku, sangat buruk kelakuanmu.
39. Saking titahing Hyang Widhi, punang asu alas ika, jana ingature, mring Nabi Yakup sêmana, ature asu alas, datan ambukti
39. Atas izin kehendak Hyang Widi, anjing hutan tersebut menjawab, dan bisa berkata seperti manusia: Aku tidak
Serat Tapel Adam Jilid 1 154
ambêku, dhumatêng ing putra tuwan.
memangsa anakmu.
40. Saking ing daginging Nabi, mugi karam babuktiya, lah muga antuka ingong, dukaning Hyang yèn buktiya, dhatêng ing putra tuwan, kang nama Bagindha Yusup, kadya ture putra tuwan.
40. karena itu daging nabi, maka haram jika dimangsa, semoga aku mendapat murka dari Hyang Agung, jika aku sampai memakan putramu, yang bernama Baginda Yusup, seperti yang dikatakan putra tuwan.
41. Nabi Yakup tan kawarni, cinarita putraneka, Bagindha Yusup lamine, tigang ndina aning tlaga, yata wontên wong dagang, sira Malik aranipun, mangkya anakira dhahar.
41. Nabi Yakup tidak diceritakan lagi, lalu dikisahkan putranya yang bernama Baginda Yusup, sudah tiga hari berada di dalam telaga, lalu ada pedagang yang bernama Malik,
42. Dandanan sampun rinakit, kang nama Malik punika, dagangan kathah warnane, têbusa ingkang tumandang, winotakên ing unta, salirèng daganganipun, saksana nulya lumampah.
42. Persiapan sudah selesai ditata, yang bernama Malik itu adalah seorang pedagang berbagai macam barang, semua barang dagangang dinaikkan ke punggung unta, lalu berangkat
43. Anuju ing bumi miskin, rawuh ing bumi kenahan, ning ara-ara arèrèn, angaup soring warêksa, nuju kirangan toya, juragan Malik angutus, angambil toya têlaga.
43. Menuju ke daerah yang miskin, datang ke daerah yang makmur, istirahat di tanah lapang, berteduh di bawah pohon, sewaktu kekurangan air, juragan malik menyuruh untuk mengambil air.
44. Kang dinuta wus lumaris, kang aran Basir punika, sampun cinangking timbane, ganda Nabi Yusup kongas, kasilir samirana, malêtuk gandanya arum, amriksa sumur têlaga.
44. Yang diutus lalu berangkat, dia bernama Basir, sudah membawa timba, tercium bau aroma Nabi Yusup, tertiup oleh semilir angin, terasa aromanya yang harum mawangi, lalu memeriksa sumur telaga.
45. Cinarita Yusup lagi, angilo dulu kang
45. Diceritakan Yusup sedang
Serat Tapel Adam Jilid 1 155
rupa, anggunggung muji baguse, angucap jroning wardaya, yèn ingsun winadeya, sapa kang waniya tuku, ing rêgane bagus ingwang.
bercermin melihat wajahnya, memuji kerampanannya, lalu berkata dalam hati: Jika aku dijual, siapakah yang berani membeli, pada harga ketampananku.
46. Jabarail nulya prapti, ngarsa Yusup sarwi ngucap, antinên sadina mêngko, karuhane rêga tuwan, yêkti mangke kantênan, rêga tuwan Nabi Yusup, Jabarail nulya musna.
46. Lalu datanglah Malaekat Jibril di hadapan Yusup, dan berkata: Tungggulah hari ini, nanti akan diketahui berapa harga Tuwan, dan nanti akan jelas harga Tuwan Yusup Malaekat Jibril lalu lenyap.
47. Ya ta timbanipun Basir, linêbokakên ta sigra, ginondhol lan têtaline, Basir nulya narik timba, sinêngguh isi toya, pun Basir ika andulu, nimba olèh lare pelak.
47. Kemudian timba Basir dimasukkan bersama dengan talinya, Basir lalu menarik timba, disangka berisi air, tetapi Basir melihat, ternyata mendapatkan anak yang tampan.
48. Ingaturaken tumuli, dhumatêng ing gustinira, pun Malik suka manahe, saksana lare punika, ngunggahkên luhur unta, yata Sang Malik lumaku, cinarita para kadang.
48. Lalu anak tersebut diserahkan kepada tuwannya, Malik senang sekali hatinya, kemudian anak tersebut dinaikkan ke atas unta, kemudian Sang Malik meneruskan perjalanan. Diceritakan semua saudara Yusup
49. Sadaya pan sami prapti, arsa mangkya têtilika, ing Nabi Yusup aning jro, ning têlaga tingalneka, asêpi nora nana, saksana mangkya andulu, kabêkta maring wong dagang.
49. Semuanya telah datang, hendak memeriksa Nabi Yusup di dalam sumur telaga, tetapi saat dilihat ternyata sepi tidak ada siapapun, kemudian melihat ke sekeliling, ternyata Yusup telah dibawa oleh pedagang.
50. Para kadange nututi, ngandhêg lakune wong dagang, heh dagang apa karane, kawulaningsun dèn gawa, kang aning jron
50. Semua saudara mengejar, pedagang dihentikan: Hai pedagang, kenapa hambaku yang ada di dalam sumur
Serat Tapel Adam Jilid 1 156
têlaga, aglis wêtokna kalamun, tan awèh sun tumpês sira.
telaga kamu bawa, segera keluarkan, jika kalian tidak mau, kalian semua aku bunuh.
51. Pangucape awor runtik, wêdana bang winga-winga, wonga dagang satinggale, gumêtêr awêdi sira, sinrahakên saksana, sinêndhal Bagindha Yusup, dening sanaking atuwa.
51. Ucapnya dengan nada marah, muka memerah. Para pedagang semuanya gemerat ketakutan, lalu Yusup diserahkan, Yusup segera ditarik oleh saudara yang tua...
52. Kang nama Yahuda nuli, Yusup binêkta ing simpar, kang para kadang wuwuse, heh Yusup yan arêp sira, saha saking têlaga, ngakua kawulaningsun, poma kaki wêkas ingwang.
52. Yang bernama Yahuda, lalu Yusup dibawa dengan ditarik-tarik paksa, saudara yang lain berkata: Hai Yusup jika kamu ingin keluar dari sumur telaga, mengakulah sebagai budakku, itulah pesanku.
53. Bagindha Yusup nanggupi, sarwi tumungkul angucap, sun turut kakang karsane, mangka sun ngaku kawula, tinawakakên sigra, dening sanak tuwa sampun, katêbusa ing adagang.
53. Baginda Yusup menyanggupi, berkata sambil menunduk: Aku menurut apa katamu kakak, nanti aku akan mengaku sebagai budak. Lalu Yusup ditawarkan oleh saudara yang tua, supaya ditebus oleh pedagang.
54. Kang dagang umatur ajrih, sumaur saking kadohan, inggih ta pira rêgane, kawula tuwan punika, manira kang nêbusa, kang para kadang sumaur, pira si rêganing bocah.
54. Pedagang berkata dengan takut, menjawab dari kejauhan: Baiklah berapa harganya budak Tuwan itu, aku yang akan menebus. Para saudara berkata: Berapakah harga yang pantas untuk anak ini.
55. Agung wadine lareki, kang dagang nulya atanya, inggih punapa wadine, wruhanira palenyokan, utilan lan minggatan, kang adagang lon amuwus, amba katêlasan dirham.
55. Anak ini banyak celanya. Pedagang lalu bertanya: Apakah celanya. Ketahuilah bahwa anak ini suka berkata bohong, pelit, dan suka minggat. Pedagang berkata perlahan: Aku sedang
Serat Tapel Adam Jilid 1 157
kehabisan uang dirham.
56. Amung kantun dirham mami, bêrgêda tur têtampikan, lingipun para sanake, iya êndi dirhamira, ingsun arsa uninga, sinungakên tan adangu, dirham wolulas tinampa.
56. Hanya tinggal dirhamku, yang sudah tidak seberapa nilainya. Lalu saudara yang lain berkata: Baiklah serahkan dirhammu, aku ingin tahu. Tidak lama kemudian dirham diserahkan, dirham sejumlah delapan belas diterima.
57. Ingkang dirham dinum sami, dening para sanakneka, sanak ingkang tuwa dhewe, ika tan panyin dum-duman, ingkang nama Yahuda, mangkana ta Nabi Yusup, nalangsa maring Pangeran.
57. Uang dirham lalu dibagi rata oleh para saudaranya, sudara yang tertualah yang mengatur pembagiannya, yaitu yang bernama Yahuda. Diceritakan Nabi Yusub, hatinya menangis dan bertaubat pada Pangeran.
58. Sanak tan wruh rupa jati, tinutup dening Pangeran, anging rama wruh jatine, ing rupa pêkik kalintang, ing cahya kang gumilang, têmah asih ramanipun, mung Yusup têlênging ndriya.
58. Saudaranya tidak bisa melihat wajah Yusup yang sejati, karena telah dihalangi oleh Pangeran, tetapi ayahnya mengetahui, bahwa wajahnya sangat tampan rupawan, bagaikan cahaya yang bersinar, hingga menimbulkan rasa cinta ayahnYa, dan hanya Yusuplah yang menjadi kecintaan hatinya.
59. Ya ta kang dagang anuli, amung suratèng panumbas, miwah ta ingkang awade, angsung surat mring kang gang, Nabi Yusup binêkta, dene wong adagang wau, kang wade nuli mamêkas.
59. Lalu orang yang dagang kemudian mendapatkan surat pembelian, serta yang menjual memberikan surat dagang, lalu Nabi Yusup dibawa oleh pedagang tadi, yang menjual berpesan...
60. Ing wong dagang wanti-wanti, lah pacuhan talènana, rareku akèh cêlane, paminggatan palinyokan, pama aywa pêpeka,
60. kepada pedagang: Hati-hati dan ikatlah, anak itu banyak keburukannya, suka minggat dan sering berbohong, jangan sampai lengah, nanti dia bisa
Serat Tapel Adam Jilid 1 158
mênawi ika lumayu, yata sampun kur-akurun.
melarikan diri, itu sudah sering dia lakukan.
61. Para kadang kang kawarni, gagêtun wardayanira, kagugu salah polahe, anangis kalara-lara, tanbuh ing polahira, dene wade Nabi Yusup, kaduwung ing polahneka.
61. Diceritakan para saudara Yusup, hatinya sangat menyesal dan sedih, karena telah terpengaruh dengan tindakan, yang akhirnya menjual Nabi Yusup, kecewa dengan kelakuannya.
62. Yèn nora sangête ajrih, dhumatêng ing ramanira, lir winangsulakên age, Bagindha Yusup ing rama, ciptanya ingkang manah, wus têbih Bagindha Yusup, binêkta dening wong dagang.
62. Jika tidak karena sangat takutnya dengan ayahnya, ingin segera Baginda Yusup dikembalikan saja kepada ayahnya, namun dalam hati berkata, sekarang sudah jauh Baginda Yusup dibawa oleh pedagang.
63. Yusup nulya dèn lêkasi, wêlinge kang wade kuna, wus rinakit pirantine, yata binalênggu enggal, aning luhuring unta, dèn wor lan têtiyangipun, lan barang-barang dagangan.
63. Yusup kemudian diperlakukan seperti pesan penjual yang awal, dipersiapkan peralatannya, lalu segera diikat di atas unta, bersama dengan orang lain, serta barang dagangan.
64. Ya ta lampahe lêstari, juragan Malik punika, dhumatêng Mêsir sêdyane, têngah wêngi prapting griya, bênêri kuburira, ibune Bagindha Yusup, tumurun saking tunggangan.
64. Perjalanannya selamat, tempat yang hendak dituju oleh juragan Malik adalah ke Mesir, sampai di rumah waktu tengah malam, dan bertepatan dengan kuburan ibunda Yusub, lalu turun dari kendaraan.
65. Nabi Yusup ika prapti, ing kubure ibunira, anangis kathah sambate, ibu kawula apisah, kalawan ramaningwang, sapungkure rama ibu, kenging bilahi kawula.
65. Lalu Nabi Yusup datang ke kuburan ibunya, menangis sedih meratap: Wahai ibu, aku telah terpisah dengan ayahku, setelah kematian ibu, hamba mendapatkan celaka.
66. Ginanti ginutuk kami, ingamba tinêpak-
66. Aku selalu dipukul, dan sering
Serat Tapel Adam Jilid 1 159
têpak, sapa kang asiha mringong, yèn dedea ibu amba, Yusup angrungu swara, swara sangking jroning kubur, angucap ing Yusup ika.
dihajar, siapakah yang mengasihiku, jika bukan ibu hamba. Lalu Yusup mendengar suara, yang datang dari dalam kubur, yang berkata kepada Yusup.
67. Adhuh anak ingsun mami, gantilaning atiningwang, maksih tangèh lêlakone, Bagindha Yusup amyarsa, swarane ibunira, kantaka Bagindha Yusup, kocapa Basir kelangan.
67. Wahai anakku, yang sangat aku sayangi, masih jauh terlaksananya. Baginda Yusup mendengar, suara ibunya, lalu Baginda Yusup pingsan. Diceritakan Si Basir kehilangan Yuyup.
68. Anulya matur ing gusti, kang nama Malik punika, lare sun tan wruh parane, palayune tan karuwan, sun ulati tan ana, mandhêg sira Malik sampun, akèn samya ngulatana.
68. Lalu melaporkan pada tuwannya, yang bernama Malik: Anak itu telah pergi, aku tidak tau kemana, larinya tidak jelas arahnya, saya cari-cari tidak ketemu. Lalu Malik berhenti, menyuruh semua pengikutnya untuk mencari.
69. Aywa na sira lumaris, mandhêga kabèh ta sira, nulya akèn têtiyange, ing bêsi kang nama pelak, angulari saksana, Bagindha Yusup katêmu, dene bêsi rane pelak.
69. Kalian jangan berjalan dulu, semua supaya berhenti, kemudian menyuruh semua pengikutnya, pada sebuah besi bernama pelak, lalu semua mencari, akhirnya Baginda Yuyup ketemu, adapun besi bernama pelak.
70. Anulya dipun parani, Bagindha Yusup cinandak, kalangkung sinangsarane, sinèrèt tinêpak-têpak, sarta dèn uman-uman, bênêr warahe gustimu, palinyokan paminggatan.
70. Lalu didekati, Baginda Yusup ditangkap, dihajar dan diseret dipukuli dan umpat. Ternyata benar apa tuwanmu, bahwa kamu suka penipu dan suka minggat.
71. Gustimu dhingin wêwarti, tan sun idhêp mangke sira, bênêr gustimu tuture, palinyokan paminggatan, iki tandhane sira, sumaur
71. Tuwanmu dulu pernah berkata, sekarang aku tidak akan percaya padamu, benar sekali apa kata tuwanmu, sering berbohong dan suka
Serat Tapel Adam Jilid 1 160
Bagindha Yusup, nora sêdya sun minggata.
minggat, inilah buktinya. Baginda Yusup menjawab: Hamba tidak berniat melarikan diri.
72. Mung anêmua kami, dukaning Hyang yèn minggata, lagi angujungi ingong, ing kubure ibuningwang, yata dipun cangkalak, ingunggahkên unta sampun, tan kêna nolèh ing wuntat.
72. semoga aku mendapatkan murka Hyang Agung, jika aku sampai minggat, aku sedang berdoa, di kuburan ibuku. Kemudian Yusup diikat dengan kayu, dinaikkan ke atas unta, serta tidak bisa lagi menoleh ke belakang. PUPUH 18 P A N G K U R PUPUH 18 P A N G K U R 1. Hangênênga sang adagang, akocapa Nabi Yusup ngrudatin, munajad Bagindha Yusup, nanêda ing Pangeran, ya Pangeran sakathahe dosaningsun, tuwan ingkang ngapuraa, kawikan dosaning dasih. 1. Tersebutlah seorang pedagang, berkatalah Nabi Yusuf dengan sedih, bermunajatlah Baginda Yusuf, memohon kepada Tuhan, wahai Tuhan seluruh dosaku, semoga engkau memaafkan, yang mengetahui dosa-dosaku. 2. Tinarima panêdhanya, yata ana dutaning Hyang kang prapti, Jabarail lênggah ngayun, uluk salam angucap, paran karsa tuwan ning bumi pukulun, Bagindha Yusup lingira, Pangeran uga kang luwih. 2. Diterima permintaannya, tersebutlah utusan Tuhan yang datang, Jabaril duduk di hadapannya, mengucap salam, apa kehendakmu di bumi ini Tuanku, Baginda Yusuf berkata, Tuhan yang berlebih. 3. Kang wikan ning dasihneka, anging Allah kang sipat bênêr ugi, Jabarail lon amuwus, lah sampun tuwan mamang, sinêmbadan tuwan nêdha ing Hyang Agung, Jabrail mukul bumiya, dadi atêmahan dadi. 3. Yang mengetahui hambamu, dan Allah yang bersifat benar, Jabaril berkata dengan lembut, janganlah engkau ragu-ragu, permintaanmu dikabulkan Tuhan Yang Agung, Jabaril menebah bumi, sehingga sesuatu terjadi. 4. Udan angin kukus rata, pêtêng awor udan awu karikil, watara satiganipun paksi gênge kang udan, pênyanane dagang kadya 4. Hujan angin kabut merata, gelap bercampur hujan abu kerikil, sebesar telur burung, menurut orang yang dagang
Serat Tapel Adam Jilid 1 161
manggih kewuh, pangulune dagang mojar, ingkang nama sira Malik. seperti menemui bencana, pemimpin pedagang yang bernama Malik itu berkata. 5. Heh rowang sapa anandhang, dosa sira tobata mumpung mangkin, dèrèng tumiba kang kewuh, yata sami angucap, ponang bêsi angucaping gustinipun, nggih kawula nandhang dosa, angucap ta sira Malik. 5. Wahai kawan siapa yang memikul, dosamu bertobatlah selagi ada kesempatan, belum datang bencana, semuanya berkata, sang besi berkata kepada tuannya, hamba mengaku dosa, berkatalah Malik. 6. Paran bêsi dosanira, aturipun bêsi manirèng nguni, amilarsa mring rareku, yata kinon dènira, Malik kinèn anêdha ngapura sampun, pun Malik milu lumampah, pangapura ngasih-asih. 6. Wahai besi apa dosamu, kata besi aku di waktu dahulu, menyiksa anakku, diperintahlah olehmu, Malik diminta maafnya, Malik ikut memberikan, pemaafan yang penuh kasih. 7. Saksana Yusup nanêdha, ing Pangeran ilangena bilahi, tinarima Nabi Yusup, anglingkap surya mêdal, yata padhang wus ilang kang mega mêndhung, pun Malik guguk lingira, parêg sira ing Hyang kaki. 7. Seketika Yusuf meminta, wahai Tuhan hilangkanlah bencana, diterimalah doa Nabi Yusuf, terbitlah matahari, teranglah hilang mega mendung, Malik berkata dengan lirih, dekatlah engkau dengan Tuhanmu. 8. Malik akèn nguculana, balênggune Yusup wus linêkasi, sinung anggèn-anggèn sampun, dodot kula binastia, bêcik-bêcik kinèn lumampah ing ngayun, sami ngiring-ngiring puna, adagang lumampah wuri. 8. Malik meminta melepaskan belenggu Yusuf, diberilah pakaian, pakaianku bakarlah, yang baik-baik berjalan di depan, semuanya mengiring, yang berdagang berjalan di belakang. 9. Datan kawarna ing marga, desa tesan wau pan sampun prapti, wong desa èstri lan jalu, sami gawok amulat, rare pêkik ing rupanipun kalangkung, miwah tingkah pari polah, ira kagawokan sami. 9. Tidak terceritakan di jalan, semuanya telah sampai di desa Tesan, orang desa laki-laki perempuan, semuanya terkagum-kagum melihatnya, anak yang sangat rupawan, serta tindak-tanduknya, semuanya terkagum-kagum. 10. Jêng ngarsa kèhe tumingal, ing rupane Bagindha Yusup pêkik, pawèstri ingkang 10. Di depan banyak yang melihat,kepada kerupawanan baginda Yusuf, wanita yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 162
andulu, takon pinangkanira, saking pundi lampah dika wong binagus, sadaya samya atanya, wong jroning desa kang kampir. melihat, bertanya asalnya, dari manakah engkau orang yang rupawan, semuanya bertanya, ora desa yang dilewati. 11. Sapraptanipun Bagindha, Yusup samya anggawa iman tèki, saking brêkat Nabi Yusup, kang brahala rirusak, ginitikan kang brahala mapan gêmpur, manjing Islam wong ing desa, anut ing agama suci. 11. Setelahdatangnya Baginda, Yusuf yang membawa imannya, oleh karena berkat Nabi Yusuf, berhala-berhala dihancurkan, berhala-berhala itu dipukul sampai rusak, masuk Islam semua orang yang di desa, mengikuti agama suci. 12. Sigra mentar saking desa, praptèng desa Kudus mandhêg sirèki, kocapa ratu ning Kudus, angimpi ana ngucap, ana wong nèm apêkik mêne rawuh, prapti desa benjing-enjing, ing desanipun narpati. 12. Segera keluar dari desa, sampai desa Kudus, berhentilah dia, berkatalah penguasa Kudus, adayang berkata di dalam mimpi, ada seorang yang sangat rupawan datang besok, sampai di desa pagi-pagi, di desa raja. 13. Upasubanên dènira, sapakoneh idhêpên iku luwih, poma ywa pêpeka lamun, prapta lah suguhana, sawunguning sang nata punika gupuh, arsa dipun lampahana, pakène wau kang kèpi. 13. Sambutlah olehmu, hadapilah dengan baik, jangan ceroboh, berilah jamuan, setelah bangun sang raja bersegera, akan dijalankan, perintah dari mimpi. 14. Akêkasih ratu Jihan, yata enjing Bagindha Yusup prapti, ing jroning desa puniku, kawarta ing sang nata, yata kirim nawala patra sang prabu, dhatêng sira kang adagang, kang nama juragan Malik. 14. Ternamalah ratu Jihan, datanglah Baginda Yusuf di suatu pagi, di dalam desa itu, diberitakanlah kepada sang raja, sang raja kemudian berkirim surat, kepada seorang edagang, yang bernama Malik. 15. Kang dinuta prapta ngucap, dhatêng sira wau juragan Malik, antukira rare iku, apêkik puranira, lah bêktanên tinimbalan ing sang prabu, mapan arsa uningaa, ing rare kang luwih pêkik. 15. Yang di utus datang berkata, kepada saudagar Malik, anakmu itu sungguh rupawan, bawalah kehadapan sang prabu, beliau ingin mengetahui, anak yang rupawan itu. 16. Ya ta Malik aglis ngangkat, arsa marik dhatêng sri narapati, kocapa mangke sang 16. Malik segera berangkat, menghadap kepada sang raja, berkatalah sang raja,
Serat Tapel Adam Jilid 1 163
prabu, akèn ning para garwa, anak dara saklêksa pan kalih èwu, paès nganggo-nganggo samya, angrasuk busana adi. memerintah kepada para istri, dayang-dayang 120 ribu, semuanya berhias, memakai pakaian yang indah. 17. Pêpilihan wong wêwujang, wong sak lêksa rong èwu bêcik-bêcik, agêgêlang akêkalung, binuka sri pradaka, emer kêndhit kalpika sasotya murub, mirah widuri mutyara, jumantên kusya rahadi. 17. Orang-orang yang terpilih, 12 ribu dayang-dayang itu cantik-cantik, semua memakai gelang dan kalung, terbuat dari emas, sabuk cincin terbuat dari permata yang bersinar, batu mirah widuri dan mutiara, intan yang sangat indah. 18. Bagindha Yusup kocapa, nulya siram tapak pinolèng nguni, dening punang bêsi sampun, asiram ing bêngawan, kawuwusa sakathahing ulam rawuh, amarani cahyaneka, Bagindha Yusup nêlahi. 18. Baginda Yusuf berkata kemudian mandi, dan besi sudah dimandikan di sungai, tersebutlah banyak ikan yang datang, mendekati cahaya, Baginda Yusuf yang bersinar. 19. Utusanipun sang nata, atur wastra ing Yusup wus tinampi, tan supe Bagindha Yusup, dhatêng sang Hyang Wisesa, sung pêpaès dhatênging Bagindha Yusup, sampuning sarêban dêsthar, munggah ing unta tumuli. 19. Utusan dari sang raja, memberikan kain kepadaYusuf sudah diterima, tak lupa Baginda Yusuf, kepada Tuhan Yang Mahakuasa, memberikan perhiasan kepada Baginda Yusuf, setelah sorban penutup kepala, kemudian naik onta. 20. Lumampah dhatêng ing pura, arsa marik dhatêng sri narapati, yata marik tan asantun, Yusup dhatêng sang nata, sri narendra ngacarani kèn alungguh, sampun sira ing ngayunan, mangkya sang sri narapati. 20. Berjalan menuju istana, hendak menghadap sang raja, mendekatlah dengan baik, Yusuf kepada sang raja, sang raja menerima diminta duduk, setelah dia di depannya, sekarang sang raja. 21. Bagindha Yusup punika, lênggah jajar lawan juragan Malik, ingarsanipun sang prabu, yata satingalneka, kagawokan sang nata ing Nabi Yusup, pêkiking cahya kalintang, cahyanipun anêlahi. 21. Baginda Yusuf itu, duduksejajar dengan saudagar Malik, di depan sang prabu, setelah melihatnya, sang raja terkagum-kagum, rupawan sangat bercahaya dan bersinar. 22. Wadyabala kagawokan, dènya mulat ing Yusup rupa pêkik, sang nata alon amuwus, 22. Para prajurit terkagum-kagum, demi melihat kerupawanan Yusuf, sang raja
Serat Tapel Adam Jilid 1 164
têtanya ing adagang, heh ta dagang êndi ta pangulunipun, aturipun wong adagang, atuduh ing sira Malik. berkata, bertanya kepada pedagang, wahai pedagang siapakah pemimpinmu, pedagang itu berkata, menunjuk kepada Malik. 23. Kagèt sang nata atanya, kagawokan nyananira narpati, Bagindha Yusup pangulu, yata ingupayaa, Nabi Yusup sinuba-suba kalangkung, dènipun sri naranata, lumintu saking jro puri. 23. Terkejutlah sang raja kemudian bertanya, terkagum-kagum sang raja, Baginda Yusuf yang di depan, sang raja berupaya, Nabi Yusuf sangat di puji-puji, oleh sang raja, selalu dari dalam istana. 24. Boja kramaning sang nata, anglangkungi tuhu dhatêng mêrtami, Bagindha Yusup kawuwus, sih mulane Pangeran, nurunake malaekat kalih atus, sami asikêp sanjata, sami rumêksa angiring. 24. Sambutan sang raja,sangat berlebihan kepada tamu, Baginda Yusuf berkata, kasih karunia Tuhan, menurunkan 200 malaikat, semuanya memegang senjata, semuanya menemani. 25. Tan wênèh nata tumingal, saya wuwuh kêmanisên narpati, angucaping Nabi Yusup, ing nguni sun supêna, ana ngucap kinèn angidhêpa iku, sun kinèn ngupa subaha, ing rare pêkik kang prapti. 25. Raja tidak melihat, semakin bertanbah manisnya sang raja, berkatalah Nabi Yusuf, pada waktu dahulu telah bbermimpi, ada yang mengatakan untuk menghadapnya, agar aku diminta untuk menjamu, anak rupawan yang datang. 26. Mangke ta sakarsanira, idhêpingwang Bagindha Yusup angling, wawêkas ingsun sang prabu, aywa nêmbah brahala, aywa maro Pangeran supaya luput, sira ing api naraka, punika wawêkas mami. 26. Sekarang sekehendakmu, menghadapku Baginda Yusuf berkata, pesanku wahai sang raja, jangan menyembah berhala, jangan menyekutukan Tuhan, agar engkau terbebas dari api neraka, itulah pesanku. 27. Kang brahala sujud samya, mring Bagindha Yusup tan asari, aniba dhawak tur rêmpu, sang nata gawok mulad, dadya Islam sang nata wau mituhu, ing Bagindha Yusup ika, lir gusti tinami-tami. 27. Semua berhala sujud, segera kepada Baginda Yusuf, jatuh dan hancur, sang raja terkejut melihat, sang raja kemudian menjadi Islam, kepada Baginda Yusuf, seperti tuan yang diutamakan. 28. Sarta Malik ginantenan, sak rowange samya tinami-tami, sêsajèn mêdal asêlur, 28. Bergantilah dengan Malik, serta pembantunya diutamakan, semua
Serat Tapel Adam Jilid 1 165
wau kang papundutan, rêrampadan sêkul ulam sungsun-sungsun, nyamikan lawan wowohan, gênti sêlur warni-warni. makanan keluar, tadi yang diminta, nasi ikan bersusun-susun, beserta buah-buahan, bermacam-macam. 29. Sang nata ngucap ing nala, paran boya margane ingsun iki, darbe jimat Nabi Yusup, aning Kudus nagara, ingsun têdha kalakon ing Nabi Yusup, anaanêgaraningwang, kalintang kapingin mami. 29. Sang raja berkata di dalam hati, apakah jalanku, memiliki jimat Nabi Yusuf, di negara Kudus, aku meminta Nabi Yusuf,ada di negaraku, aku sangat ingin. 30. Sang nata akèning bala, angadhanga Nabi Yusup ning margi, wong sak lêksa kalih èwu, samya nitih turangga, sakathahe kang kinèn sami anggrugut, pan apta malayokêna, Bagindha Yusup ning margi. 30. Sang raja memerintah prajurit, menghadang nabi yusuf di jalan, orang 12 ribu, semuanya naik kuda, semuanya diminta untuk merebut, dan melarikan Baginda Yusuf di jalan. 31. Sampuning mangka mentar, kang adagang Nabi Yusup tan kari, yata kêpapak ing ngênu, dening balaning nata, samya nitih turangga samya katêmu, sapaningale Bagindha, Yusup cengeng tiba ing siti. 31. Setelahnya segera keluar, ssang pedagang Nabi Yusuf tidak tertinggal, bertemulah di jalan, dengan prajurit raja, semuanya naik kudadan bertemu, bertemu Baginda, Yusuf jatuh di tanah. 32. Risampunipun mangkana, Bagindha Yusup lampahipun lêstari, datan kawarna ing ngênu, ing Mêsir sampun prapta, jalu èstri kasmaraning Nabi Yusup, jêjêl sami arantaban, wismaning juragan Malik. 32. Setelah seperti itu, Baginda Yusuf berjalan, tidak terceritakan di jalan, di Mesir telah datang, lelaki perempuan menyukai, Nabi Yusuf, berjejal-jejal di rumah saudagar Malik. 33. Wong jro desa sami brangta, ngrungu warta ana wong anom pêkik, wong kang aningali sêlur, atakon tinakonan, ya ing ngêndi aran Malik wismanipun, sumaur kang tinakonan, ingsun ya kapingin uning. 33. Semua orang di dalam desa menjadi susah, mendengar berita ada seorang muda yang rupawan, semua yang melihat, saling bertanya, dimanakah rumah saudagar Malik, menjawablah yang ditanyai, aku juga ingin mengetahuinya. 34. Mendahane yèn sampuna, tumingala warta kewala lagi, wong nagari Mêsir bingung, agêng alit sêmana, tuwa anom 34. Setelah itu, terlihatlah lagi, orang negeri Mesir bingung, yang besar dan yang kecil, tua muda serta laki-laki dan
Serat Tapel Adam Jilid 1 166
miwah èstri lawan jalu, sadaya brangta kasmaran, ing Pangeran malah lali. perempuan, semuanya jatuh cinta, kepada Tuhan malah lupa. 35. Punang paksi asrang-srangan, girang-girang tumon wau pawèstri, kang sari kusuma nungsung, tanpa nedengeng sêkar, lagi konyas gandanipun Nabi Yusup, mapan kasinungan ika, dening Hyang ing bumi Mêsir. 35. Burung-burung saling beterbangan, para perempuan itu bergembira, sang putri menyongsong, tanpa membawa bunga, haraum baunya nabi Yusuf, mendapat hal seperti itu, oleh penguasa bumi Mesir. 36. Sampuning mangka prapta, wong tumingal ing griyanipun Malik, enjing sontên apan rawuh, sakèhe wong nagara, wong ing desa Mêsir manjing wismanipun, supênuh tanpa wilangan, kèdêran omahe Malik. 36. Setelah sampai, orang melihat rumah Malik, pagi sore banyak yang datang, banyak orang satu negara, orang di desa Mesir masuk rumahnya, penuh tiada berbilang, kebingungan yang ada di rumah Malik. 37. Ya ta Malik wus angrasa, kasukêrên dening sêsêg atindih, akèhing têtiyangipun, anontona ing jaba, Yusup mêdal sêsêg dêdêg kang andulu, lali wisma sowang-sowang, kasmaraning rupa pêkik. 37. Malik merasa, keberatan oleh banyaknya orang, menonton di luar, Yusuf keluar segera berdiri yang melihat, lupa rumahnya masing-masing, jatuh cinta kepada rupa yang elok. 38. Sakèhe wong kang tumingal, lali anak lali ing laki rabi, lali kadang warganipun, tanpa ngrungu tinanya, kang dèrèng wikan maring Bagindha Yusup, kang wruh sira gêng kasmaran, sakèhing kang aningali. 38. Semua orang yang melihat, lupa anak lupa istri, lupa sanak keluarga, tanpa mendengar ditanya, yang belum tahu kepada Baginda Yusuf, yang melihat semua jatuh cinta, semua yang melihat. 39. Ya ta Malik mangkya ngucap, sapa arêp anêbus ing rareki, kang tinawanan mangu, tan kuwasa angucap, sami cêngêng ningali Bagindha Yusup, tan kuwasa anganyanga, tingale tan dèn unduri. 39. Malik berkata, siapa yang hendak menebus anak ini, yang ditawan diam, tidak bisa berucap, semua terdiam melihat Baginda Yusuf, tidak kuasa menawar pandangannya, tidak dialihkan.
PUPUH 19 D U R M A PUPUH 19 D U R M A 1. Ênêngêna sakèhe wong kang tumingal, wontên kocapa malih, putra adi temas, 1. Terdiamlah orang yang melihat, ada yang terceritakan lagi, seseorang yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 167
akêkasih Jaleka, sugih wayah sangang warsi, putra Jaleka, ayu kaloking bumi. ada di Termas, bernama Jaleka, kaya dengan anak sembilan tahun, anak Jaleka, cantik terkenal di bumi. 2. Risampuning mangkana putri Jaleka, cinarita angimpi, ningali Bagindha, Yusup asru kalintang, pêpungun nèngbranta kingkin, jroning supêna, wau sang putri adi. 2. Setelah putri Jaleka, terceritakan telah bermimpi, melihat Baginda, Yusuf sangat, jatuh cinta, di dalam mimpi, tadi sang putri. 3. Sawungune gêtunaning manahira, awênês sêmu brangti, yata enjing-enjing, prapta ing ibunira, sinapa wau sang putri, karane sira, awênê sêmu brangti. 3. Setelah bangun terkejut hatinya, semakin kasmaran, pada suatu pagi, datang kepada ibunya, sang putri tadi disapa, mengapa engkau jatuh cinta. 4. Nêmbah matur wau sang putri Jaleka, inggih kawula wêngi, angimpi tumingal, ing wong pêkik kaliwat, rupane datanpa tandhing, dèrèng amulat, kadi rupa sang kèpi. 4. Berkatalah sang putri Jaleka, tadi malam saya, bermimpi melihat ada orang yang sangat rupawan, tiada bandingnya, belumpernah terlihat, seperti rupa yang dimimpikan. 5. ki agêng brangta angarang, kangên kang kèpi wêngi, yayah rena ngucap, dhuh nyawa anak ingwang, aywa sira agêng branti, yèn si anaa, ing warnane sang kèpi. 5. Adanya tumbuh rasa cinta yang mendalam, rindu dengan yang di alam mimpi semalam, ayah ibu berucap, wahai anakku, jangan engkau bersusah hati, jika ada orang yang ada di dalam mimpi. 6. Ingsun ngundang sun panggihakên lan sira, prênahingsun tan pauning, lah mênawi sira, upami lamun wikan, lah paya sumatêr nini, mring prênahira, kang kèpi dènta nini. 6. Aku akan mempertemukanmu dengannya, walaupun tidak memiliki hubungan keluarga, jika engkau mengetahui, jika diiring oleh nenek-nenek, menuju tempatmu, terhadap mimpimu. 7. Lamun sira têma manèh ing supêna, sira takona nini, dèn gêng mêt takona, miwah ing prênahneka, lan sapa sinambat wangi, sasampunira, gênêp satahun malih. 7. Jika engkau bermimpi lagi, bertanyalah kepada nenek-nenek, bertanyalah dengan baik-baik, apa hubungannya dan siapa namanya, setelah itu, dan setahun lagi. 8. Dalu ngimpi katon ingkang kèpi kuna, têtakon ta sang putri, gèh tuwan punapa, jin 8. Di suatu malam bermimpi seperti dahulu, bertanyalah sang putri, wahai
Serat Tapel Adam Jilid 1 168
utawa manusa, enakana sun mulati, dhumatêng tuwan, sumaur ta sang kepi. tuan, engkau itu jin atau manusia, aku nyaman melihatmu, menjawablah yang ada di mimpi itu. 9. Sun manusa datan pisan yèn rabia, yèn tan tuk sira nini, sang putri angucap, sun tan laki-lakia, yèn tan olih pan dutèki, jroning supêna, sampun jangji jinanji. 9. Aku manusia tak akan beristri, jika tidak dengan dirimu nini, sang putri berkata, aku tak akan menikah, jika tidak dengan engkau di dalam mimpi, sudah saling berjanji. 10. Putri temas kagyat gènipun anendra, wusing mangkana tangi, raosing kang manah, lir maksih sumandhinga, kang kèpi sajroning guling, sang putri ika, brangta maring kang kèpi. 10. Sang putri terkejut oleh mimpinya, setelah itu bangunlah dia, rasanya hati seperti masih bersanding, yang ada di dalam mimpi, sang putri jatuh cinta, kepada orang di dalam mimpinya. 11. Yayah rena kalangkung marasing nala, kang putra den takeni, ngapaha sira, apa karane rika, tangi turu nangis-nangis, matur kang putra, wong ika kèpi malih. 11. Ayah ibunya hatinya gelisah, anaknya ditanya mengapa engkau, apa maksudmu, bangun tidur menangis, berkatalah sang putri, orang itu datang lagi dalam mimpi. 12. Sun takèni kang kèpi wau wêwarah, ing kawula ramaji, janjining maring wang, tan karabi rabiya, lamun nora angsal mami, punika rama, janjining maring mami. 12. Aku bertanya pada orang itu, kepada aku dia berjanji, dia tak akan menikah, jika tidak denganku, begitulah ayah, janjinya terhadapku. 13. Risampuning manira ta sapasopan, nulya kawula tangi, rasane kang manah, lir maksih sumandhinga, kang katon supêna mami, angling ta iya, ramanira tumuli. 13. Setelah aku berbasa-basi, kemudian aku bangun, rasanya hatiku, seperti masih bersanding,seperti yang terlihat dalam mimpi, berkatalah sang ayah. 14. Apa takèn ta sira ing prênahanira, ingkang putra nauri, nora sun têtanya, lênglêng manah kawula, kang putra niba anangis, kang yayah rena, langkung wêlas ningali. 14. Apakah engkau bertanya, tentang asalnya, sang putri menjawab, aku tidak bertanya, hatiku terlalu risau, sang putri jatuh menangis, ayah ibunya, sangat kasihan kepadanya. 15. Ratu temas dhawuh ing pawonganira, rumêksa ingsang putri, tan pêgat dèn wulang, ing dalu tanpa nendra, rinêksa ing 15. Ratu Temas menyuruh pegawainya, untuk menjaga sang putri, tidak henti selalu diajari, setiap malam tanpa tidur,
Serat Tapel Adam Jilid 1 169
yayah bibi, prinênah griya, carancang ta sang putri. dijaga oleh ayah ibu, ditempatkan dirumah, begitulah sang putri. 16. Lah pajarên ingsun ing pundi ing tuwan, sumaur ta sang kèpi, yèn sira yun wikan, dhumatêng prênahingwang, ana ing sajroning Mêsir, risampunira, pajar sang putri tangi. 16. Katakanlah kepadaku dimana tuan, menjawablah yang berada di dalam mimpi, jika engkau ingin mengetahui, dimana tempatku, aku ada di Mesir, setelah berkata begitu, sang putri kemudian bangun. 17. Risaksana marik dhatêng yayah rena, amêngkul pada nangis, rama nêdha luwar, kawula saking griya, ing carancang rama aji, wus wruh kawula, ing prênahe kang kèpi. 17. Kemudian segera menemui ayah ibunya, merangkul kakinya dan menangis, ayahnya meminta untuk menghentikan tangisnya, aku dari rumah, sesuai dengan arahan ayah, aku telah mengerti, tempatnya orang yang ada di dalam mimpi. 18. Ucapipun kang kèpi dhatêng kawula, wontên ing bumi Mêsir, inggih karêp ingwang, lah rama utusan, dhumatêng nêgari Mêsir, sang putri ika, imbuh kasmaran branti. 18. Kata yang ada di dalam mimpi kepadaku, ada di dalam negeri Mesir, keinginanku, ayah mengutus utusan ke negeri Mesir, sang itu sangat jatuh hati. 19. Dèn utusan duta tan kawarning marga, sampun prapta ing Mêsir risaksana nulya, katur punang nawala, mring nata sowan anuli, kang pangaksama, kawula gusti. 19. Diutuslah satu utusan, singkat cerita, telah sampai di Mesir, kemudian memberikan suatu surat kepada sang raja, kemudian memohon ampun kepada raja. 20. Anakingsun pawèstri arêping sira, kalapa pramèswari, iku dèn karuan, angingta karsaningwang, sira praptaatumuli, ing desaningwang, mangkana karêp mami. 20. Anakku perempuan menginginkanmu, ambilah sebagai permaisuri, ketahuialah halitu, tapi kehendakku, engkau datanglah ke desaku, begitulah maksudku. 21. Nulya ingsun ngatêr maring desanira, ngatêrakên sang putri, wus titi kang surat, sampuning maca surat, langkung suka sri bupati, ing wartanika, nata kemas kang 21. Kemudian aku mengantar ke desanya, mengantarkan sang putri, telah habis dibaca surat itu, setelah membaca surat sangat gembira sang raja, terhadap berita
Serat Tapel Adam Jilid 1 170
nulis. itu, bahwa raja Kemas yang menulis. 22. Putri temas kalok ing ayu kalintang, tuhu yèn putri adi, nata Mêsir ika, wau ta karsanira, surating mas winangsuli, kabakten ika, duta kemas kang mantri. 22. Putri Temas terkenal sangat cantik, sungguh putri yang luar biasa, raja di Mesir itu, begitulah kehendaknya, surat dibalas, di bawa oleh mantri duta. 23. Tur dinadar utusan kang saking temas, akèning mangku bumi, angupa subaha, sampuning ngupa suba, utusaning aji-aji, rinênga-rênga, wusing mangkana pamit. 23. Ditanyailah untusan yang dari Temas, perintah dari Mangkubumi, sambutlah, setelah menyambut utusan sang raja, dihiburlah setelah itu kemudian pamit. 24. Tan kawarna ing marga prapta ing temas, punang utusan aglis, maraking sang nata, angaturakên sêrat, tinampan winaca aglis, ungêling sêrat, nata temas nêrpati. 24. Tidak diceritakan di jalan sampailah di Temas, utusan tersebut segera menghadap sang raja, menghaturkan surat, segera dibaca, isi dari surat, oleh raja Temas. 25. Asung surat inggih sampun katupiksa, kalangkung suka mami, katarima uga, ingsun ing karsadika, sun tanggapi asta kalih, ing karsadika, nata ing temas narpati. 25. Isi surat sudah diperiksa, aku sangat gembira, aku menerima permintaanmu, aku terima dengan dua tangan, permintaanmu itu, begitu kata raja Temas. 26. Nata ing Mêsir surate pangandika, anging ta karsa mami, nulya aturêna, kula mapak ing marga, sampuning ginawa aglis, nulya sung wikan, nata ing pramèswari. 26. Raja di Mesir suratnya mengatakan, tetapi kehendakmu, ijinkanlah aku menjemput di jalan, setelah dibawa, kemudian memberi tahu kepada sang permaisuri. 27. Risampuning sang nata ika adandan, animbali sang putri, kocap ta iya, sang putri paès dandan, sapawonganira sami, anganggo raja, kaputrèn rêtna adi. 27. Setelah sang raja bersolek, memanggil sang putri, berkatalah, sang putri bersolek pula, beserta pembantunya, memakai pakaian raja, putri yang sangat indah. 28. Cinarita sang putri ayu kalintang, saupacara angiring, munggèngna mas, pinatiknawa rêtna, pinayungan mas pinatik, ing nawa rêtna, lir pendah gunung sari. 28. Tersebutlah putri yang sangat cantik, diiring oleh tanda-tanda kebesaran, terbuat dari emas yang sangat indah, dipayungi emas permata, seperti gunung
Serat Tapel Adam Jilid 1 171
bunga. 29. Wong kang mikul jêmpana samya busana, abrang sinang lir sari, anjrah katingalan, sampun ngangkat binêkta, putri dening sri bupati, pawonganira, sèwu anaking mantri. 29. Orang yang memikul tandu semuanya memakai pakaian, yang indah dan bagai bunga, terlihat indah, putri sudah dibawa oleh sang raja,pembantunya serta pengiring. 30. Ingkang sangalas èwu nunggang kuda, lan sèwu unta mijil, amot dunya brana, kang sarwa endah-endah, lan têtiyang kawan dèsi, amikul dinar, kagungane sang putri. 30. Yang sembilanbelas ribu naik kuda, dan seribu unta yang keluar, memuat harta, yang serba indah, dan 40 orang memikul dinar, milik sang putri. 31. Lan wong pitung puluh kang ambêkta wastra, kang kelingan kang adi, mapan warna-warna, kinoning pinarèn mas, lumampah karsaning joli, tanpalinggaran, kèhe kang ngiring-iring. 31. Dan tujuh puluh orang yang membawa kain, yang sangat indah, berwarna-warni, terbuat dari emas, berjalan di atas tandu, tidak bersela, banyaknya yang menghantarkan. 32. Sumawana yayah rena ngatêrsamya, ing lampahing sang putri, wangsulirèng marga, kalintang laranira, ingkang manah yayah bibi, sang putri ika, prapting desa paminggir. 32. Beserta ayah ibu mengantarkan, mengantarkan kepergian sang putri, di jalan, sangat sakit, hati ayah ibu, sang putri sampai di tepi desa. 33. Ya ta lèrèn sang putri amasanggrahan, tumulya mangke linggih, aning pêpalangkan, mas ginêlaran sutra, gandaning marbuk ing wangi, asri pawongan, pinaesan ngidêri. 33. Beristirahatlah sang putri, membuat tempat peristirahatan, kemudian duduk, di tempat duduk, yang terbuat dari emas beralaskan sutra, berbau wangi, orang-orang namapak begitu indah. 34. Nataning Mêsir sampun mangke ingaturan, yèn putri temas prapti, ning paminggir desa, tumulya mangkya mapak, agupuh sri narapati, sakèhe bala, samya angiring-iring. 34. Raja di Mesir sudah diberi tahu, jika putri Kemas telah datang, di tepi desa, kemudian menjemput bersegera sang raja, beserta prajurit yang mengiringkannya. 35. Saupacara samya nitih wahana, miwah sri narapati, anitih turangga, rukmèn ingkang kêkapas, ngukir sarwa pinatik, ing nawa rêtna, kêrtas payung rinukmi. 35. Dan semua perangkat kebesaran dinaikkan kereta, dan sang raja naik kuda, yang dihias dengan permata, payung kertas, yang seperti emas.
Serat Tapel Adam Jilid 1 172
36. Nata Mêsir mpun prapta sabalanira, saupacara asri, miwah kang pawongan, para èstri amapak, pinanggèn sarwa adi, tan kawarnaa, marga praptèng sang putri. 36. Raja Mesir sudah datang beserta prajuritnya, beserta tanda-tanda kebesaran, dan para pembantunya, semuanya berpakaian serba indah, tidak diceritakan dijalan sang putri. 37. Wus tumurun sang nata saking wahana, amarani sang putri, sakèhe pawongan, samya mangke gumiwang, satingalira sang putri, dede kang rupa, kang katingalan kèpi. 37. Turunlah sang raja dari kereta, mendatangi sang putri, beserta abdinya, sang putri hatinya berubah, setelah dilihat sang putri, ternyata bukan dia yang seperti di dalam mimpi. 38. Risaksana sang putri tutup wêdana, sarwi lara anangis, tan arsa mulata, yata sri naranata, apti bêkta mring nagari,matur pawongan, nira sang raja putri. 38. Segeralah sang putri menutup wajah, serta menangis, tak ingin melihat sang raja, hendak dibawa ke negaranya, berkatalah abdinya kepaa sang raja putri. 39. Heh sang putri sampun ta tuwan karuna, dika binêktan aji, sang putri ngandika, heh babu dudu ika, wong kang kèpi dening mami, tan supe ingwang, dudu ratu ing Mêsir. 39. Wahai sang putri janganlah engkau bersedih, engkau akan dibawa oleh sang raja, sang putri berkata, wahai abdiku bukan itu, orang yang ada di dalam mimpiku, aku tidak lupa, bukan raja di Mesir. 40. Ing sêmu runtik wau sri naranata, sêmana ta sang putri, amiyarsa suwara, heh sang putri temas, sira ingsun papayani, lah aja maras, nini aywa prihatin. 40. Sang raja menjadi sakit hati, begitulah sang putri, mendengar suara, wahai sang putri Temas, engkau aku cari, engkau jangan kuatir, engkau jangan bersedih. 41. Para cahaya ta nini mring atinira, sirna pêtêng ing galih, angandêl pawêkas, ing swara kang angucap, ingkang kapiyarsa uni, wusing mangkana, tutut sang raja putri. 41. Cahayamu menuju hatiku, menghilangkan gelap di dalam hati, percayalah kepada pesanku, pada suara yang terucap, terdengar di waktu dahulu, setelah itu, sang raja putri mengikutinya. 42. Wus binêkta tan kawarnaaning marga, prapta Mêsirjropuri, ingalap pawongan, sampun jajar alênggah, pagulinganipun asri, 42. Sudah di bawa tidak terceritakan di jalan, sampai di istana Mesir, disambut oleh abdi, sudah duduk berjajar, tempat
Serat Tapel Adam Jilid 1 173
cêngêng kang mulat, gandanya marbuk wangi. duduknya indah, heran yang melihat, baunya harum. 43. Cinarita sang putri aning jroning pura, sagunge pramaswari, wismasowang-sowang, sartane kang pawongan, yata cinarita wêngi, sang prabu karsa, gulinga lan sang putri. 43. Terceritakanlah sang putri di dalam istana, semua permaisuri, sudah masuk ke rumah masing-masing, tersebutlah disuatu malam, sang prabu hendak tidur dengan sang putri. 44. Wusingurup dening Hyang kang Maha mulya, sinarupa sang putri, ing Ngêjin gêntinya, ing sapangulinganira, lawan sang nata ing Mêsir, putri Jaleka, rinêksa ing Hyang Widhi. 44. Sudah ditutupi oleh Tuhan Yang Maha Mulya, sang putri digantikan jin yang menyerupainya, dalam tempat tidur itu, dengan raja di Mesir, putri Jaleka dilindung oleh Tuhan. 45. Tan kuwasa ing kakung wawênèh ika, angrabosing sang putri, tuhu maksih kênya, sinêdya ing Bagindha, Yusup dènipun Hyang Widhi, putri Jaleka, tan pêgat têngga brangti. 45. Tidak kuasa dengan laki-laki itu, memaksa sang putri, ternyata masih perawan, diinginkan oleh Baginda Yusuf oleh Tuhan, putri Jaleka, selalu kasmaran. 46. Mung kagugu salêbêting mari manah, kang katingal ing wêngi, sajroning supêna, lir wontên sumandhinga, anging ta swara kang adil, linge kang swara, Yusup pinanggih wingking. 46. Hanya selalu bersedih dalam hati, yang terlihat di malam hari, di dalam mimpi, seperti ada yang menyanding, tetapi suara yang inddah, seperti suaranya Yusuf, bertemu di belakang. PUPUH 20 P A N G K U R PUPUH 20 P A N G K U R 1. Risampunipun mangkana, tan kawarna wau sang raja putri, alama ning jro kadhatun, Nabi Yusup kocapa, didol dening Malik dhumatêng sang prabu, sri narendra atêtanya, ing sira kang nama Malik. 1. Setelah itu, tanpa diceritakan sang raja putri, lama di dalam keraton, Nabi Yusuf diceritakan, dijual oleh Malik, kepada sang raja, sang raja bertanya, kepada dia yang bernama Malik. 2. Lamun sira wade bocah, iya êndi rupaningong yun uning, yata Malik nêmbah matur, maksih kantun ing jaba, ling sang nata lah undangên rare iku, ingsun arsa 2. Jika engkau menjual anak, dimana anak itu aku ingin melihatnya, Malik kemudian berkata, masih tertinggal di luar, berkatalah sang raja panggillah anak
Serat Tapel Adam Jilid 1 174
uningaa, saksana ingundang aglis. itu, aku ingin mengetahuinya, seketika itu segera di panggil. 3. Sapraptanipun Bagindha, Yusup mulat wau kang samya nangkil, sadaya cêngêng andulu, tan kêna salah ulat, tan amojar lalimangke wismanipun, agêng alit wong kang mulat, jalu èstri samya brangti. 3. Setelah Baginda Yusuf sampai, semua yang menghadap melihatnya, semua tercengan melihatnya, tidak mengalihkan pandangan, lupa berkata-kata lupa rumah besar kecil, pria wanita semuanya kagum. 4. Sang prabu takèn ing dagang, wau ingkang nama juragan Malik, ngêndi olèhira nêmu, ing rare nêbusana, yata Malik nêmbah matur ing sang prabu, ing purwa madya wasana, tinutur ing sri bupati. 4. Sang prabu berkata kepada pedagang, tadi yang bernama saudagar Malik, dimana kau menemukannya, anak ini akan aku tebus, Malik berkkata kepada sang prabu, dari awal hingga akhir, dikatakan kepada raja. 5. Supami arsa sang nata, kagawokan ing pawarta pun Malik, yata sri narendra muwus, iya den adol pira, Malik matur lah inggih gusti pukulun, paduka bathara têbas, sawrate rare puniki. 5. Seandainya sang raja bersedia, Malik terkejut dengan berita itu, sang raja kemudian berkata, kau jual berapa, Malik berkata wahai tuanku, engkau tebuslah, dengan seberat anak ini. 6. Kalawan êmas salaka, lan mutyara wastra mirah kang adi, kumarincing kang kumêrbut, kalamun tuwan arsa, risaksana angandika tan asantun, patih mangku bumi sigra, lah timbangên rare iki. 6. Dengan emas dan perak, dan mutiara kain serta permata yang indah, bergerincing yang dihentakkan, jika engkau bersedia, segera berkata, Patih Mangkubumi segera, timbanglah anak ini. 7. Saksana mangkya tinimbang, Nabi Yusup lan brana tinimbangi, maksih awrat Nabi Yusup, pan winuwuh wuwuhan, kèhe brana tan ketung akathahipun, gawok sakèhe tumingal, kagawokan sri bupati. 7. Segeralah kemudian ditimbang, Nabi Yusuf ditimbang dengan emas permata, ditambah semakin banyak, banyaknya emas permata tidak bisa dihitung, yang melihat semuanya terkejut, sang raja juga terkejut. 8. Sri naranata ngandika, ing adagang lah iya sira Malik, panora kuwasa ingsun, kalawan brananingwang, yèn sira sung 8. Sang raja berkata, kepada pedagang wahai Malik, aku tidak mampu, dengan harta bendaku, jika engkau mengambil
Serat Tapel Adam Jilid 1 175
amuhunga arta iku, ngling Malik inggih bathara, kawula sanggup nanggapi. harta itu, Malik berkata iya tuanku, saya sanggup menanggapi. 9. Kalintang suka sang nata, wuse ngambil rare pêkik kinanthi, kocapa Malik pan sampun, awade tan wruh sira, ing jatine rupane Bagindha Yusup, sêmana Malik tumingal, agawok cêngêng ningali. 9. Sang raja sangat suka, selajutnya anak rupawan itu diambil dan digandeng, Malik akhirnya menjual Yusuf, Malik belum tahu wajah Yusuf yang sebenarnya, saat Malik mengetahui, terkejut tercengang-cengang. 10. Kantaka anulya niba, kapidhara ningali rupa pêkik, ing sanalika tan emut, gupuh sarewangira, tinulungan pun Malik pan sampun emut, gagêtun wardayanira, kaduwung padoling nguni. 10. Pingsan terus jatuh, tidak sadarkan diri demi melihat wajah yang rupawan, seketika itu juga tidak ingat, para pembantunya sibuk, menolong Malik yang sudah ingat, kecewalah hatinya, menyesal mengapa menjualnya. 11. Risampunipun mangkana, cinarita sang nata langkung asih, ing siraBagindha Yusup, tan kêna têbah sira, hartanipun sang nata kang têlas wau, kang kinarya ing panumbas, ingilèn dera Hyang Widhi. 11. Setelah itu, tersebutlah sang raja menjadi semakin cinta, kepada Baginda Yusuf, tak dapat tergantikan, harta sang raja yang habis tadi, sebagai pembelian, teraliri oleh Tuhan. 12. Sampun katur ing sang nata, gêdhongipun ing mangke kebak malih, mangkana sangsaya wuwuh, sih mulène kalintang, sri narendra dhatêng ing Bagindha Yusup, kadya putra gène yogya, kinanthi siyang lan latri. 12. Sudah dilaporkan kepada sang raja, bahwa gudangnya telah penuh kembali, begitulah semakin bertambah, rasa cintanya semakin bertambah, sang raja kepada Baginda Yusuf, seperti puteranya sendiri, digandeng siang dan malam. 13. Risampunipun mangkana, cinarita sang nata langkung asih, ing sira Bagindha Yusup, binêkta manjing pura, ing pramèswari sarta Bagindha Yusup, sampun prapta yun-ayunan, sang nata ngandika aris. 13. Setelah itu, terceritakanlah sang raja semakin cinta, kepada dia Baginda Yusuf, dibawa ke dalam istana, kepada permaisuridan Baginda Yusuf, telah sampai dan berhadap-hadapan, sang raja berkata lembut. 14. Dhatêng pramèswari anyar, kasihana yayi rare puniki, sun aku putra satuhu, yata 14. Kepada permaisuri baru, kasihanilah dindaanak ini, seperti anakku sendiri,
Serat Tapel Adam Jilid 1 176
sang putri mulat, èngêt mangkya tan supe supênanipun, lêlêng tan kuwasa mojar, alara kasmaran brangti. begitulah sang puteri melihat, teringat tidak lupa pada mimpinya, terpana tidak sanggup berkata-kata, terkena panah asmara. 15. Kadita pêjah sakala, ing sapalinggihira sang putri, lali yèn ana sang prabu, kagagas saya ketang, nora liyan kang dadi paraning dulu, yèn ngucapa ing wardaya, iki kang kèpi ing inguni. 15. Seperti mati seketika, di tempat duduknya itu, lupa jika ada sang raja, jika dipikir-pikir, tiada lain yang aku lihat ini, jika hatiku berucap, ini orang yang ada di dalam mimpiku di waktu dahulu. 16. Ya ta sang putri sinungan, panguwasa mangkya dera Hyang widi, lingipun sang murtiningrum, lah inggih ta sang nata, sun mêmule rare pakoning sang prabu, sang mutriatakèn nulya, lah sira ingsun takèni. 16. Begitulah sang puteri diberi, penguasa sekarang oleh Tuhan, berkatalah sang puteri, iya sang raja, aku akan memelihara anak ini sesuai perintahmu, sang puteri kemudian bertanya, kau aku tanyai. 17. Sapa kaki aranira, sauripun Yusup ta aran mami, yata sang putri angutus, ngungkabi mêdalna, ing pangangge dhatêng ing sêdhahanipun, katur kinon ngangge enggal, Bagindha Yusup tumuli. 17. Siapa namamu, namaku Yusuf, sang puteri kemudian mengutus, untuk mengeluarkan, diminta berpakaian, untuk segera dipakai, Baginda Yusuf kemudian. 18. Sayawuwuh pêkikira, sing amulat ing Yusup lêlêng brangti, sang putri Jaleka wuyung, siyang ratri tan beda, langkung sihe sang putri mring Nabi Yusup, tan kena mangkya ingampah, langkung brangtine sang putri. 18. Semakin bertambah ketampanannya, yang melihat Yusuf semakin terpana, sang puteri Jaleka jatuh cinta, siang malam tidak berbeda, semakin bertanbah cintanya kepada sang Nabi Yusuf, sudah tidak bisa dihalangi, sang puteri semakin jatuh hati. 19. Sampuning alama-lama, Nabi Yusup ngumur apitulas warsi, putri ngling pawonganipun, paranta polahingwang, têka asih ing punakawan sang prabu, ingkang aran Yusup ika, matur pawongan prasami. 19. Setelah berlama-lama, Nabi Yusuf berumur 17 tahun, sang puteri berkata kepada pembantunya, bagaimana sikapku ini, jatuh cinta kepada abdi sang raja, yang bernama Yusuf itu, berkatalah pembantu itu.
Serat Tapel Adam Jilid 1 177
20. Sintên kang mbotên asiha, warnanipun Yusup kalangkung pêkik, tanpa tandhing bagusipun, dawêg gusti bêndara, asiram aganda widaa kang arum, sampune kang adi rupa, ingundang Yusup tumuli. 20. Siapayang tidak jatuh hati, kepada Yusuf yang sangat rupawan, tiada tandingannya, sang puteri kemudian mandi dan berhias hingga harum, setelah seperti itu, Yusuf kemudian dipanggil. 21. Ya ta sang putri asiram, aganda wida kang marbuk awangi, sampun siram salin kampuh, angangge-angge sang dyah, kang pangangge raja kaputrèn rinasuk, anyênêni jroning tilam, pangangge yuning sang putri. 21. Kemudian sang puteri mandi, berhias diri sampai harum, sudah mandi berganti baju, berkaianlah sang puteri, memakai pakaian kebesaran, berrcahaya di tempat tidur, pakaian sang puteri. 22. Nora nana kang kuciwa, putri adi citra pêpêk pêsagi, kadi muksa yèn dinulu, lir widadari dharat, tanpa tandhing midêringrat nora nêmu, kang kadi putri Jaleka, paningayap dening cèthi. 22. Tidak ada yang kecewa, sang puteri begitu cantik, seperti akan menghilag kalau dilihat, seperti bidadari yang turun, tidak ada tandingannya di dalam bumi, yang seperti puteri Jaleka, yang dihadap oleh para abdi. 23. Yata kinèn angundanga, ing Bagindha Yusup wongira aglis, nora dangu nulya rawuh, Bagindha Yusup ika, yata manjing pajungutanira sampun, ingancaran kinènlênggah, wis mungguh ngarsa sang putri. 23. Diminta untuk memanggil, Baginda Yusuf segera, tidak lama kemudian datang, Baginda Yusuf itu, masuklah ke dalam kamar, disambut supaya duduk, telah duduk di depan sang puteri. 24. Sarêng kapapagan tingal, Nabi Yusup wau lawan sang putri, atumbuh rasaning kakung, tumingal ayunira, anjun manah wau ta Bagindha Yusup, tumingal ing warnanira, ing sang putri asung brangti. 24. Setelah bertemu pandang, Nabi Yusuf dan sang puteri, tumbuh rasanya, terlihat kecantikannya, dalam hati Baginda Yusuf juga menginginkannya, melihat wujudnya, sang puteri yang membuat terpana. 25. Mangkya sruning brantanira, kêmanisên mulating kakung pêkik, mangkana Yusup andulu, ing putri yu kalintang, aprang tingal pyuh surêm ayu lan bagus, samya anglir tanpa jiwa, Yusup nanêdha Hyang Widhi. 25. Sehingga sangat jatuh hati, terlalu manis melihat kerupawanan sang lelaki, begitu Yusuf melihat, kepada sang puteri yang sangat cantik, melihat dengan kesadaran kecantikan dan ketampanan,
Serat Tapel Adam Jilid 1 178
semuanya mengalir tanpa jiwa, Yusuf meminta kepada Tuhan. 26. Ya Pangeran amba Tuwan, luputêna jinah lawan sang putri, tuwan rêksaa katingsun, Pangeran kang kuwasa, angwikani rumêksa panggawe dudu, yata Nabi Yusup ika, mèh karepotaning galih. 26. Wahai Tuhanku, jauhkanlah saya dari berzinah dengan sang puteri, Tuhan peliharalah aku wahai Tuhan yang berkuasa, yang mengetahui perbuatan buruk, begitulah Nabi Yusuf, hampir susah hatinya. 27. Ya ta sinung panguwasa, risaksana wau nulya gumingsir, arsa mêdal saking pintu, ingadhangan pawongan, yata katut sang putri ing Nabi Yusup, yata sang putri angucap, ing Yusup angasih-asih. 27. Engkaulah yang memberi kuasa, setelah itu kemudian bergeser, ingin keluar dari pintu, di hadang oleh para abdi, bersama sang puteri, sang puteribertanya kepada Nabi Yusuf sambil menghiba-hiba. 28. Bagindha Yusup angucap, nora arsa ingsun lampah tan yukti, Pangeran kang luwih Agung, tan kêna ingalingan, dening kori lelangsenira iku, pun Yusup pinodha godha, dènipun sang raja putri. 28. Baginda Yusuf berkata, aku tidak ingin melakukan perbuatan yang tak benar, Tuhan yang lebih agung tak bisa dibohongi, oleh pintu kelambumu, begitulah yusuf digoda-goda, oleh sang puteri. 29. Lan ginayuh astanira, kinèn minggah ing pagulingan aglis, mangkana kagodha sampun, Bagindha Yusup dening dyah, rêncanane setane Bagindha Yusup, kalbune Yusup tinêbak, myang kalbuning raja putri. 29. Dan dipeganglah tangannya, supaya naik ke tempat tidur, begitulah telah tergoda, Baginda Yusuf oleh sang puteri, godaan setan Baginda Yusuf, hatinya Yusuf diserang, dan hatinya sang puteri. 30. Ingadu-adu ta iya, Nabi Yusup tinêbah dening bêlis, sarêng kalih astanipun, yata kagiwang ika, nulya munggah Yusup dhatêngjinem arum, atangkêp amiring tingal, alênggah ngayun sang putri. 30. Diadulah mereka, Nabi Yusuf digoda oleh iblis, bersama dengan dua tangannya, maka bergeserlah dia, kemudian Yusuf naik ke tempat tidur, berhadap-hadapan, duduk di depan sang puteri. 31. Anggolingakên ing tilam, kêrsanipun nêkakakên sakapti, yata mangkya Nabi 31. Berbaringlah di tempat tidur, ingin segera melakukan itu, begitulah Nabi
Serat Tapel Adam Jilid 1 179
Yusup, ênting raosing manah, marma maras wardaya sang putri dulu, sutakenya tan arsaha, samana kalindhih brangti. Yusuf, hatinya bergetar, demi melihat sang puteri, sang puteri tidak ingin, pada waktu itu sangat tergoncang hatinya. 32. Ya ta Nabi Yusup ika, wau arsa anglukari seleki, rinêksa dera Hyang Agung, saking parmaning Suksma, Jabarail ingutus dening Hyang Agung, mring Bagindha Yusup ika, lah mumpung durung sayêkti. 32. Begitulah Nabi Yusuf, ingin melepas pakaiannya, dia dijaga oleh Tuhan, oleh sebab kasih sayang Tuhan, Jabrail di utus oleh Tuhan, kepada Baginda Yusuf,mumpung belum terjadi. 33. Saksana tumurun sigra, Jabrail dhumatêng Yusup tumuli, arupa Bagindha Yakup, anêbah jajanira, ing Bagindha Yusup mangkya sarya mupus, he Yusup mangkana sira, arêp lumampah tan yukti. 33. Segeralah turun, Jabrail menuju Yusuf, merupai Baginda Yakup, memukul dadanya, kepada Baginda Yusuf sambil berkata, he Yusuf begitu kau, akan berbuat tidak pantas. 34. Mapan sira wus kasurat, ing lohimahpul yèn sira dadi Nabi, nora wirang sira Yusup, maring Pangeranira, yata ilang trêsnanira Nabi Yusup, aglis tumurun ta iya, saking pagulingan uni. 34. Padahal engkau sudah tertulis, di lauhil mahfudz, jika engkau ingin menjadi Nabi, tidak malukah kau Yusuf, kepada Tuhanmu, seketika hilanglah cinta Nabi Yusuf, segera turun dia dari tempat tidur. 35. Sang putri nututi enggal, pan cinandhak kulambinipun sêbit, ing wuri Bagindha Yusup, ênêngêna saksana, akocapa wau ta mangkya sang prabu, yata aluwaran sira, tinangkil malbuing puri. 35. Sang puteri kemudian mengikuti, dikoyak bajunya, bagian belakang Baginda Yusuf, bergantilah cerita, berkata sang raja, bubarlah engkau, semua yang menghadap di dalam istana. 36. Saksana sang putri nulya, yata marêk dhatêng sri narapati, angruhuni sira atur, heh sang prabu punapa, wêwalêsingwang dora cara puniku, ngandika sri naranata, winarong kawalêsnèki. 36. Segera sang puteri kemudian, menghadap kepada sang raja, mendahului dia berkata, duhai sang raja, kenapa balasanku seperti itu, berkatalah sang raja, keinginanmu dibalas. 37. Linaran dèn asru dahad, wêwalêse karya lampah tan yukti, yata wikan Nabi Yusup, ing sêmuning sang nata, yèn dhatêng andikanipun sang aprabu, ingkang kaya 37. Disakiti teramat sangat, balasannya adalah tindakan yang tak patut, ketahuilah Nabi Yusuf, maksud dari sang raja mengenai perkataannya, yang seperti
Serat Tapel Adam Jilid 1 180
ujarira, sapa ingkang dadi saksi. perkataan sang puteri, siapa yang menjadi saksi. 38. Pramèswari aturira, datan wontên wau ingkang udani, bramantya sang nata dulu, ing Nabi Yusup ika, heh mangkana pamalêsira maring sun, sun kamulèni ta sira, kaya putra ingong pribadi. 38. Permaisuri berkata, tidak ada yang melihat, marahlah sang raja melihat kepada Nabi Yusuf, oh seperti itu balasanmu kepadaku, aku mengasuhmu seperti anakku sendiri. 39. Rina wêngi jroning pura, sun pracaya maring sira ta ugi, nora nyana Yusup ingsun, sira ta dadi dhustha, nulya matur wau Sang Bagindha Yusup, inggih ta kang kadi amba, yèn wontên priksa sang aji. 39. Siang malam di dalam istana, aku percaya kepadamu, tidak mengira Yusufku, kau menjadi jahat, berkatalah kemudian Baginda Yusuf, iya yang seperti hamba, jika sang raja bertanyakepadaku. 40. Anging mongsa kaidhêpa, duk sêmana wontên kang dadi saksi, sang nata nulya sumaur, lah sapa saksinira, lingnya Yusup rare alit ingkang wêruh, rare lanang kang awayah, patang puluh dina latri. 40. Ketahuilah, pada waktu itu ada yang menjadi saksi, sang raja kemudian menjawab, siapa saksimu, Yusuf berkata anak kecil yang melihat, anak laki-laki yang berumur, 40 hari. 41. Punika ta saksi amba, delingira sang nata èsmu runtik, andakara sira Yusup, diana rare wayah, patang puluh dina dadi saksi iku, Bagindha Yusup lingira, pênêt tinakonan ugi. 41. Itulah saksiku, berkatalah sang raja dengan kecewa, ada-ada saja kamu Yusuf, bagaimana ada anak berumur 40 hari menjadi saksi, Baginda Yusuf berkata, sebaiknya ditanya dulu. 42. Sêmana sri naratana, tan pracaya anging pitakèn diri, saksana mangkya sang prabu, rare tinakèn dhawak, heh rare cilik apa sira wêruh, ing tingkahe Yusup ika, kalawan Jaleka uni. 42. Begitulah sang raja, tidak percaya aku bertanya sendiri, segeralah sang raja, anak itu ditanya, he anak kecil apa kamu melihat, kelakuan Yusuf, dan Jaleka. 43. Saking parmaning Pangeran, rare pasuson punika bisa ngling, tanpa yun amba sang prabu, yèn pinangka saksia, satêmahe angadu-adu tan payun, kêna dukane Pangeran, punika amba ajrihi. 43. Dari kasih Tuhan, anak menyusu itu bisa berkata, tanpa kemauan hamba sang raja, jika sebagai saksi, akhirnya mengadu domba tidak berhasil, mendapat marah Tuhan, itu yang aku takutkan.
Serat Tapel Adam Jilid 1 181
44. Iku tuwan tingalan, kulambine Yusup yèn wontên sêbit, kalamun sêbiting ngayun, tuhu ture Jaleka, yêkti lenyok saujare Yusup iku, yèn ing wuri sêbitira, lênyok ature sang putri. 44. Itu perhatikanlah, baju Yusuf yang koyak, jika koyaknya di depan, kata Jaleka benar, sungguh bohong kata-kata Yusuf, jika yang koak di belakang, bohonh kata-kata sang puteri. 45. Ya ta jêngêr sri narendra, amiyarsa kêcape rare cilik, dening alit bisa muwus, saya wuwuh panêrka, pan sang nata maring Nabi Yusup iku, yèn kaparik ing Pangeran, wuwuh trêsnane sang aji. 45. Trkejutlah sang raja, demi mendengar ucapan anak kecil itu, walaupun kecil bisa berkata, semakin bertambah prsangka, sang raja kepada Nabi Yusuf, jika dekat dengan Tuhan, bertambah cintalah sang raja. 46. Kulambine Yusup ika, tiningalan atut yèn sêbit wuri, tuhu saujare Yusup, lingipun sri narendra, heh ta Yusup kaki aywa sira umum, ywa sira warta ing liyan, lêlêtên manah pribadi. 46. Bajunya Yusuf itu, dilihat koyak dibagian belakang, benarlah kata Yusuf, katanya kepada sang raja, wahai Yusuf engkau jangan membuka mulut, jangan engkau beritahukan kepada yang lain, simpanlah di dalam hatimu saja. 47. Sumaur Yusup sêmana, sarwi mangke tumungkul idhêp mami, yata sang prabu andulu, runtiking pramèswara, heh Jaleka tobata lampah kang dudu, anêdhaa pangapura, saking rêsêping tyasnèki. 47. Menjawablah Yusuf, seraya menunduk kepadaku, begitulah sang prabu melihat, kecewa kepada permaisurinya, wahai Jaleka bertobat dari langkah yang benar, mintalah pengampunan, dari hatiku. 48. Risampunipun mangkana, nora kêna kukus kamulenèki, sampun lumrah wrêtanipun, ing puri trusing jaba, sakathahe rabining mantri amupus, anggunêm sadina-dina, ing polahe pramêswari. 48. Setelah itu, tidak boleh hilang rasa sayangmu kepadaku, sudah biasa beratnya, di dalam atau di luar istana, semua istri mantri berhenti, berkata sehari-hari, mengenai tingkah sang puteri. 49. Risampunipun mangkana, amiyarsa wau sang pramèswari, ginunêm ing siyang ndalu, putri adi ing temas, yèn ginunêm prihatin mangkya sangarum, winastanan sira 49. Setelah peristiwa itu, sang permaisuri mendengar telah menjadi bahan omongan siang dan malam, sang putri cantik temas, menjadi sedih hatinya, dikatakan telah
Serat Tapel Adam Jilid 1 182
dhustha, ing punakawan narpati. berselingkuh dengan hamba raja. 50. Ya ta kinèn angundanga, sakathahe rabine para mantri, prapta ing ngayunan sampun, samya maras sadaya, pramèswari alinggih palangkan muruk, semune runtik katingal, ngandika sang raja putri. 50. Kemudian dminta untuk memanggil, semua istri para mentri, sampailah dihadapannya, semuanya khawatir, permaisuri dudukditempat duduknya, terlihat sakit hati, berkata sang puteri. 51. Sun undang sun kon mulata, maring punakawanipun narpati, kang nama Yusup puniku, yata sami dinuman, jêram manis kalawan lading puniku, wawêkase pramèswara, pariksanên dèn atiti. 51. Aku mengundangmu untuk melihat, kepada seorang abdi raja, yang bernama Yusuf itu, semuanya dibagi, jeruk manis dan pisau, berkatalah permaisuri, perhatikanlah dengan teliti. 52. Aja age angirisira, lamun nora ingsun akon angiris, nulya kinèn ngundang mêtu, Nabi Yusup lumampah, pinanganggèn Nabi Yusup sarwi murub, tan raga-raga manusa, kadi musna yèn ingaksi. 52. Jangan segera mengiris, jika aku belum memerintahkan untuk mengiris, kemudian diminta untuk keluar, Nabi Yusuf berjalan, pakaian Nabi Yusuf bersinar-sinar, tak seperti manusia, seperti hilang jika dilihat. 53. Pinêdalakên ngayunan, yata kinènangiris jêram sami, sarêng mêdal Nabi Yusup, kagyat sakèh kang mulat, pasamuane ing wong kathah puniku, kang citra lir Hyang Asmara, lir wulan purnama sidhi. 53. Dikeluarkan di depan, semuanya diminta untuk mengiris jeruk, setelah keluar Nabi Yusuf, semua yang melihat kaget, pertemuan orang banyak itu, oleh perwujudan dewa asmara, seperti bulan purnama yang sempurna. 54. Sakèhe istri tumingal, cêngêng datang ana kuwasa angling, tanpa polah kang andulu, suh rêmpu kang wardaya, sakèh rabine mantri kang ngiris jêruk, tan krasa kairis samya, pêdhot kulit gêtih mijil 54. Semua wanita yang melihat, terpana tidak ada yang berkata-kata, diam tak bergerak yang melihat, hatinya hancur, semua istri mentri yang mengiris jeruk, tidak terasa semuanya mengiris jarinya sendiri, hingga keluar darahnya. 55. Gêtihnya wor lawan jêram, tan karasa tatu larane pêrih, pijêr cêngêng lêng-lêng mangu, wau satingalneka, lir tan janma pêkike Bagindha Yusup, sakèhe istri kang 55. Darahnya bercampur dengan jeruk, tidak terasa terluka sakitnya perih, selalu terpana terdiam, oleh tadi yang terlihat, rupawan terlihattidak seperti manusia,
Serat Tapel Adam Jilid 1 183
mulat, sêsinome dèn waoni. Baginda Yusuf, sema istri yang melihat, rambut tipisnya dijelek-jelekkan PUPUH 21 SINOM PUPUH 21 SINOM 1. Ya ta sakèhe wanita, samya kedanan ningali, dhatêng Yusup warnanira, miwah para pramèswari, pawongan samya brangti, rabining punggawa wuyung, rabining kang satriya, prajurit lan para mantri, pan kedanan tontonên Yusup kang warna. 1. Semua wanita, tergila-gila melihat, wujud Yusuf, beserta para permaisuri, semua abdi jatuh hati, istri para punggawa itu jatuh cinta, istri para kesatria itu jatuh cinta pula, prajurit dan para menteri, semuanya tergila-gila melihat wujud dari Yusuf. 2. Miwah horêg sanegara, èstrinipun sami brangti, kocapa sang prabu mangkya, arêrasan lan apatih, sartane para mantri, Nabi Yusup kang rinêmbug, ngorêgakên nagara, sakèh pawèstri abrangti, lawan malih nyidra rêsmi pramèswara. 2. Berguncang satu negara, semua wanita terkena panah asmara, begitulah sang prabu, bercakap-cakap bersama patih, beserta para menteri, membicarakan Nabi Yusuf, yang menggetarkan negara, semua wanita jatuh hati, dan juga melakukan tindakan tak senonoh kepada permaisuri. 3. Sampune rêmbug samana, winarangka tanasari, Nabi Yusup kinunjara, sang putri mangkya ningali, tan pêgat waspa mijil, tan kêna dhahar lan turu, langkung pangungunira, anutuh badan pribadi, pan karasa wau saking atur dhawak. 3. Setelah berembug, segeralah diputuskan, Nabi Yusuf dipenjara, sang putri kemudian melihat, air matanya selalu mengalir, tak bisa makan dan tidur, dia sangat bersedih, menyalahkan diri sendiri, menurutnya semuanya adalah akibat perbuatannya. 4. Risampunipun mangkana, Bagindha Yusup winarni, aning sajroning warangka,wontên sarênge anungil, sarênganipun manjing, winarangka wong têtêlu, dene ingkang satunggal, juru larèhe narpati, winastanan angupas sang sri narendra. 4. Setelah begitu, terceritakanlah Baginda Yusuf, ada di dalam penjara ada yang menemani, masuk ke dalam penjara, dalam penjara itu ada tiga orang, yang satu pelayan makanan, dituduh meracuni sang raja. 5. Kang sawiji têngga lawang, winastan 5. Yang satu seorang penjaga pintu,
Serat Tapel Adam Jilid 1 184
tunggal pakarti, lawan juru larihneka, ika panarka narpati, dhatêng kang têngga kori, pan juru warih sawêgung, ingkang têngga ing lawang, milu dosa angapusi, apan sarêng pinanjingaken warangka. dituduh melakukan perbuatan yang sama, dengan pelayan makanan itu, itulah tuduhan dari sang raja,kepada sang penjaga pintu, dan pelayan makanan semuanya, yang menunggu pintu, ikut melakukan perbuatan salah, semuanya dimasukkan ke dalam penjara. 6. Sampuning alama-lama, cinarita wong kêkalih, ingkang sarêng winarangka, lan Bagindha Yusup ika, ing dalune angimpi, takon dhatêng Nabi Yusup, wahanane supêna, atêtakèn tanasari, ingkang têngga lawang punika angucap. 6. Setelah berlama-lama, terceritakanlah kedua orang tersebut, yang bersama-sama dipenjara, beserta Baginda Yusuf, pada satu malam bermimpi, bertanya kepada Nabi Yusuf, makna dari mimpinya, kemudian bertanya, sang penjaga pintu berkata. 7. Ngimpi minum sajengiwang, malah kungsi wuru mami, kang juru larih angucap, inggih amba wau ngimpi, anuhu apêm mami, sinambêr dhandhang cinucuk, kang aning sirah ingwang, Nabi Yusup ananuri, lah ta iya anging ta sira Islama. 7. Aku bermimpi meminum anggur, hingga aku mabuk, sang pelayan makanan berkata, aku juga bermimpi tadi malam, aku mengangkat roti, disambar oleh burung gagak, yang ada di kepalaku, Nabi Yusuf menjawab, baiklah tapi engkau jadilah Islam. 8. Sun warah supênanira, saksana kang têngga kori, nulya manut manjing Islam, pinanjêngan iman suci, yata nulya ingarti, lah antinên tigang dalu, winêtokkên sang nata, saking warangkanerèki, sarta sinung lungguh sira desang nata. 8. Aku akan mengartikan mimpi itu, segera sang penjaga pintu, mengikuti masuk ke dalam Islam, masuk ke dalam iman suci, kemudia diartikanlah, tunggulah tiga malam, kau akan dikeluarkan oleh sang raja, dari penjara ini, serta engkau akan diberi kedudukan oleh sang raja. 9. Ya ta juru larèh ika, kinènIslam datan kapti, kang juru larih angucap, nora arsa Islam mami, yata pinajar nuli, iyo besuk sira mêtu, saking jroning warangka, sira simolah 9. Begitulah sang pelayan makanan itu, diminta untuk Islam tidak mau, pelayan makanan itu berkata, aku tak mau menjadi Islam, kemudian dia berkata,
Serat Tapel Adam Jilid 1 185
ing benjing, utêkira mêtu cinucuk ing dhandhang. engkau akan keluar, dari dalam penjara, engkau akan ditombak, isi kepalamu akan keluar dimakan oleh burung gagak. 10. Ing sapamiyarsanira, wuwuse ingsêmu runtik, nyata linyok Yusup sira, winarna enjing tumuli, winêtokkên sira glis, saking jrong warangkanipun, nulya mangke sinulah, utêkira mêdal putih, dyan cinucuk utêkipun dening dhandhang. 10. Semua yang mendengar, kata-kata itu hatinya terluka, sungguh Yusuf itu tidak berbudi, tersebutlah di suatu pagi, dia segera dikeluarkan, dari dalam penjara, kemudian ditombak, isi kepalanya keluar, kemudian dimakan oleh burung. 11. Gênêp tigang dina mêdal, wau ta kang têngga kori, sinung lungguhing sang nata, kalane duk mêdal uni, saking warangka nuli, ngandika Bagindha Yusup, lah ta ingsun mamêkas, lah èngêtên ta narpati, yèn ana wong winarangka tanpa dosa. 11. Genap tiga hari keluar, begitulah tadi sang penjaga pintu, diberi kedudukan oleh sang raja, karena perkataannya dulu, Baginda Yusuf berkata dari dalam penjara, aku berpesan kepadamu, sampaikan kepada sang raja, jika ada orang yang dipenjara tanpa salah. 12. Kang têngga lawang winêkas, sinung lali de Hyang Widhi, miwah ta sri naranata, punika pan sinung lali, karanya sinung lali, dening ta Bagindha Yusup, mêkas wong têngga lawang, amèngêti ing narpati, tan pracaya dhatêng kang murba ing alam. 12. Sang penjaga pintu dipesan, diberi lupa oleh Tuhan, dan juga sang raja, diberi lupa, karena lupa, oleh Baginda Yusuf, berpesanlah sang penjaga pintu, mengingatkan kepada raja, tidak percaya kepada yang menguasai alam. 13. Samana Yusup ginita, winarangka pinggir margi, kocapa ana wong dagang, saking bumi Ngêsam nguni, ing kenahan kang margin, unta dhingin kang lêlaku, kang wawrating momotan, agolong samya ningali, dhatêng mangkya Nabi Yusup winarangka. 13. Pada waktu itu Yusuf diceritakan, dipenjara di pinggir jalan, tersebutlah ada seorang dagang, dari bumi Syam dahulu, di jalan itu, dengan unta yang berjalan dahulu, dengan muatan yang berat, semuanya melihat, kepada Nabi Yusuf yang dipenjara 14. Anonton tinonton samya, unta ika marêpêki, ing prênahe Yusup ika, saking kodrating Hyang Widhi, unta punika angling, tutur dhatêng Nabi Yusup, amba 14. Semuanya melihat dengan teliti, unta itu mendekati, ke tempat Yusuf, oleh karena kehendak Tuhan, unta itu berkata, kepada Nabi Yusuf, aku dari Kenahan,
Serat Tapel Adam Jilid 1 186
saking kenahan, rama tuwan kawêlas sih, rinten dalu anangis kecalan putra. ayah tuan sangat kasihan, siang malam menangis kehilangan anak. 15. Langkung onêng dhatêng tuwan, ujare unta puniki, tan wontên liyan kang wikan, mung Nabi Yusup pribadi, ingkang miyarsa uni, mangarti Bagindha Yusup, tangise lara-lara, ing rama wêlas tan sipi, wongadagang liwat kang nama kapilah. 15. Sangat rindu kepada engkau, kata unta itu, tidak ada orang lain yang tahu, hanya Nabi Yusuf sendiri, yang mendengarnya, mengertilah Nabi Yusuf, tangisnya menjadi, kepada ayahnya sangat kasihan, orang yang berdagang lewat bernama kafilah. 16. Yusup taken ing kapilah, kang tinakonan nauri, mênika saking kenahan, Bagindha Yusup nêbda ris, apa ta sira uning, kenahan ana kayu gung, êpange kalih welas, ana êpange kang alit, sêmpal pisah temahan kayu karuna. 16. Yusuf bertanya kepada kafilah, yang ditanya menjawab, kami dari Kenahan, Baginda Yusuf berkata dengan lembut, apakah engkau tahu, di Kenahan ada pohon besar, cabangnya dua belas, ada cabang yang kecil, patah hingga sedih terpisah. 17. Kayu gung punika lara, êpange katut ing angin, tan êmbuh parane tiba, kang adagang anauri, inggih kawula uning, punika ta Nabi Yusup, kang putra Nabi Iskak, kang wayah Nabi Ibrahim, pisah putra alama dènyakaruna. 17. Pohon besar itu sakit, cabangnya terbang terbawa angin, entah di mana letaknya, sang pedagang menjawab, saya mengerti, itu adalah Nabi Yusuf, putra dari Nabi Iskak, cucu dari Nabi Ibrahim, lama berpisah dengan putra hingga bersedih. 18. Ling Yusup amba mamêkas, lah warahên salam mami, poma sira têkahêna, lawan wartanana ugi, ana kawula arip, kinaniaya mlasayun, binggil ingunus sigra, sami pinatikrêtnadi, aji sèwu rong atus sêpuluh dinar. 18. Yusuf berkata kemudian berpesan, sampaikanlah salamku, jika engkau telah sampai, dan kabarkanlah, ada orang yang arif, dianiaya sangat kasihan, segera mengeluarkan gelang kaki, bertatahkan permata, berharga seribu dua ratus dinar. 19. Sinungakên ingadagang, inguncalakên tumuli, iku sangunira mangko, nèkna wêkas mami, ingkang sinungan angling, kalangkung tarimaningsun, sapa sih 19. Diberikan kepada pedagang, kemudian dilemparkan, ini bekalmu nanti, aku berpesan, yang diberi kemudian berkata, aku sangat berterima
Serat Tapel Adam Jilid 1 187
namanira, Bagindha Yusup nauri, nora pajar namèngsun namaning sira. kasih, siapa namamu, Baginda Yusuf berkata, aku tak akan memberitahukan namaku kepadamu. 20. Sumaur ingkang winêkas, aja sira walangati, waweka sira punika, kang binggil kinandhut nuli, manah suka tan sipi, saksana nulya lumaku, sarwi anunggang unta, tan kawarnaa ing margi, yata prapta kenahan suruping surya. 20. Berkatalah yang diberitahu, jangan engkau khawatir, berhati-hatilah engkau, gelang kaki itu kemudian diambil, hatinya sangat gembira, segeralah berjalan, beserta unta yang disukai, tidak terceritakan di jalan, sampailah di Kenahan ketika matahari tenggelam. 21. Enjing dhatêng wismanira, ing Nabi Yakup tumuli, anguwuh jawining lawang, heh putunipun Ibrahim, yata mangkya miyarsi, putranipun èstri muwus, sapa kang wuwuh jaba, sumaur wong dagang kami, Nabi Yakup punapa wontên ing griya. 21. Di suatu pagi menuju rumahnya, kepada Nabi Yakub segera, berkata di luar pintu, wahai cucu Ibrahim, kemudian mendengarlah, anaknya yang perempuan berkata, siapa yang berkata di luar, menjawablah para pedagang itu, apakah Nabi Yakub berada di rumah 22. Lah punapa karyanira, atakoning rama mami, sumaur ana wong mêkas, maring wang wong ing nagari, winarangka ing Mêsir, gadhang wus binêkta matur, kapanggih mungging jaba, wus katur salam nuli, matur dhatêng kang rama wontên antanya. 22. Apa maksudmu, bertanya tentang ayahku, berkatalah ada seorang yang berpesan kepadaku, di suatu negeri, dipenjara di Mesir, harapan sudah dibawa kemudian berkata, bertemu hanya di luar, salam sudah disampaikan, berkata kepada ayah ada pertanyaan 23. Nabi Yakup nulya mêdal, wong dagang dipun takoni, lah ta paran karyanira, atêtakon maring mami, kang tinakon nauri, inggih karan amba dhawuh, kapim dhatêng ing tuwan, dening kawula puniki, pan winêkas dening wong arip kasian. 23. Nabi Yakub kemudian keluar, pedagang itu ditanya, apa maksudmu, bertanya kepadaku, yang ditanya menjawab, iya alasan saya berkata, kepadamu, oleh karena saya, dititipi pesan oleh seseorang arif yang menderita 24. Wontên ing Mêsir nagara, akirim salam lan bêkti, wêkase katura tuwan, Nabi Yakup maras angling, sapa arane ugi, kang kirim 24. Ada di negeri Mesir, berkirim salam dan bakti, pesannya kepada tuan, Nabi Yakub berkata dengan khawatir, siapa
Serat Tapel Adam Jilid 1 188
salam maringsun, matur dagang tan wikan, duk kirim salam inguni, saking jro warangka duk mêksa ingamba. namanya, yang berkirim salam kepadaku, pedagang itu berkata saya tidak tahu, ketika berkirim salam dahulu, di dalam penjara memaksaku 25. Nabi Yakup nyana-nyana, anangis karasing galih, tan kawarnaa semana, kang lampah dagang wus mulih, lumampah datan sari, yata nulya Nabi Yakup, anêdhaning Pangeran, muga-muga sira kaki, rineksa Hyang antukaasmarandana. 25. Nabi Yakub mengira-ira, menangis di dalam hati, tidak terceritakan, sang pedagang telah pulang, kemudian berjalan, kemudian Nabi Yakub, memohon kepada Tuhan, semoga engkau, dijaga oleh Tuhan mendapat kasih sayang. PUPUH 22 ASMARADANA PUPUH 22 ASMARADANA 1. Bagindha Yusup winarni, yata sampun gangsal warsa, jroning warongka lamine, yata sujuding Pangeran, Nabi Yusup sêmana, anêdha sajroning sujud, tuwan wêtokêna amba. 1. Tersebutlah Baginda Yusuf, setelah lima tahun, lamanya di dalam penjara, bersujudlah kepada Tuhan, Nabi Yusuf pada waktu itu, berdoa di dalam sujud, Tuhan keluarkanlah hamba. 2. Ya ta tinarima ugi, dening Hyang kang Maha mulya, kocapa sang prabu mangko, aguling sahinga ika, yata mangkya supêna, apan angungun sang prabu, lali tuturing supêna. 2. Diterimalah juga, oleh Tuhan Yang Mahamulia, berkatalah sang raja, pada waktu tidurnya, dia bermimpi, terkejutlah sang raja, lupa dengan maksud dari mimpi. 3. Ingeling-eling tan eling, yata animbali nulya, pinapak pandhita kabèh, sri brama prayaganira, para rêsi pujangga, yata sami tinantun, ing supênaning sang nata. 3. Diingat-ingat mimpi tersebut tak ingat, segeralah memanggil, semua pendeta semuanya, Sri Brama, para Resi Pujangga, semuanya ditanyai, maksud dari mimpi sang raja. 4. Apa ipèningsun nguni, tan ngucap kang tinakonan, tan kaguda kang tinaken, cinatur impèn sang nata, yata kang têngga lawang, dumadakan mangkya emut, wêkase Yusup sêmana. 4. Apa maksud mimpiku dahulu, tidak berkata yang ditanyai, tidak tahu yang ditanyai, tentang mimpi sang raja, tersebutlah sang penjaga pintu, segera kemudian ingat, pesan dari Yusuf di
Serat Tapel Adam Jilid 1 189
waktu dahulu. 5. Atêbah jaja anangis, sarwi manggut-manggut ika, tinakonan ing sang katong, karane anangis sira, matur kang tinakonan, kaula èngêt pukulun, wawêkase Yusup ika. 5. Menepuk dada menangis, sambil mengangguk-anggukkan kepala, ditanya oleh sang raja, mengapa engkau menangis, berkatalah yang ditanyai, saya mengingat seseorang, pesan dari seorang yang bernama Yusuf. 6. Kinunjara sampun lami, amêmêling ing kawula, yèn suwawiya sangkatong,luwarana winarangka, yèn pandugi kawula, kados wikan ta pukulun, ngimpèn paduka nata. 6. Dipenjara telah lama, berpesan kepadaku, jika bertemu dengan sang raja, lepaskanlah yang dipenjara, jika perkiraan hamba, sepertinya dia mengetahui, makna mimpi paduka raja. 7. Lêrês gènipun angêrti, ingipèn Yusup punika, miyarsa ujar sang katong, patut kaya ujarira, iya sun lali uga, kapati ta laliningsun, Yusup maksih sun kunjara. 7. Benar dia mengerti, mimpi Yusuf tersebut, mendengar kata sang raja, patut seperti katamu, aku juga lupa, sangat lupa, Yusuf masih dipenjara. 8. Lah sira ingsun takoni, paran karanira wikan, Yusup bênêr ngêrti impèn, ature kang tinakenan, inggih amba ing kina, angimpi lawan pun juru, lare ing jroning warangka. 8. Aku bertanya, bagaimana engkau bisa mengetahui, Yusuf benar mengerti tentang mimpi, berkatalah yang ditanyai, iya hamba pada waktu dahulu, bermimpi bersama seorang pelayan, di dalam penjara. 9. Cinêtha lêrês kang kèpi, pan ngêrtine Yusup ika, lah iya lunga amangko, age takona supêna, ing wong kang lali ika, lah paran ta impèningsun, kang kinan matur awirang. 9. Dijelaskan nyata makna mimpi itu, tahulah Yusuf itu, pergilah kemudian, segera bertanya mimpi, kepada orang yang lupa itu, apakah makna mimpiku, yang diminta berkata menjadi malu. 10. Sinêrêng dera narpati, lah ta sira aja wirang, karana Yusup jatine, nuhoni agamanira, kang kinon nulya mangkat, prapta ngarsa Nabi Yusup, anangis nutup wêdana. 10. Dimarahi oleh raja, engkau jangan malu, karena Yusuf sebenarnya, melaksanakan agamanya, yang diperintah kemudian berangkat, sampai di depan Nabi Yusuf, menangis menutup wajah. 11. Kalangkung wiranging ati, satingale 11. Sangat malu di dalam hati,
Serat Tapel Adam Jilid 1 190
Yusup mojar, karanya tutup raine, lah aja sira wirang, kuwasa apa sira, lali ing wawêkas ingsun, iya ingsun angapura. melihatnya kemudian Yusuf berkata, mengapa engkau menutup wajahmu, janganlah engkau malu, engkau memiliki kuasa apa, lupa dengan pesanku, aku memaafkanmu. 12. Sang duta sujud tumuli, ing Bagindha Yusup ika, kalangkung sih pamulène, ing Bagindha Yusup ika, Nabi Yusup ngandika, aywa sujud maring ingsun, matur duta ing sang nata. 12. Utusan itu kemudian bersujud, kepada Baginda Yusuf, sangat kasih. Kepada Baginda Yusuf, Nabi Yusuf berkata, jangan bersujud kepadaku, berkata sang utusan raja 13. Saking sih pamulèn mami, ing mangke dhumatêng tuwan, paranta sira karyane, sumaur kang tinakonan, ingutus sri narendra, atakèn impèn sang prabu, lali tutur ta punika. 13. Dari banyak kasihmu kepadaku, sekarang kepada tuan, apa maksudmu, menjawab yang ditanyai, diutus sang raja, bertanya tentang mimpi sang raja, lupa perkataannya. 14. Lah tuwan tutura ugi, lamun mangke tuwan wikan, Bagindha Yusup wuwuse, lah ta iya wêruh ingwang, ingimpine sang nata, ngimpi dulugoh pêpitu, sami lêmu-lêmuneka. 14. Tuan katakanlah lagi, jika nanti tuan mengerti, Baginda Yusuf berkata, aku mengerti, mimpi sang raja, bermimpi melihat tujuh sapi, yang gemuk-gemuk 15. Pêpitu sami binukti, dening goh sapta das ika, wau kang sami lêmune, pinangan mangke tunggalan, dening goh dos punika, saksana nulya andulu, godhong ijo pitung lêmbar 15. Ketujuhnya dimakan, oleh tujuh sapi yang kurus, tadi yang gemuk itu, dimakan hingga tersisa satu, oleh sapi menjadi satu, segera kemudian melihat, daun hijau tujuh lembar. 16. Ya ta pinangan tumuli, dening ron sapta king ika, têlas godhong ingkang ijo, dening godhong sapta ika, matura sira uga, mangkana dhatêng sang prabu, dipun kadi tuturingwang. 16. Kemudian dimakan, oleh tujuh daun kering, habis daun yang hijau, oleh tujuh daun kering, berkatalah engkau, seperti ini kepada sang raja, seperti yang aku katakan. 17. Pamit dutaning narpati, matur dhatêng sri narendra, tinutur kadi waune, ing purwa madya wasana, sang nata wus miyarsa, 17. Pamitlah utusan raja itu, berkata kepada sang raja, dikatakan seperti tadi, dari awal sampai akhir, sang raja telah
Serat Tapel Adam Jilid 1 191
ngandika ing sêmu guyu, patut ujar Yusup ika. mendengar, berkata sambil tertawa, benar kata Yusuf itu. 18. ênting suka sri bupati, atutur supênanira, sakèhe miyarsa gawok, ing Yusup pawartaneka, dening trus kang paningal, yata sri narendra ngutus, ing mantri amapak samya. 18. Sang raja semakin gembira, bercerita tentang mimpinya, banyak yang terkagum, dengan berita dari Yusuf, oleh penglihatan Yusuf, kemudian sang raja mengutus, menteri menjemput semua. 19. Amêdalakên narpati, ing Yusup saking warangka, kang para mantri sartane, sami kinèn ambêktaha, kuda pangangge neka, ing kulup kulambi kampuh, kêndhitipun endah-endah. 19. Sang raja mengeluarkan, Yusuf dari penjara, para menteri beserta, semua diminta untuk membawa, kuda sebagai tunggangan, semuanya memakai baju yang indah-indah 20. Jêjêbadan marbuk wangi, kang para mantri winêkas, lah padha kurmata kabèh, yèn prapta ing Yusup ika, sakèhe kang pawongan, ingkang sami ayu-ayu, pinanggène sri kawuryan. 20. Memakai minyak wangi, para menteri dipesan, hormatlah semua, jika Yusuf datang, semua orang, yang cantik-cantik, pakaiannya terlihat sangat indah. 21. Prapta ing Yusup tumuli, prasami kurmat sadaya, ingkang dinuta wuwuse, pan lampah amba dinuta, sang nata angundanga, dhumatêng tuwan puniku, akèn mêdalêna tuwan. 21. Datang kepada Yusuf, semuanya menghormat, yang diutus berkata, hamba diutus, oleh sang raja untuk mengundang tuan, supaya keluar 22. Ya ta Nabi Yusup nuli, mêdal saking jro warangka, sampun mangkya pinanganggèn, sartane lawan gêgawan, sih pamulène nata, anitih turangga bagus, ingiring dening pra manca. 22. Nabi Yusuf kemudian, keluar dari dalam penjara, sekarang berpakaian, dan membawa, hadiah dari raja, menaiki kendaraan yang bagus, diiring oleh orang-orang. 23. Sakèh kang kapapak sami, lêng-lêng mangu ingkang mulat, anglir tan janma idhêpa, rawuh ingarsaning nata, pinêngkul jajanira, binêkta derang sang prabu, alênggah ing patmasana. 23. Semua yang bertemu, terpana melihatnya, seperti bukan manusia, datang di hadapan raja, dipeluk dadanya, dibawa oleh sang raja, duduk di kursi kehormatan. 24. Kalangkung sihe narpati, ing Bagindha 24. Sang raja semakin cinta, kepada
Serat Tapel Adam Jilid 1 192
Yusup ika, wau ta ing sawêdalèng, saking jro warangkaneka, langkung pamulèn nata, sang prabu ing Nabi Yusup, pinunjung-punjung sêmana. Baginda Yusuf itu, tadi setelah keluar, dari dalam penjara, sangat hormat sang raja, kepada Nabi Yusuf, disanjung-sanjung. 25. Sampuning mangkana nuli, sri naranata ngandika, heh ta Yusup karsaningong, wruhanira sira uga, sun gunggung agung sira, sun mêmule sira Yusup, iya ingsun iya sira. 25. Setelah itu kemudian, sang raja berkata, wahai Yusuf aku berkehendak, ketahuilah engkau, aku selalu memujimu, aku menghormati engkau Yusuf, aku dan kamu. 26. Iya sira iya kami, lamun tanaingsun sira, sira jumênênga katong, yata sang nata atanya, paran supêna ningwang, paran wahanane besuk, Bagindha Yusup aturnya. 26. Engkau dan aku, jika aku tidak ada, engkau jadilah raja, sang raja bertanya, apa mimpiku, sampaikanlah maknanya, Baginda Yusuf berkata. 27. Ngartine impèn narpati, kang dhingin puniku benjang, pitung tahun ta lamine, inggih akathah kang udan, dadi kang sarwa lata, mêtu kang sarwa tinandur, bêras pari langkung mirah. 27. Arti dari mimpi sang raja, yang pertama suatu saat nanti, tujuh tahun lamanya, banyak terjadi hujan, jadi semua yang merambat, keluar semua yang ditanam, beras dan padi serba murah 28. Ingkang kantun pungkur malih, wahanane impèn tuwan, pitung tahun ing lamine, ing têmbe tan wontên udan, anuli têrang pisan, gaga sawah mbotên mêtu, sarta tinandur tan gêsang. 28. Yang terakhir kemudian, arti dari mimpi Tuan, 7 tahun lamanya, besuk tidak ada hujan, dan hanya terang sekali, padi tidak ada, semua tanaman tidak adayang hidup. 29. Inggih ta mbenjing pinanggih, kitha desa kapailan, yata ngandika sang katong, ing Bagindha Yusup ika, heh wong satya Pangeran, paran karsanira mringsun, lah ta kaki apajara. 29. Besuk bertemu, kota dan desa mengalami paceklik, berkatalah sang raja, kepada Baginda Yusuf, wahai orang yang taat kepada Tuhan, apa maksudmu kepadaku, berkatalah. 30. Apa karsanira kaki, jaluka sira maringwang, aja sira pindho gawe, mapan ingsun iki iya, apa sakarsanira, sun turut karsanerèku, aywa sêmang manahira. 30. Apa kehendakmu, mintalah kepadaku, jangan engkau bekerja dua kali, karena aku ini, menurut kehendakmu, aku menurut kehendakmu,
Serat Tapel Adam Jilid 1 193
jangan ragu hati. 31. Nabi Yusup lingnya aris, kang amba têdha ing tuwan, sinunga wikan sakèhe, ing lurah Mêsir patikbra, sêdaya lumrahêna, ing kitha Mêsir myang dhusun, samya kinèn sêsawaha. 31. Nabi Yusuf berkata dengan lembut, yang hamba minta kepada tuan, berilah perintah semua, pegawai di Mesir, semua beritahukanlah, di kota Mesir dan di desa, semuanya diminta menggarap sawah. 32. Sakathahing bumi Mêsir, ginaga asinawaha, aywana kang nora kanggo, sanadyan silih prawata, dipun gaga amuwah, sampun wontên wana talun, nohar tuwan kèn karyaha. 32. Semua tanah di Mesir, buatlah sawah, untuk tanaman pangan, jangan ada yang tidak di pakai, walau di lereng gunung, tanamilah padi serta, jangan ada yang disia-siakan, segeralah tuan kerjakan. 33. Ing lumbung dipun gumati, kêrangkèng wadhahe bêras, panggenane kang tinundhon, bêras pira dipun kathah, sri narendra ngandika, sakarsanira sun turut, apajara malih sira. 33. Lumbungnya dipelihara, semua tempat beras, semuanya dipenuhi, seberapaberas perbanyaklah, sang raja berkata, semua kehendakmu aku turuti, berkatalah lagi engkau. 34. Apa karsanira malih, kaki sira tuturana, sun turut sapanjaluke, lah barang panjalukira, tan ngrasa darbe ingwang, sun srahaken sira Yusup, saking sih pamulèningwang. 34. Apa kehendakmu lagi, engkau katakanlah lagi, aku menuruti permintaanmu, apa permintaan barangmu, tak merasa milikku, aku serahkan kepadamu Yusuf, oleh sebab cintaku kepadamu. 35. Sampuning mangkana malih, gênêp satahun ta iya, Bagindha Yusup lamine, mêdale saking warangka, kocapa ta sang nata, ing Mêsir ingundang sampun, ing Bagindha Yusup ika. 35. Setelah itu, genap setahun, lamanya Baginda Yusuf, keluar dari penjara, berkatalah sang raja, di Mesir diundang Baginda Yusuf itu. 36. Nulya prapta tanasari, Bagindha Yusup punika, angajak tira sang katong, linggih nunggal padmasana, sri narendra ngandika, heh wong satya ing Hyang teku, sira gantènana raja. 36. Kemudian datanglah, Baginda Yusuf itu, sang raja mengajaknya, duduk bersama di kursi kehormatan, sang raja berkata, wahai orang yang taat padaTuhan, engkau gantikanlah raja. 37. Sira jumênênga aji, ing Mêsir 37. Engkau menjadi raja, di Mesir adalah
Serat Tapel Adam Jilid 1 194
kahayuningwang, saksana pajar sang katong, dhatêng patih mangkupraja, myang para mantrinira, estokna saujaringsun, Yusup kang jumênêng nata. kehendakku, segera sang raja berkata, kepada pejabat kepercayaan, dan semua mentrinya, patuhilah perintahku, Yusuf yang menjadi raja. 38. Inggih samya ngayom mami, ing sakathahe pra manca, ingkang katujua katon, ing Bagindha Yusup ika, dening maoni jagad, myang kadi budi darmèku, waweka lampah susila. 38. Semuanya menuruti, dan semua orang luar, yang dituju kelihatan, kepada Baginda Yusuf itu, oleh yang menguasai jagad, dan seperti budi darmaku, berhati-hati bertindak susila. 39. Sartane pêkike malih, miwah kamurahanira, mugi tulusa sang katong, sampuning kayoman sira, sang nata akèn nulya, angambila makuthaku, kang sapa nganggene raja. 39. Beserta kerupawanannya, dan kemurahannya, semoga lestari sang raja, setelah diayomi olehmu, sang raja memerintah, ambilah mahkotaku, yang siapa memakai menjadi raja. 40. Kang pinundut sampun pranti, êndi warnane makutha, êmas pinak inten ijo, ing nawa retna rinêngga, pinanca brang lan mirah, ing mutyara agung-agung, munggèng padoning makutha. 40. Yang diambil sudah tersedia, seperti apa bentuk mahkota, emas berbalut perak, dan dihias oleh permata, ada batu merahnya, ada mutiara besar-besar, di sudut mahkota. 41. Tinurut ing mirah adhi, ing nila jumantên abrang, pan kumala bêbukule, anyenyeni jroning pura, abrang kinon akonang, kinitir kitiran alus, ing mirah jumantê nila. 41. Ada batu merah, nila permata merah, dan yang berwarna ungu, bercahaya di dalam istana, bercahaya menyilaukan, berputar-putar dengan lembut, dan intan permata itu. 42. Sinêlanan lawan rukmi, gumarêmêt murup muncar, nora ketang pangajine, inganggèkakên ta iya, ing Nabi Yusup ika, miwah salire kaprabon, inganggèkakên sadaya. 42. Diselingi oleh emas, berkelap-kelip, tidak dapat dihitung harganya, dipakaikanlah, kepada Nabi Yusuf itu, serta semua tanda-tanda kebesarannya, dipakaikan semuanya. 43. Lininggihaken tumuli, ing padmasana tihaya, gumanti mangkya sang katong, anyayaping Yusup ika, mangkana wuwuh Hyang-Hyang, kang marêp samya gêng 43. Didudukkan kemudian, di dalam kursi kehormatan, menggantikan sang raja, Yusuf kemudian dihadap, begitu semakin bertambah kebesarannya, semua
Serat Tapel Adam Jilid 1 195
mangu, cêngêng sakèhe tumingal. yang menghadap terkagum-kagum, terpana semua yang melihat. 44. Pan cêngêng tan kêna angling, kadi musna kèdhêpêna, saksana mangkya sang katong, akèn asung bakti bala, ingkang sakèh pra manca, asung bakti tan asantun, ing Nabi Yusup prasamya. 44. Semuanya terpana tak dapat berkata-kata, seperti musnah, laksana di kedipkan mata, kemudian sang raja menghaturkan sembah, semua orang mancanegara menghaturkan bakti, kepada Nabi Yusuf semua. 45. Sampun ngestokaken sami, yèn Yusup gêntèni raja, ya wuwuse sang akatong, heh wong satya ing Pangeran, sakèhe darbèningwang, asrah ing sira punika, miwah saisine pura. 45. Semuanya telah mengiyakan, jika menggantikan raja, begitulah kata sang raja, whai orang yang taat kepada Tuhan, semua milikku, aku serahkan kepadamu, serta isi istana. 46. Paningsun lunga ngunduri, ambêgawan ta kewala, risampunipun sang katong, anilar karatunira, tan alami sang nata, pralena mangkya sang prabu, kinubur nora kawarna. 46. Akuakan pergi, menjadi pertapa, setelah itu sang raja, meninggalkan istananya, tak begitu lama sang raja, kemudian mati, dikubur tidak diceritakan. 47. Kocapa Yusup nêrpati, gêntèni kaprabonira, winaonan sarupane, pêpajangan jroning pura, miwah rakite ingkang, punang kadhaton puniku, karya malih ta sang nata. 47. Tersebutlah raja Yusuf, menggantikan kedudukannya, wajahnya tidak berbeda, hiasan di dalam istana, dan semuanya, yang ada di istana, untuk sang raja. 48. Rakite malige adi, kinon lir pendah kang swargan, tan ana wimba liyane, miwah ta sajroning pura, pajangan panataran, ganda amrik sakadhaton, pura luwih saking guna. 48. Mahligai yang indah, indah seperti surga, tak ada tandingannya, serta yang di dalam istana, semua hiasan, berbau harum, istana semakin semarak. 49. Miwah para pramèswari, sami anglêboning nata, gênti puji bêkti myang wong, risampunipun mangkana, wontên ingkang kocapa, Jaleka sang murtiningrum, tan wikan ing polahira. 49. Serta para permaisuri, melayani sang raja, berganti puja bakti, semua orang, setelah itu tersebutlah, Jaleka sang putri, tidak mengerti apa yang terjadi. 50. Tan kapadhan gênge brangti, dhumatêng mangkya sang nata, ngrasa tan kapadhan 50. Rasa asmaranya semakin tinggi, kepada sang raja, yang sekarang, merasa
Serat Tapel Adam Jilid 1 196
sihe, ing pangayun-ayunira, ing Nabi Yusup ika, malih angrusak ragèku, dene gênge brangtanira. tak dapat disamakan kasihnya, di alam kehendaknya, oleh Nabi Yusuf itu, merusak ragaku kembali, oleh karena besarnya cintaku. 51. Kasi bèlèk netra kalih, lapake nangis alara, rahina wêngi tangise, rikmanipun malih gimbal, tan kêna ingêjuma, wismane pinggire ngênu, nganti pariking sang nata. 51. Sampai melotot kedua mataku, menangis-menjadi-jadi, siang dan malam tangisnya, rambut yang menjadi gimbal, tak dapat disisir, rumahnya di pinggir jalan, sampai dekat dengan sang raja. 52. Kocapa sang nata mijil, ngayêngi nagaranira, anitih kuda sang katong, abusana sarwa endah, sakaprabune nata, amakutha abrang murub, apucak manik ing toya. 52. Disebutlah sang raja keluar, mengelilingi negaranya, menaiki kuda, berbusana serba indah, sang raja memakai mahkota yang bersinar, ujungnya berhias permata. 53. Kang ngiring sagunge mantri, saha busana turangga, sami angiring sang katong, kalih kêthi wuri ngarsa, kalih kêthi ing kahan, kalih kêthi keringipun, lir medeng pala sumêkar. 53. Diiring oleh semua mentri, naik kuda, mengiring sang raja, 200 ribu berada di belakang, 200 ribu dikanan, 200 ribu dikiri, seperti bunga pala yang mekar. 54. Upacara angluwihi, waose sulam rawitan, sanjata pêdhang tamènge, eram sakèhe tumingal, lampahe sri narendra, ngayêngi nagaranipun, samarga cêngêng kang mulat. 54. Tanda kebesaran melebihi, indah dan lembut, senjata pedang dan tameng, heran semua yang melihat, jalannya sang raja, mengitari negaranya, di jalan-jalan, terkagum-kagum yang melihat. 55. Ginarêbêk sri bupati, kang lêbu malêtuk munggah, sang putri mangkya têtakon, datan kapirsa sang nata, dening kadya ampuhan, nulya Jabarail rawuh, angucap ing Yusup ika. 55. Sang raja dikerubuti, yang melayani naik, sang putri kemudian bertanya, tidak kelihatan oleh sang raja, oleh karena seperti badai, kemudian Jabrail datang, berkatalah Yusuf itu. 56. Heh Yusup mandhêga dhingin, saurana wong punika, anguwuh sira wong wadon, nulya mangkya pinaranan, prapta ing ngarsanira, ningali Bagindha Yusup, mring 56. Wahai Yusuf, berhentilah dahulu, jawablah orang itu, berteriak seoarang wanita, kemudian ditemui datang dihadapannya, melihat Baginda Yusuf,
Serat Tapel Adam Jilid 1 197
wong wadhon kang têtanya. kepada seorang wanita yang bertanya. 57. Tinakèn dening nrêpati, sapa sira nini tuwa, angadêg mring lakuningong, sumaur kang tinakonan, lali ragane sira, sang putri Jaleka tèngsun, sang nata nulya ngandika. 57. Ditanyai oleh sang raja, siapa engkau wanita tua, berdiri dihadapanku, menjawablah yang ditanyai, lupakah engkau, aku putri Jaleka, sang raja kemudian berkata. 58. Paran karsanira nini, sumaur putri Jaleka, ingsun arsa ing sang katong, sun tanpa laki ta iya, yèn tan nuliya tuwan, lawan malih tuwan niku, tanpa rabi yèn tan ingwang. 58. Apa maksudmu wahai wanita, menjawablah putri Jaleka, aku menginginkanmu sang raja, aku sudah tak memiliki suami, jika engkau tak menuruti, dan bukankah tuan itu, tak punya istri jika tanpa aku. 59. Sumaur sri narapati, ingsun tan arsa ing sira, ala tuwa ing rupane, netra bèlèk rikma gimbal, tur nêmbahi brahala, yêktine ingsun tanpayun, Jabarail mangko mojar. 59. Berkatalah sang raja, aku tidak berkenan kepadamu, tua jelek mukamu, matamu lebar, rambutmu gimbal, serta menyembah berhala, sungguh aku tidak mau, Jabrail kemudian berkata. 60. Heh Yusup alapên ugi, Jaleka iku dènira, wus pakène ing Hyang Manon, pinangka ing rabi tuwan, punika wus kasurat, ing sajroning lohkilmakpul, Yusup jodhone Jaleka. 60. Wahai Yusuf ambillah, Jaleka itu olehmu, sudah perintah Tuhan, sebagai istrimu, semua sudah tertulis, di dalam lauhmahfuz, Tusuf berjodoh dengan Jaleka. 61. Saking parmaning Hyang Widhi, wau ta putri Jaleka, minulyakakên ing rupane, ingusap ing larira, dening Jabrail ika, waluya anom tur ayu, asoring rupaning kuna. 61. Oleh karena kemurahan Tuhan, tadi putri Jaleka itu, wajahnya dimulyakan, diusap dengan sayapnya, oleh Jabrail, berubah menjadi muda dan cantik, hilang wajah yang dahulu. 62. ênting sukaning nêrpati, ningali putri Jaleka, langkung sukur ing Hyang Manon, angrasa kadudonira, dahad pamadanira, winêlèhakên Hyang Agung, kaluputan gula drawa. 62. Sang raja sangat gembira, melihat putri Jaleka, sangat bersyukur kepada Tuhan, merasa telah diberi petunjuk, sangat setara, telah diingatkan oleh Tuhan. PUPUH 23 PUPUH 23
Serat Tapel Adam Jilid 1 198
DHANDHANGGULA DHANDHANGGULA 1. Risampuning mangkana nêrpati, kinawinke dening malaekat, putri Jaleka jodhone, ing pramèswarinipun, Nabi Yusup nata ing Mêsir, sang rêtna yu Jaleka, wus binêkta mantuk, malêbêting dalêm pura, wus pinarik ing maligenipun asri, ingayaping pawongan. 1. Setelah itu sang raja, dinikahkan oleh malaikat, putri Jaleka istrinya, dan permaisurinya, Nabi Yusuf raja di Mesir, sang dewi Jaleka, sudah dibawa pulang, masuk ke dalam istana, sudah didekatkan dengan mahligainya yang indah, dihadap oleh para abdinya. 2. Tan kawarna rêsmining jro puri, miwah langêne ing jroning tilam, kang tinutur caritane, sinewaka sang prabu, dening bala punggawa mantri, taya sri naranata, busanane murub, alinggih ing patmasana, mas rinêngga amakutha binuka sri, pucak maniking toya. 2. Tak dapat diceritakan indahnya di dalam istana, beserta keindahan di dalam ranjang, yang diceritakan, sang prabu dihadap, oleh prajurit dan menteri, begitulah sang raja, pakaiannya bercahaya, duduk di singgasana, bermahkota emas sangat indah, dengan ujung permata indah 3. Ingkang nangkil lan kawasa ngaksi, anglir pendah murca kinèdhêpna, gumilang-gilang cahyane, anêlahi sumunu, ayênèni sabumi Mêsir, miwah kang upacara, alangên dinulu, kocapa sajênêngneka, Nabi Yusup sarupane wong ing Mêsir, sadaya manjing Islam. 3. Yang menghadap dan melihatnya, seperti akan hilang jika mata berkedip, bersinar-sinar cahayanya, menyinari seluruh Mesir, beserta semua tanda kebesaran, indah dilihat, tersebutlah pada waktu itu, Nabi Yusuf beserta orang Mesir, semua masuk ke dalam Islam. 4. Langkung gêmah ing nagari Mêsir, wong ing kutha tan kêna winilang, pan dadesakèh kitrine, langkung pamujinipun, wadyabala punggawa mantri, wong kutha wong ing desa, amuji sang prabu, bêlabalila ing dunya, ratu Nabi Yusup ambêk pala adil, rupa tanpa tandhingan. 4. Negeri Mesir semakin makmur, orang kota tidak dapat dihitung, banyak pekarangan ditanami, makin terpuji, prajurit dan para mentri, orang kota dan orang desa, memuji sang raja, membela kedudukannya di dunia, raja Nabi memiliki sifat adil, wajah yang tiada tanding. 5. Mapan sakeh kawulaning Widhi, kang manungsa tan ana kang madha, ing Nabi 5. Banyak dari hamba Tuhan, manusia tak ada yang mencela, wajah Nabi Yusuf,
Serat Tapel Adam Jilid 1 199
Yusup citrane, kang sarira pinunjul, cahyanipun mapan nêlahi, lan malih cinarita, nênggih wontên dhusun, cinarita padhusunan, wontênjanma sasomah langkung prihatin, ngabêkti mring Pangeran. badannya terkenal, cahayanya bersinar, dan disebutkan lagi, disuatu dusun, ada seseorang yang sangat memprihatinkan, berbakti kepada Tuhan. 6. Ingkang jalu warnane apêkik, ingkang èstri pan ayu utama, ajrih bakti ing kakunge, tan lênggana ing kayun, barang karyanipun kang laki, wau kang linampahan, dening garwanipun, sabên dina apuasa, jalu èstri dening sakalangkung miskin, langkung dening kasiyan. 6. Yang laki-laki sangat rupawan, yang wanita sangat cantik, takut dan berbakti kepada suaminya, menyetujui kehendaknya, semua pekerjaan sang suami, tersebutlah suatu cerita, oleh istrinya, setiap hari berpuasa, laki-laki dan wanita itu terlalu miskin, sangat kasihan. 7. Nanging têtêp gènipun ngabêkti, pêrlu sunat ing pasomahpisan, luwih agêng ngibadahe, ing panggaotanipun, wade sukêt ingkang binukti, sabên dina puasa, bukti saben surup, wade sukêt sabên dina, lamun pajêng tinumbaskên gandumnuli, kinarya buka siyam. 7. Tapi pengabdiannya, yang wajib dan sunah dijalani, sangat besar ibadahnya, pekerjaan mereka, menjual rumput yang dimakan, setiap hari puasa, makan setiap menjelang petang, menjual rumput setiap hari, jika laku dibelikan bahan makanan, sebagai pembuka puasa. 8. Agêng tapanipun jalu èstri, sabên wanci dalu salat tangat, pan sakêdhik ing turune, langkung musakatipun, sabên dina ngulari bukti, wade sukêt kinarya, panumbasing gandum, kinarya bukaning siyam, kawarnaha wade sukêt wanci enjing, margi kang kadalanan. 8. Besar pengendalian dirinya laki-laki dan wanita itu, setiap malam salat, sedikit tidur, sangat miskin, setiap hari mencari makan, menjual rumput sebagai membeli gandum, sebagai pembuka puasa, tersebutlah ketika menjual rumput di pagi hari, di jalan yang dilewati. 9. Nuju liwat griyane sêrani, luhuring wismanipun kalintang, agêng tur gèndèng payone, wong sêrani winuwus, yata darbe anak pawèstri, sampun pêrawan tuwa, warnanipun ayu, ing marga ana wong liwat, wade sukêt warnane anom apêkik, ngêndhêg 9. Pada waktu melewati seorang srani, rumahnya sangat tinggi, besar dan beratap genting, orang srani itu berkata, memiliki anak perempuan, sudah dewasa, cantik, dijalan ada yang lewat, menjual rumput wajahnya muda dan tampan,
Serat Tapel Adam Jilid 1 200
kinèn lèrèna. meminta dia berhenti dan beristirahat. 10. Ya ta ngucap anake sêrani, heh wong anom liwat mareneya, sukêtira sun tukune, lah munggaha ing luhur, yata kandhêg sarta ningali, lare anom kang tapa, warnane abagus, anguwuh anulya munggah, ing panggungan sukêt binêkta manginggil, sapraptane semana. 10. Anak orang srani itu berucap, he orang muda yang lewat kesinilah, rumputmu aku beli, naiklah keatas, dia berhenti serta melihat, orang muda yang bertapa, wajahnya tampan, memanggil lalu naik, rumputnya dibawa keatas, sesampainya disana. 11. Pan amandhêg anake sêrani, dènya tumingal èsmu kasmaran, ana wong bagus warnane, nulya nginêban pintu, sarwi ngucap wadon sêrani, lah sira tambanana, larane tiningsun, yèn sira tan nêkanana, karsaningsun sira datan sun wèh mulih, lah ta sira cacada. 11. Berhentilah anak orang srani itu, dia melihat dan jatuh cinta, ada orang yang sangat tampan, kemudian pintunya ditutup, serta mengucap perempuan srani itu, wahai engkau sembuhkanlah, sakit hatiku ini, jika engkau tidak mengabulkannya, aku tidak akan mengijinkanmu pulang, engkau berkatalah. 12. Pan ingsun ayu anom asugih, ayo sira ingsun karya bedhang, paran ta sira karêpe, yata kèndêl tan dangu, rare anom micara ingati, yèn kalakon ajinah, sun palaur lampus, upami laku maksiyat, luwung pêjah ingsun ajrih ing Hyang Widhi, dyan tumulya angucap. 12. Aku cantik muda dan kaya, ayo kita beradu asmara, bagaimana menurutmu, dia diam tidak berkata, tak berapa lama dia bicara di dalam hati, jika aku sampai berzina, aku lebih mati, jika melakukan maksiat, aku lebih baik mati takut karena Tuhan, dia kemudian berkata. 13. Ingsun arsa ngabêkti rumiyin, pundi gène toya pêkênira, ingkang sakulah toyane, sun arsa ngambil wulu, tan nauri wadon sêrani, lamun ta sira karsa, takon gone banyu, lah mangke sira munggaha, ana toya rare anom angunggahi, sukêtipun tinilar. 13. Aku akan beribadah dulu, dimana tempat airmu, yang airnya satu kolah, aku akan bewudu, wanita srani itu tidak menjawab, jika engkau mau, bertanya tentang tempat air, engkau naiklah, ada air anak muda itu naik, rumputnya ditinggal. 14. Prênahe toya sangsaya inggil, rare anom amicarèng nala, ingsun nibaa ning kene, 14. Tempat air itu semakin tinggi, anak muda itu berbicara dalam hati, aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 201
pasthi ingsun yèn lêbur, mati awor kalawan siti, baya angur matiya, lamun awakingsun, kêna ing panggawe jinah, rare anom sedyane alêbu pati, niba saking luhuran. jatuhlah dari sini, pasti aku hancur, mati bercampur tanah, pasti aku mati, jika aku, berzina, anak muda itu bunuh diri menjatuhkan diri dari atas. 15. Apan saking parmaning Hyang Widhi, tibanipun sinangga malekat, datan karasa tibane, prapta ing wismanipun, rabinira atanya aris, dangu têmên ki omah, dening lagi rawuh, pundi olèh-olèh tuwan, wade sukêt lakinya alon nauri, rabine anèng wuntat. 15. Oleh karena kasih karunia Tuhan, jatuhnya disangga oleh malaikat, tidak terasa jatuhnya, sampai di rumahnya, istrinya bertanya dengan lembut, mengapa engkau begitu lama, mengapa baru sampai, dimana oleh-olehmu, menjual rumput, sang suami menjawab, istrinya di belakang. PUPUH 24 PANGKUR PUPUH 24 PANGKUR 1. Heh Rubiyah wruhanira, ing sêdina iki ingsun tan olih, Rubiyahipun sumaur, punapa karya buka, ingasahur têmahan mangke anglantur, puasa nginêp punika, tuwan nora ngrasa bêngi. 1. Wahai Rubiyah ketahuilah, sehari ini aku tidak mendapat, Rubiyah menjawab, apa yang akan kita gunakan untuk berbuka, dan juga untuk sahur, berpuasa lagi kita, engkau tidak merasa malam. 2. Lakinya nauri sabda, ni rubiyah mèndêl aywa baribin, satêngah ujar karungu, ing tatêngga mamirang, anêtêpna pangapêm manira iku, sarta sira gênènana, katona angraratêngi. 2. Suaminya menjawab, wahai Rubiyah diamlah jangan menangis, jika engkau berkata, di dengar oleh tetangga membuat malu, berpura-puralah membuat roti engkau itu, serta engkau menyalakan api, perihatkan engkau sedang memasak. 3. Anut saujaring priya, ingapêman ingantêp ginênèni, ing pawon kukus kumêbul, tinapan pangapêman, tanpa isi yata tinutupan sampun, tinilar lênggah ing wisma, sarya ingadêphing laki. 3. Ikut kata suaminya, dia berpura-pura membuat roti, di dapur asap membumbung, di tempat masak itu, tanpa isi lalu ditutup, ditinggal duduk dirumah serta menghadap suaminya. 4. Dyan tan wontên tangganeka, wontên pawon sêndya angambil gêni, kang ngamèk gêni amuwus, baborikawalika, apêm rika 4. Kemudian ada tetangganya, di dapur hendak mengambil api, yang mengambil api berkata, he engkau, rotimu nanti
Serat Tapel Adam Jilid 1 202
mêngke gêsêng têmahipun, wus sêdhênge iku nyawa, wus warah wong ika mulih. hangus, setelah orang itu pergi, orang itu lalu pulang. 5. Kakung ngucaping Rubiyah, apa têmên ucaping uwong iki, apa ika anggêguyu, nini têtangganira, ingkang èstri saksana sigra tumurun, ing pawon prapta gènira, pangapêman dèn ungkapi. 5. Suaminya berkata kepada Rubiyah, apa benar kata orang ini, apa dia tertawa wanita tetanggamu itu, istri itu kemudian turun, di dapur Sampai di tempat perapian, tempat masak itu dibuka. 6. Kêbêk isine lir sabran, saking parmaning Hyang asung rêjêki, dhumatêng kawulanipun, ingkang sêdya atapa, têmên-têmêning Allah piyandêlipun, dumadi Allah Tangala, ing karsa anêmbadani. 6. Isinya penuh, oleh karena belas kasih Tuhan yang memberi rejeki, kepada hambanya, yang selalu mengendalikan diri, bersungguh-sungguh menyandarkan diri kepada Allah, jadilah Allah taala, bersedia mengabulkan. 7. Wontên malih cinarita, ana priya branti maring Hyang Widhi, kang katrima tobatipun, maring Allah Tangala ing wong priya ingkang andarbèni kayun, dhumatêng sireng wanudya, langkung sênêng atinèki. 7. Ada lagi satu cerita, ada seorang yang sangat berbakti kepada Tuhan, yang diterima tobatnya, oleh Allah taala, pada orang yang memiliki kehendak, kepada seorang wanita, sangat gembira hatinya. 8. Alami sira ngupaya, ing pawèstri nanging datan marêngi, ingkang katuju kang kayun, pawèstri kang ngulatan, dyan lêlungan pan akathah parêngipun, pawèstri kalawan priya, amlas ajêng sarya grami. 8. Sudah lama dia berusaha, kepada perempuan itu tapi tidak diperbolehkan, yang dituju adalah, perempuan yang melihatnya, lalu pergi dan banyak bolehnya, perempuan dan laki-laki, memiliki keinginan untuk berdagang. 9. Katur ingkang darbe karsa, tan uninga èstri kang dèn karsani, kesah saking griyanipun, pan tumut alulungan, ing wong kathah jalu èstri rowangipun, kapingine saba paran, ngidhêp sadaya ing margi. 9. Kepada yang memiliki kehendak, tidak mengetahui wanita yang dikehendaki pergi dari rumahnya, ikut bepergian, laki-laki perempuan beserta pembantunya, keinginannya bepergian, mengetahui semua yang ada di jalan. 10. Pan tunggal sabale panjang, wong akathah jalu kalawan èstri, mangkana sami aturu, wauta kawarnaa, tiyang jalu kang 10. Tinggal dalam satu rumah, orang banyak laki-laki dan perempuan, semuanya tidur, tersebutlah suatu cerita,
Serat Tapel Adam Jilid 1 203
andarbèni ing kayun, dhatêngèstri kang angarah, sapolahipun dèn liring. laki-laki itumemuliki hasrat, kepada wanita yang di sukai, semua tingkah lakunya dilirik. 11. Sapraptanipun sinapa, dening èstri sapa kang pratèng kami, kakung brangti lon amuwus, ingsun arsa ing sira, pan wus lami raganingsun brangta wuyung, nanging ta dèrèng tinêkan, ing mangke lagya pinanggih. 11. Setelah disapa oleh wanita itu, siapa yang datang kepada kami, laki-laki yang jatuh cinta itu pelan berkata, aku menginginkanmu, sudah lama aku menaruh cintaku padamu, tapi belum kesampaian, baru kali ini dipertemukan. 12. Ingsun dhêmhêen maring sira, trêsnaningsun mring sira anglangkungi, pawèstri alon amuwus, mring wong lanang kang branta, lah ta iya yèn sira trêsna maringsun, lah ta sira ajêjêpa, wong punika jalu èstri. 12. Aku cinta kepadamu, cintaku kepadamu sangat berlebih, perempuan itu berkata, kepada seoarang laki-laki yang jatuh cinta itu, jika engkau sungguh mencintai aku, engkau intiplah, laki-laki perempuan itu. 13. Apa wus turu sadaya, awasêna mangke enake ati, yata sang kakung tumurun, ajêjêp mring wong kathah, jalu èstrijinêjêpa sami aturu, lah ta paya asanggama, wanadya lingipun aris. 13. Apakah sudah tidur semua, perhatikanlah dengan baik, maka turunlah laki-laki itu, mengintip kepada orang banyak, laki-laki perempuan di intip semua sedang tidur, mari kita bersenggama, wanita itu berkata itu dengan lirih. 14. Jênênge Allah Tangala, pan asipat saman basar lan ngèlmi, pasthi miyarsa andulu, yêktine sun awirang, mring Pangeran lamun jinah awakingsun, anglampahana duraka, paran labêt ingsun èstri. 14. Allah taala itu bersifat saman basar dan ngelmi pasti dapat mendengar dan melihat, sesungguhnya aku malu, kepada Tuhan jika aku berzina, melakukan dosa, padahal aku adalah seorang wanita. 15. Pawèstri ika angucap, lah ta iya wong akèh iki guling, ingsun ajrih ing Hyang Agung, ingsun tanya ing sira, Allah Tangala ta kêna turu, Allah datan kêna nendra, apa hya sami sarêsmi. 15. Wanita itu berkata, orang banyak ini tidur, aku takut kepada Tuhan Yang Agung, aku bertanya kepadamu, Allah taala apakah bisa tidur, Allah bisa tidur, akan melakukan hubungan badan. 16. Mênawa Allah Tangala, luwih wikan 16. Jika Allah taala, lebih tau pasti aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 204
pasthiningsun awêdhi, kadênangan ing Hyang Agung, deningsun lampah jinah, yata kèndêl sang kakung tan bisa muwus, rinaos yèn kasinggihan, wau lingipun pawèstri. takut, ketahuan oleh Tuhan, olehku melakukan zina, laki-laki itu kemudian diam tak bisa berkata, dirasa jika kata-kata itu benar, tadi kata perempuan itu. 17. Kakung kesah têbah jaja, sangêt tobat kakung maring Hyang Widhi, anutuh sariranipun, tobat nêdha ngapura, jalu èstriapan sangêt tobatipun, anglampahana duraka, ajrih siksane Hyang Widhi. 17. Laki-laki itu kemudian pergi sambil memukul dadanya, laki-laki itu bertobat kepada Tuhan, mengutuki dirinya sendiri, bertobat meminta maaf, laki-laki perempuan sungguh bertobat dari melakukan dosa, takut siksaan Tuhan. 18. Wontên malih cinarita, padhusunan tuhu dukuh arêsmi, karo sanak kang dhadhukuh, nama Lajis kang tuwa, ingkang anom pun Tikan jêjulukipun, ajêmbar kang têtanêman, woh-wohan dinulu asri. 18. Ada lagi satu buah cerita, ada satu dusun yang sangat indah, ada seorang yang ada di dukuh itu, yang tua bernama Lajis, yang muda bernama Tikan, tanamannya luas, buah-buahan indah di pandang. 19. Jêjêmbaran lampahipun, kalih wêlas êjam ingkang pêsagi, sêdhêng woh-wohan angundhuh, pan kinarya dêdana, sing atêka punika sami angundhuh, yata pirang-pirang unta, angusung wowohan sami. 19. Luasnya 12 jam persegi, ketika sedang memanen buah, akan digunakan sebagai sedekah, yang datang semuanya memetik, ada beberapa unta membawa buah-buahan. 20. Ingkang adarbe woh-wohan, karo sanak sami brangti Hyang Widhi, sang iblis lanat tumurun, pan arupa pandhita, nora pêgat salat pangabêktinipun, rahina agung puasa, apti mangkya amarahi. 20. Yang memiliki buah-buahan, kepada saudara semuanya cinta kepada Tuhan, sang iblis laknat turun, berwujud pendeta, tidak pernah tinggal salat, setiap hari puasa, kemudian hendak mengajar. 21. Sang pindha pandhita angucap, maring Lajis laki dèn pituturi, bêcik-bêcike puniku, sakèhe têtanêman, winadeya ajana kawoh baruwun, wuruke sang iblis lanat, têtanêman dèn pagêri. 21. Pendeta palsu itu berkata, kepada Lajis, kemudian diberi tahu, baiknya semua tanaman itu dijual, jangan disedekahkan, begitulah ajaran dari sang iblis laknat, tanaman kemudian dipagari. 22. Awade tumbas-tinumbas, apêpagêr wus pinagêran sami, pan kathah rêbut-rinêbut, 22. Kegiatan jual beli berlangsung, pagar itu sudah dihancurkan, banyak yang
Serat Tapel Adam Jilid 1 205
pagêr watêse desa, arêbutan tatukaran kathah lampus, ngrêbut masane woh-wohan, tumbas unjul-ingunjuli. saling berebut, pagar batas desa, berebutan bertengkar banyak yang mati, merebut buah-buahan itu, membeli berlebih-lebihan. 23. Ya ta kang desa punika, mapan sinung bilahi deHyang Widhi, tanduran pinangan tikus, kalangkung dening ama, malah rusak desa punika pan suwung, dene agawe maksiyat, tan wontên kang lêng-lêng brangti. 23. Begitulah desa itu, mendapat murka dari Tuhan, tanamannya dimakan tikus, hamanya berlebih-lebihan, menjadi rusak desa itu kemudian ditinggalkan, karena dibuat maksiat, tidak ada yang jatuh cinta. PUPUH 25 ASMARADANA PUPUH 25 ASMARADANA 1. Kocapa nagari Mêsir, wontên kang jumênêng nata, alinggih rukyat wastane, dene kang agadhah putra, Ibnu Walit namanya, awatara kalih tahun, pan sirna jumênêng rukyat. 1. Tersebutlah di negeri Mesir, ada yang menjadi raja, bernama Rukiyat, dia mempunyai anak bernama Ibnu Walid, sekitar dua tahun, bergantilah Rukiyat menjadi raja. 2. Anênggih nagari Mêsir, sampunipun raja rukiyat, ginêntenan nagarane, dening saking wong tan iya, Pirngon kêkasihneka, ning Mêsirjumênêng ratu, angrèh sagunge pra manca. 2. Adalah negeri Mesir, setelah raja Rukiyat, diganti negaranya, oleh orang yang bernama Pirngon, di Mesir menjadi raja, memerintah semua orang. 3. Abala para nrêpati, ingidhêp parentah neka, wontên dening papatihe, akakasih patih Iman, akarya kalangênan, malige kancana murub, luhur pitung puluh êgas. 3. Berpasukan para raja, patuh kepada perintahnya, sedangkan patihnya, bernama Patih Iman, membuat kesenangan, berupa singgasana permata yang berkilau, tingginya tujuh puluh meter. 4. Ginêlaran prangwêdani, sinawuran ing mutyara, ing manike intên ijo, tatèbèng pinajang-pajang, pinarèn sri kawuryan, yèn sinewaka sang prabu, dening para kang narendra. 4. Beralaskan permadani, bertebaran mutiara, dengan manik intan hijau, hiasan dindingnya dipajang, terlihat indah, dihadaplah sang raja, oleh para raja.
Serat Tapel Adam Jilid 1 206
5. Amakutha binuka sri, apucak maniking toya, pakaja intên mancorong, alênggah ing papalangkan, pinatik nawa rêtna, angandika ta sang prabu, dhumatêngpra wadya bala. 5. Bermahkota indah, ujungnya manik permata, intan teratai bercahaya, duduk di singgasana, yang dihias dengan intan permata, berkatalah sang raja, kepada para prajurit. 6. Pada estokêna sami, yèn ingsun Pangeranira, padha ta sujuda kabèh, aja nêmbah ing brahala, ingsun sira sêmbaha, yata wadya bala sujud, dhatêng mangkya sri narendra. 6. Patuhilah semuanya, aku adalah raja kalian, semuanya sujudlah kepadaku, jangan menyembah berhala, sembahlah aku, semua prajurit menyembah, kepada sang raja. 7. Umatur kaum ing Mêsir, dhumatêng ing sri narendra, bêngawan asat toyane, sêrandil bêngawan mêgat, lah tuwan mulyakêna, ingantos bêngawan agung, nyata yèn tuwan Pangeran. 7. Berkata kaum yang ada di Mesir, kepada sang raja, sungai kering airnya, memutus aliran sungai, engkau muliakan, menjadi sungai yang besar, sungguh jika engkau adalah Tuhan. 8. Sinanggupan ing nrêpati, tumulya angêrik jaran, pan pitung kêthi kathahe, sarta lawan kang anunggang, pan samya cêcangklangan, kongsi dadi kali êndhut, kathah wong kang mati tiba. 8. Disanggupi oleh para raja, segera menjalankan kuda, sebanyak tujuh ratus ribu banyaknya, serta semua yang menaiki, semuanya mengangkangi punggung kuda, hingga menjadi lumpur sungai, banyak orang yang jatuh mati. 9. Bênawitan mêdal malih, sang nata angrasa merang, tumuli sang raja Pirngon, alêbêt sajroning guwa, nanêdha ing Pangeran, angrasuk barut-binarut, asujud sajroning guwa. 9. Sungai tak keluar lagi, sang raja merasa malu, kemudian sang raja Pirngon, masuk ke dalam gua, meminta kepada Tuhan, memakai selimut, bersujud di dalam gua. 10. Aturipun sri bupati, dhatêng kang murbaing alam, heh Pangeran sabênêre, amba anêdha ing tuwan, nêdha kamuktèn dunya, sarta panguwasaningsun, luwiha saking wong kathah. 10. Berkatalah sang raja, kepada sang penguasa alam, wahai Tuhan yang sejati, hamba memint a kepadamu, meminta kemuliaan di dunia, serta kekuasaanku, lebihlah dari orang banyak. 11. Kamuktèn akerat benjing, kawula pan ora arsa, kamuktène dunya bae, yata Jabarail 11. Kemuliaan di akhirat besuk, aku tidak ingin, kemuliaan di dunia saja, Jabrail
Serat Tapel Adam Jilid 1 207
prapta arupa wongatuwa, kaki tuwa lon amuwus, lah ta iya sira trima. datang berwujud orang tua, orang tua itu berkata, he engkau terimalah. 12. Sapanêdhanira ugi, dhatêng ingkang murbèng alam, tinuwukan sing Pangeran, anêdha enaking dunya, mungkir sakangerat, aweha sira sang prabu, tandha tapak tanganira. 12. Setelah permintaan itu, kepada sang penguasa alam, puaslah dia Tuhan, meminta nikmatnya di dunia, menolak akhirat, berilah sang raja tanda tanganmu. 13. Raja Pirngon asung tulis, tandha tapak tanganira, wus tinampanan surate, binêkta mring kaki guwa, dinulu sampun musna, yata raja Pirngon mêtu, tumulya maring bêngawan. 13. Raja Pirngonmemberikan surat, tanda tangannya, sudah diterima suratnya, di bawa ke mulut gua, dilihat sudah hilang, kemudian raja Pirngon keluar, kemudian menuju sungai. 14. Pinandêng bengawan nuli, mêdal agung toyanira, mapan gawok sakaume, ningali kasaktènira, sagunge wadyabala, sadaya prasamya sujud, amangeran ing sang nata. 14. Sungainya dilihat, keluar airnya teramat banyak, semua kaumnya terpana, melihat kejadian itu, semua prajurit, semuanya bersujud, menuhankan sang raja. 15. Sang nata mantuk tumuli, malêbêting dalêm pura, pinarak aning malige, ingayap para wanudya, amangun kalangenan, bêngawan wau tinantun, toya mili saking Ngêsam. 15. Sang raja kemudian pulang, masuk ke dalam istana, duduk di singgasana, dikerubuti oleh wanita, bersuka-suka, sungai tadi ditanyai, air mengalirdari negeri Sam. 16. Mili dhumatêng ing Mêsir, angubêngi dalêm pura, aliwat soring malige, sinungan sarah kêncana, mili kanang taneman, sumawana kang pêrahu, pinatiking nawa rêtna. 16. Mengalir menuju Mesir, mengelilingi istana, melewati bawah singgasana, terdapat emas, mengalir tanaman, serta perahu, yang dihiasi dengan permata. 17. Sang nata ngandika aris, dhatêng sakèh panujuman, wêwasikapujanggane, kang para tabib ubatan, sakèh guru petangan, sumawana juru tênung, kaya ngapa tingalira. 17. Sang raja kemudian berkata, kepada semua ahli nujum, dan semua pujangga, dan para tabib, dan semua guru peramal, serta tukang tenung, seperti apa penglihatannya. 18. Panjênênganingsun iki, goningsun dadi 18. Aku ini, ketika menjadi Tuhan, siapa
Serat Tapel Adam Jilid 1 208
Pangeran, sapa ingkang ngrusak ingong, pan ingsun iki Pangeran, kèndêl kang tinakonan, atur alon juru tênung, inggih patikbra bêthara. yang akan melawanku, walau aku ini Tuhan, diam semua yang ditanyai, tukang tenung itu berbicara pelan, wahai tuanku. 19. Ing nujum kawula êning, wontên tatiyang satunggal, taksih wontên ingibune, salêbêting wawêtêngan, kagyat sri naranata, amirêng wuwuse nujum, ngandika sêmu sungsawa. 19. Menurut perhitunganku, ada seorang, masih di dalam ibunya, di dalam perut, terkejutlah sang raja, mendengar perkataan juru nujum, berkata sambil marah. 20. Heh ta patih bêcik ugi, wong mêtêng sira bêdhela, tanbuh lanang tanbuh wadon, isine kang wawêtêngan, pan sampun linakasan, parentahira sang prabu, jroning kutha myang ing desa. 20. Wahai patih, baiklah orang hamil itu sobeklah perutnya, entah laki-laki entah perempuan, isinya yang ada di perut, laksanakanlah perintahku, perintah sang raja, di dalam kota dan desa. 21. Ya ta wonging Bani Srail, akêkasih Nabi Ngimran, kang èstri lagya ambobot, arsa rinuntuhkên wêlas, siningidakên guwa, wus jangkêp ing mangsanipun, babar jalu putranira 21. Tersebutlah kaum bani israil, bernama Nabi Ngimran, istrinya sedang mengandung, hendak di celakai, disembunyikan dalam gua, telah sampai masanya, lahirlah putranya. 22. Winadhahan jroning pêthi, binucal dhatêng bêngawan, kentir ing toya miline, kocapa sang pramèswara, asiram ing patirtan, aningali pêthi kanyut, ingambil nulya binuka. 22. Di masukkan dalam peti, di buang ke sungai, hanyut oleh air sungai, tersebutlah sang permaisuri, mandi di sungai, melihat peti yang hanyut, di ambillah lalu di buka. 23. Kang pêthi isi bêbayi, tur lanang bagus kang warna, kalangkung suka manahe, pinundut ingaran Musa, ingangkat putranira, kadi kang putra satuhu, arsa samya sinusonan. 23. Peti itu isi bayi, berjenis kelamin laki-laki serta rupawan, hatinya begitu gembira, diambilah diberi nama Musa, banyak putranya, dianggap putra sendiri, dan hendak disusukan. 24. Sakèhe susu tinampik, kocapa nini Mariyam, angintip bayi kadhaton, pajar yèn wontên wong ndaba, saota susonira, Ngimran ingandikan sampun, anusoni tan 24. Semua susu ditolak, tersebutlah wanita bernama Mariam, mengintip bayi yang ada di istana, berkata jika ada orang yang meminta, untuk menyusui, Ngimron
Serat Tapel Adam Jilid 1 209
sajarwa. berkata, susuilah tanpa basa-basi. 25. Lami-lami sri bupati, ningali lare ing pura, pinangku pramèswarine, ature kang pramèswara, kawula mipil putra, sang raja Pirngon anyambut, ing rare pinangku garwa. 25. Lama-lama sang raja, melihat putranya yang ada di istana, dipangku oleh permaisurinya, berkata sang permaisuri, aku mengangkat putra, sang raja Pirngaon menyetujui, anak itu dipangku istri. 26. Musa sukêr aningali, ing Pirngon jajenggot nata, nulya binubutan alon, bramantya sri naranata, Musa arsa pinêdhang, yata pramèswari gupuh, anyandhak sarwi angucap. 26. Musa tidak suka melihat, pada jenggot sang raja Pirngon, kemudian dicabut dengan lembut, sang raja kemudian marah, Musa hendak di pedang, permaisuri kemudian bersegera, memegang bayi itu sambil berkata. 27. Lah ta tuwan kadi pundi, angidhêp tingkahing bocah, pan sampun jamake rare, datan wontên prayoganira, ewa makatên uga, sandhingan sotya umancur, ajajar kalawan wangwa. 27. Engkau itu bagaimana, menghadapi perilaku anak, sudah biasa perilaku anak tidak ada pertimbangan, begitu juga bersanding dengan permata, bersanding dengan bara api. 28. yèn pinilih sotya nênggih, dudu budine rareka, yèn pinilih ingwangwane, sayêkti budine bocah, saksana linêkasan, Musa pan sinèlèh sampun, sêdya marani sasotya. 28. Jika memilih permata, itu bukan sifatnya anak-anak, jika memilih bara api sesungguhnya itu adalah perilaku anak, selesai berkata Musa kemudian diletakkan, hendak mengambil permata. 29. Saking parmaning Hyang Widhi, Jabarail ngadhang ika, nulya menggok ing wangwane, dyan pinuluk Musa mular, Pirngon rena tumingal, Musa punika sinambut, dhumatêng ing pramèswara. 29. Oleh karena belas kasih Tuhan Jabrail menghadangnya, kemudian membelokkan, ke bara api, api dimakan hingga Musa menangis, Musa lalu dipeluk, Pirngon senang melihatnya, Musa kemudan disambut oleh permaisuri. 30. Sampuning alami-lami, saya gêng Bagindha Musa, lênggah ngarsèng raja Pirngon, heh Musa sira ngucapa, ingsun Pangeranira, Bagindha Musa amuwus, pan 30. Setelah berlama-lama, semakin besar Musa, duduk di depan raja Pirngon, wahai Musa engkau berkatalah, aku ini Tuhanmu, Baginda Musa berkata bukan
Serat Tapel Adam Jilid 1 210
dede dika Pangeran. engkau Tuhan. 31. Kang andadèkakên bumi, langit sakalire ana, iku Pangeran jatine, sang raja Pirngon bramantya, Musa linarak-larak, pramèswari mangkya dulu, marani sarwi angucap. 31. Yang menjadikan bumi, dan langit semuanya ada, itu Tuhan yang sejati, sang raja Pirngon marah, Musa ditarik-tarik, permaisuri melihat mendekati serta berkata. 32. Mangsa ta gêlêma mami, sacubana lawan ndika, kèmêngan sang raja Pirngon, ningali kang pramèswara, dene trêsna kalintang, Musa pan ingangkah sunu, anut sakarsaning garwa. 32. Aku tidak mau, menyetujui tingkahmu, ragu-ragulah sang raja Pirngon melihat sang permaisuri, karena begitu cinta, Musa diangkat anak, mengikuti kehendak istrinya. 33. Nabi Ngimran sampun uning, yèn Musa iku putreka, rinojong-rojong sang katong, uninga wong sanêgara, Musa ingangkah putra, sêmana Musa amuwus, sami mangkya gagonjakan. 33. Nabi Ngimron sudah tahu, jika Musa itu putranya, sang raja menyetujui, tahulah orang satu negara, Musa diangkat putra, pada waktu itu Musa berkata, dengan bersendau gurau. 34. Putrane punggawa mantri, Bagindha Musa cinacad, katêrasna agêguyon, heh ta Musa sira uga, ngaku putraning nata, anging sajatine dudu, rama ibu tan karuan. 34. Putra seorang mentri, baginda Musa dihina, dijadikan bahan tertawaan, wahai Musa kau mengaku sebagai anak raja, tapi sebenarnya bukan,bapak ibumu tak diketahui. 35. Ya ta anakipun mantri, ginoco murdane bêncah, wontên pun kambil wastane, misane sang prameswara, yata pajar ing Musa, lungaha sira dèn gupuh, yèn tan lunga pinatenan. 35. Begitulah anak mentri itu, dipukul kepalanya sampai pecah, seperti kelapa, saudara misan dari permaisuri, berkatalah Musa, pergilah kamu secepatnya, jika engkau tak pergi, engkau pasti mati. 36. Ukume sri narapati, kang matèni pinatenan, sanadyan silih putrane, yèn matèni pinatenan, lah ta sira lungaha, poma kaki wêkasingsun, risampunipun mangkana. 36. Hukum dari sang raja, yang membunuh akan dibunuh, walaupun anaknya sendiri, jika membunuh akan dibunuh, engkau pergilah, itu pesanku, setelah itu. 37. Patih Aman matur aris, dhatêng mangke sri narendra, atur kawula sang katong, 37. Patih aman berkata, kepada sang raja, aku berkata sang raja, anakmu Musa,
Serat Tapel Adam Jilid 1 211
mangke putra tuwan Musa, matèni tanpa dosa, Musa agêng marasipun, lir nyata putra sri nata. membunuh orang tanpa dosa, Musa sangat kuwatir, seperti sungguh putra raja. PUPUH 26 SINOM PUPUH 26 SINOM 1. Bagindha Musa lumampah, ajrih dhatêng Pirngon aji, nusup wana têpi desa, atêbah dipun ampiri, dening Nabi Musèki, arsa mangkya lèrèn wau, padhusunan Madaryan, sumur pangason gèn kampir, Nabi Musa ning pinggir sumur kacaryan. 1. Baginda Musa berjalan, takut kepada raja Pirngon, bersembunyi ditepi hutan dan desa, semuanya didatangi oleh Nabi Musa, dia hendak beristirahat, dipedusunan Madaryan, sumur tempat beristirahat didekati, Nabi Musa di pinggir sumur terkejut. 2. Sumur tinutupan sela, agêng nuju kawan dèsi, gèn nginumi raja kaya, ingkang dipun ngèn sakalir, ing desa têpis wiring, kumpul yèn ta sarêng rawuh, tan kêlar mangkya buka, yèn tan jangkêp kawan dèsi, pan ing mangke sêlagi anuju sunya. 2. Sumur ditutupi batu, besar berjumlah 40 untuk memberi minum ternak yang digembalakan di tepi desa, berkumpul semuanya datang, tidak berhenti membuka, jika belum lengkap 40, pada sekarang sedang sepi. 3. Kang prapta eca pakulya, yata wontên ingkang prapti, ngarsani pun Nabi Musa, mapan arsa anginumi, ingangon aning kambing, pan karigènipun rawuh, pawèstri ayu endah, kari susah ingkang galih, gening prapta mapan wau kari dhawak. 3. Yang datang aku sendiri, ada seseorang yang datang di depan Nabi Musa hendak memberi minum, hewan ternaknya, sedangkan yang datang itu, wanita yang cantik, yang sedang sedih hatinya, yang datang tadi sendirian. 4. Sang Dèwi nangisalara, Bagindha Musa ningali, langkung dene wêlasira, Nabi Musa anulungi, dahat wêlas ningali, kang sela kinarya tutup, sumur sampun binuka, mapan jinunjung pribadi, aglis sang dyah kang toya sumur tinimba. 4. Sang dewi menangis, Baginda Musa melihat, sangat berbelas kasih, Nabi Musa menolong, sangat kasihan melihat, batu yang sebagai tutup sumur sudah dibuka, diangkat sendiri, segeralah wanita itu menimba air disumur. 5. Dening dyang kan angon menda, wus nginum kang punang kambing, sumur tinutupan alon, sun ngon menda samya aris, 5. Oleh orang yang mengembala kambing, sudah minum semua kambing, sumur ditutup pelan, aku mengembala
Serat Tapel Adam Jilid 1 212
tuwan wong saking pundi, sintên kang sinambat arum, simamur kang tinanya, kawulaning Allah kami, pan ing Mêsir atakèn nama pun Musa. kambing, engkau orang mana, siapa namamu, menjawablah yang ditanya, aku hamba Allah, yang di Mesir bernama Musa. 6. Miwah sun ataken sira, nini pinangkane pundi, lawan sapa sinambatan, kang tinanya lingnya ris, inggih amba Mêdayin, Ni Sapura namaningsun, putrane Nabi Sungip, risampunipun mangkana,ênêngêna wus mulih Dèwi Sapura. 6. Aku bertanya kepadamu, engkau darimana, siapa namamu, yang ditanya kemudian berkata, aku berasal dari Medayin dan namaku adalah Ni Sapura,anak Nabi Sungip, setelah itu pulanglah Dewi Sapura. 7. Samya marik punang menda, Nabi Sungip tanya aris, dhumatêng ing putranira, nini menda sampun sami, pan warêg sadayèki, sang rêtna yun nêmbah matur, inggih kawula warta, langkung dening gawok mami, wontên tiyang satunggal kuwawi buka. 7. Sambil menarik kambing-kambingnya, Nabi Sungip bertanya dengan lembut, kepada putrinya, ini kambing semuanya kenyang, sang putri menghaturkan sembah berkata iya, aku mengetahui, sangat terkagum, ada satu orang yang bisa membuka. 8. Tutupipun sumur rama, pinangkane saking Mêsir, inggih namanipun Musa, Nabi Sungip lingnya aris, lah undangên mariki, kang aran Musa ning sumur, kang putra marani gya, dhatêngBagindha Musaki, sampun ngiring Nabi Musa lampahira. 8. Penutup sumur itu ayah, asalnya dari Mesir, bernama Musa, Nabi Sungip berkata lembut, undanglah kemari, yang bernama Musa di sumur, putri tersebut segera mendatangi, kepada Baginda Musa, Nabi Musa telah berjalan bersamanya 9. Bagindha Musa ning wuntat, kang ning ngarsa sang dyah dèwi, sampun prapta Nabi Musa, uluk salam sinauri, wus salaman ta nuli, Nabi Sungib tanya arum, pundi kayun kawuntat, kang tinanya lingnya aris, datang wontên sinêdya pan angsal amba. 9. Baginda Musa berada di belakang, yang di depan adalah dyah dewi, telah sampailah Nabi Musa, menghaturkan salam dijawab, telah bersalaman kemudian, Nabi Sungib bertanya, kau berasal dari mana, yang ditanya menjawab, datang dengan satu maksud sedang asal hamba. 10. Tiyang saking Mêsir ingwang, pun Musa 10. Orang dari Mesir, nama hamba Musa,
Serat Tapel Adam Jilid 1 213
wasta ambaki, ramaningsun Nabi Ngimran, Nabi Sungip lingnya aris, yèn mangkana nak mami, iya rene wismanipun, inggih Musa saurnya, pan sampun dipun sêgahi, sampun nginêp yata kawarnaa enjang. ayah hamba bernama Nabi Ngimran, Nabi Sungib berkata dengan lembut, jika begitu anakku, berumahlah di sini, Musa menjawab iya, karena sudah beri hidangan, menginaplah dia hingga pagi. 11. Ni Sapura sêmu merang, mring têtamu nom apêkik, kang rama sampun uninga, yèn kang putra sêmu isin, tan purun angon kambing, Nabi Sungib atanya rum, dhatêngBagindha Musa, heh Musa sira sun tari, sun panggihke sira lawan anakingwang. 11. Nisapura menjadi malu, kepada seorang tamu yang muda dan tampan, sang ayah telah mengetahui, jika putrinya itu malu, tidak bersedia menggembala kambing, Nabi Sungib bertanya, kepada Baginda Musa, wahai Musa aku tawarkan kepadamu, aku nikahkan kau dengan anakku. 12. Ingkang anami Sapura, Musa matur ajrih nampik, yata sampun apêpangya, Musa kalawan sang Dewi, Nabi Sungip lingnya ris, lah nini maringa iku, gêdhong lawan pajungkat, dyan lumaku katur kang cis, lah ta iki nini sira balèkêna. 12. Yang bernama Nisapura, Musa berkata takut menolak, telah bertemulah mereka, Musa dan sang dewi, Nabi Sungib berkata, wahai wanita menujulah, gedung itu dan ambillah tongkat, segera berjalan kemudian diberikanlah tongkat itu, anakku ini kembalikanlah. 13. Ing gêdhong milinya jungkat, amili jungkat tumuli, tan liyan kang rama mulat, iki balèkêna malih, dyan winangsulkên kang cis, miliha gendholnyanipun, akêh jungkat pilihan, tan liyan kabekta dhingin, mapan sampun karsaning Hyang Maha mulya. 13. Di dalam gedung memilih tongkat, segera memilih tongkat, sang ayah melihat, ini kembalikanlah lagi, kemudian tongkat itu dikembalikan, pilihlah yang ada pengaitnya, banyak tongkat yang baik-baik, tidak lain yang dibawa dulu, karena telah menjadi kehendak Tuhan. 14. Lan jungkate Nabi Adam, kayu jêtun saking swargi, wêsine mangkana uga, pinasthi dera Hyang Widhi, maring Nabi Musaki, Nabi Sungib ngandika arum, ri angon menda ingwang, janjisun opahi 14. Tongkat tersebut adalah tongkat nabi Adam, kayu jati dari surga, besinya juga begitu, sudah kepastian Tuhan, kepada Nabi Musa, Nabi Sungib berkata, gembalakanlah kambing-kambingku,
Serat Tapel Adam Jilid 1 214
kambing, mapan menda sêdaya ulêse abang. janjiku aku akan mengupahmu kambing, jika semua kambing berwarna merah. 15. Lamun menda anak-anak, mêtu putih janji mami, manjinga opah sadaya, kambing kathah mêtêng sami, yata dipun ngon sami, menda mêdal anakipun, sami pêthak sadaya, wus sinung dadi pahing, ingkang putih wus pinaring janjinira. 15. Jika anak-anak kambing itu, keluar putih janjiku, masuk upah semua, kambing hamil semua, kambing keluar anaknya, semuanya putih, sudah diberikan upahnya, yang putih sudah diberi janjinya. 16. Yèn irêng manjing ing opah, yata wau ingkang kambing, samya cêmêng anakira, angalih yèn bêlang benjing, yata brol bêlang sami, santun kêndhit mangke iku, saben manak dadya pah, sampuning alami-lami, sang rêtna ngling pajar dhatêngingkang raka. 16. Jika hitam masuk upah, begitulah sang kambing, semuanya hitam, berpindah jika besok belang, bertemu dengan belang, menjadi kendit, setiap anak menjadi upah, setelah lama, sang istri bertanya kepada suaminya. 17. Sampun tuwan angon uga, menda pêrnah soring wukir, menda tuwan pan rinusak, sêmut saking jro guwèki, gênge sak kucing-kucing, gawok kang raka angrungu, yata Nabi Musèki, ngon wêdhus jungkat cinangking, nitih unta anuju ing prenahira. 17. Janganlah engkau menggembala lagi, kambing yang ada di bawah bukit, kambingmu dirusak, semut dari gua itu, ukurannya sebesar kucing, terkejut sang suami mendengar, begitulah Nabi Musa, menggembala kambing tongkatnya dibawa, menaiki unta menuju ke tempat tersebut. 18. Ênggène sêmut sêmana, tan antara adhatêngi, Nabi Musa gawok mulat, kang sêmut samya aprapti, gênge sak kucing-kucing, amamangsa mendanipun, lumayu Nabi Musa, saking parmaning Hyang Widhi, Jabarail prapta maring Nabi Musa. 18. Tempat semut pada waktu itu, tak berapa lama didatangilah, Nabi Musa terkejut melihat semut yang berdatangan, ukurannya sebesar kucing, memangsa kambingnya, berlarilah Nabi Musa, oleh karena belas kasih Tuhan, Jabrail datang kepada Musa. 19. Heh ta Musa jungkat tuwan, iku tibakna ing siti, adan mangke linêkasan, jungkat tinibakkên siti, dadya ula nagèki, anguntali sakèh sêmut, nanging wangsul mring gènya, 19. Wahai Musa tongkatmu itu, jatuhkanlah ke tanah, kemudian perintah dilaksanakan, tongkat dijatuhkan tanah, berubah menjadi ular, memakan semua
Serat Tapel Adam Jilid 1 215
Nabi Musa aningali, maring naga mara ajrih Nabi Musa. semut, tetapi kembali ke tempatnya, Nabi Musa melihat, kepada ular yang mendekat itu dia menjadi takut. 20. Têtiyang unta lumajar, Jabarail nulya prapti, angadêg lingipun alon, lah tuwan cêkêlên sarwi, mungkur cinandak aglis, kang punang naga ta wau, anulya dadi jungkat, Nabi Musa angling aris, kadi pundi sêmune amba tan duga. 20. Berlari menuju unta, Jabrail kemudian datang, berdiri kemudian berkata, wahai tuan peganglah, ular itu dipegang, ular itu kemudian, berubah menjadi tongkat, Nabi Musa berkata dengan lembut, bagaimana bisa seperti itu aku tak mengerti. 21. Dening sêmut kathah têlas, dèn untal dening nagèki, saking jungkat kang pinangka, angling Jabarail benjing, tuwan mungsuh ing aji, Pirngon sakèh balanipun, kupar kadi sêmuta, mati dining tuwan benjing, dadi ula naga sampuning mangkana. 21. Semut banyak yang habis, dimakan oleh ular, yang berasal dari tongkat, berkatalah Jabarail suatu saat nanti, engkau akan bermusuhan dengan raja, Pirngon dan tentaranya, mereka akan seperti semut, mati oleh tongkatmu besok, menjadi ular setelah itu. 22. Wong Mêdayin cinarita, norana kang idhêp singgih, mring pakon Allah Tangala, sami basur tan praduli, ing Nabi Sungib singgih, kalangkung sungkawanipun, tan kêna marahana, Nabi sungib lingnya aris, lah ta padha idhêpa pitutur ingwang. 22. Tersebutlah orang Medayin, tidak ada yang mematuhi, perintah Allah taala, semuanya tak peduli, Nabi Sungib, sangat bersedih, tidak dapat mengajari, Nabi Sungib berkata dengan lembut, patuhilah perintahku. 23. Lah sami sira Islama, yèn tan manut maring mami, sayêktine sira uga, binêndon maring Hyang Widhi, sira kêna bilahi, kaum kapir alon matur, lah pundi tandhanira, sun jaluk muraha bukti, mapan iki ning Mêdayin sarwa larang. 23. Engkau berIslamlah, jika engkau tak mengikuti aku, sesungguhnya engkau juga, diazab oleh Tuhan, engkau terkena bencana, kaum kafir berkata, apa tandamu, aku ingin bukti, karena ini di Medayin semuanya serba mahal. 24. Lathi siji ta sadhinar, saking parmaning Hyang Widhi, nanêm tuwuh sami miyos, yata mirah ingkang lathi, adol panukuneka, ingkang satus katinipun, apangaji sadhinar, 24. Bibir satu harga sedinar, oleh karena belas kasih Tuhan, tanaman semuanya tumbuh, murahlah bibir itu, jual beli beraneka macam, seratus banyaknya,
Serat Tapel Adam Jilid 1 216
suka sugih sanagari, sakathahe kaum kapir ing nagara. berharga sedinar, orang satu negara kaya dan bersuka, semua orang kafir satu negara. 25. Dahad maido sadaya, tan ana parcaya ati, saya dlarung pulahira, yata wau ing Mêdayin, bilahining Hyang prapti, langkung larang panganiku, kêpahilan gêng dahad, rusuh tanpa tata sami, pitung warsa wau datan ana udan. 25. Semua komplain, tidak ada yang percaya, semakin rusak perbuatan mereka, begitulah tadi di Medayin, bencana Tuhan datang, bahan pangan menjadi mahal, terjadi paceklik yang hebat, semuanya rusuh tanpa tatanan, tujuh tahun tidak ada hujan. 26. Ya ta mêdal lesus mirat, mega abang dèn tingali, dèn nyana ikayun udan, saya munjuk mega abrit, yata girang wong sami, wuwuh kandêl mega mêndhung, sampun kumpul sêmana, niba dadi udan gêni, sanagari Mêdayin mêgat kobongan. 26. Keluarlah angin lesus, awan merah terlihat, dikira itu adalah hujan, semakin menunjukkan awan merah, semua orang bersuka ria, awan semakin tebal, sudah berkumpul semua, turun menjadi hujan api, semua orang satu negara Medayin mengalami kebakaran. 27. Gêsêng sakathahe kopar, janma kewan wus kabêsmi, amung ingkang kaliwatan, dhukuhipun Nabi Sungib, gung udan kètès dadi, mirah kang sarya tinuku, Nabi Musa winarna, lumampah kalih kang rayi, pan alami ning marga ing wanawasa. 27. Semua orang kafir hangus, manusia dan hewan semuanya terbakar, yang terlewati hanyalah desa tempat Nabi Sungib, banyak hujan, semuanya serba murah, tersebutlah Nabi Musa, berjalan bersama istrinya, telah lama di jalan dan di hutan. 28. Sah saking Mêdayin hiya, lumampah tigang dinaki, tan anginum tan adhahar, pan Musa ajalu èstri, nuju wau kang rayi, bobot langkung wêlasayun, yata kala sêmana, mêndhung udan ricik-ricik, awor lawan kilat sarta gêlap ngampar. 28. Pergi dari Medayin, berjalan selama tiga hari, tidak makan dan minum, Musa dan istrinya, sedangkan istrinya sedang, hamil sangat menderita, pada waktu itu, mendung hujan rintik-rintik, bercampur kilat serta guruh. 29. Bagindha Musa kèmêngan, yata karsa karya api, nithik sela nora miyos, kang sela binuwang angling, lah amba tan mêtoni, tan 29. Baginda Musa bersusah hati, hendak membuat api, membenturkan batu tidak menyala, batu kemudian dibuang, aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 217
wontên karsa Hyang Agung, Nabi Musa tumingal, mancur kang cahya kaèksi, yata wau nulya pinaranan sigra. tidak keluar, tidak ada kehendak Tuhan Yang Agung, Nabi Musa melihat, ada cahaya, segeralah didatangi. 30. Pêrnahe gunung Tursina, suku jurang lêmpit-lêmpit, angubêngi ing prawata, ran mukadasing tuwèki, ana swara mèngêti, nora ngarah nora junung, heh Musa kaosira, ikulah pêcatên kalih, Nabi Musa amêcat kaos saksana. 30. Tempat gunung Tursina, kaki jurang berlipat-lipat, mengitari gunung, disebut mukadasi tuwa, ada suara yang memanggil, tidak berarah tidak bertempat, wahai Musa sepatumu, copotlah, Nabi Musa segera melepas sepatu. 31. Lampah dhêngku gèrèt jungkat, ngandika Hyang Maha Suci, sira Musa ingsun kongkon, Pirngon kon agama suci, Musa matur ing Widhi, ya Pangeran kang mulyagung, tuwan kang luwih wikan, pan lesan amba puniki, tanpa sekat lesan kenging ing dahana. 31. Berjalan dengan lutut menarik tongkat, berkatalah Tuhan Yang Mahasuci, engkau Musa aku perintah, Pirngon supaya masuk agama suci, Musa berkata kepada Tuhan, wahai Tuhan Yang Muliaagung, engkau lebih tahu, bagaimana bicaraku ini, karena pada waktu dulu pernah terkena api. 32. Saking raja Pirngon tuwan, lawan dhèrèk amba singgih, kang nama Harundadosa, kenginga kawula kanthi, tinarima Musaki, dening Hyang kang maha luhur, Nabi Musa akajat, duk kinongkon wus winêling, wus lumampah nuli rawuh ing nagara. 32. Dari raja Pirngon, hamba hanya mengiyakan, yang bernama Harun jadilah, pendamping hamba, diterima permintaan Musa, oleh Tuhan Yang Mahaluhur, Nabi Musa mendapatkan kemuliaan yang sebenarnya, ketika diperintah sudah dipesan, sudah berjalan kemudian datang ke negara. 33. Prapting Mêsirjujukira, mring ibu ramanerèki, akêkasih Nabi Ngimran, waktu ngisa nêdha kori, rara Maryam buka glis, tumulya mangkya atutur, mring kang ibu yèn ana, têtami nulya kang bibi, wau ngatak lah nini masanga damar. 33. Sampai Mesir sampainya, kepada ayah ibunya, bernama Nabi Ngimran, pada waktu isya mengetuk pintu, Maryam membuka, kemudian berkata, kepada ibunya jika ada tamu, wanita tua itu kemudian segera memasang pelita. 34. Nabi Musa kinon lênggah, ingkang ibu 34. Nabi Musa diminta untuk duduk,
Serat Tapel Adam Jilid 1 218
aningali, pan wêruh yèn putraneka, kang putra rinangkul aglis, sampun atata linggih, binêkta manjing wismaku, ajrih dhatêng narendra, yayah rena suka sami, kang sêdhèrèk sêpuh wau nulya prapta. sang ibu melihat, jika itu adalah anaknya, anaknya kemudian segera dirangkul, setelah duduk, dibawa masuk menuju rumah, sangat takut dengan sang raja, ayah ibu semua suka, saudara tua itu kemudian datang. 35. Nama Harun sarêng dhahar, pan sami eca abukti, miwah kang dhèrèk wanudya, yayah rena sami bukti, sampuning sami bukti, kadang èstri atanya rum, kang pundi tuwan prapta, Nabi Musa angling aris, karan ingsun prapta ingutus Hyang Suksma. 35. Yang bernama Harun kemudia makan, setelah semua makan, serta pengikut wanita, ayah ibu semua makan, setelah makan, saudara wanita bertanya, kenapa Tuan datang, Nabi Musa berkata, karena aku aku diutus oleh Tuhan. 36. Ingsun kinon ing Hyang Suksma, anari ing Pirngon aji, kinèn anandhanga iman, sadhèrèk kalih nauri, inggih ta kadi pundi, gèn tuwan wau pitutur, dening sang raja Pirngon, ratu gung marentah aji, pasthinipun tuwan nora dèn paedah. 36. Aku diutus oleh Tuhan, mengajak raja Pirngon, supaya beriman, dua saudaranya menjawab, bagaimana caranya, engkau tadi berkata, kepada sang raja Pirngon, raja besar yang memerintah, pasti engkau tidak akan digubris. 37. Pan tuwan pêkir kasiyan, kêdhik wong kang pracayaki, awuwuh agawe wirang, Bagindha Musa nauri, kèh wruhan tuwan mami, sinung mujijating Agung, Nabi Musa anulya, junjung asta kananèki, nulya mêdal wau cahya kadi wulan. 37. Engkau orang miskin kasihan, sedikit orang yang percaya, kata-katamu malah membuat malu, Baginda Musa menjawab, ketahuilah, aku diberi mukjizat agung, Nabi Musa kemudian, mengangkat tangannya, kemudian keluar cahaya seperti rembulan. 38. Jungkat tinibakne lêmah, dadi ula naga putih, sêsêk ingkang panataran, wong Bani Srail ningali, suka cipta ning ati, pracaya Nabi Musaku, wong Bani Srail sakyah, sami takon-tinakoni, wus pajar pinajar kang wêruh ing Musa. 38. Tongkat dijatuhkan ke tanah, menjadi ular putih, penuh pelataran itu, orang Bani Israil melihat, semuanya bergembira, percaya kepada Nabi Musa, orang Bani Israil pada waktu itu juga, ditanyai, sudah saling bercerita, yang melihat nabi musa.
Serat Tapel Adam Jilid 1 219
39. Atutur ingkang uninga, lah iya wruhanerèki, Bagindha Musa punika, sinungan sihing Hyang Widhi, dadi Nabi linuwih, sinung sarengat ginunggung, dipun juluki ing Hyang, ing Allah kang Maha Suci, Nabi Musa jinulukan kalammulah. 39. Berkatalah yang melihat, ketahuilah, Baginda Musa itu diberi kuasa oleh Tuhan, menjadi nabi yang hebat, diberi syariat yang agung, dijuluki oleh Tuhan Yang Mahasuci, Nabi Musa kalamullah. 40. Langkung sinungan mujijat, asta têngênipun mijil, mêdal cahya kadi wulan, jungkat tinibakkên siti, apan dadi nagèki, agênge lir pendah gunung, lan katurunan kitab, sawiji Torèt namèki, kèh wrungu wong Bani Srail langkung suka. 40. Diberi mukjizat, tangan yang dapat keluar cahaya seperti rembulan, tongkat dijatuhkan tanah menjadi ular yang besarnya seperti gunung, dan diberi kitab yang bernama Taurat, ketika mendengar hal itu orang Bani Israil banyak yang bergembira. 41. Kalangkung pracayanira, mring Musa punika Nabi, sami madhêp dalu siyang, gêdhe cilik jalu èstri, sami pracayèngati, yèn Musa Nabi linuhung, utusaning Pangeran, pan Musa kalamulahi, Nabi Musa wau ingkang kawarnaa. 41. Semakin percaya kepada Nabi Musa, semuanya patuh siang dan malam, besar kecil laki-laki wanita, semuanya percaya, jika Musa adalah nabi yang luhur utusan Tuhan, Nabi Musa kalamullah, tersebutlah Nabi Musa. 42. Pan sampun ngrasuk busana, sarta ngagêm jungkatnèki, wus ngrasuk kaprajuritan, agagah yèn dèn tingali, ngêmban pakoning Widhi, kang rama ibu andulu, mring putra manah keron, pasrah maring ing Hyang Widhi, Nabi Harun wus adandan prajuritan. 42. Telah memakai busana, serta memakai tongkat, sudah memakai pakaian keprajuritan, gagah jika dilihat, mengemban perintah Tuhan, ayah ibunya melihat, kepada anaknya hatinya ragu-ragu, pasrah kepada Tuhan, Nabi Harun sudah memakai pakaian keprajuritan. 43. Saha sikêping ayuda, tan arsa munduring wèsthi, kawarnaa Nabi Musa, wus lumampah Harun ngiring, sampun prapta ing wijil, lawang cinacang ta wau, macane pipi lawang, kalangkung galak ngajrihi, sing amulat ajrih panarsa mundura. 43. Serta sudah bersiap perang, tidak akan mundur dari halangan, tersebutlah Nabi Musa, sudah berjalan dengan harun yang mengiring, telah sampailah di pintu gerbang, pintu tadi terdapat harimau yang diikat, sangat galak mengerikan, yang melihat takut hendak mundur.
Serat Tapel Adam Jilid 1 220
PUPUH 27 DURMA PUPUH 27 DURMA 1. Punang macan ingon-ingone sang nata, asring anêbak janmi, dyan macan tumingal, Bagindha Musa liwat, Nabi Arun anèng wuri, dhêkêm kang macan, sirah sinèlèh siti. 1.Macan itu peliharaan sang raja, suka memakan manusia, macan itu terlihat, Baginda Musa lewat, Nabi Harun di belakang, macan itu mendekam, kepalanya diletakkan di tanah. 2. Pangidhêpe macan kang atêngga lawang, sujud gumêtêr ajrih, ing Bagindha Musa, Nabi Musa anatap, ing lawang pan sarya angling, hèh Pirngon sira, ngaku Pangeran Jati, 2. Harimau itu patuh menunngu pintu, bersujud gemetar takut, kepada Baginda Musa, Nabi Musa mendorong pintu dan berkata, wahai Pirngon, yang mengaku sebagai Tuhan. 3. Dudu sira Pangeran kang murbèng alam, lah ta ingsun puniki, ingutus Pangeran, ingkang murba ing alam, kang akarya bumi langit, Allah kang Êsa, lawang wus minêngani. 3. Engkau bukan Tuhan yang menguasai alam, ketahuilah bahwa aku ini, diutus oleh Tuhan, yang menguasai alam, yang membuat bumi langit, Allah yang Tunggal, pintu sudah dibukakan. 4. Nabi Musa Nabi Harun wus prapta, ing ngarsaning nrêpati, wus ayun-ayunan, lingipun Nabi Musa, hèh Pirngon ta ingsun iki, ingutus mring Hyang, nyêlamakên bupati. 4. Nabi Musa dan Nabi Harun sudah sampai, di depan sang raja, sudah berhadap-hadapan, NabiMusa berkata, wahai Pirngon aku adalah, di utus oleh Tuhan, mengislamkan sang raja. 5. Lah ta Pirngon yèn sira puruna Islam, sinungan ing Hyang Widhi, pan tigang prakara, ingkang dhingin ta sira, wus dadi ratu ing Mêsir, pan winuwuhan, marentah wong sabumi. 5. Wahai Pirngon jika engkau mau berislam, diberi oleh Tuhan, tiga hal, yang pertama adalah, engkau sudah menjadi raja di Mesir, dan diberi, memerintah orang satu negara. 6. Kaping kalih sira Pirngon sampun tuwa, dinadèkkên nèm malih, kaping tiganeka, mapan ta umurira, mapan kawan atus warsi, pan winuwuhan, kwan atus taun malih. 6. Yang kedua engkau Pirngon sudah tua, dijadikan muda kembali, yang ketiga adalah, oleh karena umurmu, sudah 400 tahun, sudah diberi, 400 tahun lagi. 7. Ingakerat ingunggahakên suwarga, lah ta ngucapa ugi, nêbut nama Allah, kang misesa 7. Diakhirat engkau akan dinaikkan di surga, engkau berkata, menyebut nama
Serat Tapel Adam Jilid 1 221
ing jagad, tan ana Pangeran malih, amuhung Allah, Pangeran kang sêjati. Allah, yang menguasai dunia, tidak ada Tuhan lagi, hanya Allah Tuhan yang sebenarnya. 8. Lawan malih sira iku ngèstokêna, yèn ingsun iki Nabi, Musa kalamolah utusaning Pangeran, raja Pirngon lingnya aris, hèh patih Aman, ingsun nora kapengin, 8. Dan engkau mengakui bahwa aku ini Nabi, Musa Kalamullah utusannya Tuhan, raja Pirngon berkata, wahai patih aman, aku tidak berkeinginan. 9. Patih Aman matur sarwi awotsêkar, kasinggihan narpati, pan tuwan Pangeran, yèn tuwan tumuruta, ing ature Musa mangkin, sayêkti tuwan, patih idhêp-idhêpi. 9. Patih Aman berkata sambil menyembah, betul sang raja, jikau engkau Tuhan, jika engkau menurut, terhadap kata-kata Musa, sungguh patih akan mengikuti. 10. Linge Pirngon Musa sira duk ing kuna, ingsun kang ithik-ithik, apa walêsira, sun balang kêmbang sira, têka malês balang tai, wong kaya sira, baya ta angur anjing. 10. Berkatalah Pirngon Musa diwaktu dahulu, engkau ini aku yang membesarkan, namun apa balasanmu, kau aku beri bunga, engkau malah membalasku dengan tinja, orang sepertimu, tidak lebih baik daripada anjing. 11. Dingin sira yèn aja kêbata merat, duk sira amatèni, anaking punggawa, pasthi sira palastra, mangko iki ingsun panggih, kalawan sira, pan sira dasa pati. 11. Dulu jika engkau tidak pergi, pada waktu engkau membunuh, anaknya punggawa, engkau pasti mati, sekarang ini aku bertemu, denganmu, engkau pasti akan mati. 12. ukumingsun wong matèni pinatenan, Nabi Musa nauri, kalamulah wong Islam, wong kupar, tan kena ingukum mati, malah ta iya, ginanjar dening Hyang Widhi. 12. Hukumku orang yang membunuh dibunuh, Nabi Musa menjawab, kalamullah orang Islam, wahai orang kafir, tidak dapat dihukum mati, malah diberi ganjaran oleh Tuhan. 13. Raja Pirngon ngandika ing Nabi Musa, hèh sira ngaku Nabi, Musa kalamulah, apa kasaktènira, ingsun arsa aningali, lah wêtokêna, kasaktèn ngarsa mami. 13. Raja Pirngon berkata kepada Nabi Musa, engkau mengaku Nabi, Musa kalamullah, apa kesaktianmu, aku ingin melihat, keluarkanlah, kesaktianmu
Serat Tapel Adam Jilid 1 222
didepanku. 14. Nabi Musa amiyosakên mujijat, asta têngên mêdali, cahya kadi wulan, raja Pirngon ngandika, la ta Musa apa malih kasêktènira, Bagindha Musa nuli. 14. Nabi Musa mengeluarkan mukjizat, tangan kanannya dikeluarkan, ada cahaya seprti rembulan, raja Pirngon berkata,apalagi kesaktianmu, Baginda Musa kemudian. 15. Jungkatipun tinibakakên ing lêmah, dadi naga ngajrihi, siyung kadi macan, tulale kadi gajah, netra kadi surya lingsir, gila kang mulat, lumayu niba tangi. 15. Tongkatnya dijatuhkan di tanah, menjadi ular yang menakutkan, taring seperti macan, belalai seperti gajah, mata seperti matahari yang tenggelam, yang melihat takut, berlari tunggang langgang. 16. Raja Pirngon ngandika mring Nabi Musa, sira gêguru ngêndi, dene bisa nyulap, hèh wruhanira Musa, mapan ingsun nora wêdi, mungsuh lan sira, anging antinên dhingin. 16. Raja Pirngon berkata kepada Nabi Musa, engkau berguru dimana, sampai bisa bermain sulap, wahai Musa ketahuilah, aku tidak takut, menjadi musuhmu, tetapi tunggulah dahulu. 17. Ingsun lagi ngumpulakên balaningwang, kasatriyan prajurit, miwah para nata, risampuning mangkana, Bagindha Musa wus mulih, anganti sira, pan sarwi angabêkti. 17. Aku sedang mengumpulkan prajuritku, kesatria prajurit, serta para raja, setelah begitu, Baginda Musa sudah pulang, menunggunya, sambil menghaturkan sembah. 18. Raja Pirngon ngumpulakên kang pra manca, laminipun nêm sasi, kêrigan sadaya, prapta lèr jladri bêna, bala pirang-pirangke, yutan awêndra, ingiloni kang prapti. 18. Raja Pirngon mengumpulkan para raja, lamanya 6 bulan, semuanya dikerahkan, kedatangannya seperti laut yang meluap, prajurit yang berlipat ganda, sangat banyak, mengikut yang datang. 19. Gajah rata sumêkta kuda lan unta, datan kêna winilis, jêjêl ngara-ara, sri narendra lumampah, aniti jêmpana rukmi, mancur pinêrmas, pinatiking rêtnadi. 19. Gajah kereta kuda dan unta sudah siap, tidak dapat dihitung, berjejal-jejalan di lapangan, sang raja berjalan, menaiki tandu dari emas, silau bercahaya, dihiasi oleh permata yang indah. 20. Raja Pirngon alangêning lampahneka, 20. Jalannya raja Pirngon terlihat megah,
Serat Tapel Adam Jilid 1 223
upacaranya ngiring, kang ardawalika, sumawana naga mas, banyak dhalang sawunggaling, paran wanudya, sêlir srabadan ngiring. tanda kebesarannya menemani, ada ardawalika, serta naga mas, dan banyak dalang sawunggaling, dan para selir semuanya mengiring. 21. Nabi Musa wau ta sampun lumampah, ngiring wong bani srangil, wus angangêm jungkat, lumampah kêkaosan, angrasuk sikêping jurit, arunming wuntat, amuji ing Hyang Widhi. 21. Nabi Musa telah berjalan, memimpin orang Bani Israil, sudah memakai tongkat, berjalan dengan tegap, memakai pakai perang, Harun di belakang, memuji Tuhan. 22. Raja Pirngon lingipun ing Nabi Musa, hèh payo sapa dhingin, ingkang ngêdalêna, kasêktèn iki baya, Bagindha Musa nauri, sakarsanira, sang raja Pirngon angling. 22. Raja Pirngon berkata kepada Nabi Musa, he siapa yang akan menyerang terlebih dahulu, kesaktian ini, Baginda Musa menjawab, terserah kamu, sang raja Pirngon berkata. 23. Miyosakên ing tijat udan dahana, Bagindha Musa nuli, angudani toya, mati punang dahana, sang Pirngon tumuli, ngudani cêmra, awor kalawan king njir. 23. Mengeluarkan hujan api, Baginda Musa kemudian, menghujani air, api tersebut kemudian mati, sang Pirngon kemudian, menghujani anjing, bercampur dengan babi. 24. Nabi Musa nurunaken udan macan, cêmêra minangsani, pêjah dening macan, sang raja Pirngon sigra, miyosakên sawêr nuli, Bagindha Musa, jungkatipun tumuli. 24. Nabi Musa menurunkan hujan macan, anjing itu dimakan, mati oleh macan, sang raja Pirngon segera mengeluarkan ular, Baginda Musa, mengeluarkan tongkatnya. 25. Tinibakkên ing lêmah pan dadi naga, tuhu lamun ngajrihi, netra kadi surya, asiyung kadi sima, têlale ta mawi gadhing, tênggaknya abang, bang lir mêtuagêni. 25. Di jatuhkan di tanah menjadi ular, sungguh sangat menakutkan, mata seperti matahari, bertaring seperti harimau, belalai dengan gading, berleher merah, merah seperti ada apinya. 26. Agêngipun naga lir pendah prawata, sakèhe sawêr alit, nulya inguntalan, naga nêburi kupar, gègèr wong kapir kèh mati, pan kasêbaran, pan gêsêng lir binasmi. 26. Besarnya ular seperti gunung, semua ular kecil, kemudian dimangsa, ular itu menyerang orang kafir, kocar-kacir orang kafir banyak yang mati, tersebar, hangus
Serat Tapel Adam Jilid 1 224
seperti dibakar. 27. Raja Pirngon amudhun saking jêmpana, nitih kuda tumuli, lumayu saksana, anandêr kudanira, tambuh tingkahe wong kapir, asalang tunjang, rêbut paran angungsi. 27. Raja Pirngon turun dari tandu, kemudian naik kuda, berlari segera, memacu kudanya, kocar-kacir orang kafir, saling bertubrukan, berebut untuk lari. 28. Sela alit-alit kasilir kababan, ing naga tiba kapir, sakèhe ubatan, sujud ing Nabi Musa, wus ambawa iman suci, Bagindha Musa, dhatêng ing Bani Srail. 28. Batu kecil-kecil beterbangan, menjatuhi orang kafir, semua korban, bersujud kepada Nabi Musa, telah membawa iman suci, Baginda Musa, kepada Bani Israil. 29. Ya ta lami gènipun adhêp-adhêpan, islam kalawan kapir, wontên wong satunggal, aranira Ngasiyah, wus manjing agama suci, anuting Musa, agamanya ing Mêsir. 29. Tersebutlah telah lama berhadap-hadapan, Islam melawan kafir, ada satu orang, bernama Ngasiyah, sudah masuk agama suci, mengikut agama Musa di Mesir. 30. Raja Pirngon lingipun dhatêng Ngasiyah, tobata sira iki, ing agama Musa, yèn sira nora tobat, pasti sira sun patèni, matur Ngasiyah, bêja yèn amba mati. 30. Raja Pirngon berkata kepada Ngasiyah, tobatlah engkau dari agama Musa, jika engkau tidak bertobat, pasti engkau aku bunuh, berkatalah Ngasiyah, beruntunglah jika aku mati. 31. Wus pinatèn wau kang nama Ngasiyah, praubatan kawarni, yata dipun sulah, dènipun anut Musa, kocapa tatiyang Mêsir, kenging sêsalat, bilahining Hyang Widhi. 31. Sudah dibunuh tadi yang bernama Ngasiyah, tersebutlah orang-orang itu, mereka ditombak, karena menganut Musa, tersebutlah orang Mesir, terkena kutukan, bencana dari Tuhan. 32. Larang pangan sarta lalêr kodhok kathah, toyanya kadi gêtih, yata matur samya, dhatêng sri naranata, sakathahe wong ing Mêsir. Lah mulyakêna, tuwan Pangeran mami. 32. Kurang bahan makanan beserta banyak katak dan lalat, airnya seperti darah, mereka berkata, kepada sang raja, semua orang Mesir, dimuliakanlah, engkau Tuhanku. 33. Ling sang nata lah padha merada, maringa Bani Srail, milua ing Musa, 33. Berkata sang raja kepada mereka, pergilah kepada Bani Israil, ikutlah Musa,
Serat Tapel Adam Jilid 1 225
risampuning mangkana, wong Mêsir akèh kang ngalih, angungsi pangan, dhatêng ing Bani Srail. setelah itu, orang Mesir banyak yang berpindah, mengungsi mencari makan, kepada Bani Israil. 34. Saya kathah kaume Bagindha Musa, malah jangkêp sakêthi, sami manjing Islam, anut ing Nabi Musa, sampuning alami-lami, Bagindha Musa, kinêpung dening kapir, 34. Semakin banyak kaum Baginda Musa, telah lengkap 10 ribu, semuanya masuk Islam, mengikut Nabi Musa, setelah berlama-lama, Baginda Musa, dikepung oleh orang kafir. 35. Nabi Musa kinasap dening sang nata, arsa rinêbut wani, gunge bala kupar, anglir sêgara bêna, Nabi Musa mung sakêthi, kasoran yuda, bala ing Bani Srail. 35. Nabi Musa dihajar oleh sang raja, akan direbut, seluruh tentara kafir, seperti samudra meluap, Nabi Musa hanya 10 ribu, kalah perang, prajurit Bani Israil. 36. Ngungsi papan Bagindha Musa lumampah, sinêsêk dening kapir, amuk-ingamukan, mati pating jalêmpah, pati lir babating pancing, Islam lan kupar, sami ukih-angukih. 36. Baginda Musa berjalan mengungsi, didesak oleh orang kafir, saling mengamuk, mati berserakan, seperti rumput yang disiangi, orang Islam dan orang kafir, saling serang menyerang. 37. Ya ta piyak lir lalurung kang samudra, Nabi Musa agitik, kalwan jungkatneka, Nabi Musa lumampah, wong Banisrail tut wuri, sakèhe kupar, kandhêg tan ana wani. 37. Tersibaklah samudra seperti jalan, Nabi Musa memukul, dengan tongkatnya, Nabi Musa berjalan, orang-orang Bani Israil mengikuti dibelakang, semua orang kafir, berhenti tak ada yang berani. 38. Jabarail tumurun awor lan kopar, anitih kuda èstri, anêngahi ngarsa, rupa patinggi desa, angucap amêmirangi, hèh ta sang nata, Pangerane wong Mêsir. 38. Jabrail turun diantara orang kafir, naik kuda betina, berada di depan, serupa pejabat desa, berkata membuat malu, he kau sang raja, Tuhan orang Mesir. 39. Tingalana lah ika Bagindha Musa, Pangeran Bani Srail, malêbu sêgara, dika ajrih punapa, padha dening para mantri, datan angrasa, dinadèkakên mantri. 39. Lihatlah itu, Baginda Musa, pemimpin Bani Israil, memasuki lautan, engkau takut apa, engkau adalah seoarang mentri, tidak merasa, dijadikan mentri. 40. Lamun ingsun amuktia kaya sira, dadar walêsing pati, sun patinggi desa, sabên taun 40. Jika aku berjaya sepertimu, aku akan membalas mati, aku petinggi desa, setiap
Serat Tapel Adam Jilid 1 226
sasawah, dening ingsun nora wêdi, yata lumampah, malêbêting ing jaladri. tahun memiliki sawah, aku tidak takut, jika harus berjalan, masuk ke dalam laut. 41. Tinutwuri dening sakathahe kupar, dening kang para mantri, kudane kurungan, lami anèng gêdhogan, ningali jaran pawèstri, sami gumêrah, kapir sami nut wuri. 41. Diikuti oleh semua orang kafir, oleh para mentri, kuda yang berada di kurungan, yang lama di dalam kandang, melihat kuda betina, menjadi panas, orang kafir mengikut di belakang. 42. Raja Pirngon nut wuri lampahe kathah, prapta têngah jaladri, malekat sung surat, ing tandha tapak tangan, tinakèn rarai, dyan angin topan, risaksana nuruni. 42. Raja Pirngon mengikut di belakang orang banyak, sampailah di tengah laut, malaikat memberikan surat, dengan tanda tangan, ditanya wajahnya, angin topan kemudian, segera turun. 43. Ya ta marga tumangkêp dadi samudra, kapir kambang ing warih, lêbur sakèh kopar, yata Bagindha Musa, sampun mêntas bala ngiring, sakarineka, kang mati dening warih. 43. Jalan itu kembali menjadi samudra, orang kafir terapung di laut, banyak orang kafir yang mati, tersebutlah Baginda Musa, telah keluardari air bersama pengiringnya, beberapa ada yang mati oleh air. 44. Wong ing Mêsir sujud ing Nabi Musa, ngaturkên tobat sami, mapan sami Islam, yata Bagindha Musa, jumênêng mangkya ing Mêsir, nêgaranira, karan wong bani Sarail. 44. Orang Mesir bersujud kepada Nabi Musa, menyatakan tobat semua, menjadi Islam, begitulah Baginda Musa, menjadi raja di Mesir, negaranya, disebut orang Bani Israil. 45. Nabi Musa ngandika ing kaumira, lah ularana sami, maring patih Aman, yèn katêmu si Aman, gawanên ing ngarsa mami, dyan ingularan, kaum prasamya mijil. 45. Nabi Musa berkata kepada kaumnya, mulailah semua, kepada patih Aman, jika ketemu Aman, bawalah kehadapanku, segeralah dimulai, semua orang keluar. PUPUH 28 MIJIL PUPUH 28 MIJIL 1. Wus ingundang sakèhe wong Mêsir, ajrihing Hyang Manon, anut Nabi Musa sarengate, sadaya karan kinèn nyingkiri, pakon dèn lampahi, sunat lawan parlu. 1. Sudah di undang semua orang Mesir, takut kepada Tuhan, mengikuti syariat Nabi Musa, semuanya yang haram diminta menjauhi, semua perintah
Serat Tapel Adam Jilid 1 227
dilaksanakan, yang sunah dan yang wajib. 2. Kaum Mêsir punika tan sami, ana kang maido, ana ingkang pracaya atine, ana ing lairipun awêdi, ana batin wani, sakathahe kaum. 2. Orang Mesir itu tidak ada yang membangkang, ada hatinya percaya, ada yang takut dilahirnyatetapi di batin berani, semua orang. 3. Nabi Musa angandika aris, wruhanira ingong, kitab sawiji torète, lawan sinung sarengat mami, kinon marentahi, ing sakèhe kaum, 3. Nabi Mussa berkata dengan lembut, ketauhilah, kitab suciku bernama Taurat, dan aku diberi syariat, untuk menyuruh, kepada semua kaum. 4. Maturipun kaum ingkang mukir, tan pracaya ingong, iku kitab tulisane dhewe, angaku paringane Hyang Widhi, kaum ingkang kapir, sami anggêguyu. 4. Berkatalah kaum yang ingkar, aku tak percaya, kitab itu tulisanmu sendiri, mengaku pemberian dari Tuhan, kaum yang kafir, semuanya menertawakan. 5. Cinarita Musa tatkalaning, wau sapatêmon, munajating gunung tursinane, parmaning Hyang ingkang Maha Suci, Jabrail aprapti, bekta kursi muwus. 5. Tersebutlah Musa pada waktu bertemu, bermunajat di Gunung Tursina, oleh karena kasih Tuhan yang suci, Jabrail datang, membawa kursi sambil berkata. 6. Nabi Musa pan amba puniki, ingutus Hyang Manon, tuwan kinènlênggah kursi kene, mapan kursi saking ing sawargi, kancana pinatik, ing rêtnadi mancur. 6. Nabi Musa aku adalah, utusan Tuhan, engkau diminta untuk duduk di kursi ini, kursi ini dari surga, terbuat dari emas, permata yang bersinar. 7. Nabi Musa matur ing Hyang Widhi, tuwan luwih anom, kaum amba ta maido kabèh, angandika Hyang kang Maha Suci, sun akon ing nguni, siyam karanipun, 7. Nabi berkata kepada Tuhan, engkau lebih muda, kaumku ingkar semua, berkatalah Tuhan Yang Maha Suci, aku perintah diwaktu dulu, puasa namanya. 8. Buka anggènipun pwasanèki, Musa matur alon, tutuk aba tuwan wruh gandane, andikane Hyang kang Maha Suci, tutuk sira ugi, saking puasa rum. 8. Berbukalah dari puasamu, Musa berkata, mulutku mengetahui harumnya, berkatalah Tuhan Yang Maha Suci, mulutmu juga, dari puasa. 9. Ya ta matur Bagindha Musèki, tuwan luwih anon, ingkang kawula têdha jatine, dhumatêng ing Hyang kang Maha Suci, 9. Berkatalah Baginda Musa, engkau lebih mengetahui, yang aku makan, kepada Tuhan Yang Maha Suci, aku
Serat Tapel Adam Jilid 1 228
amba ayun uning, ing sawêcanipun. ingin tahu, yang sejelasnya. 10. Dikaning Hyang tumênganing langit, tumênga angisor, dyan tumênga Musa satingale, narawang katon kang ngaras kursi, dyan tumungkul nuli, Jabrail arawuh. 10. Katamu terbukanya langit, terbuka kebawah, kemudian Musa melihat yang terbuka, menerawang melihat aras kursi, kemudian tunduklah, Jabrail datang. 11. Lingipun Jabrail Musa tan kenging, tuwan sapandulon, tuwan miyos ibu dalaning kèl, sayêkti cêmêr têtiyang èstri, kawula tan kenging têmu gustiningsun. 11. Berkatalah Jabrail kepada Musa, engkau tak boleh bertatapan mata dengan Tuhan, engkau lahir dari seorang ibu, sesungguhnya kotornya seorang wanita, hamba tidak boleh Tuhan. 12. Kitab tuwan torèt sampun muni, ing suwarga anon, yata Musa jumênêng ature, tuwan tingalana ing sayêkti, ing tuwan kang jati, amba ing pukulun. 12. Kitabmu taurat sudah berkata,disurga melihat, Musa berdiri sambil berkata, engkau cerminan yang sejati, engkau adalah yang sebenarnya, hamba kepadamu. 13. Parmaning Hyang malaekat prapti, saking langit pindho, alir macan kadi grah swarane, hèh Musa tan aningali, ing Allah sayêkti, Musa ngadêg matur. 13. Oleh karena kasih Tuhan malaikat datanglah, dari langit dua kali, bersuara seperti harimau, hai Musa engkau tak mengenali Allah yang sejati, Musa berdiri kemudian berkata. 14. Tuwan tingalana amba iki, sawêcane tumon, malekat langit tiga kapate, swarane lir gêlap angajrihi, gêgêm cahya adi, warnane lir holung. 14. Tuhan lihatlah hambamu ini, sesungguhnya apakah mungkin, malaikat langit yang ketiga dan keempat, suaranya seperti guntur menakutkan, memegang cahaya, gelap warnanya. 15. Hèh ta Musa tan kêna ningali, dhatêng ing Hyang Manon, Nabi Musa jumênêng ature, pan tuwan luwih kuwasa ugi, tingalana mami, ing tuwan kang Agung. 15. Wahai Musa engkau tak boleh melihat, kepada Tuhan, Nabi Musa berdiri, engkau lebih berkuasa, lihatlah aku, wahai Tuhan Yang Agung. 16. Malekat langit ping lima prapti, pangucape sogol, hèh Musa sira gêdhe atine, Nabi Musa ngadêg matur malih, tingalana mami, tuwan gustiningsun. 16. Malaikat langit yang kelima datang, kata-katanya menyakitkan hati, wahai Musa engkau terlalu tinggi hati, Nabi Musa berdiri kemudian berkata, lihatlah
Serat Tapel Adam Jilid 1 229
aku, engkau Tuhanku. 17. Nulya prapta malekat nêm pitung langit, awakipun marong, lir kilat nangguh cahya tangane, pangucape amêlas asih, pan netraning janmi, tan kêna andulu. 17. Kemudian datanglah malaikat yang keenam tujuh dari langit, membara badannya, seperti kilat yang bercahaya tangannya, kata-katanya penuh belas kasih, karena mata manusia, tak boleh melihat. 18. Pan jumênêng Musa matur Hyang Widhi, tingalana ingong, Allah Tangala mangkya ngandikane, yayah Musa tingalana ugi, den awas ningali, sira maring gunung. 18. Berdirilah Musa berkata kepada Tuhan, lihatlah aku, Allah taala kemudian berkata, Musa lihatlah, lihatlah dengan teliti, kepada gunung itu. 19. Dyan gunung tursina dèn tingali, Musa awas tumon, cahya adi lir gêrah swarane, lir gêlap muni barêng sakêthi, gunung dadi api, gêsêng dadi awu. 19. Kemudian gunung Tursina itu dilihat, Musa melihat dengan teliti, cahaya yang besar suaranya menggelegar, seperti guntur yang berbunyi bersamaan, gunung menjadi api, hangus menjadi abu. 20. Bagindha Musa tiba tan eling, salira anglosot, yata pitung dina anglilire, tuhu Allah kang Maha Suci, mata dunya iku. 20. Baginda Musa jatuh tak sadarkan diri, badannya terjerembab, tersebutlah 7 hari dia baru siuman, sungguh Allah Yang Maha Suci, mata dunia itu. 21. Mata kapala tan kêna ngaksi, dhatêng Hyang Manon, yata cinarita sawurine, sakèhe Musa dhatêng wukir, wong ing Bani Srail, samirinanipun. 21. Mata kepala tidak bisa melihat, kepada Tuhan, terceritakanlah kemudian, setelah Musa pergi ke gunung, orang Bani Israil, bernama Samiri. 22. Mapan tuhu tukang kêmasan bangkit, wigane kinaot, pan winuruk iblis lanat bangkite, anut ing wurukipun iblis, kang aran sumiri, apti angrêridu. 22. Pandai emas kemudian bangkit, sangat bergembira, kemudian dibisiki oleh iblis, mereka mengikuti bisikan iblis, yang disebut Samiri, berniat untuk menggoda. 23. Pan karya tapêl pinindha sipi, pinêndhêm tan katon, nulya ngêjar ingkang naure, ingocoring sajroning tapel nuli, pun Samiri angling, mring têtangganipun, 23. Membuat patung seperti sapi, dipendam tidak kelihatan, kemudian dibiarkan, kemudian dialiri air, Samiri berkata, kepada tetangganya.
Serat Tapel Adam Jilid 1 230
24. Hèh wong Bani Srail sun jatèni, sira ayun tumon, ing Pangeraningsun bênêre, lah payo padha adhudhuk siti, pasthine apanggih, Pangeran kang Agung. 24. Wahai orang Bani Israil aku beritahukan yang sebenarnya, jika engkau ingin melihat, Tuhan yang sebenarnya, silahkan engkau menggali tanah, engkau pasti akan bertemu, Tuhan Yang Agung. 25. Nabi Musa lunga angulari, mring Allah sajatos, maring gunung tursina parane, pasthi Allah yèn nora kapanggih, wong ing Bani Srail, kathah kang mituhu. 25. Nabi Musa pergi mencari, Tuhan yang sejati, ke gunung Tursina, pasti tidak bertemu dengan Allah, orang Bani Israil, banyak yang percaya. 26. Nulya dhudhuk bumi kapanggih, sami mas mancorong, sami nêmbah satêngahe, Pangeran mas kang pindha sapi, wong Bani Srail, tigang kêthi sujud. 26. Kemudian digalilah tanah itu, tersebutlah emas yang bersinar, semuanya menyembah, Tuhan yang seperti sapi, orang Bani Israil, 300 ribu orang bersujud. 27. nanging wong kang tan sujud ing sapi, nuhun ing Hyang Manon, anut Nabi Musa sarengate, wong ing Bani Srail pitung kêthi, kalih lêksa malih, rong ewu rong atus. 27. Tetapi orang yang tidak sujud kepada sapi, meminta kepada Tuhan, mengikuti syariat Nabi Musa, orang Bani Israil 700 ribu, 20 ribu, 2200. 28. Ya ta Bagindha Harun marani, angandika alon, hèh wong Bani Srail sira kabèh, aja nêmbahi brahala sapi, iku durakani, kapir têmahipun. 28. Baginda Harun mendatangi, berkata pelan, wahai Bani Israil semua, jangan menyembah berhala sapi, itu mendurhakai, kafir akhirnya. 29. Wong ing Bani Srail nauri, ki Pangeran sayaktos, lah ta mangke amba takonane, hèh tuwan Pangeran kang sajati, yata sami muni, sartanipun manggut, 29. Orang Bani Israil menjawab, ini Tuhan sejati, nanti aku akan bertanya, wahai Tuhan yang sejati, semuanya berkata, serta mengiyakan. 30. Langkung asrêp manahe wong kapir, Nabi Harun mênthos, pituture Harun tan sinakolah, Nabi Harun saya prihatin, langkung dening ajrih, ingari sadulur. 30. Menjadi dingin hatinya orang kafir, Nabi Harun berkata ketus, kata-kata Harun seperti orang yang tida sekolah, Nabi Harun semakin prihatin, semakin takut, ditinggalkan saudara. 31. Cinarita Nabi Musa prapti, wus miyarsa wartos, wong ing Bani Srail ing tekade, sami 31. Tersebutlah Nabi Musa sampai, sudah mendengar berita, perilaku orang-orang
Serat Tapel Adam Jilid 1 231
nêmbah ing brahala sapi, amangeran sami, Nabi Musa bêndu. Bani Israil, semuanya menyembah berhala sapi, menuhankannya, Nabi Musa marah. 32. Nabi Harun mangkya pan ginitik, jinambak kang jenggot, Nabi Harun mundur langkung ajrihe, Bagindha Harun matur aririh, kang anêmbah sapi, kang sami tuhu mring sun. 32. Nabi Harun kemudian dipukul, ditarik jenggotnya, Nabi Harun kemudian mundur dan takut, Baginda berkata pelan, yang menyembah sapi, yang mengikuti aku. 33. Nabi Musa matur ing Hyang Widhi, hèh Pangeran ingong, lah kadipundi tuwan karsane, kaum amba sami nêmbah sapi, parmaning Hyang Widhi, jabarail rawuh. 33. Nabi Musa berkata kepada Tuhan, wahai Tuhanku, sebenarnya apa kehendakmu, kaumku semuanya menyembah sapi, kasih Tuhan, Jabrail kemudian datang. 34. Kala tuwan kesah duk ing nguni, tan pasrah Hyang Manon, mapan tuwan pasrah sadulure, Harun tuwan pracaya ing wingking, yèn pasraha nguni, mring Allah kang Agung. 34. Ketika engkau pergi pada waktu dahulu, tidak pasrah kepada Tuhan, tapi engkau pasrahkan kepada saudaramu, Harun engkau percaya diwaktu dahulu, jika pasrah pada waktu dulu, kepada Allah Yang Agung. 35. Mapan yêkti rinêksa Hyang Widhi, puwara nênutuh, lah ta pira Harun pangrêksane, pan Harun tan kuwasa ling-aling, ing karêpe kapir, kang sami daluru. 35. Pasti Tuhan akan memelihara, akhirnya kecewa, seperti apa Harun bisa menjaganya, Haruntidak kuasa menghalangi, kehendak orang kafir, yang semakin nekat. 36. Ya ta Bagindha Musa tumuli, animbali kang wong, akèn angèstokkên kitabe, kinèn angrusak ing brahala sapi, sakathahe kapir, tan ana mituhu. 36. Baginbda Musa kemudian menyuruh umat manusia, untuk melaksanakan kitabnya, diperintahkan untuk merusak berhala sapi, namun semua orang kafir tidak ada yang mentaati perintah. 37. Bagindha Musa ananêdha ing Widhi, tuwan luwih anon, tinarima panêdhane, Jabrail pan ambakta wukir, ngungkuli ing Mêsir, nèng tawang kang gunung. 37. Baginda Musa meminta kepada Tuhan, engkau lebih mengerti, diterima permintaannya, Jabrail kemudian membawa gunung, diatas tanah Mesir,
Serat Tapel Adam Jilid 1 232
gunung itu ada di langit. 38. Wong ing Bani Srail langkung ajrih, ing gunung lir anjok, wong ing Bani Srail tobat kabèh, anut ing Bagindha Musa ta sami, pakone dèn lampahi, sujud ing Hyang Agung. 38. Orang Bani Israil semakin takut, oleh gunung yang seperti akan runtuh, semua orang Bani Israil tobat semua, mengikuti Baginda Musa, perintahnya dilaksanakan, bersujud kepada Tuhan. 39. Ya ta andikaning Hyang Widhi, Musa nulis alon, kalawan kancana ing mangsine, Bagindha Musa matur ing Hyang Widhi, tan gadhah mas mami, angsal pundi ingsun. 39. Begitulah kata Tuhan, Musa kemudian menulis, dengan tinta emas, Baginda Musa berkata kepada Tuhan, hamba tidak memiliki emas, aku dapat dari mana. 40. Parmaning Hyang Jabrail angling, angalapa godhong, patang lembar kang beda rupane, saranane kancana kinardi, warnane wus uning, godhong wus tinuduh. 40. Oleh karena Kasih Tuhan kemudian Jabrail berkata, ambilah daun, 4 lembar yang wujudnya berbeda, sebagai sarana laksana emas, warnanya sudah tahu, daun sudah ditunjukkan. 41. Dyan kinarya ing Musa wus dadi, sakèh wong tan anon, nanging wontên prênah misanane, pun karuh ingkang sinambat wangi, Karun wus abangkit, ing wisma atiru. 41. Kemudian digunakanlah oleh Musa, banyak orang yang melihat, tetapi memiliki hubungan saudara, sudah diketahui yang bernama, Karun sudah bangkit, di rumahnya sudah meniru. 42. Ya ta Karun karya kêncana, anêbas ing godhong, anging taha hasênêt tanpa karyane, Karun kalangkung dènya sugih, kancana sotya di, kabêcikan mungkur. 42. Karun membuat emas, membeli daun, tetapi tidak jadi, Karun sangat kaya, memiliki emas permata, tetapi kurang berbaik hati. PUPUH 29 PANGKUR PUPUH 29 PANGKUR 1. Karun langkung sugihneka, unta sèkêt ika datan kuwawi, ambêkta ing kuncinipun, asugih dunya brana, pirang-pirang gêdhong papêndêmanipun, anging datan kasat mata, asangêt dènira kumbi. 1. Karun semakin kaya, 50 unta itu tidak cukup, membawa kuncinya, sangat kaya harta benda, kekayaannya berlipat ganda, tapi tidak kasat mata, sangat serakah. 2. Dhatênging Bagindha Musa, ya ta Karun 2. Datang kepada Baginda Musa, Karun
Serat Tapel Adam Jilid 1 233
asring dèn pituturi, Nabi Musa kang asung wruh, nanging tan kèdhêp ika, saandikaning Nabi Musa ing Karun, asangêt kèrêming dunya, lali tan arsa bakti. sering diberi nasihat, Nabi Musa yang memberikan nasihat, tetapi dia tidak mematuhi, semua perkataan Nabi Musa kepada Harun, sangat mencintai dunia, lupa tidak mau beribadah. 3. Nabi Musa angandika, dhatêng Karun sira nganggea kawis, apan ta dunya sang Karun, tan panggih ing akerat, nora langgêng ta dunyanira sang Karun, lan malih ingsun wawarta, ing Karun lan sira mangkin. 3. Nabi Musa berkata, kepada Karun engkau pakailah aturan, untuk apa dunia itu wahai Karun, tidak dibawa ke akhirat, dunia itu tidak abadi wahai Karun, aku katakan lagi, kepada Karun engkau sekarang. 4. Rèhne sira simpên dunya, jakat sira ing pêkir miskin, lah wruhanira Sang Karun, sira arêmên dunya, mapan pirang-pirang gêdhong ta sang Karun, yèn nora jakata sira, satêmahe mamalati. 4. Oleh karena engkau menyimpan dunia, berzakatlah engkau kepada fakir miskin, ketahuilah sang Karun, engkau suka kepada dunia, hartamu bergedung-gedung wahai Karun, jika engkau tidak berzakat, sesungguhnya akan mendatangkan bencana. 5. Pan dunya iku naraka, atêmahe sira lali ngabêkti, karêm ing dunyanira gung, nora gêlêm ajakat, dening liwat kumêt sira ta sang Karun, dunya sira karya apa, mangsa ginawaa mati. 5. Sesungguhnya itu dunia itu adalah neraka, akhirnya engkau lupa beribadah, terlalu senang kepada dunia, tidak mau berzakat, engkau terlalu berlebihan wahai Karun, dunia itu buat apa, tidak akan dibawa mati. 6. Anging datan piniyarsa, pituture Nabi Musa kèh kêdik, tan mituhu ing pitutur, nutukna mulang sarak, piyangkuhe sapa sira sapa ingsun, wus janji takdiring Suksma, Karun pinasthi ing kapir. 6. Tetapi tidak mendengar, nasihat Nabi Musa banyak dan sedikit, tidak mematuhi nasihat menyalahkan ajaran syariat, sikapnya siapa engkau siapa aku, sudah menjadi takdir Tuhan, Karun menjadi kafir. 7. Kang ngudubilahi mina, ri sangsaya dalurung kang pakarti, ing siyang dalu sang Karun, tan pêgat akasukan, babêdayan 7. Naudzubillah min dzalik (aku berlindung kepada Tuhan dari hal yang seperti itu), perilakunyasemakin menjadi-
Serat Tapel Adam Jilid 1 234
amangan kalawan nginum, hapeng tak aciyak-ciyak, gamêlannya angrarangin. jadi, siang malam sang Karun, selalu bersuka ria, menari-nari dan minum, bergembira ria, gamelan berbunyi dengan riang. 8. Lali pangabêkti pisan, sêgak-sêgak suka sak bala sami, suwara umyang gumuruh, dalurung gawe maksyat, wong duraka kang tinêkakkên pun Karun, angomongi cacah-cacah, tan patut lawan agami. 8. Lupa beribadah, bersuka ria bersama kawan-kawannya, suaranya semakin hebat, berbuat maksiat semakin nekat, orang durhaka yang didatangkan oleh Karun, memberi tahu orang-orang, tidak sesuai dengan agama. 9. Nêkakkên kamuktènira, mangan nginum ingayap ing pawèstri, pipilihan ayu-ayu, pangangge murub muncar, lami-lami Karun sira saya lacut, jalu èstri kathah prapta, kagimir busana adi. 9. Menunjukkan kekayaannya, makan minum dihadap oleh istri, yang cantik-cantik, pakaiannya bersinar, lama-kelamaan Karun semakin berani, laki-laki perempuan banyak yang datang, memakai pakaian yang indah. 10. Wontên ta sêntananeka, Nabi Musa mangkya ngucap kapingin, aningali dhatêng Karun, lamun ingsun sugiha, kaya Karun mendah bungah atiningsun, wong sinung bêkja ing dunya, Karun ika langkung mukti. 10. Ada seorang abdinya, Nabi Musa berkata, ingin melihat Karun, jika aku menjadi kaya, seperti karun pasti aku sangat gembira, orang diberi keberuntungan di dunia, Karun itu semakin kaya. 11. Ya ta wau kapiyarsa, Nabi Musa thas nulya nauri, sira iki uwong pêngung, kang kaya ujarira, kapingin ing wong duraka kang winantan, ingkang kaya Karun ika, ingsun wêlas aningali. 11. Pada waktu tadi terdengarlah, Nabi Musa kemudian menjawab, engkau itu orang bodoh, yang menjadi perkataan, menginginkan orang durhaka yang seperti Karun itu, aku kasihan melihtnya. 12. Ngur baya dèn cinupêta, nora dawa duraka ing Hyang Widhi, ya ta mangkana Sang Karun, wau sangsaya dadra, akasukan nutugêna mangan nginum, mêdal dhatêng ngara-ara, wiyar sampun dèn tarubi. 12. Lebih baik berkekurangan, tidak memiliki dosa kepada Tuhan, begitulah sang Karun, semakin menjadi-jadi, bersuka-suka melanjutkan makan dan minum, keluar menuju lapangan yang luas kemudian dikasih atap.
Serat Tapel Adam Jilid 1 235
13. Sakèh kang laku maksiyat, samya ngiring pangangge adi-adi, ing ara-ara gumuruh, wor swaraning gamêlan, sami ngigêl wanita ginênti kakung, arame ing pasamuan, supênuh wong aningali. 13. Semua yang melakukan maksiat, semuanya memakai pakaian yang indah-indah, suara gemuruh di lapangan, bercampur dengan suara gamelan, semua pria wanita berjoget, pertemuan itu sangat ramai, banyak orang yang melihat. 14. Sami kacaryan kang mulat, ing tontonan dinulu warni-warni, panggawenira sang Karun, nganggo awênang-wênang, saya dhatêngakên ing sikaranipun, dhumatêng ing Nabi Musa, pinrih tan kèndêl nèng bumi. 14. Yang melihat kagum, kepada tontonan yang bermacam-macam, perbuatan sang Karun, sewenang-wenang, semakin mendatangkan kemarahan, kepada Nabi Musa, supaya tidak berani dibumi. 15. Kaume dimèn sêngita, maring Nabi Musa wong Bani Srail, sami anuta sang Karun, karya pitênah cidra, olèh prênah iblis lanat kang anjurung, hasti amita upaya, Nabi Musa kang pinanggih. 15. Kaumnya diminta untuk membenci, kepada Nabi Musa, orang Bani Israil mengikuti Karun, membuat fitnah, yang didukung oleh iblis laknat, melakukan berbagai cara, Nabi Musa yang dituju. 16. Sêlire Karun samana, mêtêng tuwa upah pan sampun janji, dirham sèwu opahipun, kinèn sira ngucapa, muni olèh jinah wawêtênganipun, mapan iya Nabi Musa, kang olèh wêtêngan mami. 16. Selir Karun pada waktu itu, hamil tua dan sudah berjanji, seribu dirham imbalannya, diminta engkau mengucap, hamilku ini karena zina, dengan Nabi Musa, yang menghamiliku. 17. Ya ta wong kang mêtêng tuwa, manglong-manglong lurung agêng nèng kori, sakèh wong liwat angrungu, wong kang mêtêng asambat, ngucap lamun Bagindha Musa kang antuk, wawetenganingsun uga, saking ajinah purwèki. 17. Tersebutlah orang yang hamil tua itu, berterial-teriak di jalan yang besar di tengah pintu,banyak orang yang mendengar, orang hamil itu mengeluh, berkata jika Baginda Musa yang menghamilinya, dari berzina pada waktu dahulu. 18. Pangarahe Karun ika, sakathahe kang wong ing Bani Srail, aja ana samya anut, maring Bagindha Musa, mapan iya jinah kalakuanipun, iki si tandhane ana, wong 18. Tujuan Karun itu, banyak orang dari Bani Israil, jangan ada yang mengikuti, kepada Nabi Musa, karena perzinaan itu, tandanya adalah ini, perempuan hamil
Serat Tapel Adam Jilid 1 236
wadon mêtêng ngakoni, yang mengaku. 19. Ya ta miyarsa pawarta, Nabi Musa tinarka tan sayêkti, tan sipi gènira bêndu, ya ta wadon kang wawrat, ingkang ngèmbèt Bagindha Musa duk wau, sigra nulya tinimbalan, arsa dipun têtakèni. 19. Mendengarlah berita, Nabi Musa dituduh tidak sesungguhnya, marahnya teramat sangat, wanita yang mengandung itu, yang mencemarkan Baginda Musa tadi, segera dipanggil hendak ditanyai. 20. Pasamoane akathah, sami ngucap Nabi Musa ngêtêngi, samya ngiringaken laku, pan arsa miyarsaa, pandugane Nabi Musa nora ngaku, kang mêtêng pan sampun prapta, sarta wong ing Bani Srail. 20. Khalayak ramai berkata, semuanya berkata Nabi Musa menghamili, semuanya mengirirngi jalannya, hendak mendengar, dugaan mereka Nabi Musa tidak mengakui, yang hamil telah datang, beserta orang-orang Bani Israil. 21. Kang satêngah ana ngucap, Nabi Musa tuwan ta kadipundi, laku tuwan nora alus, lambangsari ajinah, ri saksana Bagindha Musa amuwus, wêtênganira tinatap, sarta rare dèn takoni. 21. Separuhnya ada yang berucap, Nabi Musa engkau ini bagaimana, kelakuanmu tidak sesuai, malah berzina, segera Baginda Musa berkata, perutnya ditepuk, serta anaknya ditanyai. 22. Hèh ta rare wawêtêngan, sapa bapakira ingkang sayêkti, rare nèng wêtêngan matur, pun Karun bapa ingwang, olèh jinah puda biya kalawan Karun, sêmana kathah kang mirsa, rare nèng wêtêngan angling. 22. Wahai anak yang ada di dalam perut, siapa ayahmu yang sebenarnya, anak yang ada di perut berkata, Karun adalah ayahku, oleh karena berzina dengan Karun, banyak yang mendengar pada waktu itu, anak yang di dalam perut berkata. 23. Bramantya Bagindha Musa, aturipun dhatêng Hyang Maha Suci, Pangeran amba kang Agung, punapa adil tuwan, mapan amba kenging pitênah pun Karun, paran kukum wong pitênah, paran adiling Hyang Widhi. 23. Marahlah Baginda Musa, berkata kepada Tuhan Yang Maha Suci, Tuhanku Yang Agung, apakah adil wahai Tuhan, aku mendapat fitnah oleh Karun, seperti apa hukum orang yang menfitnah, seperti apa keadilan Tuhan. 24. Pan Karun sampun sinungan, angancik sak luhuring bumi, katrima panêdhanipun, mring Allah Maha mulya, ya ta bumi anarik 24. Dan Karun sudah diberi, berdiri diatas bumi, diterima permintaannya, kepada Tuhan Yang Maha Mulia, bumi
Serat Tapel Adam Jilid 1 237
sukuning Karun, watês jajêngku katela, Karun pulintar-pulintir, kemudian menarik kaki Karun, sampai sebatas lutut terlihat, Karun berontak. 25. Anangis angaru-ara, sêsambate Karun kadi gulamit, jêrit-jêrit ngadhuh-adhuh, anangis ngaru-ara, wong wadon ingkang mêtêng kinèn angaku, jinah lawan Nabi Musa, inguncalakên ing masrik. 25. Menangis kesakitan, keluh kesahnya Karun menyayat hati, menjerit-jerit menghiba-hiba, menangis kesakitan, orang yang hamil diminta untuk mengaku, berzina dengan Nabi Musa, dilemparkan ke timur. 26. Ya ta cangkêmipun suwak, nêdha tulung tobate jêrit-jêrit, bumi mipit saya kukuh, suku tan kêna obah, nguwuh-uwuh Nabi Musa gustiningsun, tobatlah tuwan kawula, anêdha ngapura ing gusti. 26. Mulutnya robek, meminta tolong bertobat menjerit-jerit, bumi menghimpit semakin kokoh, kaki tak bisa bergerak, berteriak-teriak Nabi Musa tuanku, aku bertobat, mintalah maaf pada Tuhanmu. 27. Lah arta amba sadaya, tuwan duma ing kaum tuwan sami, lila ing sadayanipun, punapa karsa tuwan, Nabi Musa miyarsa sangsaya bêndu, Karun sangsaya karuna, gulu kapipit ing bumi. 27. Hartaku semuanya, bagilah kepada kaummu, rela semuanya, apapun kehendakmu, Nabi Musa mendengar semakin marah, Karun semakin menangis, leher dihimpit oleh tanah. 28. Gêdhonge Karun sadaya, isi dunya katarik mring jro bumi, miwah ta pêndhêmanipun, kang kêlêm jroning pratala, wuwuh manak kang dunya andaru, ingusung jim lawan setan, Karun wus silêm ing bumi. 28. Semua rumah Karun, yang berisi kekayaan masuk ke dalam bumi, beserta yang dipendam, yang tengelam di dalam tanah, semua kekayaannya lenyap, dibawa oleh jin dan setan, Karun sudah tenggelam di bumi. 29. Tangise alara-lara, Karun ika nora mati tan urip, anggo gawe angrik wuwuh, têkèng ari kiyamat, sangêt durakane ing Nabi pun Karun, kinèn dening Nabi Musa, anêdanaha brangti. 29. Tangisnya menjadi-jadi, Karun itu tidak mati tetapi hidup, sebagai suara-suara, sampai hari kiamat, Karun sangat durhaka kepada Nabi, diperintah oleh Nabi Musa, memintalah belas kasihan. PUPUH 30 ASMARADANA PUPUH 30 ASMARADANA 1. Ya ta sampun lami-lami, cinarita Nabi Musa, ingutus dera Hyang Manon, mêrangi 1. Tidaklah berlama-lama, tersebutlah Nabi Musa, diutus oleh Tuhan, untuk
Serat Tapel Adam Jilid 1 238
Raja Harkiyah, ing Têmbiyah nagara, ya ta kawarnaa ngenu, lampah mring ara-ara. memerangi raja Harkiyah, di negara Tembiyah, tersebutlah di jalan, berjalan menuju lapangan. 2. Musa rikat lampah Nabi, Musa kurang sangunira, ya ta Nabi Musa akon, angutus ngulari pangan, têpis wiring pradesan, kang dinuta wus lumaku, kathahipun kalih wêlas. 2. Musa segera berjalan dengan cepat, Musa kekurangan bekal, Nabi Musa memerintah, mengutus mencari makan, menuju ke desa-desa, yang diutus sudah berjalan, banyaknya 12. 3. Kun ingkang nyata kang aningali, tatiyang dhusun Tambiyah, duk lagi sambung têgale, maoni pagêr pagagan, ngandhut dalima mulat, ing wong alit-alit rawuh, kathahipun kalih wêlas. 3. Yang melihat dengan sebenarnya, orang dusun Tambiyah, ketika sedang bekerja di kebun, merawat tanaman, terdapat delima, orang-orang itu kemudian datang, banyaknya 12. 4. Titiyang ing Bani Srail, rinaub tangan kewala, ya ta wus kacakup kabèh, nulya sira winadhahan, ing cangkoking dalima, ingaturkên ratunipun, kang nama Raja Harkiyah. 4. Orang-orang Bani Israil, mengambil dengan tangan saja, setelah diambil semuanya, kemudian dimasukkan, di suatu wadah, diberikan kepada rajanya, yang bernama raja Harkiyah. 5. Dêdêgipun agêng inggil, wong sanagara Tambiyah, wolung puluh gas luhure, dening sang raja Harkiyahh, pan luhure satus gas, kapir saturun-tumurun, kocap kang saking pagagan. 5. Perawakannya tinggi besar, orang senegara Tambiyah, tingginya 80 gas, sedangkan sang raja Harkiyah, tingginya 100 gas, kafir turun temurun, berkatalah yang dari kebun itu. 6. Bêkta wong ing Bani Srail, utusane Nabi Musa, kang kalih wêlas kathahe, anèng cangkoking dalima, tinampa asta kiwa, ingaturkên ratunipun, suka sang raja Harkiyah. 6. Dibawa orang Bani Israil, utusannya Nabi Musa, yang 12 banyaknya, di dalam satu wadah, diterima dengan tangan kiri, diberikannya kepada rajanya, sang raja sangat Harkiyah sangat bergembira. 7. Angling mangke ana ngêndi, ingkang aran Nabi Musa, rêkyana patih ature, nèng ara-ara Tambiyah, Musa sabalanira, dening sêdyane pukulun, anglurugi dhatêng tuwan. 7. Berkatalah sekarang ada dimana, yang bernama Nabi Musa, sang patih berkata, di lapangan Tambiyah, Musa dan prajuritnya, sedangkan maksudnya, ingin menyerang tuan.
Serat Tapel Adam Jilid 1 239
8. Sagung pra manca nagari, rinusak ing Nabi Musa, kinèn anut agamane, yèn tan anuta rinusak, dening Bagindha Musa, raja Pirngon ratu agung, kawon ing Bagindha Musa. 8. Semua orang manca negara, dirusak oleh Nabi Musa, diminta untuk menganut agamanya, jika tidak akan dirusak, oleh Baginda Musa, raja Pirngon raja yang besar, kalah oleh Baginda Musa. 9. Sampun mênggah ingkang alit, nagari tuwan Tambiyah, yèn nèng gaota ing prage, ing ratu Bagindha Musa, angling raja Harkiyah, dhatêng ing papatihipun, lah patih sun kurang apa. 9. Telah naik yang kecil, negaramu Tambiyah, jika melawan perang kepada Baginda Musa, berkatalah raja Harkiyah, kepada patihnya, wahai patih aku ini kurang apa. 10. Pan ingsun birama sakti, nora na ngungkuli mring wang, pira ta iku gêdhene, balane kang aran Musa, mangsa nora padhaa, balane lan ratunipun, kya patih nuwun turira. 10. Aku sangat kuat dan sakti, tidak ada yang menandingiku, berapa besarnya, prajuritnya yang bernama Musa, pasti tidak sama, prajuritnya dan rajanya, sang patih berkata iya. 11. Raja Harkiyah mangkya ling, dhatêng ing papatihira, hèh patih sun tingalane, wong rolas kang nèng dalima, dyan patih marêk ngarsa, cangkok dalima wus katur, raja Harkiyah ngandika. 11. Raja Harkiyah berkata, kepada patihnya, wahai patih aku akan melihatnya, 12 orang yang ada di disana, sang patih segera mendekat ke depan, satu wadah sudah diberikan, raja Harkiyah berkata. 12. Lah cilik têmên wong iki, hèh patih yèn sêmeneya, kang aran Musa balane, kaya nora wêdi ingwang, sanadyan asaktia, ngalahaken Pirngon iki, rêkyana patih tur sêmbah. 12. Kecil sekali orang ini, wahai patih jika seperti ini, yang disebut Musa dan prajuritnya, aku tidak takut, walaupun sakti, mengalahkan Pirngon, sang patih menyembah. 13. Dhumatêng sri narapati, tuhu gusti ing punika, atur kawula sang katong, ingkang nama Nabi Musa, yèn kala mêngsah yuda, raja Pirngon kawonipun, pangalasanipun Musa. 13. Kepada sang raja, sungguh seperti itu tuan, kata sang hamba kepada rajanya, yang bernama Nabi Musa, ketika berperang, raja Pirngon kalahnya, kekuatannya Musa. 14. Agadhah jungkat linuwih, tinibakkên dadya naga, lir ardi gênge nagane, anguntali 14. Memiliki tongkat yang sakti, dijatuhkan menjadi ular, seperti gunung
Serat Tapel Adam Jilid 1 240
mêngsahira, pan têlas inguntalan, raja Pirngon kapalayu, wadyaning kathah kang rusak. besarnya ular itu, memangsa musuhnya, setelah habis yang dimangsa, raja Pirngon melarikan diri, prajuritnya banyak yang mati. 15. Sadaya têlas binukti, dening sawêripun Musa, lir surya kêmbar netrane, ilate kadya dahana, nuntên age cinandhak, pan dados ta tawangsul, mring astane Nabi Musa. 15. Semua habis dimangsa, oleh ular Musa, matanya seperti matahari kembar, lidahnya seperti api, kemudian segera dipegang, kemudian kembali lagi, ke tangan Nabi Musa. 16. Bala raja Pirngon ênthir, kang nama tiyang batangan, tanpa wilangan kathahe, kang pêjah sinambar naga, Nabi Musa kinêpang, Musa lumêbêt ing banyu, sagara ginitik asat. 16. Prajurit raja Pirngon terhanyut, banyak orang menjadi bangkai, banyaknya tak bisa dihitung, yang mati disambar ular, Nabi Musa dikepung, Musa masuk ke dalam air, laut dipukul jadi kering. 17. Ya ta sagara tumuli, amiyak toya lir marga, manêngah Musa lampahe, raja Pirngon anut wuntat, lampahe Nabi Musa, raja Pirngon dhatêngipun, samudra Musa nèng lasta. 17. Tersebutlah lautan itu, tersibak airnya seperti jalan, Musa melewatinya, raja Pirngon mengikut dibelakang, langkah Nabi Musa, raja Pirngon datangnya, di laut Musa di depan. 18. Nulya samudra nangkêbi, kang miyak toya lir marga, Pirngon kambang sabalane, sawiji tan wontên gêsang, sarta tungganganira, wadya balane Musa tan lampus, langkung sakti Nabi Musa. 18. Kemudian samudra bersatu, air yang tersibak seperti jalan, Pirngon tenggelam beserta prajuritnya, satupun tak ada yang hidup, serta semua tunggangannya, prajurit Musa tidak mati, Nabi Musa sangat sakti. 19. Raja Harkiyah nauri, yèn mangkanaa patnya, yèn bênêr aturmu ingong, sayêkti tur tanpa bala, nadyang ingsun wania, aprang lawan Musa iku, mangsa ingsun nuli aopa. 19. Raja Harkiyah menjawab, jika begitu, jika benar katamu kepadaku, sungguh tanpa prajurit, walaupun aku berani, berperang melawan Musa, aku bisa dapat apa. 20. umatur rêkyana patih, gusti sanadyan paduka, nora nangga ing yudane, ing ratu 20. Berkatalah sang patih, tuanku walaupun engkau, tidak unggul dalam
Serat Tapel Adam Jilid 1 241
Bagindha Musa, raja Harkiyah mojar, lah ta patih karsanipun, mêngko amirsaa sira. perang, dengan raja Baginda Musa raja Harkiyah berkata, wahai patih kehendakku, engkau lihatlah semua. 21. umatur rêkyana patih, sarta kang mantri punggawa, sumpami rêmbuk sang katong, ing ngriki wontên pandhita, lah tuhu binêthara, kang aran pandhita Balhum, atapa pucuking arga. 21. Berkatalah sang patih, serta mentri punggawa, seumpama bermusyawarah sang raja, disini ada pendeta, yang seperti raja, yang disebut pendeta Balhum, bertapa di pucuk gunung. 22. Sabdaning kalangkung mandi, pan cipta Balhum punika, amastani supamine, ngaran pêjah nuli pêjah, saking mandining sabda, dawêg tinêdhanan tulung, ngandika raja Harkiyah. 22. Perkataannya sangat bertuah, Balhum itu, seumpama mengatakan mati pasti mati, karena kata-katanya yang bertuah, segeralah kita mintai tolong, berkatalah sang raja Harkiyah. 23. Lah iya ta patih bêcik, sira ingkang lumakua, anggawaa mantri ingong, sarta gawaa ruruba, wastra lawan sosotya, katura pandhita Balhum, kang dinuta sigra mangkat. 23. Baik patih itu bagus, engkau yang berjalan, membawa mentriku, serta membawa syarat, kain dan permata, berikanlah kepada pendeta Balhum, yang diutus segera berangkat. 24. Lampahe sampun lumaris, sampun ambêkta ruruba, raja Harkiyah ngadhaton, wus lumêbêt dalêm pura, ya ta kang kawuwuse, kang aran pandhita Balhum, sangêt kasutapanira. 24. Langkahnya telah menjadi berlari, telah membawa syarat, raja Harkiyah kembali ke istana, sudah masuk ke dalam istana, dia berkata, yang disebut pendeta Balhum, sangat hebat dalam bertapa. 25. Katarima ing Hyang Widhi, amandi sapangucapnya, sidik têrus paningale, yèn tumênga maring tawang, langit pitu nêrawang, ngaras kursi pan kadulu, lamun tumungkul mangandhap. 25. Diterima oleh Tuhan, kata-katanya bertuah, penglihatannya tajam, jika melihat langit dia bisa melihat langit 7 diatasnya, aras kursi bisa dilihat, jika melihat ke bawah. 26. Apan têrus pitung bumi, katon kang naga pêrtala, tuhu têrus paningale, wontên malih katingalan, ngandhape bumi sapta, ulam agêng kang kadulu, amuji marang Pangeran. 26. Bisa melihat tujuh bumi, terlihat naga bumi, penglihatannya dapat melihat lagi, ada lagi yang kelihatan, dibawah bumi tujuh, ikan besar terlihat,memuji kepada Tuhan.
Serat Tapel Adam Jilid 1 242
27. Kunêng duta nata prapti, sarta lat pambêktanira, ngaturakên rurubane, sasotya rêtna kêncana, sampun katur ing ngarsa, ngandika pandhita Balhum, dhatêng kang asung ruruba. 27. Tersebutlah duta raja itu datang, serta membawa bawaannya, menghaturkan syarat, permata dan emas, sudah diberikan di depan, pendeta Balhum berkata, kepada yang memberi syarat. 28. Lah ta ingsun nora wani, matura ing gustinira, lah bêktanên wangsul kabèh, sakèhe gagawanira, ingsun ajrih Allah, duraka têmbe tinêmu, yèn ingsun nurut ing sira. 28. Aku tidak berani, berkatalah kepada tuan, bawalah pulang kembali, semua yang kau bawa, aku takut kepada Allah, aku akan mendapat dosa, jika menurutimu. 29. Kèmêngan manah pun kapir, dutane raja Harkiyah, rumangsa tan angsal gawe, dene lampahe katolak, kukuh agamaneka, kang nama pandhita Balhum, mangkana dutaning nata. 29. Hatinya si kafir itu bingung, utusan raja Harkiyah, merasa tidak berhasil tugasnya, bahwa tujuannya ditolak, sangat memegang agama, yang bernama pendeta Balhum, begitulah utusan raja. 30. Akarya upaya sandi, wus kagêm ing kira-kira, ingkang sêdya ing manahe, arsa marêk ingkang garwa, pamêkas kinasihan, ngaturkên rurubanipun, ya ta pamit nulya mangkat. 30. Melakukan tindakan rahasia, setelah diperhitungkan, maksud dari hatinya, akan mendekati istrinya, berpesan agar dikasihani, memberikan syaratnya, kemudian berangkat. 31. Sang duta lingipun manis, marang garwaning pandhita, inggih tan wontên yogyane, kang liyan saking andika, matur mring raka dika, ruruba punika katur, mas ayu dhatêng andika. 31. Utusan berkata, kepada istri pendeta, sungguh tidak ada patutnya, yang lain dari dirimu, berkatakepada suami anda, syarat ini berikanlah, kepada suamimu. 32. Mangkana garwa kakasih, kagiwang ing manah ika, pan sampun wantuning wadon, arêmên ningali dunya, ya ta sang dyah pamêkas, anggubêl matur ing kakung, dene ngowêl kang ruruba. 32. Begitulah istri yang terkasih, hatinya bergeser, telah menjadi sifat wanita, suka melihat dunia, begitulah kemudian sang istri berpesan, bermanja-manja berkata kepada suaminya, oleh karena sangat menginginkan syarat tadi. 33. Bok inggih tuwan tampèni, pawèhe raja Harkiyah, ginawe sandhang pangangge, 33. Terimalah syarat itu, pemberian raja Harkiyah, dibuat pakaian, tentu lebih
Serat Tapel Adam Jilid 1 243
nêdha guna sakti tuwan, ya ta langkung kêwêdan, kang manah Bagindha Balhum, dene ginubêl ing garwa. bermanfaat, tersebutlah menjadi semakin malu, hatinya Baginda Balhum, oleh karena dibujuk oleh istri. 34. Wantune garwa kêkasih, rabine Balhum amêkas, awêlas dhatêng garwane, supe kapanditanira, anampèni ruruba, mangkana pandhita Balhum, ananêdha ing Pangeran. 34. Sifatnya istri tercinta, istri Balhum berpesan, meminta dengan sangat kepada suaminya, lupa kepanditaannya, menerima syarat, seperti itulah pendeta Balhum, meminta kepada Tuhan. 35. Nabi Musa mugi-mugi, sampun darbe panguwasa, kesah saking pakuwone, anèng têngah ara-ara, sampun kawasa kesah, dhatêng Tambiyah anglurug, lan sabalanipun Musa. 35. Nabi Musa semoga, jangan memiliki kekuasaan, pergi dari tempatnya, di tengah lapangan, setelah beberapa lama pergi, ke Tambiyah menyerang, dan semua prajurit Musa. 36. Tinarima ing Hyang Widhi, wau ta panêdhanira, pandhita Balhum dongane, kawarnaa Nabi Musa, pinanggihkên lampahan, nênggih kawan atus taun, gènnya anèng ara-ara. 36. Diterima oleh Tuhan, tadi permintaanya, pendeta Balhum berdoa, tersebutlah Nabi Musa, ditemukan dengan satu perjalanan, 400 tahun, berada dilapangan. 37. Tan kuwasa kesah malih, saking gène ara-ara, Nabi Musa lan kaume, saking mandine kang sabda, wau ingkang atapa, kang wasta pandita Balhum, jinurung panêdhanira. 37. Tidak kuasa pergi lagi, dari lapangan, Nabi Musa dan kaumnya, oleh karena kata-katanya yang bertuah, tadi yang bertapa, yang disebut pendeta Balhum, permintaannya dikabulkan. 38. Ya ta wong bani ngisrail, kang dinuta Nabi Musa, wong kalih wêlas kathahe, ingutus angambil pangan, dhatêng desa Tambiyah, wangsul dhatêng gustinipun, kang anèng ing ara-ara. 38. Tersebutlah orang Bani Israil, yang diutus Nabi Musa, 12 orang banyaknya, diutus mengambil makan, di desa Tambiyah, kembali kepada tuannya, yang berada di lapangan. 39. Karane samya abali, tan olèh ngulari pangan, badhe tumbas datan olih, Nabi Musa angandika, lah sira ngulatana, maring desa liyanipun, saking ing desa Tambiyah. 39. Tersebutlah telah pulang, tak boleh mencari makanan bahkan membelipun tak boleh, Nabi Musa berkata he kamu perhatikan, kepada desa yang lain, dari Tambiyah.
Serat Tapel Adam Jilid 1 244
40. Ngularana pangan malih, wong pitulas lumampahe, wus tigang dalu lampahing, wangsul prênahipun lama, têngahe ara-ara, mangkat malih iya wangsul, maring prênahipun lama. 40. Pergilah mencari makan lagi, 17 orang berjalan, sudah tiga malam berjalan pulang menuju tempatnya yang lama, di tengah lapangan, berangkat lalu pulang, ke tempat yang lama. 41. Kang dinuta matur sami, dhatêng ing Bagindha Musa, tan kuwasa kesah ingong, sampun angsal tigang dina, lampahe kaum tuwan, midêr-midêr inggih wangsul, dhatêng prênahipun lama. 41. Yang diutus berkata, kepada Baginda Musa, aku tak kuasa pergi, sudah dapat 3 hari, jalannya kaummu, berputar-putar lalu pulang, ke tempat yang lama. 42. Kaum kalih wêlas uni, kang numbas desa Tambiyah, pinariksa de sang katong, matur kaum kalih wêlas, kawula dhatêng têgal, wontên wong sawiji rawuh, luhure sadasa êgas. 42. Orang 12 itu, yang membeli desa Tambiyah, diperiksa oleh sang raja, berkata kepada orang 12 itu, aku menuju lapangan, ada seorang yang datang, tingginya 10 gas. 43. Rinakup dening wong siji, kaum tan kalih wêlas, linêbokake kêlothokane, dalima agêng satunggal, katur raja Harkiyah, agêng inggih ta sang prabu, luhuripun satus êgas. 43. Dicakup oleh satu orang, kaum yang 12 itu, dimasukkan wadahnya, satu buah wadah yang besar, diberikan kepada raja Harkiyah, sang raja begitu besar, tingginya 100 gas. 44. Kawula dèn tatakoni, matur yèn kawula tuwan, Nabi Musa andikane, lah paya padha lumampah, akèh têmu hatkiya, ya ta budhal bakda subuh, wangsul malih pasanggrahan. 44. Hamba ditanyai, berkata bahwa aku ini tuan, Nabi Musa berkata, apakah semuanya berjalan, banyak bertemu Hatkiya, pergi setelah subuh, kembali ke pesanggrahan. 45. Sabên kesah wangsul malih, prênah têngah ngara-ara, langkung dening mêsakate, Nabi Musa matur ing Hyang, tuwan kang luwih wikan, dene amba wangsul-wangsul, yêkti amba tan kaduga. 45. Setiap pergi pulang lagi, tepat di tengah lapangan, sangat menderita, Nabi Musa berkata kepada Tuhan, engkau yang lebih tahu, sedangkan aku berkali-kali, sungguh aku tak mengira. 46. Dyan umêdhun Jabarail, ambêkta parmaning Suksma, Jabarail lon wuwuse, karantên tuwan mangkana, kabul 46. Kemudian Jabrail turun, membawa kasih Tuhan, Jabrail pelan berkata, karena engkau begitu, terkabulkanlah
Serat Tapel Adam Jilid 1 245
panêdhanira, kang nama pandhita Balhum, ananêdha ing Pangeran. permintaan, yang bernama Pendeta Balhum, meminta kepada Tuhan. 47. Panêdhane mring Hyang Widhi, mugi-mugi Nabi Musa, aja kesah saking gone, ing mangke kabul satêmah, tuwan tan kêna kesah, karantên pandhita Balhum, andarbe tingkah mangkana. 47. Permintaannya kepada Tuhan, semoga Nabi Musa,tidak pergi dari tempatnya, sekarang telah terkabulakan, engaku tak boleh pergi, karena pendeta Balhum, memiliki sikap seperti itu. 48. Ginubêl-gubêl ing rabi, kagiwang dening ruruba, pan saking minta srayane, wau sang raja Harkiyah, ruruba dunya brana, rabine Balhum kapencut, ningali kang dunya brana. 48. Dibujuk oleh sang istri, tergoda oleh syarat-syarat itu, dari minta bantuannya, tadi sang raja Harkiyah, di goda oleh harta dunia, istrinya Balhum tergoda, melihat harta benda itu. 49. Rabine Balhum kêkasih, kang anom gubêl samana, dadya wêlas ing rabine, lali kapandhitanira, dadya mangkya nanêdha, tinarima mring Hyang Agung, têmahan tuwan mangkana. 49. Istri Balhum tercinta, yang muda membujuk, menjadi kasihan kepada istrinya, lupa kepada kepanditaannya, kemudian sekarang meminta, diterima oleh Tuhan, akhirnya Tuhan seperti itu. 50. Bagindha Musa prihatin, matur ing Allah Tangala, dene têka salah gawe, nanêdha mamurung lampah, lah tuwan walêsêna, dhatêng awakipun Balhum, punapa saukum tuwan. 50. Baginda Musa prihatin, berkata kepada Allah taala, kejadian tidak seperti diharapkan, meminta agar perjalanannya tidak berhasil, engkau balaslah, kepada Balhum, terserah hukumanmu. 51. Tinarima de Hyang Widhi, ature Bagindha Musa, ya ta pinêcat imane, pandhita Balhum dening Hyang, dinadèkakên kupar, dening Hyang kang Maha luhur, tur polah tingkah camêra. 51. Diterima oleh Tuhan, kata-kata Baginda Musa, imannya diambil, pendeta Balhum oleh Tuhan, dijadikan kafir oleh Tuhan Yang Maha Luhur, serta bertingkah seperti anjing. 52. Saking adiling Hyang Widhi, imane Balhum punika, pinanjingakên asune, sèh kabul kapi kang nama, dening iman asunya, pinanjingakên ing Balhum, lawan malih kawuwusa. 52. Oleh karena keadilan Tuhan, iman Balhum itu, dimasukkan ke anjing, bernama Sohibul Kahfi, oleh karena anjingnya yang beriman, dimasukkan ke Balhum, kemudian berkata. 53. Anênggih wong Bani Srail, matur 53. Bertemu dengan orang Bani Israil,
Serat Tapel Adam Jilid 1 246
dhatêng Nabi Musa, amba tan kêlar panase, pinepe nèng ara-ara, tan nginum tan amangan, kalawan sarira lêsu, kapengin mangan woh-wohan. berkata kepada Nabi Musa, aku tak kuat panasnya, dijemur dilapangan, tidak makan tidak minum, serta badan yang lemas, ingin makan buah-buahan. 54. Bagindha Musa tumuli, alêncêpakên kang jungkat, nulya godhong kêmbang awoh, woh-wohan awarna-warna, tur manis-manis samya, wus pinangan dening kaum, langkung sukane kang wadya. 54. Baginda Musa kemudian, menancapkan tombak, kemudian daun bunga tumbuh berbuah, buah-buahan beraneka macam, dan manis-manis, semua sudah dimakan oleh kaumnya, orang-orangnya semakin gembira. 55. Matur ing wong Bani Srail, kadipundi wastra amba, lungsêt tur kathah tumane, Bagindha Musa ngandika, iya sira tutuwa, dimène jati tumanipun, ana kaum kang satêngah. 55. Berkatalah orang Bani Israil, seperti apa bajuku, kusut dan banyak kutunya, Baginda Musa berkata, engkau tumbuklah, supaya mati kutu itu, ada kaum yang setengah. 56. Kang tan mituhu ing Nabi, tan arsa nutu wawastra, agatêl tuwuh tumane, binuwangan wuwuh prapta, kang mituhu parentah, kang wastra lungsêt tinutu, dados alus mulih anyar. 56. Yang tak mematuhi Nabi, tidak mau menumbuk kain, gatal banyak kutunya, semuanya dibuang, yang melaksanakan perintah, kain yang luntur ditumbuk, kemudian menjadi baru. 57. Wadyabala matur malih, pan amba arsa mangana, Bagindha Musa lingnya lon, yèn ana paring Hyang Suksma, aja na ingkang mada, poma-poma wêkas ingsun, dyan Nabi Musa nanêdha. 57. Prajurit berkata kembali, aku ingin makan, Baginda Musa berkata, jika ada pemberian Tuhan, jangan ada yang menjelek-jelekkan, ingatlah pesanku, Nabi Musa meminta. 58. Tumurun saking ing langit, pan sampun ambêng-ambêngan, pan asri jangan ulame, gorengan urab-uraban, agung tur warna-warna, saking awiyat asêlur, duk amangan ana ngucap. 58. Turunlah dari langit, makanan-makanan itu, sangat enak sayur ikannya, gorengan dan urapan, besar dan banyak-banyak, dari langit tidak terhenti, ketika makan ada yang berucap. 59. Kanikmatan cacad siji, dene tan anganggo lalap, dyan ambêng amusna kabèh, duka ta Bagindha Musa, dhatêng ing 59. Kenikmatan kurangnya hanya satu, tidak ada lalap, tempat makanan itu hilang semua, marahlah Baginda Musa
Serat Tapel Adam Jilid 1 247
kaumira, kawuwusa sami kundur, mantuk ing Mêsir nêgara. kepada kaumnya, tersebutlah semuanya pulang, ke negeri Mesir. 60. Kocapa ing Bani Srail, wontên wong tuwa satunggal, asangêt kasutapane, alila ing darbènira, narima titahing Hyang, têtêpa baktinipun, ta angumbar napsunira. 60. Tersebutlah Bani Israil, ada orang tua satu, sangat saleh, rela terhadap semua miliknya, menerima perintah Tuhan, tetap berbakti, tidak mengumbar nafsunya. 61. Tur Sabar ing anak rabi, karana lamun wus tuwa, amung satunggal putrane, abagus manah raharja, langkung dinama-dama, tan sinung lampah tan patut, dening yayah renaneka. 61. Dan sabar kepada anak istri, karena sudah tua, hanya satu anaknya, sangat tampan hatinya tenang, sangat disayangi, tidak memiliki kelakuan yang patut, oleh ayah ibunya. 62. Cinarita maksih alit, sawêkipun palajêngan, rare abagus warnane, nanging kang rama wus tuwa, abêntur lampahneka, mangkana wau winuwus, andarbèni lêmbu satunggal. 62. Tersebutlah masih kecil, ketika berlari-lari, anak tampan itu, oleh karena ayahnya sudah tua, tersandung kakinya, tersebutlah tadi kemudian, memiliki sapi satu. 63. Tan darbèni malih-malih, kalangkung gumatènira, pan asangêt musakate, angucap ing dhawakira, ingsun iki wus tuwa, paran ta ing wêkas ingsun, yèn mulih ing karamattolah. 63. Tidak memiliki apa-apa lagi, sangat perhatian, sangat sengsara, mengucap kepada dirinya sendiri, aku ini sudah tua, pesanku kepadamu, jika kembali ke Rahmatullah. 64. Anak ingsun maksih alit, sayêktine durung bisa, angrawati ing sapine, sapa baya kang angona, yèn ingsun tilar pêjah, mumpung urip awak ingsun, panêdhaningsun maring Hyang. 64. Anakku masih kecil, sesungguhnya belum bisa merawat sapi, siapa yang akan mengembalakan, jika aku mati, mumpung aku masih hidup, permintaanku kepada Tuhan. 65. Nulya tinuntun kang sapi, binêkta dhatêng ing wana, tinitipakên karsane, dhatêng Allah Tangala, sampun prapta ing wana, junjung asta sarwi muwus, amba matur dhatêng tuwan. 65. Kemudian dituntun sapi itu, dibawa ke hutan, dititipkan terserah, kemauan Allah taala, telah sampai di hutan, mengangkat tangan serta berkata, aku berkata kepadamu. 66. Kawula atitip sapi, langkung pracaya 66. Aku titip sapi, hamba sangat percaya
Serat Tapel Adam Jilid 1 248
kawula, ing tuwan amba andarbe, sapi lanang mung satunggal, lan amba darbe anak, amung satunggal pan jalu, kang dados woting wardaya. kepada engkau aku memiliki sapi jantan hanya satu, dam hamba memiliki anak hanya satu laki-laki, yang menjadi buah hati. 67. Nanging mangke maksih alit, ing benjang sak pungkuringwang, mênawi panjang umure, anak kawula punika, lah tuwan paringêna, titipan kawula lêmbu, kadarbea anak amba. 67. Tetapi sekarang masih kecil, besuk jika aku sudah tidak ada, jika panjang umurnya anakku itu, engkau berilah titipanku sapi ini, berikanlah kepada anak-anakku. 68. Risaksana ingkang sapi, inguculakên ing wana, nulya mantuk ing wismane, awarta ing rabineka, lah ta nini rubiyah, kalamun wus pêjah ingsun, wawêkasingsun mring sira. 68. Segeralah sapi itu, dilepaskan di hutan, kemudian pulang kerumahnya, berkata kepada istrinya, wahai Rubiyah, jika aku sudah mati, pesanku kepadamu. 69. Ingsun ta atitip sapi, mring Allah kang Maha mulya, kalangkung pracayaningwang, sun uculakên ing wana, yèn agêng putranira, dèn têdha ing Hyang Agung, dèn pracaya ing Pangeran. 69. Aku titp sapi, kepada Allah Yang Maha Mulia, aku sangat percaya, aku lepaskan di hutan, jika anakmu sudah besar, mintalah kepada Tuhan Yang Agung, dan percayalah kepadanya. 70. Risampuning lami-lami, sujanma sampun pralena, kalangkung ing musakate, dumadi rondo kasiyan, putranipun satunggal, jalu warnane abagus, kadi putrane sri nata. 70. Setelah berlama-lama, orang itu sudah mati, sangat sengsara, janda itu kasihan, anaknya satu, laki-laki wajahnya tampan, seperti anak sang raja. PUPUH 31 SINOM PUPUH 31 SINOM 1. Wus umur patbêlas warsa, angajêngakên birai, awastan Jaka Kasukan, tuhu awarnane pêkik, lan maksih anglangkungi, baktinira ing bunipun, lunga têka anêmbah, sudarma ginusti-gusti, saparentahe ibu datan lênggana. 1. Sudah berumur 14 tahun, beranjak dewasa, bernama Jaka Kasukana, sungguh berwajah tampan, dan masih sangat berbakti kepada ibunya, datang menyembah, orang tua dipuji-puji, semua perintah ibunya dilaksanakan. 2. Kalangkung musakatneka, kalêbêting 2. Sangat menderita, termasuk fakir
Serat Tapel Adam Jilid 1 249
pêkir miskin, datan pêgat bakti mring Hyang, ing siyang kalawan latri, anapun kang pakardi, sabên dina wade kayu, pajênge pinartiga, ingkang saduman binukti, kang saduman sinungakên ibunira. miskin, selalu beribadah kepada Tuhan, di dalam siang dan malam, sedangkan pekerjaannya setiap hari menjual kayu, keuntungannya dibagi tiga, yang satu dimakan, yang satu diberikan ibunya. 3. Anadene kang sêduman, kinarya amal kang dhêmit, sabên dina maring wana, dènya angulati pingil, sumungkêm lair batin, dènya angingoni ibu, sabên dina mangkana, pakarti kang dèn lampahi, pinartiga angsale anambut karya. 3. Sedang yang satu sebagai amal yang tersembunyi, setiap hari ke hutan, oleh karena melihat kelakuannya, lahir batinnya tulus, memelihara ibu, setiap hari seperti itu, perilaku yang dilakukan, sepertiga hasil dari bekerja. 4. Abakti mring ibuneka, lawan sabên-sabên wêngi, tan eca dènya anendra, tan pêgat muji Hyang Widhi, salat têngahing wêngi, awungu rainanipun, mangkya Jaka Sungkana, lampahe anuting Nabi, siyam Sênèn Kêmis apan linampahan. 4. Berbakti kepada ibunya, dan setiap malam, tidurnya tak nyenyak, tak berhenti berdoa kepada Tuhan, salat tengah malam, bangun di pagi hari, begitulsh Jaka Sungkana, hidupnya mengikuti Nabi, menjalani puasa senin kamis. 5. Sarta lawan ibunira, agêng sutapane malih, anarima titahing Hyang, dalu datan pati guling, tansah salat awabin, puasa rainanipun, randha ayu kasian, anêtêpi ing agami, amumuri lampahane ingkang priya. 5. Dan ibunya, sangat besar baktinya, menerima perintah Tuhan, malam tidak tidur, selalu salat awabin, puasa di pagi hari, janda cantik sangat kasihan, menjalankan agama, seperti yang dilakukan suaminya 6. Risampunipun mangkana, ni randha waspadèng liring, wêlas dhatêng putranira, wuwuse arum amanis, lah nyawa anak mami, sabên dina wade kayu, mugi dèn tularana, dening Hyang kang Maha Suci, putraneka matur sarwi awotsêkar. 6. Setelah itu, janda itu melihat anaknya, kasihan kepada anaknya, berkatalah dia dengan manis, duh anakku, setiap hari menjual kayu, semoga diberkahi oleh Tuhan Yang Maha Suci, putranya berkata sambil menyembah. 7. Lah ibu beda punapa, mapan salire kapardi, tan prabeda dados tapa, ingkang ibu anauri, dhuh putraningsun kaki, pun biyang 7. Wahai ibu, apa perbedaannya, memelihara, tidak berbeda menjadi serang pertapa, sang ibu menjawab,
Serat Tapel Adam Jilid 1 250
wêlas kalangkung, dulu ing sira nyawa, kaki sun tutur-tuturi, ramanira duk kalane dhingin gêsang. wahai anakku, aku sangat cinta kepadamu, melihat engkau aku ingin bercerita, ayahmu pada waktu masih hidup. 8. Marang ingsun amamêkas, ujare atitip sapi, maring Hyang kang Maha mulya, sapine lanang sawiji, tinitipan uning, ingumbar ing wana Agung, iku sira têdhaa, maring Hyang kang Maha Suci, ingkang putra umatur sarya wotsêkar. 8. Kepadaku berpesan, katanya titip sapi, kepada Tuhan Yang Mulia, sapi jantan yang satu, dititipkan dilepaskan di dalam hutan, itu mintalah, kepada Tuhan Yang Maha Suci, sang putra berkata sambil menyembah. 9. Kadi punapa tur amba, dhatêng Hyang kang Maha Suci, rèhe anêdha titipan, ingkang ibu anauri, dhuh putraningsun kaki, suwelang anêdha wuruk, nora kayaa ta sira, iya sira sun warahi, aturira kang maring Allah Tangala. 9. Seperti apa hamba, kepada Tuhan Yang Maha Suci, oleh karena meminta titipan, sang ibu menjawab, wahai anakku, khawatir meminta petunjuk, tidak seperti engkau, engkau aku beri tahu, katamu kepada Tuhan. 10. Ya gustine Nabi Musa, gustine Nabi Ibrahim, ya gustine Nabi Adam, ya gustine Nabi Idris, gustine sakèh Nabi, wiyose kawula nuwun, titipane pun bapa, awêrni lêmbu satunggil, mangkanaa aturira mring Hyang Suksma. 10. Wahai Yuhannya Nabi Musa, Tuhannya Nab Ibrahim, dan Tuhannya Nabi Adam, dan Tuhannya Nabi Idris, Tuhannya semua Nabi, aku meminta titipan ayah yang berwujud sapi satu, begitulah berkata kepada Tuhan. 11. Poma anak ingsun aja, anyarua ngaku gusti, gustinira Nabi Musa, gawe netra sunda kaki, kang putra matur malih, punapa ta ulêsipun, lêmbunipun punapa, ecane kawula nêdhi, ingkang ibu awarta ing putranira. 11. Wahai anakku janganlah, mengaku-ngaku Tuhan, Tuhanmu Nabi Musa, membuat mata bersusun, anaknya berkata lagi, seperti apa bentuknya, sapi itu, agar aku dapat mencarinya dengan mudah, sang ibu berkata kepada anaknya. 12. Iya kaya nora nana, nêgara ing Bani Srail, kang duwe sapi mangkana, lir mutyara sêmu wilis, lungaa sira nuli, maring wana anak ingsun, kang putra awotsêkar, mring ibu anuwun pamit, yata mentar sarta 12. Sungguh seperti tidak ada, negara di Bani Israil, yang memiliki sapi seperti itu, seperti mutiara berwarna hijau, segeralah engkau pergi, menuju hutan anakku, sang putra menyembah kepada
Serat Tapel Adam Jilid 1 251
ambêkta pusara. ibu memohon diri, pergilah kemudian membawa tali. 13. Datan kawarna ing marga, lampahira sampun prapti, wau satêngahe wana, ki Jaka arsa ngabêkti, ngambil toyangèstuti, sampuning angambil wulu, tumulya ngangkat salat, sasampune angabêkti, junjung asta angadêg matur Hyang Suksma. 13. Tidak tersebutkan di jalan, sampailah dia di suatu tempat, di tengah hutan, Jaka hendak berbakti, mengambil air dengan sungguh-sungguh, setelah berwudu, kemudian salat, setelah beribadah, mengangkat tangn berdiri memohon kepada Tuhan. 14. Ya gustine Nabi Musa, gustine Nabi Ibrahim, kawula matur ing tuwan, pun bapa titip asapi, jalu amung satunggil, ing mangke kawula suwun, kaparingêna amba, tinarima ing Hyang Widhi, tan adangu lêmbu kang wontên ing wana. 14. Wahai Tuhannya Nabi Musa, Tuhannya Nabi Ibrahim, aku berkata kepadamu, ayahku yang menitip sapi, jantan hanya satu, sekarang aku minta, berikan kepadaku, diterima oleh Tuhan, tidak lama sapi yang ada di hutan. 15. Lir giniring têkanira, muni sarta amarani, maring prênahe ki Jaka, lêmbu wikan ingkang gusti, angambus suku kalih, dhinadhung kang lêmbu tutut, sêmu-sêmune kadya, ki Jaka kinèn nitihi, gustinira wus wikan ing sêmuneka. 15. Seperti digiring datangnya, berbunyi serta mendekati, ke tempatnya ki Jaka, sapi tahu tuannya, mencium kedua kakinya, diikat dengan tali si sapi menurut, ki Jaka diminta untuk naik, tuannya sudah tahu dengan tingkah lakunya. 16. Jaka Sungkana angucap, sarwi ngêlus-êlus sapi, lamun ingsun winêkasa, mring ibu kinèn nitihi, dene nora winêling, dhatêng ing ibuningsun, sapi micaraning nala, lah gusti suwawi mulih, pan kawula titipane rama tuwan. 16. Jaka Sungkana berkata, serta mengusap-usap sapi, bahwa aku diberi pesan, oleh ibu diminta untuk menaiki, tetapi akutidak dipesan, oleh ibuku, sapi berbicara dalam hati, wahai tuan mari pulang, aku adalah titipan ayahmu. 17. Ya ta sapi binêkta, tinuntun wus tut wuri, sapraptane wismaneka, anancang kang punang sapi, Jaka sungkana nuli, awarta ing ibunipun, yèn lêmbune wus prapta, kang ibu angandikaris, iya iku kaki dadi sapinira. 17. Sapi kemudian dibawa, dituntun dibelakang, setelah sampai, sapi itu di tambatkan, Jaka Sungkana kemudian berkata kepada ibunya, jika sapinya sudah datang, sang ibu berkata dengan
Serat Tapel Adam Jilid 1 252
lembut, itu yang akan menjadi sapimu. 18. Sampuning alama-lama, gawok wong kang aningali, ing Bani Srail tan ana, ing mèmpêr mindha amirip, ki Jaka langkung asih, dhumatêng lêmbunipun, sampunipun mangkana, kang ibu ngandika aris, anak ingsun lah ta paran karsanira. 18. Setelah berlama-lama, terkagum orang yang melihat, pada Bani Israil tidak ada, yang mirip seperti itu, ki Jaka semakin cinta, kepada sapinya, setelah seperti itu, sang ibu berkata, anakku apa maumu. 19. Lah wadenên sapinira, kula adarbeya malih, nanging iku darbenira, kang putra matur ngabêkti, amba dhatêng amiring, boten lênggana ing kayun, upami winadea, pintên ibu angrêgèni, ingkang ibu amojar ing putranira. 19. Juallah sapimu, aku memiliki lagi, tapi itu milikmu, sang putra berkata, aku mengikuti, tidak menolak kehendak, jika dijual, berapa ibu memberi harga, sang ibu berkata kepada anaknya. 20. iya nêm dinar sungêna, nanging wêkasingsun iki, lamun uwis apajêngan, gawanên mulih kariyin, wawalêrana kaki, janjinên ingkang atuku, putranipun wotsêkar, inggih ibu nuwun pamit, sigra mangkat sarta lêmbune binêkta. 20. enam dinar, tetapi pesanku ini, jika sudah laku, bawalah pulang dahulu, berilah pesan, ambilah janji orang yang membeli, sang putra menyembah, iya ibu aku mohon diri, segera berangkat, kemudian sapinya dibawa. 21. Risampunipun mangkana, sapraptanipun ing margi, mapan wong bagus taruna, tanya mring wong sade sapi, ki Jaka dèn takèni, lah anak kang nuntun lêmbu, winade sapinira, ingkang sira tuntun iki, anauri ki Jaka arum wacana. 21. Setelah itu, sesampainya dijalan, ada seorang muda yang rupawan, bertanya kepada orang yang menjual sapi, ki Jaka ditanyai, wahai anak yang menuntun sapi, apakah sapimu dijual, yang kau tuntun ini, ki Jaka menjawab. 22. Kawula wade nêm dinar, mangkana wong anom pêkik, angucap iya sun tumbas, ênêm dinar sun picisi, ki Jaka anauri, lah inggih manira asung, kawula awawarta, dhatêng ibuningsun dhingin, risaksana kang arsa numbas angucap. 22. Aku menjual 6 dinar, begitu orang muda rupawan, baik aku beli, 6 dinar aku berikan, ki Jaka menjawab ini aku beri, aku berkata, kepada ibuku dulu, segeralah yang beli mengucap. 23. Sun tukune rolas dinar, nanging aja nganggo warti, dhumatêng ing ibunira, aja 23. Aku beli 12 dinar, tetapi jangan memakai kabar, kepad ibumu, jangan
Serat Tapel Adam Jilid 1 253
pindho kardi malih, ki Jaka anauri, kawula ajrih ing ibu, anglirêna wawêkas, ki Jaka anulya mulih, sapinira binêkta mring wismanira. disia-siakan, ki Jaka menjawab, aku takut dengan ibuku, kemudian berpesan, ki Jaka kemudian pulang, sapi dibawa kerumahnya. 24. ibunira atatanya, payu sapinira kaki, ingkang putra atur sêmbah, wontên wong anom apêkik, arsa anuntun sami, ing sarêgine tinuku, nèng marga parapatan, wau gènipun kapanggih, ingkang arsa anumbas sapi kawula. 24. ibunya bertanya, laku berapa sapi ini, sang putra berkata, ada seorang muda rupawan hendak menuntun sesuai dengan harga yang dibeli, di perempatan jalan, tadi waktu bertemu, yang hendak membeli sapiku. 25. Inggih tinumbas nêm dinar, malah tikêl dèn undhaki, tinumbas ta rolas dinar, nanging dipun warti malih, dhumatêng ibu mami, punika milane wurung, kang ibu angandika, lah sira wadea malih, panganyangan rolas dinar. 25. Dibeli seharga 6 dinar, malah berlipat dinaikkan, dibeli 12 dinar, tetapi dipesan lagi, kepada ibuku, oleh karena itu tidak jadi, berkatalah sang ibu, tawar menawarnya 12 dinar. 26. Putranipun atur sêmbah, punapa nganggea malih, yèn sampune apajêngan, ingkang ibu anauri, yèn wus pêpayon rêgi, sira wartaa maringsun, lawan sira janjia, lawan ingkang tuku sapi, putranipun apamit saha awotsêkar. 26. Sang putra berkata, apakah memakai lagi, jika sudah laku, sang ibu menjawab, jika sudah laku, engkau ber tahukan kepadaku, dan engkau berjanjilah, kepada yang membeli sapi, sang putra pamit mohon diri serta menyembah. 27. Lêstari mêdaling jaba, sarya mangkya nuntun sapi, sampun têbih lampahira, agêng wus prapti, yata kapanggih malih, ingkang arsa tuku lêmbu, ki jaka pinaran, sartane anganyang sapi, sapinira lah sira ajinipira. 27. Kemudian pergi keluar,serta menuntun sapi, telah jauh jalannya, telah sampailah, bertemulah lagi, yang hendak membeli sapi, ki Jaka di dekati, serta sapinya ditawar, sapimuharganya berapa. 28. Ki Jaka nauri sabda, rêginipun sapi mami, rêgi kalih wêlas dinar, kang nganyang nulya nauri, nora sun anyang malih, rolas dinar ingsun tuku, sapi nulya sun bêkta, ingkang wade anauri, inggih suka ta kawula rolas dinar. 28. Ki Jaka menjawab harga sapiku, 12 dinar, yang menawar kemudian menjawab, tidak aku tawar lagi, 12 dinar aku beli, sapi kemudian dibawa, aku gembira dengan 12 dinar.
Serat Tapel Adam Jilid 1 254
29. Nanging tuwan antosêna, kawula awarti dhingin, dhatêng ing ibu kawula, yèn sampun apêsthèn rêgi, kang anumbas nauri, aja ta kukèhan laku, aja nganggo awarta, dhatêng ibunira malih, sapinira sun tuku patlikur dinar. 29. Tetapi tuan tunggulah, aku memberitahu dahulu, kepada ibuku, jika sudah pasti harganya, yang membeli menjawab, tidak perlu banyak tingkah, tidak usah diberi tahu kepada ibumu lagi, sapimu aku beli 24 dinar. 30. Linge ki Jaka Sungkana, tuwan tumbasa upami, aluwih ing sèkêt dinar, mangsaa sukaa mami, yata kawula ajrih, ing wêlinge ibuningsun, yèn sampun ta pajêngan, kawula kinèn sung warti, lamun botên mangkana mangsa sidaa. 30. Ki Jaka Sungkana berkata, misal tuan membeli lebih dari 50 dinar tidak mungkin aku beri, karena aku takut kepada pesan ibunya, jika sudah laku saya diminta untuk memberi tahu, jika tidak seperti itu tidak jadi. 31. Tumulya mundur saksana, sapine binêkta mulih, pan sampun kaping sakawan, gènya kesah wade sapi, yèn kesah wangsul malih, mila papajêngan wurung, dening amindho karya, kêdah ngangge ta wawarti, dhatêng ibu saking jrihing renaneka. 31. Kemudian mundurlah, sapinya dibawa pulang, setelah 4 kali dia menjual sapi, jika pergi pulang lagi maka jual beli batal, oleh karena melakukan pekerjaan dua kali, harus menggunakan pemberitahuan, kepada ibu oleh karena takutnya kepada ibu. 32. Sapraptanipun ing wisma, anulya dipun takèni, nora payu sapinira, ingkang putra anauri, inggih kadi rumiyin, tunggil kang arsa atuku, tinumbas kalih welas, malah dèn undhaki, ing patlikur dinar pan arsa tinumbas. 32. Setelah sampai di rumah, kemudian ditanya, tidak laku sapimu, sang putra menjawab, ya seperti dahulu, sama seperti yang hendak membeli, dibeli 12 dinar, malah dinaikkan, menjadi 24 dinar ingin dibeli. 33. Ananging amba nyuwun wawarta, ing tuwan tan dèn sukani, milane wade punika, ingkang nganyang nom apêkik, kaping sakawan mangkin, tan liyan tigang puniku, wau kang arsa tinumbas, wangsul inggih ugi, pan angadhang anèng margi parapatan. 33. Tapi aku meminta pemberitahuan, kepada orang tetapi tidak diberi,oleh karena itu penjualan ini yang menawar orang muda tampan, yang keempat, tidak lain tiga kali dari itu, tadi yang akan dibeli, kembali lagi, menghadang diperempatan jalan. 34. Kawula ajrih ing tuwan, anglirakên ing 34. Aku takut kepada tuan, tidak
Serat Tapel Adam Jilid 1 255
wawêling; lah ila-ila punapa, ibu kang kawula panggih, kang ibu anauri, adhuh nyawa putraningsun, mêngko ingsun wawarta, maring sira putra mami, wruhanira iku ta dudu manungsa. mengindahkan pesan, bencana apa, ibu yang aku temui, sang ibu menjawab, aduh anakku, aku nanti memberi tahu, kepadamu anakku, ketahuilah bahwa itu bukan manusia. 35. Ingkang nganyang sapinira, pan dudu janma sayêkti, iku uga malaekat, anyoba ing sira kaki, tandhane sira kaki, yêkti ajrih maring ingsun, lamun sira sungêna, sapinira dèn undhaki, ingèsêman sira maring malaekat. 35. Yang menawar sapimu, itu bukan manusia sejati, itu adalah malaikat, yang mencobamu, tandanya adalah takut kepadaku, jika engkau berikan sapimu yang telah dinaikkan harganya, oleh senyummu kepada malaikat. 36. Milik ingarsa undhakan, anglirakên ing wawêling, sukur-sukur manahira, angèstokakên ing waweling, sira wangsula malih, kalamun sira katêmu, lawan kang arsa numbas, manungsa anom apêkik, lah matura nyawa dening lêmbunira. 36. Menginginkan hendak menaikkan, membiarkan pesan, sangat bersyukur hatimu menuruti pesan, engkau kembalilah lagi, jika engkau bertemudengan orang yang akan membeli, manusia yang muda, berkatalah nyawa oleh sapimu. 37. Apa kinèn awadea, utawi ika pinênging, kang putra amit wotsêkar, kesah sarta nuntun sapi, lampahipun lêstari, yata dhatêng marga agung, risaksana katingal, wau kang anganyang sapi, kyai Jaka dhêngku arsa asung salam. 37. Apakah diminta untuk dijual, atau itu dilarang, sang putra undur diri kemudian menyembah, pergi serta menuntun sapi, telah sampilah di jalan yang besar, segeralah terlihat tadi yang menawar sapi, kyai Jakakemudian menjawab salam. 38. Matur ki Jaka sungkana, ature amêlas asih, amba têtarosan tuwan, prakawis lêmbu puniki, ing mangke kadospundi, apan tuwan kula tantun, punapa winadea, punapa tuwan ling mênging, yèn winade lah pintên wawêling tuwan. 38. Berkatalak ki Jaka Sungkana, katanya begitu memelas, aku bertanya kepadamu, tentang sapi ini, sekarang bagaimana, engkau aku tawari, apakah dijual atau engkau berkata jangan, jika dijual berapa maumu. 39. Sumaur kang tinakenan, wuwuse arum amanis, lah iya sira wadea, nanging ta dipun 39. Menjawablah yang ditanyai, berkatalah dengan manis, engkau juallah,
Serat Tapel Adam Jilid 1 256
aririh, rêgane iku kaki, sakêbake carêmanipun, iku kalawan êmas, poma lah sêmana kaki, payu uga benjing kaki sapinira. tapi dikurangi harganya itu, sepenuhnya kesukaan, itu dengan emas, seperti itulah, terjuallah besuk sapimu. 40. Yèn nora sakêbake êmas, ana uga sih Hyang Widhi, benjing nugrahane Allah, dunya ngakerat pinanggih, labête sira kaki, rare ngabêkti mring ibu, sira sinung nugrahan, dening Hyang kang Maha Suci, wus sun wêkas lah kaki sira mundura. 40. Jika tidak sepenuh emas, adapula kasih Tuhan, besuk karunia Tuhan, dunia akhirat bertemu, oleh karena engkau, berbakti kepada ibumu, engkau diberi karunia oleh Tuhan Yang Maha Suci, aku sudah berpesan, kemudian mundur. 41. Lah wis sira amuliha, ana uga sih Hyang Widhi, benjing nugrahaning Allah, dunya ngakerat pinanggih, labête sira kaki, rare ngabêkti mring ibu, sira sinung nugrahan, dening Hyang kang Maha Suci, wus sun wêkas lah kaki sira mundura. 41. Sudah engkau pulanglah, ada juga kasih Tuhan, besuk karunia Allah, dunia akhirat bertemu, oleh karena jasamu, berbakti kepada ibu, engkau diberi karunia, oleh Tuhan Yang Maha Suci, aku sudah berpesan kepadamu pulanglah.
terima kasih atas artikelnya mas,..
BalasHapustolong untuk jilid berikutnya bisa di upload juga
terima kasih,
Untuk jilid 2 nya
BalasHapusBisa di upplou bang soalnya semakin tertantang saya membaca nyaring
BalasHapusTerimakasih
Tolong di-posting untuk jilid yang keduanya, Min.. Nuwun
BalasHapus